KITAB SERAT SASTRAJENDRA HAYUNINGRAT (Kinanthi) ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦗꦺꦤ꧀ꦝꦿꦲꦪꦸꦤꦶꦔꦿꦠ꧀ (ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ)

0

 KITAB SERAT SASTRAJENDRA HAYUNINGRAT 

(Kinanthi)

ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦗꦺꦤ꧀ꦝꦿꦲꦪꦸꦤꦶꦔꦿꦠ꧀

(ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ)



POINT Consultant




Kinanthi 

(metrum: 8a, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i), Serat Sastrajendra Hayuningrat.


Bait 1

Kinanthi amurwèng kayun,

wuryaning wasita jati,

jatine kang tinarbuka,

kawruh adi kang piningit.

Sastrajendra hayuningrat,

kang môngka wadining bumi.


Bait 2

Sastra têgêse pan kawruh,

yèku paningal kang êning.

Arja puniku minulya,

sukci kang ananirèki.

Endra pan agung asamar,

anglimputi saananing.


Bait 3

Sèsining kang buwana,

yèku jatining ngaurip,

jumênêng langgêng priyôngga.

Kang kawasa paring urip,

kang gumlar ing bumintara,

sanggyaning para dumadi.


Bait 4

Yèku kang wênang sinêbut,

Allah Tangala sajati,

kang agung mulya datira.

Kang elok sipatirèki,

ingkang wisesa asmanya,

sampurna apngalirèki.


Bait 5

Wèh ayuning rat sawêgung,

amarna sipat sakalir,

kang andum rahsaning jagad.

Anyamadi ganal alit,

kang kawasa wicaksana,

kang adil murah ing dasih.


Bait 6

Tan ana ingkang nyakuthu,

jumênêng urip pribadi.

Ing satuhune dat sipat,

asma apngaling Hyang Widhi,

wus dumunung ing kaanan.

Ananing manungsa iki,


Bait 7

katitipan rahsanipun,

Pangeran Kang Maha Sukci.

Puniku wahananira,

dating sastra kang piningit,

sotyadi sasangkaning rat,

mêngku prasidaning dadi.


Bait 8

Arjaning parasdya nulus,

kang kawasa amumpuni,

saliring rasa dumina,

lêlantaraning ngaurip.

Tumuruning sastra cêtha,

jumênêng nukat ginaib


Bait 9

saking alaming alimut.

Gaibing Allah sajati,

tumitis ing dalêm rahsa.

Rahsaning priya duk lagi,

sêngsêming asmaragama,

pamoring jalu lan èstri.


Bait 10

Duk mêdhar rahsaning kakung,

lênyêp murcitaning aksi,

tiniyup ing kanikmatan.

Ing kono pamorirèki,

dating atma Kang Wisesa,

kadim sajatining urip.


Bait 11

Amoring dat lan rasèku,

ingaran wadi lan mani,

tumiba ing guwa garba,

acampuh kalawan madi,

yèku rahsaning wanita,

kumpule dadi sawiji


Bait 12

Aran manikêm puniku,

yèku wêwadhahing urip,

wujud siji catur aran.

Mani madi lawan wadi,

manikêm sakawanira,

yèku wijining dumadi.


Bait 13

Dadining manungsa iku,

saking warna catur singgih.

Dene wiji kang ngaranan,

sarining bumi lan gêni,

miwah sarining maruta,

sakawan pathining warih


Bait 14

Kang samya ingakên iku,

laire sipating Widhi,

wus wujud nèng catur rahsa,

Yèku baboning jasmani,

minôngka sêsandhanira,

abuning roh kang sajati


Bait 15

Abuning roh têgêsipun,

baboning nyawa sakalir,

kang nguripi sakèh rasa,

ingaran nyawa rohkani,

Yèku tohjalining sastra,

sipat cahya Muhkamadi.


Bait 16

Mukamad ing têgêsipun,

wênang sinêmbah pinuji.

Sêsirahing kanikmatan,

rasaning buwana yêkti.

Satuhu sêsotyaningrat,

nirmala waluya jati


Bait 17

Jatine sapa ingkang wruh,

rêsmining jagad puniki,

minulya ing uripira,

sinung padhanging panggalih.

Praptaning pati sampurna,

dumunung ing swarga luwih.


Bait 18

Uriping suksmanirèku,

anunggal Hyang Suksma Sukci,

wus roro-roroning tunggal.

Tan kêna ingaran kalih,

iya uriping kawula,

satuhu uriping Gusti.


Bait 19

Kawasa wisesanipun,

kawula kalawan Gusti,

tan kêna yèn pisahêna.

Sampurna purwaning dadi,

langgêng kauripanira,

si kombang anèng swargadi.


Bait 20

Anuksmèng sagara madu,

madu maduning ngaurip,

anyamadi jiwa raga, 

iya ragane pribadi.

Kang kawasa marna sipat,

sipating manungsa iki.


Bait 21

Dadi saking rasa catur,

kang wus kajarwa ing ngarsi,

mani iku dadi rupa.

Madi uripe ing ati,

wadi dadi ngakal nyata,

manikêm nyawanirèki.


Bait 22

Wujuding catur warnèku,

katôndha nèng netra sami,

manikêm undêring netra,

mani iku dadi manik,

wadi pêputihing tingal,

dene kang ingaran madi.


Bait 23

urip ing netranirèku.

Warna ingarane singgih,

rahsaning paningal nyata,

punika ingaran madi.

De wiji kang catur aran,

sarining bumi pan dadi,


Bait 24

carmaning manungsa iku.

Sari gêni dadya daging,

sarining angin dadya rah,

pathining banyu pan dadi,

tulang myang otot prasamya,

sampurnaning wujud yêkti.


Bait 25

Kang wadhag lawan kang alus,

saking kodrating Hyang Widhi,

padha minôngka warana,

dadya sêsandhaning urip.

Uripe pinaring tôndha,

rahsa kang karasa sami,


Bait 26

pininta-pinta pinatut,

ing papan êmpanirèki.

Kabèh iku aran nyawa,

ana jalu ana èstri,

padha minôngka busana,

lantaran karsaning Widhi.


Bait 27

Marma kang marsudi kawruh,

aywana katungkul sami,

dipun wruh ing sangkan paran.

Sangkan paraning dumadi,

paran praptaning kasidan,

wruh kasampurnaning pati.


Bait 28

Lah baya ngêndi gonipun,

Pangeran kang paring urip,

dèn wruh sajatining rêtna,

jroning cipta dèn kaliling.

Akèh sotya sama rupa,

aja nganti salah dalih.


Bait 29

Titipan umurirèku,

dèn katur mring kang nitipi,

kabèh sagolonganira,

gulungên dadi sawiji.

Yèn wus gumolong kang cipta,

ulihna purwaning dadi.




Imajiner Nuswantoro



Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)