Babagan Ngislam :
Alfatihah Pambukaning Kur’an
(Basa Jawa)
Kawruh Agama Islam, Alfatihah Pambukaning Kur’an.
Surat Al Fatihah menika surat ingkang paling sering kita waos, lan boten wonten tiyang Islam ingkang boten apal surat kasebat. Mila sampun samesthinipun kita tiyang Islam kedah mangertosi samukawisipun perkawis surat Al Fatihah menika. Ing ngandhap menika badhe kula aturaken perkawis-perkawis ingkang magepokan kaliyan surat Al Fatihah, insya Allah, inggih sagaduking pemanggih anut kadiwasaning manah kula.
Tarjamahipun Al Fatihah
Bismillaahirrahmaanirrahiim
Alhamdulillaahi rabbil ‘aalamiin
Arrahmaanirrahiim
Maaliki yaumiddiin
Iyyaaka na’budu wa iyyaaka nas ta‘iin
Ihdinash shiraathal mustaqiim
Shiraathal ladziina an‘amta ‘alaihim, ghairil maghdhuubi ‘alaihim waladhdhaal liin
Cara Jawinipun :
Kanthi nyebut Asmaning Allah Kang Maha Murah Maha Asih
Sadaya pangalembana namung kagunganipun Allah pangeraning Jagad Raya
Maha Mirah Maha Asih
Angratoni dinten kiyamat
Namung dhumateng Paduka kawula sumembah lan manung dhumateng Paduka kawula nyuwun
Mugi tinedahna kawula dhateng margi ingkang lurus
Marginipun tiyang-tiyang ingkang Paduka paringi nikmat dhateng tiyang-tiyang kasebat, sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang Paduka bendoni lan tiyang-tiyang ingkang sasar.
Tumuruning Surat Al Fatihah
H.A. Malik Ahmad ing kitab tafsiripun nemenaken bilih Al Fatihah menika dipun turunaken wonten ing Mekah, tegesipun kalebet surat Makkiyah. Panjenenganipun mendhet dhasar saking riwayatipun Ibnu Abbas, ingkang nemenaken bilih Al Fatihah dipunturunaken sasampunipun surat Al Muddatsir, mangka surat Al Muddatsir menika tumurun ing Mekah.
Ugi miturut riwayatipun Ibnu Abbas menika, Al Fatihah menika miturut urutan tumurunipun (nuzulipun), dhawah urutan surat kaping gangsal. Dene urutanipun makaten :
Surat ingkang sepisanan tumurun inggih menika Al ‘Alaq, angka kalih Al Qalam, angka tiga Al Muzzamil, angka sekawan Al Muddatsir, angka gangsal Al Fatihah. Dados Al Fatihah miturut urutan tumurunipun dhawah urutan angka gangsal.
Nanging wonten kanyatan sanes ingkang njalari Al Fatihah benten kaliyan surat-surat ingkang tumurun langkung rumiyin. Inggih menika : bilih surat-surat ingkang tumurun saderengipun Al Fatihah menika boten wetah setunggal surat, nanging namung sebagian ayatipun. Kados Al‘Alaq upamanipun, menika tumurun sepisanan, nanging namung gangsal ayat, mangka surat Al ‘Alaq menika sedaya sangalas ayat. Makaten ugi tiga surat sanesipun, namung tumurun sebagain ayatipun.
Kosokwangsulipun Al Fatihah, tumurun langsung wetah setunggal surat, ingkang dumados saking pitung ayat. Kanthi makaten saged dipun wastani bilih Al Fatihah menika surat ingkang tumurun sepisanan kanthi wetah setunggal surat.
Wondene papanipun tumurun surat Al Fatihah, saperangan ageng para ulama Islam mastani bilih Al Fatihah menika dipun turunaken ing Mekah. Dados kalebet golongan surat Makkiyah. Nanging ugi wonten ulama ingkang ngendikakaken bilih Al Fatihah dipun turunaken ing Madinah. Ingkang nggadhahi pemanggih makaten antawisipun Al Mujahid.
Karana makaten Mahmud An-Nasafi lajeng ngimpun kalih-kalihipun pemanggih wau. Piyambakipun ngendika : Sing bener Al Fatihah diturunake ing Mekah, banjur ditandhesake maneh ing Madinah. Diturunake ing Mekah nalika ana dhawuh nindakake shalat, lan dimantepake ing Madinah nalika tumurun dhawuh supaya pindhah kiblat shalat saka Baitul Maqdis menyang Ka’bah ing Masjidil Haram.
Kados pundi kemawon, Al Fatihah menika kalebet surat Makkiyah, tumurun ing Mekah, sabab Al Fatihah dados syarat syahipun shalat, mangka dhawuh shalat gangsal wekdal menika jaman Nabi nindakaken isra’ mi’raj, lan taksih lenggah ing Mekah dereng hijrah dhateng Madinah.
Nami-nami Al Fatihah
Satunggaling hadis riwayat Daruqutni ingkang sumberipun saking Abi Hurairah r.a. nyebataken makaten :
Idzaa qara’tum Alhamdulillaah, (ay suuratal Faatihah) faqra’uu bismillaa hirrah maanirrahiim, fa innaha ummul Qur-aani was sab‘ul matsaani, wa bismillaahirrahmaanirrahiim ihdaa aayaatihaa.
Lamun sira maca Alhamdulillah (yaiuku surat Al Fatihah), mangka wacanen bismillaahirrahmaanirrahiim, mangka satemene iku Ummul Qur-an lan pitung ayat kang diwaca bola-bali, dene Bismillahirrahmaanir rahiim iku salah siji ayate.
(H.R. Daraqutni saking Abu Hurairah)
Saking hadis menika saged kita tingali bilih surat menika dipun sebat naminipun dening Rasulullah piyambak kanthi sebatan :
Surat Alhamdulillah. Sabab inti suraosipun manggen wonten ing pratelan ngalembana lan ngakeni panguwaosipun, pitedahipun, rahmatipun sarta nikmatipun Gusti Allah ingkang kaparingaken dhateng makhluk sadaya.
Ugi sinebat Ummul Qur-an, tegesipun baboning kitab Qur-an, sabab pokok-pokok ajaran Al Qur-an sampun kacakup ing surat menika.
Ugi sinebat surat Sab’al Matsani, tegesipun pitung ayat ingkang kawaos wungsal-wangsul, sabab tansah dipun waos wungsal-wangsul saben wekdal, upaminipun saben rakangat shalat, saben badhe maos Qur-an, lsp.
Kajawi nami ingkang tiga menika, surat menika ugi dipun namekaken :
Surat Al Fatihah, tegesipun pambuka, sabab dados pambukaning kitab Al Qur-an (dados surat angka setunggal).
Sura Al Wafiah, tegesipun lengkap, sabab surat menika kedah dipun waos salengkapipun ing saben sembahyang, boten kenging namung dipun waos sebagiyan ayatipun kemawon.
Surat Al Kafiah, tegesipun nyekapi, sabab menawi surat menika sampun dipun waos ing dalem shalat, shalatipun menika sampun nyekapi syarat sanadyan boten maos surat sanesipun, lan boten nyekapi menawi maos surat sanesipun tanpa maos surat menika.
Surat Al Kanzu, tegesipun Kahartakan, sabab Rasulullah SAW ing hadis Qudsi ngandika : Fatihatul-kitab saperangan saka Kahartakan Arsy-Ingsun (Allah).
Surat Syifa’ utawi Syafiah, tegesipun njampeni utawi mantunaken, sabab surat Al Fatihah menika saged njampeni penyakit kajawi keracunan.
Surat shalat utawi surat sembahyang, sabab surat menika kedah dipun waos ing saben shalat utawi sembahyang.
Surat Al Asas, tegesipun dhasar, sabab surat menika dados dhasar-dhasar isi Al Qur-an, inggih menika tauhid, ibadah dhateng Allah kanthi mituhu dhawuhipun nyingkiri awisanipun, pangebang-bang lan ancaman, mangertosi hukum margi ingkang leres (lurus), mangertosi tiyang ingkang begja mulya lan cilaka sangsara. Perkawis menika badhe katur langkung rinci ing andharan salajengipun mangke, insya Allah.
Dados wonten sedasa nami surat menika. Namung gandheng kaliyan kalenggahanipun ing Al Qur-an minangka surat pambuka utawi surat angka setunggal, mila nami ingkang adhakan dipun sebat inggih Al Fatihah utawi Fatihatul Kitab.
Sinebat Ummul Qur-an
Sampun katur ing ngajeng bilih Al Fatihah ugi sinebat Ummul Qur-an, tegesipun Baboning kitab Al Qur-an, sabab pokok-pokok ajaran Al Qur-an sampun kacakup ing surat ingkang namung pitung ayat menika. Liripun kados pundi ?
Ingkang winasis H.A. Malik Ahmad ing kitabipun Tafsir Sinar nerangaken, kanthi sawatawis nyuplik andharan saking Imam Muhammad Abduh. Makaten katranganipun :
Pokok-pokok utawi garis ageng kandhungan Al Qur-an menika :
Netepaken akidah tauhid, ngresiki akidah umat saking paham brahala, materialisme, kemusrikan, khurafat (tahayul) lan jahiliyah.
Wa’du lan Wa’id
Wa’du menika ngebang-bang utawi nggembirakaken lan mbombong manahipun tiyang utawi umat satemah sami semangat tumindak ngamal kasaenan kangge nggayuh kamulyan ing gesang ing donya lan akhirat, kados ingkang dipun janjekaken dening Allah. Dene Wa’id menika suka pepeling utawi pepenget dhateng bebaya, kapitunan, kasangsaran lan siksaning Allah ingkang badhe pinanggih menawi tiyang tumindak awon lan dosa, ingkang dipun awisi dening Allah.
Allah sampun janji paring kamulyan lan kabagyan dhateng tiyang mukmin, bilih tiyang-tiyang wau badhe nyepeng panguwaos ing bumi, ageng pengaruhipun kangge nuwuhaken kemakmuran lan kesejahteraan ing bumi, lan benjang ing akhirat badhe nampi gesang nikmat ing suwarganipun Allah SWT. Lan Allah ugi janji dhateng tiyang-tiyang ingkang nyimpang saking dhawuh Allah lan saking margi kasaenan, badhe ngalami gesang rekaos, kuciwa, cilaka, kisruh, sangsara lan sadaya ingkang sarwi boten ngremenaken ing bumi, sarta siksa nggegirisi benjang ing pagesangan akhirat, naraka papanipun.
Pimpinan ‘ibadah
Al qur-an suka piwulang lan pitedah bab cara-cara tumungkul dhiri, tundhuk patuh jiwa raga sumarah lair batin dhumateng Allah SWT. Kanthi ngibadah ingkang mungkul dhateng Allah, ruh tauhid lajeng gesang lan manjing dados gegebengan ing salebeting manah. Tuwuh tekad : boten wonten ingkang sinembah kajawi namung Allah SWT.
Penjelasan bab marginipun kamulyan
Al Qur-an suka penjelasan perkawis margi ingkang tumuju dhateng kabagyan lan kamulyan sarta suka tuntunan cara ngleksanani margi kasebat, supados pikantuk kabagyan kamulyan donya lan akhirat.
Riwayat-riwayat minangka tepa tuladha
Al Qur-an ngamot kathah sanget riwayat-riwayatipun tiyang-tiyang jaman kapengker. Riwayat-riwayatipun tiyang-tiyang ingkang gesang nurut margining kautaman ingkang dipun dhawuhaken lan dipun tedahaken dening Allah, ingkang satemah anjog dhateng pagesangan ingkang kebak kabagyan lan kamulyan, ing donya dumugi akhirat. Sarta ugi riwayat-riwayatipun tiyang-tiyang ingkang sami nyimpang saking margining kautaman nglanggar awisaning Gusti Allah, minger saking margi lurus ingkang sampun dipun tedahaken dening Gusti Allah, ingkang satemah anjog dhateng pagesangan ingkang papa sangsara ing donya dumugi akhirat.
Sadaya riwayat (kisah) wau kaparingaken minangka i’tibar, kangge conto tepa tuladha tumrap tiyang Islam, supados sami mulad lekasipun tiyang ingkang utami supados manggih pagesangan bagya mulya ing donya dumugi akhirat benjang.
Makaten menika pokok-pokok utami garis ageng isi kandhungan Al Qur-an, ingkang supados sami dipun turut pundi ingkang sae lan dipun singkiri pundi ingkang awon, dipun tindakaken pundi ingkang kadhawuhaken, lan dipun tebihi pundi ingkang dipun awisi.
Lan Al Fatihah tetela nyakup secara ringkas sedaya pokok-pokok isi kandhungan Al Qur-an kasebat. Mila lajeng dipun sebat : Ummul Qur-an utawi Babonipun Kur-an.
Dene penjelasanipun kita semak andharan saking Sang Winasis Imam Muhammad Abduh, kados ing ngandhap menika.
Netepake akidah tauhid
Ruh Tauhid, saged kita raosakening ayat :
Alhamdulillahi rabbil ‘aalamiin
Sadaya pangalembana namung kagunganipun Allah ingkang nguwaosi, nuntun lan ngatur alam sakalir.
Ayat menika suka pikiran bilih sedaya puja puji pangalembana ingkang sak inggil-inggilipun menika tuwuh saking pangangen-angen bab rahmat lan nikmat saking Allah. Awit sadaya ingkang gumelar menika kagunganipun Allah, sadaya wonten karana keparengipun Allah. Panjenenganipun Allah menika sumber saking sadaya nikmat lan rahmat. Mila namung Panjenenganipun ingkang wenang nampi puja pangalembana.
Ing antawisipun nikmat lan rahmat wau inggih menika :
Nikmat ngawontenaken wujud saking boten wonten (menciptakan)
Nikmat ndadosaken ingkang wonten wau dados wujud sanes miturut rumus (menjadikan)
Nikmat paring pitedah lan tuntunan
Nikmat nuwuh ngrembakakaken lan mekaraken
Sadaya kasebat kamot ing tembung
Rabbil ‘aalamiin
Tembung Rabb mengku teges : nguwaosi, andarbeni, nuwuhaken, mekaraken, ngatur, nedahaken lan nuntun.
Ayat menika nemenaken bilih sadaya nikmat lan rahmat ingkang dipun raosaken dening manungsa ing dhirinipun, menapa dene ing alam gumelar, menika dhatengipun saking Allah Azza wa Jalla. Namung Panjenenganipun Allah ingkang kagungan mutlak lan ingkang kuwaos mutlak. Mila inggih namung Panjenenganipun ingkang pantes sinembah, boten wonten sanes, sabab sanesipun Allah menika sadaya namung makhlukipun lan kagunganipun. Menika ruh tauhid, Menika ingkang nuwuhaken tekad : boten wonten ingkang pantes sinembah kajawi namung Allah.
Wa’du lan Wa’id
Wa’du utawi pambombong dhateng kabagyan lan wa’id utawi pangancam dhateng kasangsaran, saged dipun tingali ing ayat-ayat :
Ar-rahmaanirrahiim
Maliki yaumiddiin
Kang Maha Murah lan Maha Asih
Ngasta panguwasa ing dina piwalesan
Ing ayat 1, lan dipun wangsuli ing ayat angka 3, dipun temenaken sipat Allah ingkang rahmatipun wiyar sanget nglimputi sadaya makhlukipun Allah. Menika ngebang-ebang utawi mbombong dhateng manungsa supados semangat nggayuh kamulyaning gesang, ing donya lan akhirat, kanthi nindakaken ngamal tumindak kasaenan ingkang tansah dipun tedahaken lan dipun tuntunaken dening Nabi lan para pemimpin umat. Ayat kasebat kados dene janjinipun Allah dhateng umat manungsa ingkang taberi tumindak ngamal kasaenan. Utawi kados dene jaminan saking Allah tumrap para ahli tumindak ngamal kasaenan.
Ing ayat 4 : Maliki yaumiddiin, dipun cethakaken langkung gamblang janji lan jaminan kabagyan wau, karana wonten bandhinganipun, inggih menika ancaman siksa sangsara tumrap tiyang dosa lan sasar tumindakipun.
Yaumiddin tegesipun dinten piwalesan (hari pembalasan). Maksudipun: yen ngamal tumindake apik diwales apik, yen ngamal tumindake ala diwales ala. Langkung jlentrehanipun : Tumrap tiyang-tiyang ingkang mituhu dhawuhipun Allah, ngibadah lan tumindak ngamal shaleh badhe kaparingan gesang bagya mulya ing suwarga adi. Kosok wangsulipun : tumrap tiyang-tiyang ingkang nyingkur dhawuhing Allah, lumampah sasar lan tumindak dosa, badhe kapatrapan pidana gesang sangsara papa nistha ing neraka.
Pimpinan ibadah
Ruh tauhid ingkang manjing ing jiwanipun manungsa nuwuhaken krenteg ubudiyah, inggih menika kumawula utawi ngabdi dhateng Ngarsanipun Allah kanthi raos bekti lan asih sarta kepatuhan ingkang inggil. Semangat ngibadah menika kacakup ing ayat 5 :
Iyyaaka na’ budu wa iyyaka nasta‘iin
Namung dhateng Paduka kawula beribadah lan namung dhateng Paduka kawula nyuwun pitulungan.
Tekad ngibadah (sumembah) sarta nyuwun pitulungan menapa kemawon namung dhateng Allah, menika karana kesadharan tuwin keyakinan bilih gesangipun manungsa (lan sadaya titah/ makhluk) menika sawetahipun awit saking keparengipun Allah lan samukawisipun tansah gumantung dhateng Allah ingkang asipat As-Shamad. Namung Allah lan boten wonten sanesipun, awit sanesipun Allah sadaya gumantung dhateng Panjenenganipun.
Perkawis ibadah menika dipun tandhesaken malih ing pokok angka sekawan
Penjelasan bab margining kamulyan
Menika nyakup sadaya urusaning manungsa gesang ing alam donya, inggih urusan ngibadah dhateng Dzat Ingkang Maha Kuwaos, inggih urusan pasrawungan kaliyan sesamining manungsa, inggih urusan sesambetaning manungsa kaliyan lingkunganipun, lsp. Lan sadaya menika kacakup ing ayat 6 surat Al Fatihah :
Ihdhinash shiraathal mustaqiim
Mugi Paduka tedahaken kawula sadaya dhateng margi ingkang lurus.
Margi ingkang lurus menika kados pundi, kula sampun nate ngaturaken ing hudyana kita menika. Margi ingkang lurus menika nyakup pinten-pinten urusan gesanging manungsa. Wonten saenipun yen kula aturaken pokok-pokokipun ing ngriki.
Aja nyekuthokake Allah marang sawiji apa wae.
Tumindaka becik lan bekti marang wong tuwa sakarone.
Aja mateni/ nyingkirake anak amarga wedi yen kekurangan.
Aja nyaketi tumindak kotor (keji) lair utawa batin.
Aja mateni uwong tanpa waton sing bener.
Aja nyaketi bandhane bocah yatim kajaba kanthi cara sing bener.
Yen naker lan nimbang barang kudu sing sabenere.
Yen guneman kudu sing adil lan jujur.
Janji marang Allah kudu ditetepi
Ngugemana dalan kang lurus iku, aja liwat dalan liya sing njalari sira pisah adoh saka dalaning Allah.
Ing ngriki katingal sanget bilih ayat ingkang cekak (pendhek) ing surat Al Fatihah, inggih menika Ihdinashshiraathal mustakim, tetela nyakup lan nglimputi piwulang luhur ingkang wiyar sanget tebanipun. Mila leres sanget bilih Al Fatihah dipun sebat Ummul Qur-an, babonipun Kur-an. Lan temtu kemawon leres, sabab ingkang nyebat makaten wau Rasulullah SAW piyambak.
Riwayat-riwayat (kisah-kisah) minangka i’tibar utawi tepa tuladha
Ing salebeting Kitab Al Qur-an, pokok-pokok kandhungan Al Kur-an wau dipun cethakaken lan dipun mantepaken kanthi wontenipun conto-conto riwayat lelampahanipun tiyang-tiyang utawi kaum tartamtu ing jaman kawuri. Lan riwayat-riwayat utawi kisah-kisah kasebat, ing surat Al Fatihah kacakup dening ayat angka pitu :
Shiraathal ladziina an‘amta ‘alaihim, ghairil maghdhuubi ‘alaihim waladhdhaaliin
(Inggih menika) marginipun tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringi nikmat kamulyan, sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang Paduka bendoni lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang sasar.
Ayat menika, ukara ingkang kapisan : Marginipun tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringi nikmat, menika nerangaken bilih jaman rumiyin sampun timbul pinten-pinten umat ingkang kaparingan pitedah syari‘at lan sami mituhu sarta patuh nindakaken pitedah Allah kasebat. Mila gesangipun sami bagya mulya pikantuk nikmat saking Allah. Umat ngaten menika ingkang pantes kita tuladhani, kita conto tumindakipun.
Salajengipun kalimat ingkang angka kalih ing ayat pitu menika : Sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang Paduka bendoni lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang sasar.
Menika nerangaken bilih ingkang boten pikantuk nikmat saking Allah SWT menika wonten kalih golongan, inggih menika :
Golongan ingkang ingkar (selak) lan nampik pitedahipun Allah lumantar utusanipun. Tiyang-tiyang kasebat sami nulak bebener lan kanthi sengaja nglawan pitedah karana nggondheli kapitayan ingkang dipun warisi saking para leluhuripun, utawi karana maksud sanesipun. Awit saking pakartinipun wau, tiyang-tiyang kasebat kedhawahan bebendunipun Allah SWT. Gesangipun kotor lan liyar ing donya menika. Ing akhirat sangsara ing naraka.
Golongan tiyang-tiyang ingkang sasar lan nyimpang saking marginipun Allah. Tiyang-tiyang menika boten saged mangertosi piwulang saking Allah lumantar Rasulipun, boten saged mangertosi hakekat kebenaran, pangertosan lan pemahamanipun goyang lan kisruh boten saged ningali pundi ingkang leres pundi ingkang lepat. Boten saged mbentenaken pundi ingkang hak pundi ingkang bathil.
Kalih-kalihipun golongan kasebat temtu kemawon boten saged ngraosaken gesang bagya mulya saking nikmat paringanipun Allah. Dados boten saged kadadosaken conto lan tepa tuladha tumrap gesang kita umat Islam sadaya.
Ing kitab Al Qur-an kathah sanget dipun cariosaken riwayat-riwayat utawi kisah-kisah tiyang-tiyang rumiyin saking tigang warni wau, inggih menika tiyang-tiyang ingkang gesang bagya mulya pikantuk nikmat paringipun Allah, tiyang-tiyang ingkang gesang sengsara lan cilaka krana pikantuk bebendu (kemarahan) saking Allah, lan tiyang-tiyang ingkang gesang sangsara lan cilaka krana lampahipun sasar. Sadaya menika minangka i’tibar tepa tuladha tumrap umat Islam, supados gesangipun boten klentu margi, ngambah margi lurus, satemah bagya mulya donya akhirat.
Karana Al Fatihah ayat-ayatipun nyakup pokok-pokok garis ageng piwulang ing Al Qur-an, mila Al Fatihah dipun sebat : Ummul Kitab, utawi Ummul Qur-an.
Al Fatihah Waosan Baku tumrap Shalat
Sasampunipun nyemak makna lan suraosipun Al Fatihah, ingkang tetela mujudaken baboning kitab (Ummul Kitab), kita saged maklum bilih Al Fatihah dados waosan baku tumrap shalat. Waosan Al Fatihah menika hukumipun wajib tumrap shalat, tegesipun : tiyang ingkang shalat kedah maos Al Fatihah. Menawi boten maos Al Fatihah, shalatipun boten sah, boten dipun tampi.
Menika lumampah tumrap sadaya tiyang ingkang nindakaken shalat utawi sembahyang. Tegesipun : shalat wajib menapa shalat sunat, shalat jama’ah menapa namung shalat piyambak, yen jama’ah minangka imam menapa minangka makmum, sedaya wajib maos Al Fatihah. Kalebet ugi shalat janazah, ugi kedah maos Al Fatihah.
Perkawis menika dipun temenaken ing hadis-hadis ing ngandhap menika :
‘An ‘Ubaadatabnish shaamid annan nabiyya shallallaahu ‘alaihi wa sallam qaala : laa shalaata liman lam yaqraa-u bi faatihatil kitaab.
Saka Ubadah bin Shamit, bilih Nabi SAW ngandika : “Ora ana shalat (= ora sah shalate) tumrap sapa wae kang ora maca Fatihatul Kitab.”
(H.R. Jama’ah saking Ubadah bin Shamid)
Kanthi lafazh sanes wonten hadis :
…Laa tujzii-u shalaata li man lam yaqraa-u bi faatihatil kitaab
Ora jangkep shalate tumrap sapa wae kang ora maca Fatihatul Kitab
(H.R. ad Daraquthni)
Ugi benten lafal malih :
…laa tuqbalu shalaatun laa yuqraa-u fiihaa bi ummil qur-aan
Ora ditampa shalate yen ora diwaca Ummul Qur-an
(H.R. Ahmad)
Al Fatihah menika dipun waos ing saben raka’at shalat :
‘An Abii Qataadata annan nabiyya shallallaahu ‘alaihi wa sallam kaana yaqraa-u fii kulli rak ‘atin bi fatihaatil kitaab
Saking Abu Qatadah bilih Nabi SAW menika ing saben raka’at maos fatihatul kitab.
(H.R. Bukhari saking Abu Qatadah)
Kanthi dhasar hadis-hadis kasebat lan taksih wonten sanesipun, saperangan ageng ulama Fiqh sami sapamanggih bilih sembahyang boten sah menawi boten maos Al Fatihah. Saperangan ageng ulama, wiwit jaman rumiyin ngantos sepriki. Mila menawi sembahyang, imam menapa dene makmum wajib maos Al Fatihah ing saben rakangat.
Kajawi maos Al Fatihah, ugi dipun sunahaken maos surat sanesipun ingkang gampil lan dipun apali
Amaranaa an naqraa-a bi fatihatil kitaabi wa maa tayassar
Lan ndhawuhi kula sadaya supados maos Al Fatihah lan (surat sanes) pundi ingkang gampang-gampang.
(H.R. Abu Dawud saking Abu Said al Khudri)
(Ibnu Sayidin Nas ngendika bilih hadis menika isnadipun shahih)
Maos surat-surat ingkang gampil sasampunipun Al Fatihah menika ing sembahyang subuh lan kalih raka’at awal ing sembahyang sanesipun, sembahyang Jumat, lan ugi sembahyang sunat, upaminipun tarweh.
Wonten hadis ingkang nyebataken, bilih nalika imam maos surat kanthi jahar (seru), para makmum supados sami meneng lan mirengaken kanthi tumemen, boten kenging tumut-tumut maos surat. Ingkang kenging dipun waos makmum naming surat Al Fatihah lan maosipun sirr (lirih, klesik-klesik), supados imam boten keganggu anggenipun maos. Kacetha ing hadis ngandhap menika :
Saking ‘Ubadah, dheweke crita manawa pinuju shalat subuh, Rasulullah SAW keganggu olehe maos. Mula nalika rampung shalat panjenengane ngendika : “Dak gatekake kowe mau maca.” Ubadah nerusake : aku kabeh matur : Inggih, Rasul pancen kula wau maos. Wallahi. Banjur panjenengane dhawuh :
Qaala : Laa taf ‘aluu illaa bi ummul qur-aan fa innahuu laa shalaata liman lam yaqraa-u bihaa.
Dhawuhe : “Aja kok tindakake mengkono, kajaba ummul qur-an, sabab satemene ora sah shalate tumrap sapa sing ora maca ummul qur-an iku.”
(H.R. Abu Dawud lan Turmidzi saking Ubadah)
Ugi hadis sanesipun saking Ubadah kanthi lafazh benten, nanging maksudipun sami, makaten terjemahipun.
Saka Ubadah, bilih Rasulullah SAW ngendika : “Aja pisan-pisan sawiji antarane sira maca surat Al Qur-an nalika aku maca kanthi jahar, kajaba Ummul Qur-an.”
(H.R. Daruquthni sakin Ubadah)
Lan taksih wonten hadis sanesipun malih ingkang maksudipun sami, inggih menika : boten kenging maos seru-seru surat Al Qur-an ing wingkingipun imam ingkang maos kanthi jahar (seru), kajawi Al Fatihah. Menika kemawon inggih namung dipun waos lirih (sirr).
Nadyan kathah hadis ingkang nerangaken bab wajib maos Al Fatihah ing dalem raka’at shalat, lan saperangan ageng para ulama sepakat Al Fatihah wajib kawaos, ewadene ugi wonten ulama ingkang nggadhahi pemanggih benten. Para ulama kasebat nemenaken bilih menawi imam nembe maos (jahar), para makmum prayogi mendel kemawon nggatosaken waosanipun imam, kalebet Al Fatihah ugi cekap dipun waos dening imam kemawon, makmum boten perlu maos.
Pemanggih menika dipun dhasaraken hadis saking Abu Hurairah r.a.
‘An Abii Hurairata anna rasuulullaahi shalaallahu ‘alaihi wa sallam qaala :
Innamaa ju ‘ilal imaamu liyu’ tamma bihi, fa idzaa kabbara fa kabbiruu, wa idzaa qaraa-a fa anshituu
Saka Abu Hurairah r.a, bilih Rasulullah SAW ngandika : “Satemene Imam iku wus didadekake panutan tumrap sira kabeh. Mula yen dheweke takbir, sira uga takbir, lan yen dheweke maca sira padha meneng nggateknaa.”
(H.R. Imam gangsal kajawi Tirmidzi, lan Muslim ngendika hadis menika shahih)
Lan ugi sami ndasaraken dhateng surat Al A’raf :
Wa idza qurii al qur-aanu fastami‘uu lahu wa anshituu, la ‘allakum turhamuun
Lan nalikane diwaca Al Qur-an, sira padha ngrungokna lan meneng nggatekna supaya sira kabeh antuk rahmat.
(Q.S. Al A’raf/ 7 ayat 204)
Pamanggihipun sawatawis ulama kasebat ngugemi bilih nalika imam maos surat (kanthi jahar), para makmum kedah mendel boten kenging maos surat, kalabet Al Fatihah. Cekap mendel lan mirengaken sarta nggatosaken.
Asiling ijtihad para ulama wau ugi dipun aosi lan dipun kurmati dening para ulama sanesipun. Nanging tetep kemawon saperangan ageng para ulama ngugemi pemanggih bilih Al Fatihah wajib dipun waos dening para makmum, sabab Kanjeng Nabi SAW jelas-jelas ndawuhake makaten, kados kacetha ing hadis Ubadah ing nginggil.
Pancen leres wonten hadis saking Abu Hurairah r.a. ingkang ndhawuhaken supados makmum sami mendel menawi imam nembe maos jahar. Lan ugi wonten ayat 204 Al A’raf ingkang ndawuhaken supados sami mendel lan mirengaken menawi ayat-ayat Qur-an dipun waos. Nanging menika boten saged mbatalaken hadis saking Ubadah ingkang ndhawuhaken supados maos Al Fatihah ing saben rakangat shalat. Penalaranipun makaten :
Dhawuh ing hadis Abu Hurairah lan ayat 204 Al A’raf menika sipatipun aam (umum), dene dhawuh ing hadis Ubadah lan sanes-sanesipun wau sipatipun khas (mligi, khusus). Ing Ilmu Ushul Fiqh wonten kaidah :
Binaa-al ‘aami ‘alal khaasi waajibun
Mbatalaken dhawuh umum kanggo nindakake dhawuh khusus iku wajib.
Kanthi wewaton penalaran menika, saperangan ageng para ulama tetep ngugemi pamanggih bilih makmum kedah maos Al Fatihah nalika imam maos surat kanthi jahar. Kados dhawuh ing hadis Ubadah :
…..aja kok tindakake mengkono, kajaba ummul Qur-aan
Contonipun : Nalika imam maca kanthi jahar, makmum aja maca apa-apa kajaba ummul Qur-an (Al Fatihah). Nanging maosipun lirih (sirr, klesik-klesik mung dirungokake awake dhewe). Hadis saking Anas ndawuhaken makaten.
Qaala rasuulullaahi shallallaahu ‘alaihi wa sallam : ataqra-uuna fii shallaatikum khalfal imaami wal imaama yaqraa’ falaa taf ‘aluu wal yaqraa’ ahadukum bi fatihatil kitaabi fii nafsihi
Dhawuhe Rasulullah SAW : Apa sira padha maca nalika shalat ing samburine imam mangka imam lagi maca (jahar)? Aja kok tindakake mengkono iku. Nanging saben uwong antarane sira kabeh maca-a Fatihatul Kitab kanggo awakmu dhewe (kanggo awakmu dhewe ing ngriku maksudipun cukup dirungokake dhewe, dados lirih klesik-klesik).
(H.R. Ibnu Hibban saking Anas bin Malik r.a)
Maos kanthi lirih cukup dirungu dhewe menika maksudipun supados boten ngganggu imam anggenipun maos ayat/ surat Al Qur-an. Lan sasampunipun cekap maos Al Fatihah makmum lajeng anteng mendel mirengaken lan nggatosaken waosanipun imam.
Wondene wekdalipun maos Al Fatihah tumrap makmum, menika sasampunipun imam rampung maos Al Fatihah kanthi jahar. Dipun prayogakaken tumrap imam, sasampunipun maos Al Fatihah kanthi jahar prayogi mendel sakedhap saderengipun maos surat sanesipun. Menika kangge suka kalodhangan dhateng makmum kangge maos Al Fatihah. Nanging menawi imam sasampunipun maos Al Fatihah lajeng langsung maos surat sanesipun, makmum tetep maos Al Fatihah secara lirih. Sasampunipun rampung lajeng mendel mirengaken lan nggatosaken waosanipun imam.
Waosan Bismillah
Kajawi benten-bentening pamanggih perkawis wajib lan botenipun makmum maos Al Fatihah ing sawingkinging imam, ugi wonten benten-bentening pamanggih perkawis waosan Bismillahirrahmaanirrohiim nalika shalat. Inggih menika : nalika imam shalat jama’ah maos Al Fatihah lan surat-surat gampil kanthi jahar (seru), waosan Bismillahirrahmaanirrahim dipun waos jahar (seru) menapa sirr (lirih).
Benten-bentening pamanggih perkawis waosan Bismillah menika sampun wonten wiwit jaman sugengipun para sahabat Rasul para tabi’in, lan terus wonten ngantos jaman ingkang kita lampahi menika.
Ingkang nggadhahi pemanggih bilih Bismillah dipun waos seru (jahar), saking kalangan para sahabat Rasulullah SAW, ing antawisipun : Abu Hurairah, Ibnu Abbas, Ibnu Umar, Ibnu Zubair. Lan saking kalangan tabi’in ing antawisipun: Said bin Zubair, Abu Qilabah, Az Zuhri, Ikrimah, Athaa’, Thaawuus, Mujahid, Ali bin Husain, Salim bin Abdullah, Muhammad bin Ka’ab al Qurazhi, Ibnu Siirin, Ibnul Munkadir, Nafi Aula Ibnu Umar, Zaid bin Aslam, Makhuul, Umar bin Abdul Aziz, Amir bin Dinar lan Muslim bin Khalid. Imam Syafii ugi ngugemi pemanggih makaten.
Dene ingkang ngugemi pemanggih bilih Bismillah dipun waos lirih (sirr) saking kalangan sahabat Rasulullah SAW ing antawisipun : Abu Bakar, Umar bin Khaththab, Usman, Ali bin Abu Thalib, Ibnu Mas’ud, Ammar bin Yasir, Ibnu Maghal. Lan saking kalangan Tabi’in ing antawisipun : Hasan al Basri, Asy Sya’bi, Ibrahim an Nakha’i, Qatadah, Al A’masy lan As Tsauri. Kathah pendherek mazhab Imam Malik, Abu Hanifah lan Ahmad bin Hanbal ugi condhong dhateng pamanggih menika.
Golongan ingkang ngugemi waosan Bismillah dipun jahar (seru) menika mawi wewaton hadis-hadis, ing antawisipun :
Hadis saking Ummu Salmah (garwa Nabi SAW)
Piyambakipun ngandika : “Panjenenganipun (Rasulullah SAW) maos sepotong-sepotong (sak ayat-sak ayat) : Bismillaahirrahmaanirrahiim, Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamiin, Arrahmaanirrahiim, Maaliki yaumiddiin, … lst.
(H.R. Ahmad, Abu Dawud lss.)
Hadis saking Na’im bin Abdullah al Mujmar
Dheweke crita : Aku sembahyang ing burine Abu Hurairah (maksudipun : makmum). Aku krungu dheweke maca Bismillaahirrahmaanirrahiim, terus maca Umul Qur-an. Sawise rampung sembahyang ngucapake salam terus dheweke kandha :
Inni la-asybahukuni shalaatan bi rasuulillaahi shallallaahu ‘alaihi wa sallam.
Temene aku sing paling mirib shalate karo shalate Rasulullah SAW
(H.R. An Nasa’i lan Khuzaimah ing kitab shahihipun) Ugi dipun riwayataken dening Ibnu Hibbaan lan al Hakim atas syarat Bukhari lan Muslim)
Hadis saking Abu Hurairah r.a.
Qaala : Kaana idzaa qaraa-a wa huwa ya-ummun naasa iftataha bismillaa hirrahmaanirrahiim.
Kandhane : Ana dene panjenengane (Rasulullah SAW) nalikane maos Fatihah lan lagi ngimami shalat wong-wong, dibukak kanthi Bismillaahirrahmaanir rahiim.
(H.R. Ad Daraquthni. Ugi dipun riwayataken dening al Hakim)
Hadis saking Anas bin Malik r.a.
‘An Qataadata qaala : Suila Anasu kaifa kaana qiraa-atun nabiyyi shallallaahu ‘alaihi wa sallama fa qaala : kaana madda tsumma bismillaahirrahmaanirrahim yamuddu bismillaahi wa yamuddu birrahmaani wa yamuddu birrahiim.
Saka Qataadah, dheweke crita : Ana wong takon marang Anas kepiye waosane Kanjeng Nabi SAW, nuli dheweke mangsuli : Waosane Nabi iku panjang-panjang, nuli panjenengane maos Bismillaahirrahmaanirrahiim. Dipanjangake nggon Bismillaah, lan dipanjangake nggon arrahmaan, lan dipanjangake nggon arrahiim.
(H.R. Bukhari saking Anas bin Malik r.a.)
Wondene golongan ingkang ngugemi waosan Bismillah sirr (lirih) menika mawi wewaton hadis-hadis ing antawisipun :
Hadis saking Abdullah bin Mughaffal
Saka Abdullah bin Mughaffal, dheweke kandha : Aku krungu bapakku dhawuh, mangka aku maca (jahar) Bismillaahirrahmaanirrahiim, Dhawuhe bapak : “He anakku, aja pisan-pisan kowe nganak-nganakake.” Sateruse kandhane bapake iku :
Fa innii shalaitu ma’a rasuulillaahi shallallaahu ‘alaihi wa sallam wa ma’a Abii Bakrin wa ma’a ‘Umara wa ma’a ‘Utsmaan, fa lam asma’ ahadan minhum yaquuluhaa, fa laa taqulhaa, idzaa anta qara’ta faqul Alhamdu lillahirabbil ‘aalamiin.
Mangka aku shalat bareng Rasulullah SAW, lan bareng Abu Bakar lan bareng Umar lan bareng Utsman, nyatane aku ora krungu siji-sijiya priyayi mau kang maca iku (Bismillah). Mula aja maca Bismillah iku. Yen kowe arep maca, ya maca-a Alhamdulillaahi rabbil ‘aalamiin.”
(H.R. Tirmidzi, Baihaqi, Nasa’i, Ibnu Majjah, saking Abdullah bin Mughaffal)
Hadis saking Anas bin Malik r.a
‘An anas ibni Maalik, qaala : Shalaitu ma’an nabiiyi shallallahu ‘alaihi wa sallam wa ma’a Abi Bakrin wa ‘Umara wa ‘Utsmaana fa lam asma’ ahadan minhum yaqraa-u bismillaahirrahmaanirrahiim.
Saka Anas bin Malik r.a. dheweke kandha : Aku shalat bareng Rasulullah SAW lan Abu Bakar lan Umar lan Usman, nyatane aku ora krungu siji-sijiya antarane piyayi-piyayi iku kang maca Bismillaahirrahmaanirrahim.
(H.R. Ahmad lan Muslim saking Anas bin Malik r.a.)
Saking riwayat hadis-hadis ingkang sampun katur menika katingal bilih kalih-kalihipun golongan ingkang maos bismillah kanthi jahar menapa dene kanthi sirr, menika sami-sami nggadhahi paugeran piyambak-piyambak ingkang sami-sami kiyatipun. Dalasan para sahabat ingkang nate srawung lan ngalami sugengipun Rasulullah kemawon inggih benten-benten pemanggihipun ing perkawis waosan Bismillah menika. Malah wonten satunggaling sahabat suka katrangan warni kalih ingkang pinanggih kosok balen. Inggih menika sahabat Anas bin Malik r.a.
Anas bin Malik menika sahabat ingkang cinaket kaliyan Kanjeng Nabi SAW, nalika alitipun malah dados rewangipun Kanjeng Nabi ngantos sedasa taun laminipun, mila Anas menika sahabat ingkang paling kathah ngriwayataken hadis saking Kanjeng Nabi. Nanging Anas suka katrangan warni kalih. Ing setunggal wekdal piyambakipun criyos bilih Rasulullah yen maos Al Fatihah dipun jahar, waosanipun panjang-panjang : Bismillah panjang, arrahman panjang, arrahiim panjang. Nanging ing kalodhangan sanes Anas criyos bilih piyambakipun boten mireng Rasulullah maos bismillah jahar, ugi Abu Bakar, Umar lan Usman boten kapireng maos bismillah kanthi jahar.
Sahabat menika boten purun goroh. Dados menawi Anas criyos bilih Rasulullah SAW maos jahar lan maos sirr, piyambakipun (Anas) temtu estu-estu nyumurupi. Tegesipun, Rasulullah SAW pancen terkadhang maos kanthi jahar, terkadhang maos kanthi sirr.
Bab menika dipun temenaken dening ulama linangkung Ibnul Qayyim minangka margi tengah-tengah antawis kalih pemanggih wau. Panjenenganipun pratela :
“Satemene Nabi SAW iku njaharake (maos seru) Bismillahir rahmaanirrahiim kadhang-kadhang, lan ngesirrake (maos lirih) sering ing kalodhangan liyane. Ora mamang maneh, panjenengane Rasul SAW ora ajeg (ora terus-terusan) maos kanthi jahar saben dina lan saben wengi kaping lima (saben shalat), ya nalika ana ndalem apa dene nalika lagi tindakan (ing liya papan). Bab iki ora dingerteni dening para khalifah lan para sahabat-sahabate, satemene kepeksa nebak-nebak kanggo golek landhesan kang maton.”
Kanthi pratelanipun Ibnu Qayyim menika, ateges kita boten perlu masalahaken perkawis Bismillah jahar menapa sirr. Kalih-kalihipun leres, kalih-kalihipun sah, boten mbatalaken shalat.
Langkung damel asrep malih pratelanipun Imam As Syaukani. Panjenenganipun nemenaken :
“Perkara Bismillah diwaca jahar utawa sirr, iku mung perkara khilafiyah. Perkara bismillah diwaca jahar utawa sirr, iku ora dadi masalah, ora ngrusakake sembahyang apa maneh mbatalake sembahyang. Ijma para ulama nemenake yen perkara wacan Bismillah jahar utawa sirr iku ora mbatalake sembahyang. Awit saka iku, sliramu kabeh aja padha katut pengaruh melu-melu setengah ulama sing nggedhek-nggedhekake masalah iki lan ngurub-urubake perkara khilafiyah, nganti ana sing nganggep iku masalah penting sing nyangkut I’tikad.”
Pratelanipun As Syaukani menika ngasrepaken manah. Perkawis Bismillah dipun waos jahar (seru) utawi sirr (lirih), menika boten mengaruhi sah lan botenipun sembahyang.
Menawi makaten, menapa perlunipun dipun masalahaken? Langkung prayogi dipun sumanggakaken kemawon dhateng masing-masing pribadi ingkang nglampahi. Badhe dipun jahar menapa sirr, sumangga miturut anteping manahipun piyambak-piyambak. Ingkang penting, ngibadah kanthi iklas, muhung nyenyadhang ridhanipun Allah SWT sesembahan kita. Lana a’maaluna wa lakum a’maalukum. Aku entuk ganjaran saka amal tumindakku, lan sliramu entuk ganjaran saka amal tumindak panjenengan. Beres.
Waosan Aamiin
Benten kaliyan surat-surat sanesipun ing Al Qur-an, menawi maos Al Fatihah sasampunipun rampung ayat pungkasan lajeng kasambung waosan Aa-miin. Menawi ingkang maos imam kanthi jahar, sesampunipun rampung maos waladhaalliin lajeng sadaya makmunipun nyaut kanthi waosan : Aa-miin sesarengan.
Ingkang makaten nuwuhaken pangraos (menimbulkan kesan) kados-kados Al Fatihah menika ucapan donga panyuwunan, lajeng dipun amini.
Menawi dipun semak saestu, pancen kasinggihan, ayat-ayat pungkasan surat Al Fatihah menika mujudaken donga panyuwunan, tur ingkang dipun suwun boten baen-baen.
Ihdinashshiraathal mustaqiim. Shiraathalladziina an ‘amta ‘alaihim ghairil maghdhuubi ‘alaihim wa ladhaalliin
(Dhuh Gusti) tinedahna kawula sadaya dhateng margi ingkang lurus. Marginipun tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringi nikmat (kamulyan), sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang Paduka bendoni lan tiyang-tiyang ingkang sasar (lampahipun)
Ingkang dipun suwun menika : shirathal mustaqiim, margi ingkang lurus. Mangka shirathal mustaqim menika nglimputi babagan pagesangan ingkang wiyar sanget tebanipun, kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng. Nglimputi babagan pagesangan, wiwit perkawis tauhid ngantos perkawis ‘ibadah, wiwit perkawis patrap pribadi ngantos masyarakat, wiwit perkawis akhlak ngantos perkawis nebihi tindak jahat, wiwit srawung kaliyan tiyang sepuh ngantos srawungipun para pedagang ing peken. Wiyar sanget tebanipun. Lan menika dipun suwun dhateng Allah SWT nalika kita maos Al Fatihah ayat 6-7 (pungkasan). Mila klebet nalar menawi panyuwunan ingkang semanten agengipun menika dipun amini tiyang kathah.
Nanging, langkung saking penalaran ingkang makaten, perkawis maos Aamiin menika pancen dipun dhawuhaken dening Rasulullah SAW, kados kacetha ing hadis-hadis ngandhap menika :
‘An Abii Hurairata qaala : Kaana Rasuulullaahi shallallaahu ‘alaihi wa sallama idzaa talaa ghairil maghdhuubi ‘alaihim wa ladhdhaalliin qaala aamiin hattaa yusmi‘a man yaliihi minashshaffil awwal.
Saka Abu Hurairah r.a. Dene Rasulullah SAW nalika wis bubar maos ghairil maghdhuubi ‘alaihim waladhdhaalliin terus panjenengane maos Aamiin nganti keprungu wong-wong sing makmum saka shaf awal.
(H.R. Abu Daud lan Ibnu Majah saking Abu Hurairah)
‘An Abii Hurairata anna Rasuulullaahi shallallaahu ‘alaihi wa sallam qaala Idzaa ammanal imaamu fa amminuu fa inna man waafaqata’ miinuhu ta’miinal malaaikati ghufira lahu maa taqaddama min dzanbih.
Saka abu Hurairah r.a. bilih Rasulullah SAW dhawuh : Yen imam wis maca Aamiin, sira kabeh maca-a amiin uga. Sabab sing sapa olehe maca amiin bareng karo amine malaikat, bakal dingapura dosane sing wis kepungkur.
(H.R. Jama’ah saking Abu Hurairah)
Miturut riwayat saking Wa-il bin Hajar, piyambakipun mireng piyambak Rasulullah SAW anggenipun maos dipun panjangaken, ing panggenan Aa menapa Miin dipun panjangaken swantenipun. Lan Abu Dawud ngriwayataken bilih Rassulullah SAW anggenipun maos Aamiin wau suwantenipun dipunangkat (dipun inggilaken). Atas dhasar katrangan menika As Syaukani nemenaken bilih Amiin menika kalebet aturan syarak, nalika nyahut aminipun iman menapa dene nalika maos piyambak.
Dene hukumipun : miturut jumhur ulama hukumipun maos aamiin menika sunat. Nanging miturut Ibnu Buzaizah lan seperangan ulama, hukumipun maos aamiin menika wajib. Wonten malih ingkang nganggep : tumrap imam hukumipun sunat, tumrap makmum ingkang nyaut aminipun imam hukumipun wajib. Dados kados ucapan salam : Ingkang ngucapaken salam hukumipun sunat, dene ingkang mangsuli salam hukumipun wajib.
Sanadyan waosan Aamiin sasampunipun Al Fatihah menika sampun mratah katindakaken umat Islam, nanging ing Al Qur-an waosan Aamiin menika boten nate dipun serat. Menapa sababipun? Sabab kalimat Aamiin menika sanes rerangken wahyu saking Allah SWT. Al Qur-an menika namung mligi ngemot wahyu saking Allah SWT.
Wondene maknanipun waosan Aamiin menika, wonten sawetawis katrangan : Wonten ingkang mastani, Aamiin menika maknanipun : Kadzaalika falyakuun tegesipun Muga mengkono dadine. Miturut Hilal bin Yasaaf lan Mujahid Amin, aamiin menika salah satunggal Asma Allah. Miturut Tirmidzi, aamiin menika ateges Laa tukhayyib rajaa-anaa, tegesipun : Dhuh Gusti ampun nguciwani kawula sadaya. Ibnu Abbas nate nyuwun pirsa dhateng Rasulullah SAW piyambak lan dhawuhipun Rasul : Rabbif‘al : Dhuh Gusti mugi ngleksanani.
Dene kathah-kathahipun para ulama lan ahli agami mastani bilih Aamiin menika maknanipun : Allaahummastajib lanaa, tegesipun Dhuh Gusti Allah mugi ngijabahi panyuwun kawula sadaya. Lan sajakipun inggih menika ingkang dipun antepi dening saperangan ageng umat Islam.
Makaten atur kula perkawis surat Al Fatihah ingkang kapasang minangka surat pambukaning kitab Al Qur-anul Karim. Kula aturaken sagaduking pamanggih anut kadiwasaning manah kula, mugi wontena manfaatipun. Temtu kathah cewet lan kekiranganipun, kathah sisip lan klentunipun. Ingkang menika mugi wontena keparenging penggalih ngluberaken agunging samodra pangaksama.
Wasana mugi barakah lan rahmatipun Allah SWT tansah kaparingaken dhateng para kadang kula sadaya. Amiin, Amiin Ya rabbal ‘Aalamiin.
Imajiner Nuswantoro

