SERAT MUHAMMAD (3)

0

 SERAT MUHAMMAD (3)



Imajiner Nuswantoro



PUPUH XLVI

ASMARADANA


Milanné kawula ngungsi, dhumateng putra sampéyan, kawula sumeja ngéngér, kawularsa anjuru dang, annyéthi amawongngan, sukadadossa panutu, amung panuwun kawula,


Pun kakang mugi ngekahi, dhumateng badan kawula, yén kangjeng rama dukanné, bok Unnah saréng miyarsa, langkung suka kang manah, awit karsanné sang ayu, lajeng winuruk sahadat,


Angucap kalimah kalih, sang retna yu sampun bisa, wus manjing islam sang sinom, kang ibu tuwin kang rama, alon dénnya ngandika, éh karoné putraningsun, siréku padha sébaha,


Iya marang kangjeng nabi, sunnaterken putranning wang, saksana gya budhal agé, datan kawarna ing marga, lampahé sampun prapta, ing ngarsanning kangjeng rasul, sumungkem angaras pada,


Jeng nabi ngandika aris, bagéya satekannira, Khalit lan pangantén karo, selamet satekannira, garwanta iku sapa, saking ngendi asallipun, Semangun sigra manembah,


Bu Jahal ingkang sisiwi, angungsi dhateng kawula, lumuh kineramakaké, pikantuk lan tiyang kopar, nedha tulung kawula, angukuhana puniku, yén wonten bendunning rama,


Sumeja manjing agami, anutting saréngat tuwan, milamba bekta samangké, umarêk ngarsa paduka, tuwan paringnga barkah, supados ing khalalipun, sang rêtna dhateng kawula,


Kangjeng nabi amiyarsa, nulya ing ngakatken ningkah, abu Bakar donga agé, minongka seksi sakhabat, gumuruh Aminnira, wus sira ningkah Semangun, anulya angaras pada,


Jeng gusti niyakéng bumi, nulya sami sasalamman, lan para sakhabat kabéh, anulya mundur seksana, ki Khalit lan putrannya, datan kawarna ing ngenu, wus prapta ing wismannira,


Pengantén jalu lan éstri, lajeng manjing ing paprêmman, anutuggaken karsanné, permain sukanning karsa, campuh rok poncakara, tiksara lungid winangun, aramé rok ngaduyasa,


Yasanné jalu lan éstri, éstrinné sampun diwasa, diwasa mangun karongron, karongron kalawan priya, priyanné tur sudira, sudiranné mempeng kayun, kayunné tansedya benggang,


Benggangngé kalamun uwis, uwis dénnya darbé karsa, karsanné atapuk manéh, mane sami don asmara, asmara jronning tilam, tilammé sangsaya sengkud, sengkud kalih kalihira,


Ni emban kang anéng jawi, jawiné tilam uninga, uninga pari polahé, polahé éstri lan priya, ni mban aniba niba, sadalu tan antuk turu, turu tangi buntayangngan,


Boyokké dipun pijetti, ngulat ngulét paringissan, makungkung lajeng andekéng, dhodhok lungguh lajeng niba, tangi anulya lenggah, sinjang kebes lir dén wasuh, labet wes wedalling toya,


Jarwanné kang punang wanci, titi yonni bondayana, kang titiyonni tegessé, tengah dalu wancinnira, déné ta bondayana, bangun rahinna puniku, wussing subuh wancinnira,


Sang rêtna sarirannéki, sanget dénnya lesu lupa, lir kenna sinampirraké, rasanné sarirannira, Semangun sanget welas, saksana ing ngemban gupuh, binekta maring patirtan,


Wussira susuci kalih, salin wastra agegonda, ni emban tansah wurinné, senag senig manahira, kamanissen paningal, lan wonten céthi tut pungkur, ngulat ngulét turut marga,


Apan sarwi membak membik, satemahan kedrawassan, ni mbok céthi médong médong, ngompol senna kenthel pethak, ngrangkul kancanné jola, ngapithing panyikeppipun, kancanné akirab kirab,


Ameksa dipun ambungngi, gobag gobig kang dén aras, gelundhung siti kaliyé, anglir péndah geluttan, genti timpah tinimpah, kang miyat gumer gumuyu, méndah kang maca wikanna,


Akathah lamun winarni, solahé para pawongngan, pangantén lulut kaliyé, ing siyang dalu asmara, tan nana waléhira, malah malah saya sengkud, malah dadi pepénginnan,


Mring sagung pawongngan céthi, bok Unnah kelangkung suka, aningalli ing putranné, dénnya atut palakrama, lir mimi lan mintunna, tan kenna benggang sarambut, sang rêtna tansah néng pangkyan,


Pan sarwi dipun arassi, sang dyah apongah pangiyan, yén medal mring jaba mangké, tan mudhun saking ngembannan, sarwi tilawat Kuran, id ambilagonah putus, tajuwid yén anéng tilam,


Mangun selawattannéki, kaliyé sami karsannya, tan ana kemba kemabnné, ing dalu kalawan siyang, aso nalika dhahar, serene sampun kapungkur, bok Unnah kalangkung suka,


Aningalli putra kalih, solahé apalakrama, kelangkung asih lulutté, sarambut tan kena benggang, lir mimi lan mintunna, siyang dalu runtung runtung, mung pisah nalikannira,


Semangun séba jeng nabi, panjang lamun winarnaha, mangké genti winiraos, Abu Jahal winurcita, saicallé kang putra, sakalangkung dukannipun, mepek sagung prajuritnya,


Bésannira sampun prapti, badhé ambekta sang rêtna, utawiné pangantenné, sampun samekta ing karya, kapanggih Abu Jahal, winartan sadayannipun, yén badhé pangantén ical,


Wusana pating pacengis, sagungngé ingkang miyarsa, bésan myang bakal pangantén, Bu ahal aris angucap, ki bésan kaya paran, ing samangké karsannipun, kawula boten uninga,


Badhé pangantén pawéstri, ing dalunné dénnira musna, ingkang andhustha éstunné, Semangun kang gadhah pokal, lajeng kinarya garwa, nanging ta dhinustha dalu, kawula boten uninga,


Lamun ta kula udanni, Semangun sayekti modar, milanné kula samngké, pasrah dhumateng paduka, masa borong ing karsa, kawula pan inggih anut, punapa ing réh andika,


Kawula tan saged galih, prakawis anak kawula, saréng miyarsa bésanné, Abu Jahal pangucapnya, wusana lon saurnya, dhuh gér bakal mantunningsun, kaya paran solahira,


Déné gelem sira gusti, cinolong marang wong islam, prajurit miyarsa kabéh, utawi para Santana, asru ing ngaturrira, punika prayoginnipun, andhawuhna sayembara,


Sinten ingkang anangguppi, lawan Semangun mengsahan, dipun ebang ganjarranné, Bu Jahal tan bisa ngucap, amikir jro wardaya, yén ingsun rasa ing kalbu, wus antuk kanthi manira.




PUPUH XLVII

S I N O M


Mantuku prawira bagus, apamanéh sun ulatti, lah iya padha entékna, budimu para prajurit, utawa para Santana, pannora sumelang mami,


Yén ingsun golekka mantu, kang kaya Semangun iki, sawindu mongsa oléha, kenna ingsun pitayanni, ingsun karya sénapatya, sapa wani mungsuh mami,


Yén ana kang wani mungsuh, lawan Semangun ajurit, ya karêppé dirêbutta, kuneng Abu Jahal nenggih, yata ingkang kawarnaha, kangjeng nabi ing samangkin,


Tampi timballan Hyang Agung, Jabarail ingkang prapti, mring jeng nabi uluk salam, jinawab mring kangjeng nabi, ngalékum salam ki sannak, Jabarail nulya angling,


Gusti salammé Hyang Agung, jeng nabi anjawab aglis, ngalékum salam ki sannak, Jabarail matur malih, timballannipun Hyang Suksma, tuwan ing dalu puniki,


Kinon boyongnga puniku, dhateng Madinah nagari, lajeng madegga khalifah, ing jawi puniku kapir, inggih kathah ingkang jaga, arsa nyidra tuwan gusti,


Nging sadaya sami turu, tuwan wur wurrana wedhi, matannipun tiyang kopar, nulya musna Jabarail, jeng nabi sigra paréntah, dhateng pra sakhabat sami


Lajeng budhal dalu-dalu, mangkana Bagéndha Ngali, sapraptannira ing jaba, aningalli tiyang kapir, galasah prasami néndra, sadaya nétranniréki,


Wong kopir kang sami turu, sami dén wur wurri wedhi, kangjeng nabi lampahira, alajeng sawadya ngiring, pating bacécér ing marga, kuneng sadayanning kapir,


Sampun wanci babangun ésuk, prasami tangi aguling, rêrainv gupak lemah, ting palinguk sagung kapir, sami takon tinnakonnan, sapanguwur wurri wedhi,


Kang sawenéh ana muwus, baya akallé puiki, Mukhamad saba turrira, batur payodan lebonni, wismanné, wismanné nabi Mukhamad, ya payo rinayah wani,


Yata Surakah sru muwus, payo padha dilebonni, yata sadayanné kopar, malebet dalemmé nabi, wus suwung mamring kéwala, tannana uwong sawiji,


Surakah asru amuwus, baya iki mau bengi, ya nabi gonnira lunga, Surakah angucap bengis, becik matur mring Bu Jahal, yén jeng nabi lunga wengi,


Surakah anulya wangsul, kalawan saréwangnéki, prapta wismanné Bu Jahal, samana samun kapanggih, lawan kyai Abu Jahal, miwah bakal bésannéki,


Lajeng sami tata lungguh, Surakah aturriréki, dhuh kiyai Abu Jahal, jeng nabi ing wau ratri, saking dalem sampun késah, mengah ing watawis mami,


Mring Madinnah késahipun, sawadyannira prasami, Abu Jahal alon ngucap, kalawan bésanniréki, sapa sanggup nututtana, pan akéh gajarran mami,


Dinar sakethi kéhipun, pudhak jalu miwah éstri, déné ingkang wados padha, kabéh ayu kuning kuning, bakallé bésan Bu Jahal, yata anambungngi angling,


Manira pan iya mélu, angganjar dinar sakethi, satus lanang wadon pudhak, Surakah asru dénnya ngling, yén saéstu dhawuh tuwan, kang mugi samiya paring,


Tondha tangan dhateng ulun, kula ingkang annangguppi, mejahi nabi Mukhamad, nadyan Semangun néng margi, Bu Jahal lan bésannira, lajeng sami anunulis,


Lawan bakal bésannipun, tan adangu nulya dadi, gya sinungken mring Surakah, nulya mit méntar sing ngarsi, wus angrasuk prajurittan, lajeng anitih turanggi,


Sarwi mandhi lawungngipun, wong kawan dasa angering, wadya sami jajarannan, gagancangngan anéng margi, yata jeng nabi mukhamad, lampahira anéng margi,


Wadyannya lumampah ngayun, kangjeng nabi anéng wuri, Abubakar datan pisah, ngumar Ngusman miwah Ngali, Surakah ing lampahira, méh nututti kangjeng nabi,


Surakah aceluk celuk, mandhegga ta sira nabi, Abu Bakar amiyarsa, umatur ing kangjeng nabi, gusti punika ing wuntat, wonten janma anututti,


Pan prajurit mangunnipun, jeng nabi sarêng miyarsi, sigra tedhak saking unta, nulya salat kangjeng nabi, néng kisma kalih rêkangat, Surakah sarêng ningalli,


Nabi saking unta mudhun, sinabet ingkang turanggi, dupi ing nabi méh perak, sangang cengkal winatawis, turanggannira Surakah, kalawan saréwangnéki,


Sikillira wates jengku, ambya bles kacepit ing bumi, turongga tan bisa obah, Surakah malumpat aglis, sedyannira arsa numbak, dhumateng ing kangjeng nabi,


Dyan Surakah sikillipun, kalawan sarowangnéki, sami kacepit ing lemah, wates jengku tan bisosik, Surakah sumedyannira, arsa nalorong jeng nabi,


Saya ambles awakkipun, dénnya kacepit ing bumi, wates puser tan bisa bah, Surakah angolang ngaling, mangkana wau Surakah, asambat ing kangjeng nabi,


Adhuh gusti tobat ulun, boten purun malih malih, kawula nyuwun aksama, yén ulun waliya gusti, anut ing agama tuwan, tuhu yén paduka gusti,


Kakasihipun Hyang Ngagung, jeng nabi sarêng miyarsi, alon dénnya angandika, Surakah lamun siréki, arsa waluya raganta, mucungnga kalimah kalih.




PUPUH XLVIII

P U C U N G


Yata matur: Surakah dhuh tuwan wuruk, kalimah sahadat jeng nabi amulang aglis, yata ngucap Surakah kalimah sahadat,


Inggih sampun: angucap saréwangngipun, kalimah sahadat, jeng nabi ngandika aris, éh ta bumi Surakah saréwangngira,


Iya iku: uculna ing pannyepitmu, saksana Surakah, saréwang kawan dési, sampun mulya dénnira cinakot lemah,


Nulya sujud: Surakah saréwangngipun, samya ngaras pada, nnira nenggih kangjeng nabi, saréwangnya prajurit kang kawan dasa,


Nulya matur: Surakah mring kangjeng rasul, dhuh gusti lajengnga, tindak mring Madinnah gusti, kula kantun wonten ing ngriki kéwala,


Inggih ulun: jagi yén tyang kapir nusul, kula nangguléng prang, anadhahi tiyang kapir, ingkang mugi antukka supangat tuwan,


Kangjeng rasul; yata angandika arum, dén becik Surakah, mugi rineksa ing Hyang Widi, kangjeng nabi nulya lajeng mring Madinnah,


Tan winuwus: lampahira anéng ngenu, jeng nabi Mustapa, lawan pra sakhabat sami, tuwin sagung wadyannira kang wus islam,


Yata sampun: madeg risalah jeng rasul, anéng ing Madinnah, akathah sakhabatnéki, pangarsanné sakhabattira sakawan,


Kang rumuhun: Bu Bakar sakhabat ngayun, Ngumar Ngali Ngusman, kathah prasabat ing wuri, kuneng mangké genti ingkang kawarnaha,


Wonten rathu: langkung agung prajannipun, prawira ngayuda, ing Sengara kang nagari, raja Kabti punika bisikannira, rathu agung: sugih bala para rathu, prapwira ngayuda, naréndra ing kanan kéring, datan wonten kang tumandhing ing ngayuda,


Sang aprabu: agamanné maksih kupur, adarbé atmaja, wanodya ayu linuwih, tanpa sama kadi kumaranning jagad,


Ing swarga gung: apsari kasor sadarum, cinendhakcandrannya, yekti tannana madhanni, para putri sadaya nagri Sengara,


Wastannipun: anenggih Sang Lirring Santun, sang rêtna Rawiyah, samangké kusuméng puri, sakalangkung dénnira nandhang turida,


Rama ibu: sang dyah tan pegat tinantun, nambut palakrama, nging antuk naréndra kapir, sang rêtna yu sakalangkung lumuhira,


Krama lamun: antukka lawan wong kupur, pinalaur sang dyah, suka tumeka ing lalis, duk samana rêtna pinuju néndra,


Dénnya turu: wancinira tengah dalu, tumingal ing cahya, nur buwat saking ing langit, apan dhawah anéng pangkonnira sang dyah,


Kadya daru: kang cahya néng pangkon murub, saking madinnah, umbulling cahya mring langit, padhangngira ngebekki nagri Sengara,


Sarta krungu: wonten swara nguwuh uwuh, Rawiyah wruhanta, pan iku cahyanning nabi, Mukhamad kang Mustapa para ambiya,


Ya panutup: kang para nabi sadarum, kakasihing Allah, sagungngé kang para nabi, luhur dhéwé nora nana kang mamadha,


Gustinipun: kang para umat sadarum, titahing Hyang Suksma, musthika sagung dumadi, panuttanné sakéhé titahing Allah.


Sarêng wungu: sang rêtna yu wungun pungun, datansah ginagas, sajronning wardayannéki, kang katingal supenna ujarring swara,


Sigra matur: sang rêtna dhateng kang ibu, matur supennannya, ibu inggih wau ratri, kula néndra supenna paningal kula,


Ulun dulu: cahya tumedhak sing luhur, sangkanné kang cahya, saking Madinnah nagari, munbul dhateng luhurring langit kasapta,


Gya tumurun: dhawah pangkon kula ibu, lir daru katingal, padhangngé cahya nelahi, amadhangngi sadaya nagri Sengara,


Nunten ulun: wonten swara kang karungngu, wawarah ing kula, ujarring swara dumeling, lah punika cahyanné nabi Mukhamad,


Iya iku: kakasiyé Hyang Suksma, rathuné sadaya, titahing Hyang Maha Sukci, anéng dunya tumeka anéng ngakérat,


Ingkang anut: ya marang saréngattipun, bénjang néng ngakérat, pinesthi munggah suwarga, kang tan anut pinesthi anéng naraka,


Ingkang ibu:  aris dénnira amuwus, adhuh putranning wang, wruhannira iku nini, pan satrunné ramannira ngundang sata.




PUPUH XLIX

P A N G K U R


Sira anggér putranning wang, poma nini aja sira baribin, iya impénnira iku, pan iku iya nyata, nnanging anggér simpennen ajana weruh, sang rêtna sarêng miyarsa, temahan bronta wiyadi,


Marang jeng nabi Mukhamad, tilar dhahar kalawan tilar guling, saklangkung dénnya mangunkung, tyasnya wyang wulangngan, amirangrong sang rêtna yu rangu rangu, karungrungngan sru angarang, sangsaya tan antuk aring,


Mangu mangu mangonengngan, onengngira sangsaya angranuhi, Liwung ing tyas kusuma yu, satemah annempuh byat, limud ing tyas namballi kakasihipun, pun Bardiyan peparabnya, prapta majeng atur bekti,


Sang rêtna aris ngandika, éh Bardiyandén parêk ngarsa mami, Bardiyan marêk ngarsa wus, parêk sang dyah ngandika, éh Bardiyan lumakuwa ing ngong utus, marang nagara ing Ngarab, marêkka ing kangjeng nabi,


Kang mulya musthikanning ngrat, kakasihé suksmana kang linuwih, pan iya rathuné iku, sagungngé umatting Hyang, dunnya kérat rathuné sagungnging makhluk, panuttan sagung sagung tumitah, panutubbing para nabi,


Kang mangku saréngat mulya, sapa anut saréngattira bénjing, pesthi munggah ing suwarga gung, kang tan anut sréngatnya, pan pinesthi anéng naraka ing bésuk, aturrêna suratting wang, nanging poma wekas mami,


Ajan ana wong uninga, poma poma solahmu dén adhemit, iya kangjeng rama ibu, aja nganti uninga, utawiné marang janma liyannipun, Bardiyan matur sandika, nembah léngsér anulya mit,


Lampahira cara dhustha,tanpa kanthi tannana janma uning, sakalangkung dhemittipun, tan winarna ing marga, ing Madinah samana pan sampun rawuh, Badiyan émeng ing nala, kayapa ran marga mami,


Umarêk jeng rasullollah, déné tan wruh babasanniréng janmi, ing Sengrara basannipun, basa Persi kang kang gya, ing Madinnah basa Arab tembungngipun, nulya malebet Bardiyan, sapraptanning ngarséng nabi,


Bardiyan sumungkem kisma, kangjeng nabi alon ngandika aris, basa Pérsi dhawuhipun, éh wong ngendi ta baya, duk angrungu kangjeng nabi dhawuhipun, Bardiyan kagyat miyarsa, déné dhawuh basa Pérsi,


Bardiyan matur ngrarêppa, basa Pérsi pukulun kangjeng nabi, ingkang saéstu panutup, sagungngé pra ambiya, kang minulya kakasihira suksma gung, ulun tyang nagri Sengara, lampah kawula tinuding,


Dhumateng rêtna Rawiyah, ing Sengara putranné raja Kabti, ngaturraken surattipun, kunjuk ing ngarsa tuwan, lah punika katurra sratté sang ayu, wus katur nulya tinampan, binuka sinukméng galih,


Titi raosing nuwala, kangjeng nabi ngandikannira aris, maturra marang gustimu, ingsun tan sedya krama, lamunnora lawan karsanné Hyang Ngagung, lawan manéh wekas ing wang, maturra marang sang putri,


Gustimu pan durung islam, agamanné pan iya maksih kapir, durung nut agamanningsun, iya agama islam, pra sakhabat samana sami umatur, lamun parêng karsa tuwan, prayogi utussan gusti,


Dhumateng raja Sengara, ingkang sarta gusti paringnga tulis, anglamar ing putrannipun, lawan kinnén anutta, ing agama islam inggih sang ngaprabu, kantennan tamtunning karsa, angandika kangjeng nabi,


Dhumateng para sakhabat, yén mengkono mungguh aturriréki, kabéh uwis padha rêmbug, prakara iki iya, nanging poma iya kabéh wekas ingsun, dén angati yati padha, ing pratingkah dén adhemit,


Sakhabat sarêng aturnya, dhuh gustiku pukulun kangjeng nabi, paringnga nuwalannipun, kangjeng nabi ngandika, lah ta nuli akaryaha durattipun, kang surat tan dangu dadya, ing ngaturken kangjeng nabi,


Nulya nimballi sakhabat, pan pun arab anenggih kang wawangi, ngemban nuwala tinuduh, katur raja Sengara, arab tampi nuwala léngsér sing ngayun, gagancangngan lampahira, datan kawarna ing margi,


Wus prapta nagri Sengara, lampahira arab laju mring ngarsi, ing paséban wus apangguh, lawan uwong kang jaga, pan tinannya wong ing ngendi ingkang rawuh, arab aris aturrira, ngong dutanné kangjeng nabi,


Mukhamaddinil Mustapa, ing Madinnah kinon maring ken tulis, iya marang ing rathumu, Prabu Kabti Sengara, aturrênna iya marang ing rathumu, sang raja kabti Sengara, kang jaga paséban myarsi,


Lajeng marêk sri narédra, prapténg ngarsa manembah nembah awotsari, pukulun gusti sang prabu, paséban wonten duta, saking nagri Madinnah pinangkannipun, sarwi angemban nuwala, sang natha sarêng miyarsi,


Aris dénnya agandika, lah iridden marang ing ngarsa mami, bupathi jaga gya metu, sampun prapta paséban, panggih duta dhinnawuhken sabda prabu, lajeng ing ngirid seksana, mring ngarsanné sri bupathi,


Saparptanné ing ngayunnan, duta lajeng pranata ing sang aji, pukulun amba ing ngutus, nuwala sigra tinnampan, binuka sinukméng galih,


Kadriya tembunging serat, sri naréndra saklangkung dénnya runtik, sendhu sugal dénnya muwus, éh caraka muliya, umaturra iya marang ing gustimu, nora amangsulli laying, iya jeneng ingsun iki,


Amung ijohan kéwala, nora awéh Rawiyah putra mami, ginarwa Mukhamad iku, tan surtah nut agama, lah ta uwis muliya sira dén gupuh, Arab sigra nembah méntar, sapraptannira ing jawi,


Lampahira gagancangan, tan winarna solahira néng margi, ing Madinnah sampun rawuh, lajeng tumaméng ngarsa, matur solah dinuta sadaya katur, raja Kabti kang timballan, jinarwa sadaya titi,


Jeng nabi sarêng miyarsa, angandika dhawuhnya arum manis, éh ta lamun kadya iku, dén adhemitta sira, bok ta uwong kurés iku anrungu, ingkang gething marang ing wang, temahan guguyu sami,


Yata kang para sakhabat, sami matur dhumateng kangjeng nabi, yén parêng karsa jeng rasul, inggih nagri Sengara, ulun gecak kawula perêp ing ripu, jeng nabi alon ngandika, banget nisthanné ngaurip,


Katuju amangunna aprang, marga awit rebut saking pawéstri, kontap praja liyannipun, luwih nisthanné nistha, sami kéndel para sakhabat tumungkul, kaluhurran déning sabda, kasaru wau kang prapti,


Sarakannira sang rêtna, kangjeng nabi yata ngandika aris, apata manéh gawému, sira prapta ngarséng wang, yata wau Bardiyan nembah umatur, ing ngutus sang rêtnanning dyah, durmanné mangké sang putri.




PUPUH L

D U R M A


Sang rêtna yu ngaturraken pejah gesang, kunjuk ngarsa jeng gusti, dalu tuwin siyang, tansah angarsa arsa, saklangkung saking kapéngin, anut agama, saréngat kangjeng nabi,


Tilar dhahar anéndra kusuméng pura, amung ingkang kaéksi, dénnyarsa agama, nyuwun dipun pundhutta, dhumateng ing kangjeng nabi, sanget karsannya, islam sang raja putri,


Dhawuhipun sarêtna dhumateng kula, nadyan tumekéng pati, lamun sampun islam, anut agama tuwan, jeng nabi ngandika aris, mungguh manira, tan ana kajat mami,


Arsa krama iya marang gustinnira, sabab ta ramannéki, iku nora lila, aduwé mantu ing wang, déwi Asiyah miyarsa, jeng nabi duta, dénnya arsa akrami,


Nora sida bakallé sabab sang natha, Sengara Kabti nampik, pan sanget sungkawa, yata Sithi Asiyah, samana lajeng nimballi, dhateng Bardiyan, dutanné raja putri,


Tuwin arab ingkang dinuta punika, dhumateng kangjeng nabi, ngaturraken serat, marang prabu Sengara, kalihira sampun prapti, néng ngarsannira, Sithi Asiyah sami,


Angandika aris dyah Sithi Asiyah, bagéya ta siréki, Bardiyan  tekan ta, iya anéng ngarséng wang, Bardiyan matur wot sari, ingkang timballan, gusti rêtnanning adi,


Pan kapetek mustaka cancan réma, dados sajimat prppih, arab lah bagéya, satekamu dinuta, saking ing Sengara nagri, apa léh karya, arab nembah wot sari,


Dhawuhipun kusuma ingkang rumentah, dadossa jimat prpih, menggah lampah amba, dhateng nagri Sengara, gusti boten angsal kardi, ngatuken tiwan, malahan tuk sabda srik,


Dhawuhipun gusti sang prabu Sengara, asanget datan sudi, lamun adarbéya, mantu jeng rasullollah, dados satru dunnya ngakir, panganggeppira, inggih sang raja Kabti,


Yata Sithi Asiyah sarêng miyarsa, arab aturriréki, rêngu ing wardaya, nanging sinamun nétya, banget tan tarima mami, arab dhawuhna, marang kancanniréki,


Kangjeng rasul kalamun wurung akrama, sandika anglampahi, ing dhwuh sang rêtna, arab anulya méntar, lan para sakhabat panggih, kumpul sadaya, arab anulya angling,


Sadayannya konca kawula sakhabat, apan kawula inggih, angemban timballan, saking Sithi Asiyah, kelamun ta kangjeng nabi, wurung akrama, lan Rawiyah sang putri,


Putrannira raja Kabti ing Sengara, Sithi Asiyah runtik, banget tan tarima, marang para sakhabat, timballannira sang déwi, para sakhabat, ginalih tanpa budi,


Déné duwé khalifah rathunning titah, dunnya tumekéng ngakir, tur kasihing suksma, dadi nabi wekassan, panutubbing para nabi, arsa akrama, wurung marga tinampik,


Dhawuhipun éh arab sira temuwa, Maryathul Kabtyah nuli, paran pikirrira, lawan sakancira, apa tan angrasa sami, tiwassing nalar, para sakhabat sami,


Pan kalebu gadhangngan wong tanpa wiring, cekak budi tur nisthip, sagung pra sakhabat, sadaya sarêng miyarsa, gat gada garjiténg galih, déné winada, cekak budi tur nisthip,


Lan winada gadhangngan datanpa wiring, para sakabat sami, ciptanné wardaya, bener Sithi Asiyah, mring sakhabat sadayéki, datanpa wiring, cinampuh tanpa bidi,


Ing samengko jeng gusti nabi Mukhamad, wus kéh sakhabat néki, tur padha prawira, taté bedhah nagara, kayéku Bagéndha Ngali, sapa mungsuhnya, kalamun mangun jurit,


Mangké wuwuh Semangun iya prawira, tanpa lawan ajurit, nadyan liyannira, iya para sakhabat, padha prawira ajurit, mandhegha iya, kangjeng rasul tinampik,


Panglamarré marang sang prabu Sengara, bener ingkang ngaranni, yén sakhabat tiwas, Maryathul Kabtyah sang dyah, éh konca sakhabat sami, lah payo medal, saking nagri kang tebih,


Kira kira ana lakon telung dina, payo rêmbuggan sami, sabat salawé prah, nenggih punjul satuggal, sami kumpul néng wanadri, kuneng sakhabat, ingkang anéng anéng wanadri,


Kangjeng nabi Mustapa kondur samana, saking dénnya tinangkil, jujug dalemmira, nenggih Sithi Ngaisah, sarawuhira jeng nabi, semu sungkawa, sanget ngungun ing galih,


Pan ginagas sajronning wardaya, yata wau sang putri, dyah Sithi Ngaisah, waspada pangingalnya, jeng nabi sungkawéng galih, Sithi Ngaisah, yata aturrira ris,


Saha nembah pukulun panuttan amba, ulun anungsung warti, jeng nabi ngandika, Ngaisah wruhannira, ana dutanné sang putri, atmajannira, ing Sengara sri Kabti,


Ya melaku manira karya agarwa, nanging wangsullan mami, ngong tan duwé karsa, lan ningsun nora sotah, wit sang putri maksih kapir, durung agama, lawan ramanniréki,


Nora dhemen iya marang raganning wang, lumuh banget anampik, sang Sithi Ngaisah, yata matur nembah, mring jeng rasul ngasih asih, punuttan amba, lamun tan tulus panggih,


Lawan putri Sengara Maryathul Kabtyah, pukulun ingkang céthi, sanget séwu mérang, tan suka manah amba, dé tuwan apes nglangkungngi, temahan kathah, praja liyan ngésemi,


Jeng paduka jumeneng nabi wekassan, panutup para nabi, kakasihing suksma, mangké arsa akrama, temahan tuwan tinampik, bokta inggiya, nagri Sengara gusti,


Tuwan gempur rinurahan bodaya bondayuda, prajurit tuwan mangkin, tur sami prawira, naté tandhing ing yuda, wong siji mungsuh sakethi, nadyan sayuta, sinrang sirna kang manis.


PUPUH LI

DHANDHANGGULA


Pus Semangun tuwin Bangendha Li, lun tuwan ingkang anuduha, punika tiyang kaliyé, bedhah Sengara gempur, lah dhaharrên tur ulun gusti, jeng nabi angandika, banget wiring ingsun, iya marang ing Pangéran, bedhah praja marga angrebut pawéstri, ginuyu mring malékat,


Pesthi padaha mring mami, rasullpllah lawan sakhabatnya, kalawan kopar rebut rok, marganné perang iku, awit saking ngrebut pawéstri, lan manéh kawruhana, kang maido mring sun, méndah déné guyunnira, anéng dunnya manira inna sayekti, bénjang anéng ngakérat,


Pesthi kabéh para widadari, lan malékat nudingngi maring wang, ya sikil kiwa tudingngé, lan iku kangjeng rasul, anéng dunnya amangun jurit, marga ngrebut wanodya, nisthanné kalangkung, Sithi Ngaisah miyarsa, ngandikanné jeng nabi tumungkul nangis, angrasa kaluhurran,


Sabdannira rajeng nabi sinelir, kuneng kangjeng nabi kawarnaha, ing Sengara sang ngakathong, langkung tik branning kalbu, saundurré caraka nabi, déné tanpa pamittan, marmannya sru bendu, sigra miyos siwaka, nng paglarran wau risang raja Kabti, ing ngayap pra biyada,


Kyan patih sumiwéng ing ngarsi, tuwin sagung kang para punggawa, bupati pra mantra andhér, prajurit pratiwa nung, jejel pipit nangkil ngarsa ji, panglima ulubalang, miwah lang lang laut, miji kalang priyantaka, busana bra lir péndah prawatasari, sang prabu angandika,


Éh patih tuwin pra dipati, lakon iki pesthi tan prayoga, sabab nini putri mangko, banget gonning mangukung, tinggal mangan tannapi guling, wirangrong karungrungngan, kandhuwan ing wuyung, kyan patih atur sembah, abdi dalem pun patih boten andugi, karsannya sang lir rêtna,


Yén mengkono paréntak ngong patih, sira lawan sakancanta samya, padha dén prayitna kabéh, rumeksa ing kedhatun, apa déné rumeksa sami, kaputrén bokta ana, iya mara sandu, ananjak karti sampéka, éndra jala pakaryanné maling sekti, patih matur sandika,


Kyan patih gya paréntah aglis, dhawuh nata mring para punggawa, tuwin para raja kabéh, kinén sadhiyéng pupuh, bakal ana mungsuh nekanni, sang natha nulya jengkar, umanjing kadhatun, ing ngiring para pawongngan, kyana patih anéng ing paséban jawi, nimballi para raja,


Pra punggawa samyandhér ing ngarsi, tuwin mantra panglima lubalang, prajuritnéki, sampun kumpulsadaya, sagungngé pra ratu, atata pakuwonnira, tan kaliru sajuru jurunniréki, sajro nagri Sengara,


Jejel pipit pakuwon para ji, datan kamot malébérring jaba, dénnira sami makuwon, sahing gungngé pra rathu, ingkang tamping tampingngan negri, kadya samodra bena, ngelébbi wana gung, wadya gung tanpa wilangan, asamekta busana kaprabon jurit, gumuruh swaréng janma,


Kuneng sagung kang jaga nagari, kawarnaha kusumanning pura, sanget sru dénnya mirangrong, nanging sinamun samun, pan linnali lali tan lali, kémuttan kang katingal, nalikanning dalu, ginagas saya kagagas, srunning brongta sang rêtna saya kaéksi, trennyuhé kang wardaya,


Saundurré dutanné jeng nabi, sang rêtna yu sangsaya turida, anerêng kawirang rongngé, dé kang rama sang prabu, wus anampik panglamarnéki, saking nabi Mustapa, milannya sang ayu, awuwuh tambah wiyoga, layung layung salira nglayung anglentih, sayémbuh sédhettira,


Luwes meses prapta gumariwis, kéwes luwes arêbut gonnira, prak ati pating garédhol, manissé ngundhung undhung, rêspatinné saya mimbuhi, wiraganné wilettan, gandrassira patut, duk samana sang lir rêtna, micaréng tyas paran marganné wak mami, annyéthi amawongngan,


Yén wurungnga manira annyéthi, ngur matiya babo raganningwang, aja dadawa wirangrong, tan liyan kang kaétung, mung jeng nabi kacipténg galih, sang dyah lenggah ing latar, ban innya ingngayun, céthi pawongngannya aglar, angalosod sadaya anéng ing siti, néng ngandhap naga puspa,


Sang rêtna yu angandika aris, éh ta emban iya kaya iya kaya paran, pawartanné ing lakunné, si Bardiyan Puniku, nimbok emban matur ngabekti, gusti sang lir kusuma, menggah wartossipun, ing mangké nagri Madinnah,


Milannira pun Bardiyan lami, gih punika ingkang kedah marga, dhateng Sengara badhéné, jeng gusti nabi rasul, lawan para sakhabat sami, ingkang arsa mangrurah, Sengara praja gung, angrebat dhateng sang rêtna, pun Bardiyan inggih kalawan pun dalil, kang badhé kedhah marga,


Kang kusuma sarêng myarsa warti, sakalangkung sukanniréng driya, sukannya tambuh enggonné, wusana ngandika rum, apa temen wartamu bibi, nimbok emban tur sembah, dhuh kusumanning ngrum, rama dalem sapunika, sampun mepak sagungngé para para prajurit, miranti ing ngayuda,


Sagung rathu kang monco nagari, myang bupati kinumpulken samya, wonten nagri sadayanné, samangké sampun kumpul, tinugurran kang tamping tamping, miwah jronning nagara, supenuh pra rathu, sang rêtna kasok tyassuka, amiyarsa ni emban aturriréki, jeng nabi yun mrep ing prang,


Yata wau sang rêsminning puri, wus alami tilar dhahar néndra, katara layung layungngé, cahya wenes sumunu, ing samangké wus sakéng galih, sang rêtna ayun siram, marang taman santun, lawan arsa salin sinjang, salaminné sang rêtna nandhang wiyadi, tan salin salin sinjang,


Kampuh tunjung karobban ing pinggir, tinnabur rêtna lawan sosotya, garingsing wayang sinjangngé, cawenni udhettipun, asumping maswa mung spelik, lir rathih saking swarga, angandika arum, biyang mengko ngong yun dhahar, panekulan akelanna jangan mennir, kemangngi uworrana,


Dimén sedhep sarta legi wangi, mennir jagung iya uworrana, ban sentul anulya agé, braggan sigra metu, ramban jangan akopat kapit, malebéng pawon nyandhak, kuwalinné gupuh, kaliru anyekel wawa, kagét jumbul tangannira pan kumitir, malocot darijinya,


Ni mbok Sentul paringas paringis, kancannira anyawang kéwala, nora nana ingkang dahwén, Bok Sentul mingak minguk, nubruk kwali rêmuk, ingkang jangan mennir wutah para céthi ting gadebug sami mijil, ramban marang kebonnan,


Kang sawenéh ana jangan mennir, nyambel goréngan karya abon pindhang,  ngrupuk ana gawé gadhon, ngepés annyambel jeruk, wenéh ngliwet kang sega gurih, dipun pedhemmi ayam, brambangngira wutuh, geng ngageng tinumplek panjang, anéng panjag lengannéku kumrinyis mili, méndah ta gurihira,


Wussa dhahar kusumanning puri, gya linnorod mring parang pawongngan, innya emban lan céthinné, ramé boga akembul, kuneng mangké kusuméng puri, genti kang kawarnaha, sakhabat jeng rasul, medal saking ing Madinnah, wasta Ansar Mukajir saréwangnéki, lalakon tigang dina,


Inggih arab kang ingngutus nguni, ngemban serat mring nagri Sengara, kagagas sanget wirangngé, nampénni dhawuhipun, sira Sithi Ngaisah mangkin, saya kagagas gagas, sang dyah saget rêngu, dhumateng para sakhabat, panic nampah tanpa nalar tanpa budi, mila sakhabat medal,


Marang wana lakon tigang ari, kathahira rasa sakhabat kang medal, sadaya naming salawé, néng wana sami kumpul, yata arab alon dénnya ngling, lah ta konca sakhabat, sadaya kang metu, inggih saking ing Madinnah, kawan likur janggeppé salawé mami, pyarsakna ujar kula,


Damel kula inggih sabennari, angon kambing yén ta badan kula, antuk ing gusti idinné, datanpa kanthi ingsun, ambedhaha Sengara nagri, yekti ingsun kaconggah, anyekella ingsun, marang sang raja Sengara, yata angling wau sang bagéndha Ngali, pan durung ana karsa,


Yén wus ana karsanné jenng nabi, mongsa dadak lah ingsun wediya, bedhah Sengara ing mangké, aglis ngadeg Semangun, néng ngarsanné sakhabat sami, kang sampun tuwa-tuwa, asru dénnya muwus, lah ta Ngali seksénnana, jengngandika minogka wakil jeng nabi, gusti ingkang Mustapa,


Inggih awit ing dinten puniki, kula sumpah dhumateng Hyang Suksma, yén kula tan bedhah mangké, nagri Sengara iku, kulantuk kabedunning widi, gih sampun susah réncang, kula ingkang gempur, dhumateng ing lanat kupur, satrunnipun jeng nabi ingkang sinelir, kula maksih nénémman,




PUPUH LXII

S  I  N  O  M


Lamun kula maksih gesang, wontenning dunnya puniki, Bagéndha Li angandika, déné mungguh karsa mami, yén rêmbuggé wus dadi, payo padha supatéku, taklid lawan musakap, ngucap pamangkéné sami, awak ingsun nora kenna umanjinga,


Madinnah lan wismanning wang, runtuha talak sawiji, kalawan ing rabinningwsng, lsmun durung bedhah nagri, tan mulih mulih mami, iya lamun durung gempur, nagara ing Sengara, angambil sang raja putri, atmajanné sang raja Kabti Sengara,


Kahaturra astannira,jeng nabi ingkang sinelir, Mustapa Niyakanningngrat, lawan yén durung Maténni, marang sang raja Kabti, ing Sengara sang prabu, Semangun matur sigra, dhumateng bagéndha Ngali, kula gusti kang rumiyin aprasetya,


Semangun sigra asumpah, pun Khalit Ibnu Walulid, kaping tigannipun Arab, Abdullah kaping pattéki, atma jalu Séh Khalit, Bagéndha lilimannipun, kaping nemmépunSangat, putrannira Séh Sang Ngabti, kaping pitu Sadmalik ing putrannira,


Jubér ingkang kaping astha, atmajanné Kyai Malik, pra sami sarêng asumpah, dénnya nibakaké janji, kang kaping sangannéki, pun sang sang Ngadi Ibnu Wakus, ingkang kaping sadasa, Surakah ping sawlasnéki, Ki Sayidu Hudawan ping kalih welas,


Sadaya sarêng asumpah, salawé sakhabat sami, asarêng dénnya supata, wus samya warata sami, sampun dados satunggil, ingkang anéng ing wana gung, wussiyaga ngayuda, anulya pra sami dhikir, andodonga maring rabil ngalaminna,


Jabarail sigra tedhak, ing ngarsanné kangjeng nabi, apan sarwi uluk salam, jawab ngalékum salami, yata ngling Jabarail, timballannira Hyang Ngagung, inggih dhumateng tuwan, Mukhamad kakasih mami, kawruhana salawé sakhabattira,


Metu saking ing Madinnah, néng ngalas lakon tri ari, adohé saking Madinnah, sampun asumpah pra sami, musakap lawan taklid, dhateng nagari tan mantuk, tuwin mring wismannira, yén déréng bedhah nagari, ing Sengara maténni rajanning praja,


Lan amboyong putrinnira, katurring paduka gusti, inggal tuwan dhatengngana, nagari Sengara gusti, wus karilan ing Widi, lan sakhabat tuwan wau, kang wus sami supata, jeng nabi sampun kadugi, Jabarail musna kangjeng nabi sigra,


Angrasuk kaprabonning prang, apamit dhateng kang rayi, Sang Rêtna Sithi Ngaisah, lah sira kariya yayi, sun arsa nusul jurit, pra sakhabat wus kumpul, yata Sithi Khathijah, lan para garwa liyanning, yata sami samana nyumkemmi pada,


Jeng nabi aris ngandika, éh Ngaisah ingsunniki, katembén temen tumingal, ingkang kaya sira iki, ingkang jamak pawéstri, banget lumuh kinnawayuh, lamun lakinné krama, abanget dénnya prihatin, amungsira wanodya tuhu utama,


Gusthi Allah ing ganjarra, luwih marang ing siréki, milagé rêtna sadasa, kang ngéndah kanga di adi, kang pager sosotya di, inten jumanten jumerut, tan kawarna samana, dénnira pamit jeng nabi, sigra budhal nitih kuda busana prang,


Anusul para sakhabat, kang sampun wonten wanadri, dénniring dhumateng Bilal, kakasih kang atutwuri, datan kawarna margi, lampahira sampun rawuh, bagéndha Li prênahnya, pra sakhabat kagyat sami, paman tundhuk dhumateng nabi Mustapa,


Sadaya ngaturri salam, inggal anjawab jeng nabi, wangalékum salam padha, sakhabat sami ngujungngi, yata matur prasai, pra sahabat ing jeng rasul, dhuh nabi gusti amba, tuwan ngadhatonna gusti, inggih nagri Sengara kapanggih kula,


Inggih ingkang nandangngana, mung idi paduka gusti, ingsun pan ora arsi, baliya mring wisma ingsun, karsannira Hyang Suksma, ngong lawan sira prasami, kinnén bedhah marang nagara Sengara,


Yata jeng nabi ngandika, dhumateng ing Bilal aris, Bilal dén parêkkan ingwang, Bilal gepah marêk ngarsi, jeng nabi angling manus, Bilal sira ingsun utus, marang nagri Madinnah, sarupanné wong jro nagri, ing Madinnah kang karêp prang sabillolah,


Marang nagara Sengara, lawan awéha udanni, iya marang garwanningwang, lan garwa sakhabat sami, Ansar lawan Muhajir, kalamun ta arsa pangguh, lawan warahen padha, kalamun lakinniréki, uwis padha anibakaké supata,


Musakap lawan taklinya, nora manjing ing nagari, Madinnah lamun tan bedhah, iya Sengara nagari, bisa amboyong putri, maténni sang Kabti prabu, Bilal tur sembah méntar, datan warna ing margi, sampun prapta anéng nagari Madinnah,


Bilal nulya undhang undhang, dhateng wong Madinnah nagri, bendhénné tinabuh ngangkang, tambur slomprét lawan suling, siyaga pra prajurit, asaos turanggannipun, sawenéh saos unta, senuk mémréng kémar kuldi, lan andaka bial miwah adal-adal,


Bandéra bul umbul anjrah, abang biru ijo kuning, sawenéh bandéra pethak, tetengerriréng prajurit, sagungngé paréntah éstri, sadaya pan sami tumut, utawi bocah bocah, sami milwa biyungnéki, garwannira sagungngé para sakhabat,


Ingkang wus sami supata, anéng satengah wanadri, kang kocappa garwannira, Semangun mangké winarni, atas dénnya miyarsi, lamun lakiné puniku, sampun medal supata, néng wana musakap lakin, sang rêtna yu samana akapang kapang,


Tumut nusul marang wana, lawan mara sepuhnéki, ki Khalit miwah bok Unnah, budhallé nitih turanggi, ana sawenéh nitih, unta ana nitih senuk, kémar kuldi myang bial, tengara gumuruha tri, sampun budhal sagungngé wadya Madinnah,


Lampahé prajurit tata, kang sami nusul jeng nabi, datan winarna ing marga, wus prapta prênah jeng nabi, pakuwon ing wanadri, lagya maglarran jeng rasul, lawan para sakhabat, samya kagyat aningalli, para éstri pan akathah ingkang prapta,


Sami matur jeng Mustapa, punapa karsa samangkin, tiyang éstri dasih tuwan, kathah sami prapténg ngriki, jeng nabi ngandika ris, padha ngrungu ing sumpahmu, jeng nabi malih nabda, pira Bilal kang prajurit, ingkang padha mélu aprang sabillolah,


Umatur aris pun bilal, kathahipun kang prajurit, gangsalwlas éwu sadaya, kang sumedya aprang sabil, pekathik pan kejawi, tuwin ingkang bekta sangu, jeng nabi angandika, sapa kang atuduh margi, yata dalil samana matur anembah,


Kula gusti kang uninga, jeng nabi ngandika aris, sira lumakuwa ngarsi, kang dadi tukang ing margi, dalil anembah amit, sigra lumampah ing ngayun, bendhé tinabuh ngangkang, lan tambur salomprét suling, bandéranné sadaya sami binnabar,


Tan kaliru prênahira, kapala perang néng ngarsi, rêspati bandéra abang, angandika kangjeng nabi, nagara Sengaréki, pirang dina lakonnipun, teka ing kéné iya, pun dalil umatur aris, tigang dasa pitu dina anéng marga,


Ing ngendi panggonnannira, banyu ingkang mila ngarsi, kinarya lerêb prayoga, Bardiyan aturnya aris, gusti pan maksih tebih, ngandika malih jeng rasul, watara pirang dina, pun dalil matur ngabekti, saking ngriki gusti kalih welas dina,


Lawan kajengngipun kathah, proyogi dipun rêrêbbi, nanging Begawan punika, tan kénging dipun rêrêbbi, tan wonten ingkang warih, lampahé prajurit dulur, tan owah tatannira, kapala prang néng ngarsi, bandéra prang tamburré munya brang brangngan,


Lir thathit mandher tunggulnua, néng wuri bagéndha Ngali, kuning bandéranné mubyar, cirinnira macan putih, jeng nabi anéng tengah, Bu Bakar Ngumar tan tebih, miwah Ngusman prasami asmaradana.




PUPUH LIII

ASMARADANA


Angampingngi kangjeng nabi, Semangun munggéng ing ngarsa, yata kawarna lampahé, prapta papan kang prayoga, ing ngandhap kayu gurda, sadaya suka ing kalbu, amanggih papan prayoga,


Jeng nabi ngandika aris, lah padha sira rêrêbba, anéng ing kéné makuwon, becik papan rata jembar, kalawan parêk toya, alassé akéh kang kayu, kangjeng nabi sigra tedhak,


Saking nginggilling turanggi, prajurit tedhak sadaya, tuwin wanodya sagungngé, sawenéh angemban anak, kémah sami pinasang, banjeng lajur kadi kampong, tinata kadi nagara,


Sagungngé para prajurit, suka manahé sadaya, sampun tata pakuwonné, sajuru jurunning wadya, datan kena aworra, sagungngé kang kayu kayu, pra sami uwoh sadaya,


Nedheng mateng nyadham pentil, kembangngé gandanné ngambar, kaya nagara wangunné, tinata bata sarimbag, kakojor lir nagara, wussira tata sadarum, kangjeng nabi siniwaka,


Pra sakhabat munggéng ngarsi, sami sumiwi sadaya, tuwin prajuritté kabéh, jeng nabi aris ngandika, éh dalil ngendi gonnya, iya prênahé kang banyu, sigra dalil matur nembah,


Inggih ing ngajeng puniki, prênahipun kang Begawan, jeng nabi gya tindak agé, pra sakhabat atut wuntat, prapta pinggir bengawan, nanging sat mung wedhi watu, jeng nabi tedhak saksana,


Marang bengawan kang kering, angambil kakalih séla, sigra anjunjung astanné, anenedha ing Hyang Suksma, ya Alah gusti amba, kang agung kang Maha Luhur, mugi tuwan wedallena,


Kang séla miliya warih, saking kodrating Pangéran, bengawan kebak banyunné, awening alérap lérap, tan pedhot ilinnira, samo sokur ing Hyang Agung, sagungngé para sakhabat,


Ana ingkang siram nuli, langkung suci ingkang toya, kang para wanodya kabéh, laré alit alulumban, kang ngedussi biyangnya, ingkang pra sami anjegur, biyangngé agirap girap,


Maras bok kasilep warih, kang sawenéh ngambil toya, sembayang suka manahé, para prajurit sadaya, antuk enggon kang mulya, kangjeng nabi ngandika rum, kabéh padha ngicippana,


Iya kang wowohan sami, lajeng sami ngalap mangkya, saréhné wadya bala kéh, pra sami arêrêbutta, dupi sami pinnangan, getir pait rasossipun, anulya matur sadaya,


Raossé kalangkung pait, jeng nabi anulya donga, anuwun ing Hyang Manon, ya Alah Kang Maha Mulya, kang marna sagung titah, raossé uwoh puniku, kang pait tuwan dadosna,


Raos ingkang legi gurih, Abu Bakar sigra dhahar, kalangkung éca raossé, lagi wangi gurih rênnyah, Abu Bakar ngandika, mring para prajurit gupuh, sira padha amundhutta,


Sagung wohé kayu sami, sadaya ngambil seksana, apa déné laré laré, lajeng angundhuh wowohan, milih sasukannira, anulya binukti gupuh, rasanné kalangkung éca,


Rênnyah legi gurih wangi, sagung wong suka sadaya, yata malih winiraos, jeng gusti nabi sinéba, déné para sakhabat, manggala sakhabat ngayun, Bu Bakar Ngali Myang Ngumar,


Ngusman Semangun néng ngarsi, kathah lamun winarniha, kang para sakhabat kabéh, jeng nabi alon ngandika, dhateng para sakhabat, sapa ta prayogannipun, kang dadi cucukking lampah,


Sartanné kang uwis uning, iya nagara Sengara, Semangun anulya agé, marêk angadeg ing ngarsa, kula gusti kang sagah, dadossa cucukking laku, sarta mriksa wadya bala,


Sengara ingkang nagari, jeng nabi alon ngandika, Semangun lungguwa kéné, Semangun anulya lenggah, jeng nabi malih nabda, maksih bocah sira kulup, durung wruh partingkah yuda,


Yata Jabarail prapti, mring jeng nabi uluk salam, sigra jinawab salammé,ngalékum salam ki sanak, Jabarail malih mujar, timballannira Hyang Ngagung, prakawis nagri Sengara,


Boten liya kang nyampunni, mung Semangun kang ngrampungna, ingkang pinesthi Hyang Manon, sarta tuwan paringngana, hulu baling kanthinya, prajurit ingkang tut pungkur, angetebbi lampahira,


Wondéning kapala siji, ngréh prajurit sanambang, tigang kapala kémawon, dados wadya kawan nambang, dados cucukking lampah, sénapatinné Semangun, basaké kapala tiga,


Kuncara prajurit luwih, sami andel tiga pisan, kangjeng nabi ngandika lon, Semangun panyuwunnira, dadi cucukking yuda, ingsun lilanni siréku, nanging paréntah manira,


Pamitta ibunniréki, Semangun sigra tur sembah, saking ing ngayunnan léngser, saking ngarsa jeng Mustapa, arsa pamit ing réna, anéng ing marga Semangun, macak ngelih lampahira,


Ingkang ibu aningalli, dhumateng ing putrannira, lir gunung sari warnanné, angrasa lamun kang putra, annampénni nugraha, ibuné kapanggih lungguh, Semangun angaras pada,


Ibu kula tur udanni, inggih dinten bénjang ngénjang, kawula kinarsakaké, dhumateng jeng nabi duta, kinarya sénapatya, minongka cucukking laku, ambedhah nagri Sengara,


Déné réncang kula inggih, pan inggih Basah titiga, kangjeng nabi del andellé, kawula ingkang kinarsan, dados sénapadya, angréh Basah kang tetelu, lawan jeng nabi mring kula,


Inggih ibupaparing malih, ingkang satungillé Basah, angréh séwu prajuritté, kula inggih pinaringngan, séwu réréyan kula, gunggung wadya kawan éwu, kang ibu aris ngandika,


Dhuh Semangun jimat mami, putra ngong mung siji sira, sun nuwun ing Hyang Manon, muga muga salametta, anggér ing lakunnira, nglakonni ayahannipun, jeng gusti nabi Mustapa,


Lan ingsun memekas manning, kalamun yén sira aprang, yén awor rowangmu anggér, yén rowangngira kasorran, lah agé tulungngana, yén kaseser perangngipun, kanthinnen asokna inggal.




PUPUH LIV

KINANTHI


Sandika turnya Semangun, mituhu ingkang weweling, samana nulya pamittan, marang ibu angabekti, sumungkem suka kalihnya, kang ibu pan ésmu tangis,


Tumungkul ngusappi eluh, adhuh nyawa putra mami, gantillanné atinning wang, wohé nétra telengnging sir, Semangun wus pamit medal, prapta ngarsanné jeng nabi,


Kalawan sakancannipun, lan Basah titiga sami, jeng nabi aris ngandika, lan uwis mangkat tataki, Semangun gya atur sembah, tuwin Ali Basah katri,


Yata wus salamman sampun, lan para sakhabat sami, wussira sami salamman, anulya donga jeng nabi, atadhah amin sadaya, jeng nabi ngandika aris,


Mugata kabéhé sinung, rahayu marang Hyang Widi, Semangun samana budhal, lan sagung para prajurit, prapténg jawi atengara, bendhénné tinembang muni,


Semangun lumampah ngayun, tunggullé bandéra abrit, aciri dirada meta, andhangah nitih turanggi, dén iring prajurittira, Basahé ingkang sawiji,


Bandéra tunggullé biru, aciri réwonda putih, lumampah ing wurinnira, ginerbeg para prajurit, déné Basah kang satunggal, sumambung wurinniréki,


Bangun tulak tunggullipun, cakra ingkang punang ciri, ginerbeg prajurittira, ing wuri ingkang nambungngi, Basahé ingkang satunggal, bandéranné gadhung mlathi,


Cirinné andaka pingul, ginerbeg sagung prajurit, bandéranné kapat pisan, ésmu jalalah tinulis, anglarug lampahé wadya, datan kawurciténg margi,


Wus prapta panggonnan banyu, langkung wiyar kang bennawi, kang sarta wenning toyannya, yata Semangun lingnya ris, dhateng sagung wadyannira, konca padha rêrêp ngriki,


Iki papan parêk banyu, gya léréh sagung prajurit, kémahira wus pinasang,  anggenggeng kadya nagari, pakuwon apétak pétak, bata sarimbag kang warni,


Suka sagungngé wadya gung, dé pakuwon parêk warih, sami ngambil toya kadas, sawenéh siram  ing warih, ana kang guying turongga, suka suka rêrêp pinggir,


Begawan kalangkung agung, Semangun yata siniwi, mring sagung prajurittira, aturrira Basah katri, sinten dados cucuk ing prang, Semangun manabda aris,


Ingsun ingkang dadi cucuk, Basah titiga turnya ris, punika atur kawula, lamun tuwan darbé kapti, dadossa cucukking yuda, ing lampah nistha sayekti,


Prajuritté taksih wutuh, sénapati angawakki, jeng nabi niyakanningrat, kautaman dé tindakki, Semangun alon saurnya, timballanné kangjeng nabi,


Tan nana liyanné iku, kang bedhah Sengara nagri, mung Semangun ingkang bisa, Basah titiga ngling malih, kalamun kadya punika, inggih kalangkung prayogi,


Pinter karsa tuwanniku, ambekta wadya prajurit, Semangun aris sahurnya, tan susah gawa prajurit, Ali Basah tiga turnya, prayoginné sénapati,


Ing ngiring prajurittipun, skeet kéwala kéhnéki, dados keketebbing lampah, Semangun sabdannya aris, lamun mengkono karsanta, iya aluwih prayogi,


Prajurit skeet kéhipun, milu mringsun maca langi, nanging ta paréntah ing wang, ajana kang berung sami, nut wuriya karsanning wang, sandika para prajurit,


Saksana budhal semangun, rêspati nitih turanggi, andhangah lumampah ngarsa, munggéng sanginggil turanggi, kadya putra ing wiratha, Arya Sétha sénapati,


Nalikannya murwéng ripu, brtayuda aprang tandhing, wadya skeet ngiring wuntat, alaju lampahiréki, tuhu lamun suréng ing prang, kadya prabu ing yunanni,


Nalikannira ing ngutus, duk prang Bakdiya tur nguni, amaringngaken nuwala, dhumateng sang prabu Jobin, Semangun aris lampahnya, tan wang wang mungsuh makethi,


Nitih kuda ulessipun, dhawuk tutul tutul kuning, mendha pan samarga marga, pantes wungunning prajurit, pedhang agemming ngayun, pak Murtat tan kenni tebih, dadya gamelling turongga, datan kawarna ing margi, lampahira anéng marga, minggah gurda geng rêspati,


Rata rêsik sitinnipun, Semangun lérén annuli, kalawan prajurittira, sékat ingkang atur wuri, anéng sangisorring gurda, Semangun anulya linggih,


Kalawan sakancannipun, Semangun yata lingnya ris, kabVh iki kancanning wang, padha kariya ing ngriki, anéng sangisorring gurda, ingsun dhéwé kang lumaris,


Mung Pak Murtat gamellingsun, mélu jaga jaran mami, Semangun anulya mangkat, Pak Murtat akonthal kanthil, néng wuri ambuntut kuda, datan kawarna ing margi,


Lampahé Semangun rawuh, sangandhapping gurda nenggih, sakalangkung aubbira, Semangun awas ningalli, dhateng wadya bala kopar, medal selanning waringin,


Semangun alon amuwus, dhumateng Pak Murtat nenggih, éh Murtat sira kariya, atungguwa jaran mami, sun arsa panggih wong kopar, poma tunggu jaran mami,


Ywa lunga lunga siréku, ngong dhéwé ingkang lumaris, nora susah gawa jaran, becik ngong lumaku sikil, Pak Murtat matur sandika, gih masa mundurra mami.




PUPUH LV

D U R M A


Sigra budhal Semangun ing lampahira, anéng péréngngé ardi, kadya wong misaya, amrih kidang menjangngan, wadya Sengara ningalli, ana wong lanang, warnanné anom pekik,


Wong Sengrara watara sapuluh nambang, lurahé animballi, marang hulubalang, lah sira pirsannana, wong loro kang lagi prapti, lan takonnana, yén weruh wong Ngarabbi,


Pangalassan kakalih sigra lumampah, lawan Semangun panggih, pangalassan nyapa, sapa wongngé kang prapta, warnamu anom apekik, Semangun nabda, ingsun wong buru kancil,


Éh wong buru sira weruh bala Ngarab, Semangun annaurri, iya weruh ing wang, wadyanné jeng Mustapa, akéh para prajurit, ngepung nagara, kemput Sengara mangkin,


Arêp gempur marang nagara Sengara, lan arêp amaténni, mring rathu Sengara, tinigas janggannira, rinayah donya brana Ji, lan yun boyongnga, putrinné sri bupathi,


Pangalassan asru dénnira angucap, mauta sun ningalli, prajurit Madinnah, wong loro ingkang prapta, samengko manira panggih, apata sira, tan wurung sun paténni,


Dyan Semangun asru dénnira angucap, ya bener sira kapir, sun prajurit islam, umat nabi Mukhamd, kang dadi andelling jurit, sirarsa apa, bramantya wong kakalih,


Anarajang kalihira nitih kuda, Semangun dén towokki, kang satunggal manah, Semangun datan nobah, kinarubut kanan éring, Semangun matak, ayat pamungkas aji,


Wus cinandhak kalihira pangalassan, saking ngandhapping wajik, pangalassan niba, saking nginggilling kuda, pinedhang atigas pancing, kuda dén alap, anulya dén titihi,


Gya narajang Semangun barissing kopar, nander lir péndah angina, gégér aputengngan, ing ngamuk lawan pedhang, kang sinabet tigas pancing, nora mindhowa, wangké susun atindhih,


Wiwit ngamuk Semangun ing wektu lukha, tekéng wektu ngasarri, kapir ingkang pejah, tigang éwu kéhira, Semangun angobrak abrik, bubar sangsarran, ngungsi kapalannéki,


Sarêng surup baskara sapik kang yuda, Pak Murtat kang winarni, awas paningalnya, Semangun sampun yuda, amicaréng jronning ngati, dhuh gustinning wang, abdinné kari jurit,


Pesthinnipun ingsun tan oléh ganjarran, amung tunggu turanggi, jaran amiyarsa, ujarrira Pak Murtat, brengingih kadya ngrembaggi, Murtat garjita, kancanné dén paranni,


Kyai Murtat praptanné asigra sigra, sakhabat kagyat sami, Pak Murtat angucap, éh konca wruhannira, Semangun sampun ajurit, kopar kéh pejah, daweg padha nulungngi,


Sampun rêmbag wong skeet pamanggihira, sarêng dénnira nitih, kuda narik pedhang, sigra sami narajang, Pak Murtat kang anéng ngarsi, wus campuh lawan, rong éwu bala kapir,


Wus kinepung wong mukmin kinalang kalang, dénning prajurit kapir, sakhabat angucap, lakawalakuwatta, ilabillahil ngalamin, yata narajang, wong kapir akéh mati,


Kyai Murtat ngamuk lir andaka brana, ingkang sinerang gusis, bubrah ting salayah, Murtat ngularri lurah, salira sayah kapati, dhéprok Pak Murtat, kagyat Semangun uning,


Tinerajang kang ngepung Pak Murtat bubar, lumayu rebut urip, Pak Murtat samnagkya, kalawan gustinnira, angésod anggelut sikil, sarwi karuna, dhuh gusti kula mati,


Dyang Semangun asru dénnira ngandika, jaranku anéng ngendi, ngelirraken wekas, konca kang skeet padha, pagénéya teka jurit, sapa kang printah, Murtat umatur aris,


Inggih gusti boten wonten ingkang printah, saking sedya nulungngi, ningalli paduka, rinebat wadya kathah, kuda brengingih ngunénni, nedya kawula, nulungngi dhateng gusti,


Dyan Semangun ngandika marang Pak Murtat, gonmu ngamuk wong kapir, oléh uwong pira, Pak Murtat uaturrira, anutuk swidak kang mati, tatu kawula, dhuh gusti tigang dési,


Kyai Murtat wus binekta gonné jaran, sarta dipun jampénni, Semangun atanya, marang Kiyai Murtat, rowangngira ana ngendi, kang skeet padha, Pak Murtat matur aris,


Ngamuk nengah kinembul lan kapir kathah, Semangun nitih wajik, anrajang manengah, singa sinerang pejah, wong kapir bubar agusis, mawur sangsarran, manahnya langkung giris,


Aningalli Semangun tandangngé yuda, tannana mongga pulih, larut sadayannya, padhang bresih payudan, Semangun sampun kapanggih, lawan sakhabat, gya uluk salam sami,


Dyan Semangun asru dénnira ngandika, sokur padha basuki, payo lérén padha, mulih marang pondhokkan, sakhabat sami angering, Semangun ngarsa, bali mring kuwonnéki,


Sampun prapta anéng ing pakuwonnira, Pak Murtat datan kari, kasaru praptanya, Basah ingkang titiga, kang kantun panggénnan warih, sawadyannira kawan éwu angering,


Sapraptanné sarêng sami uluk salam, Semangun jawab aglis, wangalékum salam, pra sami jawab asta, anulya tata linggih kula yun myarsa, wartanya ing jurit,


Dyan Semangun yata aris sabdannira, sarwi mésem dénya ngling, kabéh sanak ing wang, ingsun wartanni padha, ingsun wus aprang lan kapir, wit wektu lukha, prapténg wektu ngasarri,


Yata matur wau kang Basah titiga, dénéta tuwan jurit, tan anganti wadya, karya sumelang ing tyas, sanget damel welang ati, Semangun mujar, oléh supangat gusti,


Lah samengko sanak ngong Basah Titiga, padha dandanna jurit, gupuh kang ing ngatag, saklangkung gambirranya, kadi macan dén basahi, sukéng wardaya, tan sedya nolih wuri.




PUPUH LVI

PANGKUR


Sigra léngsér saking ngarsa, nyandhak bandhé yata tinembang nitir, suwarannira angungkung, kendhang béri saurran, tambur bendhé salomprét suling ambarung, gongngira maguru gongsa, lir butul tetegiréki,


Gumuruh suwarannira, apan kadya karêngéng ing wiyatti, lir péndah prawata gugrug, yata Basah titiga, nitih kuda nindhih ing prajurittipun, kawan éwu wadya islam, sadaya ginangsing gangsing,


Sami anitih turongga, anéng ngarsa Semangun nitih wajik,  andhangah solahnya patut, ginerbeg wadya bala, wadya kapir sama sarêng andulu, prajurit Madinnah mangsah, bendhéné tinembang nitir,


Kumrab barissé melatar, kadya robbé nenggih kang jalanidhi, lir péndah mendhung ngendhanu, sami sawang sinawang, Dyan Semangun ngabanni prajurittipun, agelar grudha aneba, sarêng nempuh ing ngajurit,


Semangun mangsah Manengah, Basah Tiga sarêng ngamuk ajurit, sawadyanné sarêng nempuh, wong kapir karépottan, wadya islam tandangngira ing prang pupuh, anglir buta amamongsa, andon boga monah daging,


Riwut ing pangamukira, ngobrak abrik singa sinerang gusis, kang wangké asusun susun, ingkang rah racak racak, waket polok prajurit kang dharat ngrubyuk, wadya islam sangsaya nengah, sadaya awuruh getih,


Tumenggung Polan Tumingal, wadyannira apan ta akéh mati, saklangkung bramatyannipun, Tumenggung Polan mangsah, saha wadya gumulung sarêng manempuh, wong kapir kalawan islam, aramé tempuhing jurit,


Swara gumuruh mabyangngan, anglir péndah ombak anempuh curi, Tumenggung Polan kapangguh, lawan Semangun sigra, yata ngucap anenggih Kyai Tumenggung, pantén sira maksih mudha, pantes durung luwas getih,


Tholé sapa arannira, maksih anom suwarnannira pekik,lah payo nututta kulup, sira sun pundhut putra, ngong pék mantu oléh sutanningsun ayu, duk umur pat belas warsa, ayuné datanpa tandhing,


Semangun sugal ujarnya, ingsun iki andellé kangjeng nabi, Semangun paparab ingsun, mantuné abu jahal, rabinningsun maksih sentana jeng rasul, samengko ing ngong kinarya, sénapatining ngajurit,


Dhumateng Polan miyarsa, sru bramatya pangucap pira bengis, éh dén prayitna Semangun, katiban pedhang ing wang, nora wurung pagas janggamu Semangun, Semangun bengis saurnya, aja kakéyan cariwis,


Maragé medhangnga kopar, gya pinedhang Semangun wanti wanti, tangginas panangkissipun, ing parissira waja, tibéng tangkis pedhangngé tan pasha murub, Semangun munggéng turongga, amaca selawat nabi,


Tumenggung Polan pinedhang, kawat gata tugel jangganniréki, tumibéng siti gumluntung, gembung Tumenggung Polan, Dyan Semangun manengah kang sinrang lampus, ingkang kacandhak palastra, kang urip lumayu giris,


Palayuné salang tunjang, asasrran pra sami rebut dhingin, nungsi nagara gumulung, angaturri pariksa, mring Ki Pati yén Tumenggung Polan lampus, wadyanya kathah kang pejah, kang gesang lumayu giris,


Kyan patih amiyarsa, sakalangkung kagetnya tan siniwi, kya patih ngandika asru, iku prajurit Arab, saparanné iya senapatinnipun, wadya kang atur pariksa, umatur dhateng kya patih,


Semangun parab ira, maksih anom warnanya langkung pekik, smbad prawiréng pupuh, lamun umangsah yuda, datan wang wang kinnarubut siji séwu, sanadya gangsalla laksa, pangamukké ngowak awik,


Ingkang gangsal leksa sirna, kang satunggil tan cécél tan busik, punika lir critannipun, menak surayéng aprang, kala aprang wonten jabalkap karuhun, ngamuk buta baran kirnan, buta kirnan ping sakethi,


Kang sawendra kethi sirna, kang satunggil pan inggih boten busik, inggih punika Semangun, makaten upamannya, sinten purun amungsuh dhumateng Semangun, kyan patih amiyarsa, kémengngan sajronning galih,


Kuneng ingkang bondayuda, kawarnaha wau sang raja Kabti, miyos siniwi sang prabu, anéng  ing pagelarran, kyan patih Sengara munggéng ing ngayun, utawi para punggawa, miwah sagungnging prajurit,


Jejel pipit para raja, pra dipathi tumenggung tuwin mantra, pecattondha lang lang laut, panglima hulubalang, jagabéla myang pratiwa anung nganung, aglar sumiwi ing ngarsa, kyana patih wotsari,


Pukulun atur pariksa, tadhah duka saking tiwassing dasih, pun Temnggung Polan lampus, ingkang anjagi wétan, wadyannipun gangsal éwu sirna gempur, dén amuk prajurit arab, kathahipun mung sawiji,


Semangun paparabbira, maksih anom degdaya langkung pekik, sambad prawiréng pupuh, pamukiréng ngayuda, tanpa lawan sudira kuwat ateguh, kadya tan angambah lemah, tandangngipun ing ngajurit,


Yén amedhang rangkep gangsal, rangkep skeet pinedhang sapisan ming, rangkep pitung puluh rampung, dédé tandangngé janma, abdi dalem alit ingkang déréng lampus, sami angungsi jro praja, tan kénging ing ngaben malih,


Manahipun sami giris, kanji giris kekes kalangkung ajrih, dukmiyarsa sang ngaprabu, yata lon angandika, dhasar cabar padha aprang lan Semangun, wong sawiji gondra pira, dén balangngana karikil,


Sayektinné ajur rêmak, masa dadak ya gagappa basuki, apata kurang puniku, abahanning ngayuda, éh ta patih ing samengko karsanningsun, sira dhéwé mapag prang, ing ngong pasrah mring siréki,


Angiridda wadyanning wang, lan manéh préntahing wang, aja mulih marang ing wisma siréku, yén durung mundurra ika, wong ngarab kang dhandhanggendhis.




PUPUH LVII

DHANDHANGGULA


Kyan patih manembah wotsari, dhuh pukulun kangjeng sri naréndra, sandika tumekéng layon, ajurra kumur kumur, dasih natha gusti nglampahi, ayahan nara natha, suka prapténg lampus, yén kantos nagri Sengara, kancikkan satru jaya kang sinekti, sang natha gya gagancar,


Marang sagung wadyannira sami, suka sagung ingkang wadya bala, sigra kundur sang ngakathong, malebéng ing kadhatun, ginnarêbeg upacara sro, kya patih tata tata, kang nangkil, sadarum, bubar aséwang séwangngan, kyana patih wus prapta dalemmiréki, pamit ing rabinira,


Kyana patih ngandikéng ing rabi, adhuh nyawa apamit manira, akariya sira anggér, ngong arsa mapag ripu, mungsuh saking ngarab nagari, prawira mondra guna, tanpa lawan pupuh, ngong duga pan nora lawas, ingsun yayi sayektinné nuli mulih, marga mungsuh kang prapta,


Nora akéh wira pira kadarnéki, wong ing ngarab peksa languk lancing, wani amungsuh sang kathong, binathara ratwa gung, dhuh rabiku wong sedhet kuning, kariya mong nak ira, kasukanna nutug, kang rayi alon turrira, adhuh kakang manira tan bisa kari, kudu mélu ayuda,


Kula kakang lumuh lamun kari, kyana patih émeng ing wardaya, dén arih arih garwanné, dhuh mirah jimattingsun, witné gusti ingsun wong kuning, lumuh pisah lan sira, wong angabdi rathu, cacad gedhé jiwanning wang, lamun ingsun kandheg ginubel ing éstri, anglirna dhawuh natha,


Wit ning yayi rasanning tyas mami, naming sira gumaritting manah, kumantilling jantung ing ngong, samengko manira yun, mangsah yuda tumangguh jurit, amungsuh lan wong ngarab, sura sudira nung, tanpa lawan ing ngayuda, lilannira dadiya jimatting jurit, muwuhana yuwana,


Yén ta ingsun tan umangsah jurit, iba iba wong nagri Sengara, baya ta guguyu kabéh, patihé sang ngaprabu, mengko ana prang muka prapti, nora wani mangsah prang, satemahan nglulun, déné teka éman néman, sri naréndra gonnira agawé patih, turunné wong urakkan,


Teka dadak ginawé papatih, ing samengko ana mungsuh prapta, angapiranni temahé, sang dyah dreng aturripun, kula kakang lumuh yén kari, nadyan tumekéng pejah, kakang kula tumut, sang patna nungkemmi pada, sasambatté sang ngayu amelassasih, dhuh kakang ujar dika,


Sanget asih dhumateng ing mami, ing samangké yun tinilar yuda, satemah damel wirangrong, tan saged kula kantun, déné sanget timballan aji, yén déréng mundur mangsah, tan kalilan mundur, milanné kula tut wuntat, pejah gesang lumuh pisah ingkang cethi, kalawan dika kang mas,


Kuneng wau rêkyana apatih, kawarnaha kusumanningpura, laminé miyarsa wartos, kalamun kangjeng rasul, pan ing mangké ngrabaséng jurit, marang nagri Sengara, cucukiréng pupuh, sampun campuh ing ngayuda, sang rêtna yu makuwon néng tamansari, tan salin salin sinjang,


Tan gegonda gandanya wus wingi, sang dyah ayu pan rêsik kéwala, saklangkung oneng driyanné, nenedha ing Hyang Ngagung, tilar dhahar kalawan guling, sang rêtna citrannira, saya imbuh ayu, cahyanné kadi basonta, rikma memak kataman maruta aris, sumyar imbahing raras,


Angandika kusumanning adi, maring emban paran wartannira, jeng nabi Mukhamad mangké, ni emban lon umatur, wadya ngarab mangké wus prapti, sampun campuh ing yuda, wadya ngarab unggul, wadya ing Sengara bébas, boten wonten ingkang tumangguh ing jurit, TumenggungPolan pejah,


Gangsal éwu wadyannira gusis, mung satunggal gusti tiyang ngarab, kang ngamuk tan cécél bucél, kang gangsal éwu larut, kang sawiji pan boten busik, saklangkung prawiranya, kang wasta Semangun, abagus pekik kawarna, tur sembada sudira prawiréng jurit, tuhu datanpa sama,


Déné menggah pawartosnya gusti, aneracak prawiranné yuda, wadya ngarab sadayanné, lamun umangsah pupuh, pan sawiji mungsuh sakethi, ingkang sakethi bébas, kang sawiji wutuh, déné Semangun punika, Abu Jahal ingkang gadhah mantu gusti, santana jeng Mukhamad,


Sang rêtna yu amicaréng galih, baya sida ingsun palakrama, lan jeng nabi duta mangké, sun tedha ing Hyang Ngagung, kangjeng nabi unggulla jurit, sang dyah alon ngandika, apa temen biyung, pawartamu maring ing wang, emban Sentul aturrira inggih inggih, inggih inggih sanyata,


Bokné cublak sampun gerih gerih, sekul karag kathahé sabantal, badhé mapag pacanganné, bok cubluk mlérok merngut, kadumellan angémbét mami, déwi ngirika pyambak, borong campur bawur, jaré kinarya panggugah, wong sayah prang dimén seger ngajak guling, samya gumyak pra emban,


Biyang jegot legog legog linggih, takon warta iki ana apa, wong clathon ginuyu ramé, déné tan ana cépluk, wong asuka kapati pati, gumyak malih pra emban, angroyok bok senggung, ana gablog ana geplak, kang saenéh anyablak gigirriréki, bok jegot éca nginang,


Daléwérran dubang nurut pipi, kembennira bok sentul cinandhak, karya ngusappi dubangngé, modangngé tumpal sindur, gumyak malih kang para nyai, bok rujak semplah semplah, kadhepek atimpuh, mojar sarwi nyablék pundhak, nora talah sira jegot déné laris, ing ngong mujur sauwang,


Sang rêtna yu lejar kang panggalih, amiyarsa wartanné pra emban, temah lipur sungkawanné, tan kawarna sang ngarum, kawarnaha rêkyana patih, ginubel déning garwa, anéng jinemmarum, tan pegat pinriyembada, ingkang garwa tan pegat ing ngarih arih, wonten ing jinem raras,


Tangissira lir pulung kapipit, lir sundari ingkang kapawannan, sang dyah ayu sasambatté, kang mas kawula tumut, mati urip kula yun uning, salami dika aprang, tan kadya puniku, tyas kula amelang melang, bokmanawi kang mas dika boten mulih, dhumateng dalemmira,


Kyana patih émeng ingkang galih, ingkang garwa datan kena pisah, temah dora ngandikanné, wis meneng ngarinningsun, pan pun kakang tan mélu jurit, arsa wikan angkatnya, prajurit sadarum, nacahaken ing gagaman, sang rêtna  yu akéndel dénnira nangis, kang raka nguswa uswa,


Sigra medal saking ing jinem mrik, abusana kaprabonning aprang, medal lenggah pandhapa gé, wadya gung sampun kumpul, pepak andhér sagung prajurit, kya patih aparéntah, nembang tengara wus, béndhénné tinembang ngangkang, tambur slomprét ambarung kalawan suling, bandéra warna warna,


Agambira sagungngé prajurit, tunggulling prang pan apontha pontha, sampun budhal pangarsanné, data nana kaliru, wadyannira sawiji wiji, tunggul payungngira njrah, lampahira dulur, wadya gung tanpa wilangngan, wadya ingkang lumampah mungguh ing ngarsi, prapta jawi nagara,


Kyana patih sigra budhal aglis, sampun lepas ingkang wadya bala, néng jawi praja makuwon, datan kawarnéng ngenu, sampun prapta panggénan warih, rata rêsik papanya, patih ngandika rum, dhumateng sagung punggawa, atata apakuwon ingkang prayogi, iki becik papanya,


Wadya bala sigra kéndel sami, tata tata karya pakuwonnya, sami pinasang kémahé, angegelar praja gung, anéng tengah pakuwon patih, kinubeng pra punggawa, kang pakuwon tepung, dyan patih kalangkung suka, pan sinéba sagungngé para bupati, pirêmbag masalah prang,


Kyana patih angandika aris, dhateng sagung prajurit sadaya, kang tuwa tuwa, tinaros, myang mantra pratiwa nung, kaya paran rêmbugiréki, prakara ing ngayuda, ing prayogannipun, umatur para punggawa, kang wus sami naté ngrangsang balowarti, sadaya aturrira,


Yén pinuju kaparêng ing kapti, inggih tuwan utusan nyandaka, nacahenna ing mengsahé, pinten ta katahipun, utawiné ingkang pangarsi, ing sénapatinning prang, dados boten ngawur, ing bénjang tempuhing yuda, kyana patih miyarsa aturnya sami, sagungngé pra punggawa,


Sakalangkung sukanniréng galih, iku bener kabéh aturrira, abanget jumurung ing ngong, kyana patih ngandika rum, timballana ya bocah mami, ya prajurit nirbaya, tan adangu rawuh, andhér ing ngarsa pranata, éh nirbaya sakancamu ingsun tuding, nyilibba lakunnira,


Patang puluh kancannira sami, tutwuri ya marang lakunnira, kapalanné siji baé, anelikka lakumu, mring pakuwon ngarab dén lesih, padha nunggangnga jaran, dén prayitnéng kéwuh, cacahna prajuritira, lawan pira prajuritté kang pangarsi, tuwin sénapatinnya,


Kang prajurit nirbaya tur bekti, sigra léngsér saking ing ngayunnan, radén patih ngandikanné, mangkatta mengko dalu, sigra lajeng lampahiréki, sami nitih turongga, tan kawarnéng ngenu, wus prapta pakuwon ngarab, wanci dalu wadya gung prasami guling, sinommé kang gumantya.




PUPUH LVIII

S I N O M


Tan nana wungu satunggal, sadaya sagung prajurit, kena ing pangaribawa, mung Semangun maksih linggih, maca salawat nabi, sarwi alenggah pitekur, Semangun kagyat mulat, ana gumerêjeng jawi, sigra ngrasuk busana nitih turongga,


Saksana sigra anilap, angaub ngisor waringin, ing marga ingkang kamargan, megatti antukiréki, kocappa punang telik, wus was kitha tingallipun, nulya wangsul gal-inggal, arsa umatur ing gusti, samya mundur angrasa wus antuk karya,


Andulu dénnya lumampah, kang ngajeng kagyat ningalli, yén ana wong nunggang jaran, anulya tinrajang wanni, kang telik dén pedhangngi, sami mati ting galuntung, gumuling pratala, sakariné ingkang mati, wus lumajar kang kantun wadya satunggal,


Pejah ingkang kawandasa, Semangun anulya bali, dhumateng pondhokkannira, pun sangat kagyat ningalli, Semangun gya prapti, pun sangat alon umatur, saking pundi tuwan, kados mentas mangun jurit, gya pun sangat anyandhak kendhali kuda,


Semangun aris angucap, ya bener terkanniréki, prajurit tangi sadaya, wayahira tengah wengi, Li Basah Tiga sami, umatur dhateng Semangun, saking pundi paduka, inggih déné wengi wengi, Dyan Semangun sumaur mentas ta toya,


Semangun aris ngandika, dhumateng para prajurit, kawula amanggih karya, ayuda kalawan telik, kathahé kawan dési, mung sawiji langkungipun, kang kawan dasa pejah, agagal ingkang sawiji, sami getun Basah Tiga duk miyarsa,


Yata wau Basah Tiga, sami ngambil toya suci, lajeng salat wusnya salam, gya amaca donga sami, ana maca dalail, ingkang sawenéh pitekur, ana ingkang dhikirran, ingkang sawenéhé ngaji, ambrengengeng ingkang atilawat kuran,


Gumrenggeng suwarannira, prajurit kang sami ngaji, tan kawarna wadya ngarab, kawarna telik kang siji, sisanné ingkang mati, prapta matur gustinnipun, dhuh gusti atur tiwas, abdi dalem kawan dési, sami pejah dén amuk prajurit arab,


Kyana patih amiyarsa, aturré wadya kang nelik, sabda kras asrunning duka, sabra temen sira sami, déné tan sira wissi, saému urip lumayu, nuli tinigas pisan, sawusnya maténni telik, kyana patih anulya nembang tengara,


Bendhénné tinabuh ngangkang, barung tambur lawan suling, bandéra mawarna warna, tunggul daludaggé asri, samya nitih turanggi, wadya pirang pirang éwu, wus samekta sadaya, mung nganti rêkyana patih, ingkang lagya busana néng pakuwonnya,


Warnannen wadya Madinnah, byar padhang wus pacak baris Basahé satunggal tunggal, angumpul ingkang prajurit, bandéranya kumitir, kyana patih gya miyossi, sigra budhal sadaya gagaman kopar,


Prajurit sami gambira, sedya naur sih ing gusti, solahé lir singa lodra, surak lir karêngngéng lagit, barisse wadya kapir, sadaya sampun akumpul, wus miranti gagaman, pan sampun tinata sami, gelarrira ayuda garudha nglayang,


Punggawa lima ing kanan, lima suwiwiné kéring, papatuk lan sirah lima, dhadhanné rêkyana patih, awak para prajurit, buntutté para rathu menggung, wus dadi gelarrira, prajurit ngarab winarni, dyan Semangun sénapati nata gelar,


Gelarré dirada meta, Semangun minongka gadhing, talalé prajurittira, Basah Tiga awaknéki, buntut para prajurit, Semangun tengara ngungkung, lajeng anempuh mengsah, sawadya sarêng ngebyakki, saminitih turongga sawadyannira,


Wong kopar sawenéh ngucap, éh konca dén ngati ati, lah ta iya iki apa, prajurit kang ngamuk dhingin, kang kapapag dug wingi, anumpes wong patang puluh, ingkang kagila gila, wong kapir sarêng ngbyakki, sénapati Semangun ing ngebyak kathah,


Semangun sigra kinepang, kanan kéring ngarsa wuri, sinosog ing ganjur ratap, Semangun krodha mawerdi, singa pinarag mati, kang wangké susun atimbun, prajurit ingkang pejah, andellira kyana patih, gangsal atus prajurit ingkang palastra,


Skarinné ingkang pejah, lumayu arêbut urip, Semangun anrajang ngiwa, kadya buta andon daging, Basah Titiga sami, sawadyanya sarêng nempuh, mring wadya bala kopar, kadya babaddi bung pancing, kadi ngrampas wit lumbu nacah semongka,


Wong kapir gégér puyengngan, datan antuk apupuluh, singa ingkang panggah pejah, lumayu anandhang kanin, wong islam perangnéki, kadya ngiles rayap semut, wangké susun atumpang, lebu kalébban ing getih, temah jeblog saking gungngé kang pejah,


Kang wangké janma wahana, lir sarah gungnging papati, wong islam wadya sawidak, punika prasami kanin, lawan Semangun panggih, sasambattira mlassayun, Semangun kula minta, paparing andika warih, dyan Semangun ngacungken panuduhnya,


Umancur kadi pancurran, kang toya kalangkung wening, prajurit kang nandhang brana, warata anginum warih, seger sarirannéki, tinamban marang Semangun, awitté dénya aprang, wektu pajar prapténg maghrib, yata angling Semangun mring Basah Titiga,


Tuwin maring wadya bala, kabeéh sanak sanak mami, lah sira padha weruha, lamun raganningsun iki, uwis supata nguni, nora mulih raganningsun, marang nagri Madinnah, tuwin marang wisma mami, lamun durung ambedhah nagri Sengara,


Miwah nigas ingkang murda, ing ngabesah raja Kabti, amboyong putri naréndra, mulanné paréntah mami, padha asowa dhingin, ya marang pakuwonnipun, nulya amasanggrahan, surup surya nulya sapih, maranggrahan kaliyé kang bondayuda,


Yata énjing kawarnaha, muni tengaranning jurit, Semangun bendhénné ngangkang, kendhang gong kalawan béri, lir butul tetegnéki, swaranné lir gunung rubuh, saking raménning surak, barung tambur lawan béri, myang salomprét sulingngira asaurran,


Wadya islam lawan kopar, sarêng manempuh ing jurit, magenturran swarannira, kadi ombak nempuh curi, kyai patih mangsah jurit, ginerbeg para rathu menggung, sawidak kathahira, tan kari pacaréng patih, tetengerré lamun madeg sénapatya,


Andhangah nitih dipongga, samarga marga anyirig, sami gambira ngayuda, sami prawira ngajurit, séwu wadyanniréki, wadya sikep lawung tutul, sawenéh waossé ponthang, ana sikep waos jinggring, apan sami wadya patih pipiliyan,


Atuwuk dinulang mangap, gambira amanggih wésthi, sadaya angangah, kadi buta mongsa daging, kya patih ngandika ris, dhateng sagung pra rathu menggung, kang mawi upacara, konca dhawuhé sang aji, datan parêng mulih marang ing nagara,


Yén durung ngundurken mengsah, wadya ngarab ing ngajurit, samengko karsa manira, sagungngé para bupati, padha supata sami, sadaya sami umatur, inggih dhateng sandika, timballannipun kyana patih, kang makaten punika langkung prayoga,


Yén boten nganggé supata, kirang tumemenning  ngati, kya patih yata ngandika, manira, manira supata dhingin, seksén nana prasami, sagungngé para rathu menggung, nora sedya manira, katemu lawan sang ngaji, lamun durung anglunas prajurit ngarab,


Sagungngé kang wadya bala, samana sarêng miyarsi, kyana patih kang supata, saya wuwuh surêng galih, genti para dipati, ngaturraken sumpahipun, kula atur supata, ing ngarsa rêkyana patih, boten sedya inggih kawula mantukka,


Yén déréng saged ngundurna, inggih prajurit ngarabbi, wus rampung dénya supata, tan nana kliwattan siji, kya patih ngandika ris, kabéh padha dipun émut, marang supatannira, aja ana cidréng jangji, poma aja ana kang mundur yuda.




PUPUH LIX

PANGKUR


Aja ana kang sedya mundur ing yuda, lan aja sedya urip, lamun mungsuhira, pan iya durung sirna, ingsun ingkang nigas bénjing, ya janggannira, kang aran Bagendha Li,


Lan Semangun sun aturrênné sang natha, endhassé wong kakalih, kuneng wong Sengara, kang wus padha supata, wadya arab kang winarni, manggalanning prang, Semangun aningalli,


Upacara wadya bala ing Sengara, Semangun nrajang aglis, mring baris Sengara, Semangun ngamuk nengah, kinepung maring wong kapir, ing ngudan panah, Semangun tan gumingsir,


Pamukira Semangun tapak wayangngan, lir panjang putra pami, sinosog lang ngalang, nora montra tumama, kadya ménak jayéng murthi, nalikannira, aprang jabalkap nguni,


Sénapati Semangun pangamukira, singa sinerang gusis, kadi gajah meta, anrajang pra prawira, sinabetting pedha nuli, rangkep sadasa, babar ji tigas pacing,


Nadyan silih rangkep tigang dasa bébas, kadi babad bung pacing, lir nacah semongka, Semangunpamedhangnya, katumpiksa kyana patih, wadyanya bubar, sigra mangsah ngajurit,


Sakalangkung dukanné rêkyana patya, praptanning papan panggih, wus ayun nayunnan, lawan Semangun mangkya, kyana patih asru angling, Semangun sira,sambatta kanga yogi,


Sumungkemma pratiwi nengngéng akasa, tan wurung sira mati, Semangun gya mujar, siréku lannat kopar, sapa mapag tandang mami, kya patih nabda, iya ingsun papatih,


Ing Sengara aran sun Jayaparusa, prawira ing ngajurit, andelling naréndra, taté mungkassi karya, annyirnakken satru sekti, Semangun mujar lah payo lannat kapir,


Pan kapasang yogya sira lawanning wang, iki andel jeng nabi, Semangun ranning wang, mantunné Abu Jahal, sudbya prawira sekti, ya ingkang arsa, anigas raja Kabti,


Lan amboyong putrinné rathu Sengara, ngong tur ken ing jeng nabi, éh patih mundura, aja mapag yudéng wang, ngong éman kalamun mati, pan bojonnira, aja Manawa lara nangis,


Éman néman rabinnira maksih Kenya, yén sira tinggal mati, kya patih bramantya, asru dénnira ngucap, Semangun dén ngati ati, ya ingsun gada, nora wurung wor siti,


Kyana patih saksana sigra anggada, jumbrét tibéng tangkis, tan nobah kang asta, wanti wanti anggada, tannosik dénnira tangkis, Semangun ngucap, katogna lannat kapir,


Kyana patih angantep pamupuhira, malah amedal api, sru ning kang panggada, kuwatté kang atadhah, yata sru pangucapnéki, wus katog sira, gonnira gada patih,


Kyana patih Jayaparusa sru mujar, malessa sun tadhahi, yén nyata prawira, Semangun asru mujar, dén prayitna sira patih, mongsa wurungnga, sira tumeka pati,


Dyan Semangun amatak aji pamungkas, narik pedhangngiréki, sarwi sru angucap, éh patih asambatta, marang wong tuwamu kalih, sigra pinedhang, sirah trus maring gigir,


Sigar palih gulimpang tumibéng lemah, wangkénné néng siti, sigar byak sirahnya, samana gya tinigas, pinanjer sirahiréki, néng tengah rana, Semangun asru angling,


Wong Sengara lah ta iki tingallan, dhassé patihmu iki, sun panjer néng grana, yata wadya bala lit, lumayu sangsarran, pra sami salang tunjang, sumedya ngungsi nagari, sawenéhira, ana siji bupati,


Lajeng marêk ing ngarsannira sang natha, sarwi anandhang kanin, sang natha ngandika, paran pawartannira, yudannira si apatih, bupati turnya, di dalem patih lalis,


Pra punggawa prajurit tumpes sadaya, amung wadyanta alit, ingkang gesang bibar, sang saran tan kantennan, génnipun angungsi urip, saparan paran, sawidak pra bupati,


Tumpes sirna wonten satengah payudan, gusti kalangkung sekti, prajurit ing ngarab, pamukira ngayuda, ingkang dados sénapati, Semangun nama, tuhu lamun sinekti,


Anéng ngrana sinosog ing ganjur ratap, pama panjang putréki, sinosog lang ngalang, maléséd tan tumama, yén medhang babar pisanni, rangkep sadaya, tri dasa tigas pacing,


Kadya babad wit lumbu nacah semongka, angrampassi bung pacing, wadya bala tuwan, wangké susun atumpang, kawula anandhang kanin, kathahnya sanga, rampung aturriréki,


Ki thumenggung singa nagara aniba, mati ngarsa sang ngaji, yata sri naréndra, saklangkung bendunnira, jajabang mawinga wengis, nétra ngatirah, melengnya ngondar randir,


Wadananné lir péndah wora waribang, ingkang waja agathik, sugal sru ngandika, pepekna wadyanning wang, sun dhéwé kang mangsah jurit, mapag wong ngarab, padha sabra ing kardi,


Mungsuh bocah maksih jédhéng baé kalah, temah aniniwassi, kajaba manira, ingkang angrampungngana, sun sirnakné ing ngajurit, wadya ing ngarab, yata sang rajaKabti,


Angandika dhumateng jaksa nagara, ing mengko dhawuh mami, kabéh wadyanning wang, kang mati ing ngayuda, anak miwah kadangnéki, padha gantékna, lungguhé kang wus mati,


Yén punggawa ingkang nora duwé anak, kadang tuwin si patih, sira gantén nana, jaksa nagara turnya, sandika kawula gusti, timballan natah, inggih dhateng nglampahi,


Nembah lénsér di pati jaksa nagara, sapraptanya ing jawi, nulya undhang undhang, mring sagung wadya bala, timballannya sri bupathi, sampun warata, ana ginanti siwi,


Kang sawenéh ginanti marang iang kadang, sampun sami arakit, gagamanning yuda, prajurit wus akarya, bupati nonomman sami, mempeng ing karya, kaduk ingkang kuwannin,


Datan wang wang tinempuhken mungsuh sura, padha prawiréng jurit, déné namannira, nunggak semi ing bapa, tan nana dipun owahi, sampun samekta, sadaya brangténg jurit.




PUPUH LX

PANGKUR


Sampun pulih kadya lami, wadyanné nathéng Sengara, kéndel pendhapa sang kathong, nimballi lurah tamtama, Urdenas Priyantaka, Jodhi Pati Marta Lulut, awasta Padma Nagara,


Pragalba lan Arya Wésthi, Dora Pati perang tandang, wong nirbaya tunggallanné, samya andellé sang natha, wadya dinulang mangap, kalih éwu kathahipun, busana mawarna warna,


Wong jinuju saben ari, rinengga busana abra, paparingngira sang kathong, datan kénging sinasama, sajuru juru jurunnira, wadya ingkang kalih éwu, datan kena awoworran,


Sang natha ngandika aris, bocah ngong kang rolas nambang, padha adandanna kabéh, sagagamanné ngayuda, kabéh kang pipiliyan, padha umagutting pupuh, amerêpping wadya ngarab,


Sandika sagungngé dasih, lajeng anembang tengara, sanéga kang wadya kabéh, gagamanné warna warna, kyana patih taruna, sawadya bala wus tugur, pacak baris ngara ara,


Tuwin sagung pra dipati, pra tumenggung ingkang anyar, sampun pacak baris kabéh, utawi para striya, panglima hulubalang, pangalassan lang lang laut, mantra miwah pecattondha,


Dyan patih anata baris, gumuruh kang wadya kuswa, tanpa wilangan kathahé,kumpullé sagung gagaman, makethi yuta yuta, kadi mendhung angendhanu, lir samodra rob balabar,


Lampahé ingkang prajurit, kadya werdu ongga sasra, lir sélab lakithi tinon, sawulan pan déréng kendhat, swaranning wadya bala, samarga marga gumuruh, kadi ombak nempuh parang,


Pan kadi warsa kintéki, barung pangrikking wahana, kuda kuldi senukmémréng, awor tengaranning aprang, tambur béri wurahan, kang bendhé gumer gumuruh, tambur slomprét suling umyang,


Kuneng kawus pacak baris, kawarnaha asri naréndra, sampun malebéng kadhaton, pinethuk ing praméswara, kalawan para putra, wonten sajronning kadhaton, samya sowan ingkang rama,


Sri naranatha wus mungging, kathil kang rinenggéng sotya, putra sumungkem padanné, sang natha aris ngandika, lah ta nini linggiya, atmanningsun nini Galuh, sang rêtna yu sampun lenggah,


Néng wurinné praméswari, sang natha aris ngandika, yayi praméswari ing ngong, titip marang putrannira, sun arsa mangsah yuda, amethukken mungsuh rawuh, kang tekan nagara ngarab,


Kariya ta nini putri, ramanta mangsah ngayuda, mungsuh lan jeng nabi ing ngong, rathunné bumi Madinnah, sun duga nora lawas, manira annuli rawuh, kadar pira uwong ngarab,


Sang rêtna lan praméswari, sarêng anungkemmi pada, dhuh pukulun sang ngakathong, kawula tan saged pisah, arsa dhérék ayuda, lawan putra nini Galuh, sapurug tan saged pisah,


Sang natha émeng ing galih, ginubel ing garwa putra, ing ngayuda arsa dhérék,  adhuh nimas arinning wang, aja mélu ayuda, kariya tunggu kadhatun, amomongnga putrinnira,


Sang rêtna  umatur aris, nungkemmi padanning rama, pukulun rama sang kathong, wartosnya kalangkung awrat, mengsah nabi Mukhammad, kakasihipun Hyang Ngagung, punika niyakanning ngrat,


Yén sembada jeng rama Ji, prayogi inggih anutta, agamanné kang kinaot, nabi Mukhammad minulya, panuttan umatting Hyang, ing dunnya ngakhérattipun, satuhu rathunning umat,


Sang natha ngandika aris, sabdanné winorring guywa, jronning tyas kadi baledhos, miyarsa aturring putra, jajabang winga winga, ananging tansah sinamun, adhuh nini putranning wang,


Payo adandanna aglis, ya kalawan ibunnira, ingsun gawanni wadya ngong, rolas éwu angiringna, rumeksa marang sira, nanging aja kumpul ingsun, siréku ana nagara,


Iya ing jajahan mami, sang rêtna sigra busana, lawan kang ibu nulyagé, sang natha ngrasuk busana, kaprabon ing ngayuda, prajurit kang rolas éwu, ingkang rumeksa sang rêtna,


Sampun samekta ing jurit, anéng ngayun nayun aglar, nganti miyosnya sng sinom, busana manéka-néka, lir panjrahing puspita, salurahé nyéwu-nyéwu, dadya kalih welas warna,


Salurah busana sami, andellé sri naranatha, kang séwu nganggé tatopong, ana kopyah jajangkangngan, ana kopyahan abang, akathah lamun winuwus, busananné wadya bala,


Tau angrangsang bibiting, ambrubrahken kapurancang, naté wudhu ing palugon, taujitus tandhing ing prang, ing dalu miwah siyang jinuju panganniréku, tan wang wang mungsuh sumengka,


Tan winarna solahnéki, sagung rêroncénné tingkah, sang natha anulya miyos, saking salebetting pura, pinarak siti bentar, punggawa Ji jejel penuh, pepet pipit pagelarran,


Rêkyana patih néng ngarsi, sang natha aris ngandika, kaya paranta wartanné, apata uwis samekta, sagungngé wadyanning wang, rêkyana patih umatur, mring natha saha manembah,


Pukulun sri narapathi, abdi dalem sadayanya, punggawa saprajuritté, samangké sampun samekta, gagamannipun yuda, baris jawinning praja gung, sumongga karsa naréndra,


Angandika sri bupathi, éh patih sira mataha, rolas éwu prajuritté, ampingngana garwanning wang, kalawan putranning wang, padha mélu magut pupuh, amethukken mungsuh ngarab,


Rêkyana patih wot sari, manembah sigra amatah, rolas éwu prajuritté, anulya minta punggawa, ingkang nuduh jaga, mring sang dyah thumenggung telu, kawannéwu wadyannira,


Thumenggung ingkang satunggil, dadya gunggungngiréng wadya, rolas éwu sadayanné, sami prawiréng ngayuda, naté mungkassi karya, punika thumenggung telu, tan wang-wang angremuk kutha,


Sang natha ngandikéng patih, éh budhalna wadyannira, ingkang pangarsa barissé, sandika rêkyana patya, léngsér saking ing ngarsa, bendhéné tinabuh ngungkung, tambur slomprét wurahan,


Wus budhal cucuking baris, samarga marga gumeruh, cinandhak wau rêngganné, budhallé nathéng Sengara, sang prabu nitih liman, sawadya bala anglarug, sami kakanthé sadaya.




PUPUH LXI

PANGKUR


Nulya makuwon sang prabu, sawadya sang raja Kabti, tinata pondhokkannira, rinakit kadya nagari, tebiyé pakuwonnira, lan Semangun ingkang baris,


Mung lelakon kalih dalu, kuneng wau sri bupathi, ingkang sampun masangrahan, kawanaha praméswari, lawan putrannya sang rêtna, tuwin pawongngan myang céthi.


Yata aparéntah sampun, budhalken sagung prajurit, dhumateng bupati titiga, lajeng atengara aglis, budhal saking ing nagara, paréntahira sang putri,


Dhumateng bupati telu, sampun mor barissing ngaji, amisah panggonnan liya, nyelakki pakuwonnéki, jeng gusti nabi Mustapa, sang rêtna makuwon naglis,


Watara lakon sabedhug, saking pakuwon jeng nabi, rinnakit kadya nagara, rinengga génya sang putri, pinetha lir dalempura, kuneng kang sampun amergigil,


Kawarnaha kangjeng rasul, siniwéng sakhabat sami, Abu Bakar Ngumar Ngusman, Bagénda Li anéng ngarsi, kathah lamun winarnaha, sakhabatté kangjeng nabi,


Sadaya sami gegedhug, manggala pamungkas jurit, mung sakawan kang winarna, sakhabat ingkang pangarsi, Jabarail nulya prapta, uluk salam ing jeng nabi,


Jawab ngalékum salammu, nulya angling Jabarail, ya tuwan nabi Mukhammad, timballannipun Hyang Widi, ing mangké putri Sengara, sampun miyos saking puri,


Jinaga wong rolas éwu, tuwan anuduwa aglis, dhumateng sakhabat tuwan, Ngumar tuwin Bagéndha Li, amboyongnga sang nglir rêtna, Semangun tuwan dhawuhi,


Ngrabaséng baris sang prabu, ing Sengara raja Kabti, Jabarail nulya musna, jeng nabi ngandika aris, Ngumar tuwan lumampaha, kalawan Bagéndha Ngali,


Amboyong putrinning gupuh, atmajanné raja Kabti, sang rêtna Maryathul Kabtyah, kang baris parêk puniki, Surakah sira temuwa, Semangun konnen dén naglis,


Nempuh barissé sang prabu, Sengara sang raja Kabti, Surakah alon turrira, gusti kula nyuwun idin, antukka safangat tuwan, kawula yun dhérék jurit,


Angréncangngi pun Semangun, jeng nabi ngandika aris, lah ya sun idinni sira, Surakah sigra ngabekti, sakalangkung sukéng driya, nembah méntar saking ngarsi,


Yata malih kang winuwus, Ngumar lan Bagéndha Ngali, léngsér saking ing ngayunnan, saklangkung inggarring galih, lajeng angrasuk busana, sakaprabon ing ngajurit,


Bagéndha Li nitih sampun, pun dudul ingkang turanggi, angagem pedhang dul fakar, Bagéndha Ngumar nulya glis, anitih turanggannira, pun pamuk ulesnya lingking,


Pedhang kangkam agemmipun, wong kalih sarêng lumaris, tan mawi wadya satunggal, kuneng ta Bagéndha Ngali, lampahira mung lan Ngumar, ing mangké ingkang winarni,


Surakah ing lampahipun, lawan Semangun ing ngong tinuding, ing gusti nabi Mustapa, timballanné kangjeng nabi,


Sira kinnén misah pupuh, anrang baris raja Kabti, déné kang tinuduh mengsah, baris ingkang sagon iki, Bagéndha Li lawan Ngumar, ing ngong kinén mélu jurit,


Iya maring ing siréku, Semangun sarêng miyarsi, sandika anekem sirah, Basah Tiga dén dhawuhi, payo apa ing ngantiya, bendhéné tinembang nitir,


Teteg slomprét miwah tambur, béri gong barung lan suling, Semangun sampun busana, pedhang agemmiréng jurit, Pak Murtat sampun sadhiya, turongga sumaos ngarsi,


Anitih kuda Semangun, sarwi sru dénnira agling, Pak Murtat sira kariya, atunggu pakuwon mami, aja anglirraken wekas, Pak Murtat gya awot sari,


Saksana budhal Semangun, lumampah anéng ing ngarsi, tinnarêbeg wadya bala, Basah Tiga anéng wuri, kalawan sawadyannira, Surakah tanpa prajurit,


Wong kapir sarêng andulu, wadya ing ngarab miyossi, lajeng anembang tengara, wau ta rêkyana patih, muntab wadyanné melatar, lir samodra tanpa teppi,


Wus tinnata barissipun, sagungngé para bupati, kalih dasa kéring kannan, anéng tengah kalih dési, kyana patih anéng tengah, amangku wadyanniréki,


Kyana patih wurinnipun, anenggih sang raja Kabti, anindhihi wadyannira, prajurit jro lan para Ji, sang natha anitih liman, angrasuk kaprabon jurit,


Anjrah bandéra bul umbul, tengerran para bupati, tuwin para raja raja, Semangun bendhé tinitir, sigra nempuh sawadyanya, gumulung lir alun kéksi,


Wadya ngarab nempuhipun, Semangun gelarring jurit, anganggé gurdaya neba, wadya rab dulu wong kapir, prasami angangah angah, kadya buta andon daging,


Semangun pangamukipun, tannamawi tolih dasih, utawiné pun Surakah, kadya banthéng tawan kannin, medhang lir nacah semongka, kadi babaddi bung pacing,


Singa tinerajang gempur, tannana kang mongga pulih, utawinné Basah Tiga, Hudaman lawan Walulid, Sayidu pangamukira, sawadya tannoléh wuri.




PUPUH LXII

D U R M A


Tempuhing prang magenturran, anglir jebol kang bumi goncang ganjing, rag rêg lindhu rigang rigung, samodra lir kinocak, pan tumitir unta boga gabun tuttipun, saking raménning ngayuda, tan nana kang ngéman pati,


Kang wangké susun atumpang, rah angrawa racak amili, Semangun dénnira ngamuk, wong kapir sinerang, wadya kapir sinabetting pedhangngipun, rangkep tigang dasa bébas, rikat kesit kadi thathit,


Aluwes turanggannira, yén amilar dhungkulli mungsuhnéki, pitung dhepa umbullipun, wong kapir yudannira, sirna ngarsa ing wuri pan sarêng ambyuk, Surakah pangamukira, anempuh penjawat kéring,


Walulid lawan Hudaman, panjawatté kannan pinrepping jurit, manempuh sawadyannipun, lir nathéng tawan brana, bubar bubar wong kapir ingkang tinempuh, dénya prang wit wektu luka, asar saya ramé jurit,


Papati tanpa wilangan, wussa kathah Sengara pra dipati, utawi para rathu menggung, kang pejah ing ngayuda, padhang ngarsa ing wuri sarêng manempuh, Semangun pangamukira, kapanggih lan radén patih,


Patih mudha duk tumingal, mring Semangun sigra nyamethi wajik, kapethuk asru amuwus, éh ta prajurit arab, amadhegga papagenna tandang ingsun, iki patih ing Sengara, tannayanné kyana patih,


Ingkang wus mati ayuda, sira sapawonga ngarab ranniréki, kagila gila tandangmu, kaya tan nana lanang, angakuwa mumpung isih duwé Umar, Semangun sarêng miyarsa, kagyat nulya amaranni,


Sarwi sru pangucappira, ingsun iki sakhabatté jeng nabi, Semangun paparab ingsun, ingkang tinuduh karya, ambedhaha ing praja Sengara iku, kinén amocok gulunya, Sengara sang raja Kabti,


Lan kinon boyong putrinya, balik sira sapa mapag ing mami, warnamu anom abagus, durung mongsa mangun prang, kyana patih asugal dénya sumaur, ya ingsun patih Sengara, kang nganyar dadi papatih,


Gumanti ing ramanning wang, ingkang mati anéng tengah ing jurit, Semangun asru amuwus, éh kalingnganné sira, suténg patih ing nguni kang ingsun lampus, samengko paran karsanta, yén sira anut ing mami,


Gelem angucap sahadat, saréngatté gustiku kangjeng nabi, sayekti sira rahayu, yén nora gelem sira, pesthi sira sun susulken bapakamu, patih mudha amiyarsa, bramantyannira tan sipi,


Narik pedhang anerajang, dyan pinedhang Semangun wanti-wanti, tinangkis pedhangngé putung, kya patih gya pinedhang, tigas pancing tekan kudannira rampung, kyana patih sampun pejah, gégér wadyannira ngisis,


Semangun ngamuk anengah, singa ingkang sinerang angemassi, anglir ambabaddi lumbu, kadya nacah semongka, wadya ngarab pamukké sangsaya wuru, wong kapir wus kathah pejah, tan ana kang mongga pulih,


Bupati sawidak sirna, sawadyanné akathah kang ngemassi, kang wangké susun atimbun, surup sang hyang radétya, sami sapih kanga prang makuwon sampun, Semangun sampun kepangya, lan Basah Titiga nenggih,


Sayidu Walid Hudaman, myang Surakah annéng pakuwonnéki, ngraossaken sayahipun, utawi wadya bala, néng pakuwon sawusnya asalat turu, sakalangkung sayahira, kuneng genti kang winarni,


Makuwon prabu Sengara, sri maharaja Kabti siniwi aglis, dalu dalu mring pra rathu, jaksa nagara ngarsa, pepak andhér sagungngé kang para rathu, monca nagara sadaya, ngandika sang raja kabti,


Jaksa nagara kayapa, wartannira perangngé si apatih, jaksa nagara umatur, pukulun sri naréndra, kyana patih tumpessan sawadyannipun, bupati sawidak sirna, sawadyanya tumpes tapis,


Pamukipun wadya ngarab, datan kénging tinnanggulang ing jurit, inggih gusti pun Semangun, kalamun medhang janma, rangkep swidak pinedhang sapisan rampung, kebat cukat kadi kilat, terampil lir péndah thathit,


Kudané kéwes lir janma, yén kéweddan mumbul dhateng wiyati, sangang dhepa inggillipun, udhunya anéng tengah, ljeng ngamuk nujah ngerah méngkal nubruk, ingkang kénging babar pisan, kang nitih medhang lir thathit,


Malih wonten réncangira, pun Surakah paparabbipun gusti, punika pangamukkipun, lir singa rodra galak, utawiné Hudaman Walid Sayidu, wonten satengahing rana, kadi anacah bung pancing,


Pamedhangngé dhateng mengsah, sadayanné sami sudiréng jurit, yata wau sang ngaprabu, miyarsa aturira, jaksa nagri saka langkung dukannipun, jaja bang mawingnga wingnga, nanging sinamun dénnya ngling,


Éh ta bénjang kaya apa, pangréhira tempuhé ing ngajurit, jaksa nagara umatur, pukulun pan sumongga, karsa dalem inggih gusti sang ngaprabu, kawula darmi lumampah, tuwin sagung kang para Ji,


Sang natha asru ngandika, dhawuhana sagungngé wadya mami, bupati ingkang wus lampus, ya padha ganténnana, anak kadang utawiné patihipun, wadyanné kang urip padha, kumpullena sadayéki,


Éh sagungngé para raja, padha sira angegabaha dasih, sapisan iki yén maju, padha ngantep ing yuda, aja ana sumedya mundurring pupuh, Semangun lawan Surakah, Sayidu Hudaman Walid,


Ya iku sira araha, kadar pira uwong patang galintir, nadyan bebalungnga prunggu, ototta ranté kawat, asungsumma gagala kulitté iku, rêmuk binnalangngan kopyah, mongsa gagappa basuki,


Sandika kang para raja, utawanné ki jaksa nagaréki, mundur saking ngarsa prabu, lajeng atata tata, kuneng mangké gentiya ingkang winuwus, lampahé bagéndha Ngumar, kalawan bagéndha Ngali,


Kang marang pakuwonnira, praméswari nenggih sang raja Kabti, rineksa wong rolas éwu, prajurit pipiliyan, thumenggungngé tetelu ingkang pangayun, sami makuwon néng ngarsa, wadyanya sampun rinnakit,


Bagéndha Li lawan Ngumar, nerak barik anulya dén takonni, lah uwong ngendisiréku, wangun mulir wong ngarab, angakuwa dénéta sira puniku, wong roro tan nganggo wang wang, malbéng barissing prajurit,


Bagéndha Li saurrira, iya bener terkamu marang mami, nyata uwong ngarab ingsun, prajurit ing Madinnah, praptanningsun arsa boyongngi sang ngayu, Sang Déwi Maryathul Kablah, atmajanné raja kabti,


Ambekis kang sinung ujar, kaduk wanni angucap tanpa kéring, kaya ngapa pangrasamu, iku sang nglirring rêtna, pan rineksa ya maring para rathu menggung, kalawan sawadyannira, sumaur tan mundur mami.




PUPUH LXIII

S I N O M


Nadyan silih sang rêtna Maryathul Kabtyah, rineksa ing prajurit, kabéh wong Sengara, mongsa wurungnga dhadhal, wadya Sengara sru angling, sawenéh ngucap, pangucappira bengis,


Nora jamak déné ta kagila gila, siréku wong kakalih, mongsa ta gondraha, sanadyan babalungngan, wesi sungsum pranggusari, ototta kawat, tembaga abang kang kulit,


Binalangnga ing kpyah sayekti rêmak, yata bagéndha Ngali, saksana gya petak, kadya gelap sayuta, ngampar ingkang amiyarsi, kéh kapilengngan, anakang nora éling,


Bagéndha Li anarik pedhang dulfakar, bagéndha Ngumar aglis, narik pedhang kangkam, sarêng ngetab turongga, angamuk mangobrak abrik, singa sinerang, sirna atumpes tappis,


Ingkang urip lumayu anunjang nunjang, mawut tan mongga pulih, lir bendungngan bedhah, tinempuh banjir bandhang, amung lajerré kang kari, bupati tiga, sigra mangsah ngajurit,


Anéng rana panggih lan bagéndha Ngumar, tuwin bagéndha Ngali, asru atatanya, wong ngarab ran mu sapa,kabin nabinna ngajurit, pangamukira, anumpesken wong cilik,


Lah ta iki lajerré ing ngadilaga, tetelu pra dipati, gul lagul sengara, lah payo kembulana, dén padha angungsi pati, bangéndha Ngumar, lawan bagéndha Ngali,


Marang ngarsa siréku wadya Sengara, tungllé baris iki, payo amasrahna, marang sang rêtnanépura, yén siréku datan apti, tan wurung sira, karasa tangan mami,


Kyana raja bupati titiga Sengara, pedhangngira tinnarik, saksana gya medhang, tinangkis sami pedhang, gya sinabet pedhang aglis, mring Ngali Numar, bupati titiga mati,


Kapisannan janggannira sami pagas, wadyanya aningalli, gya sami angrunjang, yata bagéndha Ngumar, kalawan bagéndha Ngali, mangsah angrampak, pun dudul kang turanggi,


Lan pun pamuk solahira kadi yaksa, brakot nujah méngkalli, wadya lit kéh pejah, wongké susun atumpang, kang urip lumayu giris, bubar sangsarran, payudan sirna bersih,


Datan ana sawiji prajurit panggah, yata bagéndha Ngali, lan bagéndha Ngumar, lajeng maring kuwonnya, sang rêtna Maryathul Kabti, sampun kapanggya, kang ibu amanggihi,


Mendhak ngarsa umatur amelassarsa, pukulun ingkang prapti, priyagung ing ngarab, sinten tuwan sinnambat, bagéndha Ngumar ling ngaris, sun aran Umar, sawiji aran Ngali,


Sakhabatté jeng gusti nabi Mustapa, praptanning ngong puniki, kinnén boyongan, marang Maryathul Kabtyah, praméswari matur aris, ulun sumongga, sakarsa pan umiring,


Yata matur gusti kawula punika, pan inggih praméswari, mring rajéng Sengara, praméswari ngandika, maring ing putranniréki, nini dandanna, sira ngandikan nabi,


Sigra budhal saibu lan emban innya, parekkan tuwin céthi, tan kari satunggal, ing ngirid lampahira, bagéndha Ngumar lan Ngali, kuneng kang angsal, karya ambeboyongngi,


Kawarnaha wau sang prabu Sengara, nvng pakuwon siniwi, jaksa nagri ngarsa, kalawan para raja, sang natha éca siniwi, kasaru prapta, mantra kang kasor jurit,


Dumarojog umarêg ngarsa naréndra, matur saha wotsari, pukulun sang natha, kawula atur tiwas, rumeksa ing praméswari, miwah putranta, gusti sang rêtnanéng puri,


Abdi natha bupati titiga palastra, rolas éwu prajurit, wus sirna sadaya, ing ngamuk wadya ngarab, sang natha ngandika aris, ana wong pira, wong ngarab kang ajurit,


Mantra matur naming kakalih balaka, samangké praméswari, lan putra naréndra, gih sampun binoyongngan, sang natha sarêng miyarsi, langkung bramatya, yata sru dénya angling,


Éh ta jaksa nagara payo undhangnga, marang sagung prajurit, tuwin para raja, ingsun umangsah aprang, iya ing dina puniki, jaksa nagara, sandika awotsari,


Sigra léngsér saking ing ngarsa naréndra, sapraptanniréng jawi, anembang tengara, bendhé tinnabuh ngangkang, tambur salomprét lan suling, swara genturran, awor swaranning janmi,


Astra gathik lan wahana ingkang munya,  bandéra lelayu sri, gagaman brasinang, kadya prawata kobar, saking gungngé kang prajurit, kadi samodra, rob ngelébbi wanadadri,


Kuneng wadya Sengara kang wus atata, dénnira pacak barik, genti kawarnaha, wadya bala ing ngarab, Semangun sampun miyarsi, wadya Sengara, miyossi ing ngajurit,


Sigra nembang tengara bendhé saurran, tambur salomprét suling, gong maguru gongsa, teteg kaya butulla, miyossi sagungnging baris, muntab melatar, baris ingkang turanggi,


Wadya dharat anéng ing wuri sadaya, pratondha sénapati, yun mungkassi ing prang, utawi para basah, Surakah sampun miranti, wus yunnannyunnan, wadya slam lawan kapir,


Dyan Semangun paréntah mangsah ing ngrana, Basah sarêng ngabanni, wadya nempuh yuda,Semangun lan Surakah, sami anabet turanggi, prapta barisnya, wong kapir ngamuk wanni,


Ngobrak abrik Semangun lawan Surakah, pangamuknya ing jurit, tuwin para basah, titiga sawadnya, singa kangh sinerung mati, kang para raja, Sengara tan ngundhili,


Bubar larut kang urip sami lumajar, ngungsi wuri sang ngaji, kang pejah galasah, wangké susun atumpang, racak racak rah umili, payudan padhang, angléla raja Kabti,


Dyang Semangun nerajang prabu Sengara, sang natha nitih ésthi, lan Semangun panggya, sampun ayunnannayunnan, yata ngling sang raja Kabti, siréku sapa, kaya wong beksarangin.




PUPUH LXIV

ASMARADANA


Warnamu nom abagus, sembada prawira ing ngapupuh, angakuwa mumpung sira maksih urip, yata annaurri sendhu, Semangun paparab ing ngong,


Sakhabatté jeng rasul, Ibnu Khalit ya ingsun kamantu, mring Bujahal sumaur sang raja Kabti, mundurra sira Semangun, aja prang kalawan ing ngong,


Éman Manawa lampus, angur sira ngawulaha ingsun, pesthi sira ing ngong gawé sénapati, sur karya manggaléng pupuh, angeréhna wadyanning ngong,


Semangun sru sumaur, éh ta kapir mannira wus sanggup, lan jeng nabi sarta wus supata mami, tan mulih mring prajanningsun, kalamun durung amacok,


Marang uta manggalamu, kalawan anyangking dhassiréku, duk miyarsa bramatya sang raja Kabti, éh tadhahana gadaku, lancing pangucap wong nganom,


Semangun dyan pinupuh, tinangkis pedhang kang gada putung, dyan sinnabet ing pedhang kang penang ésthi, kang suku sakawan rampung, di pongga mbruk lajeng layon,


Tiba mléset sang prabu, anéng kisma anulya Semangun, anututti penedhang sri narapathi, janggannira tugel rampung, sampun ngemassi sang kathong,


Cinandhak sirahipun, dyan pinannjer wong Sengan dulu, yén sang natha sampun tumeka ing lalis, wadya lit sadaya mawur, jaksa nagara wus anon,


Lamun sang nata lampus, gya paréntaha mbongkokki gupuh, sadayanné gagamannira ngajurit, amanjer bandéra pingul, Semangun waspada anon,


Nulya paréntah gupuh, anyyapihi sagung wadyannipun, kinén kéndel dénnira ngamuk prasami, jaksa nagara wus kumpul, sagung gagaman binongkok,


Wus tundhuk lan Semangun, jaksa nagara alon umatur, dhuh kawula teluk ing paduka mangkin, anut saréngat jeng rasul, agama ingkang kinnaot,


Ulun anuwun wuruk, yata Semangun anulya gupuh, dyan winulang sahadat kalimah kalih, jaksa nagara wus baut, Semangun lingngira alon,


Kumpulna sakancamu, angucappa sahadat sadarum, yén tan ngucap sahadat puniku pesthi, pinanganning pedhang ingsun, gulu wong praja ngong pacok,


Gya winulang sadarum, kalimah kalih wong sapraja gung, yata jaksa nagara umatur aris, manawi parêng ing kayun, lajeng ngamalbéng kedhaton,


Jarah sining kedhatun, dyan Semangun yata angling arum, dhuh Surakah: Hudaman tuwin Walulid napa malih ki Sayidu, punapa sami rumojong,


Jarah amring kadhathun, sakawan manggala sarêng matur, langkung saé pratondha menang ajurit, jarah dunya branannipun, amboyong sagung wong wadon,


Nulya budhallan sampun, prapténg pura kandheg siti luhur, dyan Semangun samana paréntah aglis, jaksa nagara siréku, samengkomadegga kathong,


Néng praja Sengaréku, nguyunnana sakéh wong praja gung, islammena anutta agama nabi, sapa kang tan gelem anut, siréku wenang anglayon,


Angling malih Semangun, éh punggawa Sengara sadarum, pirsakena ya paréntah ingsun iki, ya si jaksa nagaréku, ingsun adeggaken kathong,


Apa paréntahipun, iya padha anutta siréku, pra punggawa sadayanya saur peksi, yata ngling malih Semangun,  jaksa nagara samengko,


Cacahna sadayéku, dunya brana sajronning kadhatun, atanapi sagungngé para pawéstri. Sandika : nacahken sampun, sagung isinning kadhaton,


Samana sampun katur, serat cacah dhumateng Semangun, sigra wau Semangun paréntah aglis, dunya brana sadayéku, tanapi sagung wong wadon,


Iya bagénnen telu, kang sadumman kari néng kadhatun, kang rong dumman sun aturken ing jeng nabi, dandannan dén agupuh. jaksa nagara wot sinom,


Lajeng dinandan sampun, wus rumanti kang dunya brana gung, sinning pura péni péni raja péni, rinakit sadayannipun tuwin sagungnging wong wadon,


Gya paréntah Semangun, marang ing Basah ingkang tetelu, kinén budhal saking Sengara nagri, jaksa nagara undhang wus, sagungngé kang wadya bodhol,


Nulya tengara umung, baris agung lampahipun selur, anéng marga lir péndah séla: blekithi, pama semut ngambah watu, dalidir tan nganggo pedhot,


Kuneng ta lumaku, kawarnaha wau kangjeng rasul, sinéwaka anéng pakuwonniréki, Abu Bakar munggéng ngayun, Ngusman néng ngarsa mabukoh,


Para sakhabat ngayun, andhér anéng ngarsanné jeng rasul, kadya wukir kembang kembang langkung asri, kasaru ing praptannipun, Bagendha Li: Ngumar golong,


Nriring boyongnnipun, Maryatul Kabtyah lawan kang ibu, sabat kalih sapraptannira ing ngarsi, uluk salam ing jeng rasul, jinawab salammé alon,


Bagéndha Ngumar matur, ngaturraken réhira ingutus, amiwitti malah prapta amekassi, angandika kangjeng rasul sabdannira manis alon.




PUPUH LXVI

DHANDHANGGULA


Praméswari ngandika mring ngarsi, lawan sang rêtna Maryatul kabtyah, sarêng prapta ing ngarsanné jeng nabi ngandika rum, angucappa kalimah kalih. Wussira maca sadat, kalihira sujud sumungkem angaras pada, kangjeng nabi nulya angandika aris, Bubakar ing samangkya,


Budhallena puniku sang putri, panggihena lawan singa isah. Bubakar sandika turré, nulya wau kasaru, gégérrira wadya ing jawi, Semangun praptannira, gya tumaméng ngayun, Surakah sarêngngannira, prapténg ngarsa uluk salam ing jeng nabi, jawab ngaléku salam,


Sigra mangsah Semangun nujuddi, ing padanné jeng nabi Mustapa, jengnabi alon sabdanné, éh lungguha Semangun, gya Semangun mundur tata lenggah, dyan Semangun umatur ing kangjeng nabi, purwa; madya; wasana,


Angandika wau kangjeng nabi, éh Semangun samengko karséng wang, dummen mring umat sun kabéh, pratelunnen puniku, kang sadumman mring pekir: miskin, déné ingkang saduman, mring bétul mal iku, saduman mring umat ing wang, pra prajurit tuwin janma jalu: éstri, kang sedya sabilullah.


Asandika Semangun nulya glis, gya binagé sagungnging jarahan, kangjeng nabi sadhawuhé, yata sampurna sampun roroncénné datan winarni, jeng nabi sigra budhal mring Madinah kondur, ginrebeg para sakhabat tuwin umat sadaya sami angering, datan kawarnéng marga,


Sampun prapta Madinah jeng nabi, para garwa amethuk sadaya, sami angraup pada gé, ngandika kangjeng rasul, éh Ngaisah samengko prapti, Déwi Maryatul Kabtyah, paranta karêpmu. Umatur Déwi Ngaisah, pan sumongga ing mangké paduka pin, dadossa kanthi kula,


Angladossi ing paduka gusti. Kangjeng nabi mésem angandika, déné nora koya kowé, lumrahing wadon iku, kinawayuh atinné serik amung sira Ngaisah, bungah kinawayuh, muga ta Allah tangala, aparingnga kamulyan kang luwih adi, marang sira Ngaisah.


Data tita tan winarnéng tulis sakathahé roroncénning tingkah, sampun aningkah samangké, nenggih jeng gusti rasul lawan sang Dyah Maryathul Kabti, yata jeng nabi duta, wanci tengah dalu, jeng nabi panuju salat lagya antuk sarêkangat Jabarail gya prapta uluk salam,


Jabarail alon dénya angling, timballanné Hyang Suksma ing tuwan menggah salat tuwan mangké, ngaliha kéblattipun sampun majeng bétal mukhadis majengnga kakbatullah. Yata kangjeng rasul nulya minger kéblattira, majeng marang ing kakbatullah anenggih, jeng nabi wusnya salam,


Pra sakhabat sami dén timballi, pepak andhér sumiwi ing ngarsa, jeng nabi alon wuwussé, sagungngé umat ingsun timballanné Hyang Maha Sukci, samengko lamun salat salin kéblattipun mari mring bétal mukhadas angaliha maring ing kakbatullahi, lawan yén sasi besar,


Winajibken iya munggah khaji, marang Mekah tawappa mring kakbah. Sandika sadaya turré, ing dhawuh amituhu, saben taun amunggah khaji, dhateng nagari Mekah, nenggih kangjeng rasul sadaya tiyang Madinah, jalu; éstri andhérékken kangjeng nabi, munggah khaji mring Mekah,


Kuneng nagri Madinah jeng nabi, kawarnaha nagari ing Mekah, marga Bu Jahal ing mangké, saklangku bendunnipun kangjeng nabi amunggah khaji, marang nagari Mekah, osikkiréng kalbu, yén iki sun kéndellena, si Mukhammad saba ing Mekah nagari, yektinné wong ing Mekah,


Padha anut saréngattiréki, pan ambuwang mring agama budan, Bu Jahal anulya agé, ngumpulken sadayéku, wong ing Mekah kang maksih kapir, Kasim lawan Ngathobah, tanapi Olidu, kathah lamun winarnaha, pangagengngé sadayanné tiyang kapir, kumpul wisméng Bujahal,


Wulan apit rêrêmbaggan sami, Abu Jahal alon wuwussira, samangké paran rêmbaggé, inggih Mukhammadiku, saben taun mring Mekah khaji, nganggo agama anyar, kalamun puniku, yén ugi kinéndellena, lawas lawas wong Mekah puniku pasthi, kena kemat Mukhammad,


Ambuwangngi agama kang lami, anut marang agama kang anyar, Mukhammad akéh sikhirré. Yata Hasim umatur, Abu Jahal pamanggih mami, niku nabi Mukhammad Mekah wijillipun mung ibu tiyang Madinah, punapaha inggih ta dipun larangngi, ngambah nagari Mekah,


Pan luhurré Mukhammad nadhahi, nagri Mekah saéstu Mukhammad keni dhateng Mekah mangké. Abu Jahal ambekus yén Mukhammad puniku becik sayekti lamun kena, néng Mekah pan iku, Mukhammad gawé prakara, pikarêppé nyalinni agama lami, marmanné ingsun larang,


Yén Mukhammad ngambah mekah maksih, datan wandé inggih tiyang Mekah, keni Mukhammad kematté, satemah sami anut mring agama kang anyar nenggih, mulanné karsanning wang, sasi besar ngayun Mukhammad sun pegat dalan payo padha tinumpes saréwangnéki, wong Mekah sadayanya,


Prayoganné apacakka baris pan mengkono  iku rêmbug ing wang, déné kabéh weragaddé, kang padha baris tugur, iya metu saka ing mami. Kopar sarêng aturnya, kalamun kadyéku, kawula inggih sumongga, pan andhérék Bu Jahal karsanniréki, lah inggih bénjang napa.


Abu Jahal yata angling aris karêp ingsun iya sasi besar, ingsun adhangngi lunganné, khaji mring Mekah iku. Sampun dadya rêmbaggiréki, prapta ing sasi besar, sadayanné kumpul wong ing Mekah sipat lanang, pacak baris sadaya wonten ing margi, sikep gagamanning prang,


Masang kémah geng geng lir nagari, tanpa wilis kathahiréng janma, Bu Jahal sénapatinné. Kuneng kang baris tugur, kawarnaha wau jeng nabi, sawadya ing Madinah, abudhal sadarum jalu; éstri atut wuntat munggah khaji andhérékken kangjeng nabi, marang nagari mekah,


Dupi arsa budhal kangjeng nabi, Jabarail prapta uluk salam sigra jinawab salammé, Jabarail lon muwus timballanné Hyang Maha Sukci, inggih ta lampah tuwan mring Mekah puniku, sampun miyos margi lama, Abu Jahal abaris wonten ing margi, anyegat lampah tuwan,


Tiyang Mekah sipat lanang baris sami sikep gagamanning yuda, suwawi ngong tedahaké, margi ingkang rahayu, lah ta tuwan tut wuri mami. Jeng nabi sigra budhal nitih untannipun kang ngiring budhal sadaya, pan lestari lampahira anéng margi, sampun prapta ing Mekah,


Nulya wau jeng nabi  sinelir, saumatnya wus khaji sadaya, perlu kalawan sunatté, sami linakon sampun yata budhal kondur jeng nabi, marang nagri Madinah, Jabarail néng ngayun lestari ing lampahira, sampun prapta anéng Madinah nagari, kuneng genti winarna,


Abu Jahal kang apacak baris anéng marga tansah ngarsa arsa, ing kangjeng nabi langkungé, sanget angayun ayun iki apanta uwis akhir, ngadat yén lunga Mekah, apa tan lumaku, Mukhammad marang ing Mekah. Yata wonten dasihira tur udani, saking nagari Mekah,


Abu Jahal kawula tur uning, kangjeng nabi Mukhammad wus prapta, anéng Mekah saumatté, kathahnya tanpa étung, Jalu; éstri amunggah khaji. Bu Jahal amiyarsa, saklangkung gegetun metu ngendi si Mukhammad apa metu iya sadhasarring bumi. Bu Jahal menggah menggah,


Abu jahal yata angling aris yén mengkono ing pawartannira, manira lumaku dhéwé, marang Mekah tetemu, iya lawan Mukhammad nabi, sun bujukké punika, pesthi kenannipun réwang ngong Mekah sadaya. Arsa islam umanut saréngatnéki, muga dipun wulangnga,


Iya marang marang Mukhammad pribadi, sun ajakké marénné pribadya, poma wekas ingsun kabéh, yén ukhammad kadulu, aja nganggo telangké maning, banjur sira rampogga, ya diménné lampus, sadaya matur sandika, sampun susah anuten tuwan lumaris bujuk dhateng Mukhammad,


Abu Jahal nulya budhal aglis tanpa kanthi lampahnya Bu Jahal nagari Mekah praptanné, sampun kapanggih suwung, kangjeng nabi tan wonten kéksi, tanapi waduannira, tan wonten kadulu, sanget gegetunning manah, Abu Jahal nulya atatanya aris dhumateng tiyang Mekah,


Ingkang parêk wismannira nenggih, apa nyata Mukhammad mring Mekah. Ingkang tinakén aturré, inggih saéstu rawuh, saumatté jalu myang éstri, kéhnya tanpa wilangngan khaji sadayéku, sampun kondur ing samangkya, pan wikanna margi kang dipun wedalli, kula boten uninga.


Abu Jahal sarêng amiyarsi, saya sanget sungkawanning driya, lamun mengkono becikké, ingsun banjur anglurug mring Madinah lan wadya mami, iya wus padha pepak, Bu Jahal gya wangsul, semunya nandhang brangta.




PUPUH LXVII

ASMARADANA


Abu Jahal lampahnéki, méh prapta ing pabarissan katingallan saking ing doh, para pangageng barissan tumingal sadayanya, Ngasurah miwah Ulidu, Rukamah; Sapah, Saduwah,


Ngathobah kalawan Kasim waspada paningallira, tuwin wadya Mekah kabéh, sarêng dénya alok samya, lah ika si Mukhammad tanpa réwang klenthung klenthung, iya koncanya ta nyata,


Si Mukhammad ingkang prapti, lah payo dipun prayitna. Pangagengngé nabuh bendhé, tambur teteg sarêng préntah, éh padha tumandhangnga, aja nganti luput iku, mumpung pisah, lan balannya.


Anggergut wong Mekah sami, sadaya sarêng asurak lir péndah gerah swaranné, sarêng asurak lir péndah gerah swaranné, sarêng mengsah salang tunjang, Bu Jahal kang pinapag lajeng sami kinarubut dén udanni tulup panah,


Tumbak busur tuwin lembing, penthung miwah séla séla, Bu Jahal rêmuk awake, nora bisaha sasambat ambruk amegap megap tan adangu nulya lampus wusnya pejah Abu Jahal,


Layon gumuling néng siti, Kasim kalawan Ngathobah, Ngasurah; Rukamah anon Ulidu lawan Sahapah, waspada tingallira, Abu Jahal ingkang lampus alon: konca katiwassan,


Iki dudu kangjeng nabi, apan ta iki Bu Jahal kang sira karubut ngakéh.wong Mekah kagét sadaya, ningalli layonnira, Abu Jahal ingkang lampus sami gegetun sadaya,


Olidu alon dénya ngling, lah samengko kaya paran ya Abu Jahal layonné, yén mungguh rêmbug manira, payopadha pinetak ing jumratul jumrahiku. Sadaya pra sami rêmbag,


Sawusnya pinetag sami, Olidu malih angucap samengko paran rêmbuggé, sapatinné Abu Jahal kalamun amiyarsa, matunné sayekti iku, nora wurung lamun kurda,


Semangun kalamun runtik sapa sanggup nadhana, marang Semangun kurdanné. Ngthobah alon saurnya, yén mungguh rêmbug ingwang, payo ngungsi mring jeng rasul kang sayoga ngukuhana,


Ya padha milu agami, anut saréngat Mukhammad lamun ta nora mengkono, nora wurung pinejahan kabéh iki wong Mekah, iya marang si Semangun sapa kelar nanggulangnga,


Semangun kalamun runtik, Sahapah alon saurnya, lamun makaten rêmbaggé, suwawi sami aséba, dhumateng ing Madinah, inggih sampun kantos rawuh, Semangun mring nagri Mekah,


Kalamun ta ngantos prapti, tan wandé amanggih susah, pun Semangun saéstunné, boten wandé tiyang Mekah, kinarya boja pedhang, watakkipun pun Semangun tan nganggé angéman janma,


Suwawi budhal annuli, asowan dhateng Madinah. Olidu anulya agé, Ngasurah miwah Rukamah, Sahapah lan Ngathobah, budhal mring Madinah gupuh, datan kawarna ing marga,


Ing Madinah sampun prapti, lajeng umarêk ngayunnan prapta uluk salam agé, jinawab ngalékum salam kalmia sarêng nembah, sjujud ing ngarsa jeng rasul kalimanya ngaras pada,


Sarêng matur ing jeng nabi, dhuh gusti nabi Mustapa, kang minulya luhur dhéwé, rathunné sagungngin umat dunya tekéng ngakherat datan wonten sanéssipun mung tuwan luhur pribadya,


Kakasihipun Hyang Widi, ulun mangké tuwan wulang, agami tuwan wiyossé. Anulya winulang sadat atanapi Fatékhah, Ngathobah tuwin Ulidu, Ngasurah: Kamah Sahapah,


Wus sami agama sukci, mangkana bagéndha Ngumar, gusti punika turri ngong, gih tiyang gangsal punika, wonten ngarsa paduka, sami ngucap sadat purun mangké lamun wonten griya,


Yekti sami amangsulli, punika anembah budan, kangjeng nabi ngandika lon éh Ngumar ing bab punika, Hyang Suksma kang uninga, pandudu bubuhan ingsun saking dhawuhé Hyang Suksma,


Tiyang kang munafék bénjing, néng ngakhirat apan dadya, api nraka rub urubbé, kalawan budanné bénjang, dadya rub urubbira, kanga pi naraka iku, langkung saking tiyang kopar,


Wong munafék siksannéki, ing bénjang wonten ngakhirat, jeng nabi malih wuwussé, Semangun lungaha Mekah, lawan iki Ngathobah, Sahapah miwah Ulidu, Ngasurah tuwin Rukamah,


Padha islammena sami, wong Mekah kang durung islam siréku mengko sun gawé, panggedhénné nagri Mekah. Semangun nembah méntar budhal marang Mekah sampun ibu: rama tuwin garwa,


Wus prapta Mekah nagari, lajeng angrata saréngat wong ing Mekah suyud kabéh, tan ana ingkang malangnga, sadaya nut agama, islam saréngat jeng rasul thithi Allah kang uninga.




Imajiner Nuswantoro 

Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)