SERAT MUHAMMAD (1) Anyariyossaken : binayangkarinnipun Kangjeng Rasul dhaup kaliyan Déwi Khatijah, ngantos jengkarripun dhateng Iig Medinah, salajengngipun tindak anglurug dhateng ing nagari Swengara, dumuginipun bedhah nagari ing Sengara déning sénapati - Radén Semangun.

0

 SERAT MUHAMMAD (1)

Anyariyossaken : binayangkarinnipun Kangjeng Rasul

dhaup kaliyan Déwi Khatijah, ngantos jengkarripun dhateng

Iig Medinah, salajengngipun tindak anglurug dhateng

ing nagari Swengara, dumuginipun bedhah

nagari ing Sengara déning sénapati -

Radén Semangun.



Imajiner Nuswantoro



Teks Serat Muhammad di atas menceritakan kisah Nabi Muhammad SAW sejak menikah dengan Dewi Khatijah, hijrah ke Madinah, hingga perjuangan perang dan penaklukan negeri Sengara oleh panglima perang Radén Semangun.

Ringkasan Isi Serat
1. Pernikahan dan Hijrah:
- Pernikahan Kangjeng Rasul (Nabi Muhammad SAW) dengan Déwi Khatijah.
- Perjalanan hijrah atau kepindahan beliau menuju ke negeri Madinah.
2. Perang dan Penaklukan:
- Perjalanan perang (tindak anglurug) menuju ke negeri Swengara/Sengara.
- Keberhasilan merebut dan meruntuhkan (bedhah) negeri Sengara.
- Peran sénapati (panglima perang) dari pihak Islam yaitu Radén Semangun.


Terjemahan Teks

"Serat Muhammad (Bagian 1) Menceritakan: Pernikahan Agung Kanjeng Rasul dengan Dewi Khatijah, hingga kepindahan beliau ke negeri Madinah, selanjutnya perjalanan menyerang ke negeri Swengara, sampai dengan takluknya negeri Sengara oleh panglima perang - Raden Semangun."

Arti Kata demi Kata (Kamus Kecil)
Untuk membantu Anda memahami bahasa Jawa klasik (Jawa Baru) dalam teks tersebut, berikut adalah arti dari setiap katanya:
- Anyariyossaken: menceritakan / mengisahkan.
- Binayan-karinnipun (dari kata bayangkari): prosesi pernikahan agung atau diarak seperti raja.
- Dhaup kaliyan: menikah dengan.
- Ngantos: sampai / hingga.
- Jengkarripun (dari kata jengkar): keberangkatan / kepindahan / hijrah.
- Salajengngipun: selanjutnya / setelah itu.
- Tindak anglurug: pergi menyerang / mendatangi medan perang.
- Dumuginipun: hingga sampai pada / tibanya.
- Bedhah: takluk / jebol / runtuh (biasanya untuk benteng atau kota yang kalah perang).
- Sénapati: panglima perang.


Siapa Raden Semangun ?
Nama Radén Semangun atau Jaka Semangun merupakan tokoh yang sangat menarik dalam literatur Babad dan Serat Jawa. 
- Nama Lain: Tokoh ini di beberapa naskah babad lain (seperti Babad Banyumas) juga dikenal dengan nama Bagus Mangun atau Raden Joko Kahiman. 
- Adaptasi Budaya: Penulis Jawa zaman dahulu sering melakukan lokalisasi (pribumisasi) kisah-kisah Islam. Tokoh-tokoh Arab atau Timur Tengah diubah namanya menjadi nama-nama berbau Jawa (seperti Raden Semangun) agar cerita perjuangan Islam terasa lebih dekat dan mudah dipahami oleh masyarakat Jawa saat itu.

Misteri Negeri Swengara / Sengara
Dalam teks Anda disebutkan bahwa Raden Semangun berhasil menaklukkan (bedhah) negeri Sengara.
- Analogi Sejarah: Dalam sejarah asli Islam, tidak ada nama kota "Sengara". Namun, para peneliti sastra Jawa meyakini bahwa "Sengara" merupakan pelesetan atau sebutan lokal Jawa untuk wilayah Khaibar atau negeri musuh lainnya yang dihadapi oleh pasukan Muslim pada masa awal perkembangan Islam di Madinah.
- Makna Kata : Kata Sengara atau Asmara dalam beberapa konteks sastra klasik juga sering dikaitkan dengan simbol wilayah yang belum mengenal petunjuk (belum memeluk Islam) yang kemudian ditaklukkan secara damai maupun perang.

Mengapa Serat Ini Ditulis ?
Serat Muhammad merupakan media dakwah yang sangat populer di tanah Jawa pada abad ke-18 hingga ke-19. Fungsi utamanya adalah:
- Mengenalkan Sirah Nabawiyah: Mengajarkan sejarah kehidupan Nabi Muhammad SAW kepada masyarakat awam.
- Bahasa Macapat: Ditulis menggunakan tembang-tembang Jawa (seperti Asmarandana, Sinom, atau Pangkur) agar bisa dilantunkan (ditembangkan) saat malam hari atau acara kumpul warga. 


Cerita Lanjutan Serat Muhammad
Setelah keberhasilan Raden Semangun menaklukkan negeri Sengara, naskah ini melanjutkan kisah perjuangan menyebarkan Islam dan dinamika di Kota Madinah. Kisah selanjutnya berfokus pada tiga bagian utama: 
1. Perang Khaibar dan Pembebasan Wilayah
Pasukan Islam yang dipimpin oleh para sahabat Nabi bergerak untuk mengamankan wilayah sekitar Madinah dari ancaman luar.
Tokoh Raden Semangun dalam bab ini digambarkan sebagai panglima yang sangat sakti dan setia, memimpin pasukan garda depan mengepung benteng pertahanan musuh yang sangat kuat.
2. Ujian di Kota Madinah
Cerita bergeser ke situasi internal di Madinah, menceritakan bagaimana Kangjeng Rasul menghadapi kaum munafik yang mencoba memecah belah umat dari dalam.
Bagian ini sarat akan nasihat moral dan strategi diplomasi yang dilakukan Nabi untuk menjaga kedamaian kota.
3. Utusan ke Berbagai Negeri
Kangjeng Rasul mulai mengirimkan surat dan utusan (diplomat) ke raja-raja di sekitar jazirah Arab dan kerajaan besar (seperti Rum dan Persia) untuk mengajak mereka memeluk Islam secara damai.

Sifat Sastra dalam Naskah 
Penting untuk diingat bahwa Serat Muhammad ini ditulis dalam bentuk tembang macapat (jarwa sekar macapat). Cerita ini menggabungkan: 
- Fakta Sejarah Islam (Sirah Nabawiyah): Pernikahan dengan Khadijah, hijrah ke Madinah.
- Bumbu Epik Jawa: Pertempuran yang digambarkan mirip dengan perang tanding dalam dunia pewayangan lengkap dengan kesaktian para senapatinya. 



SERAT MUHAMMAD


Imajiner Nuswantoro


Punika Serat Muhammad

Jiliddan ingkang kaping kalih.

Anyariyossaken: binayangkarinnipun Kangjeng Rasul

dhaup kaliyan Déwi Khatijah, ngantos jengkarripun dhateng

Iig Medinah, salajengngipun tindak anglurug dhateng

ing nagari Swengara, dumuginipun bedhah

nagari ing Sengara déning sénapati


Radén Semangun.



Jarwa sekar macapat


Kaecap ing gedung pangecappannipun tuwan–tuwan.


GHÉ: SYÉ: THÉ: FANDHOREP DANKO, ING SEMARANG

Ing Tahun: 1891


Kasalin saking aksara Jawa nang aksara latin

Déning Mas Kumir

Dina Selasa tanggal 6 Mei 2025







PUPUH I

ASMARADANA


[5]Mapan ta ika Jeng Nabi, samengko lagi dén arak mulanné suwarga kiyé, lawangngé padhang binuka, amrih gandanné ngambar, lawing naraka tinutup, ingkang supayanné aja.


Gonad kang pating kalennyit, amis bacin sapadhannya, sétan éblis sakancanné, aja na kang bisa ngucap, mulanné warnanning wang, iki winuwuhan ayu, Jeng Gusti Nabi Mukhammad.


Pan lagi dén arak iki, lumampahan ing marga, ginnarêbeg ing wong ngakéh, mring dalem Sitti Khathijah, iku bakal ginnarwa, iya marang Kangjeng Rasul, Sang Rêtna Sitti Khathijah.


Putrinné Sulthan Walidi, lawan manning awak ingwang, padha kinon tumrun kabéh umarak Sitti Khathijah, sabab punniku bénjang, tetep dadi jodonnipun, Jeng Gusti Nabu Mukhammad.


Ing dunnya tumekéng ngakir, déné kabéh kancanning wang, pan iya bakal jodonné, umatté Nabu Mukhammad, ingkang umanut padha, sarengatté Kanjeng Rasul, ingsun lan konca sedaya.


Kuneng sagung widadari kawarnaha sagung janma, wadon ingkang samo nonton, sapungkurrira lumampah, Jeng Nabi dipun arak, prowanodya sami kumpul, rêmbuggan lan kancannira.


Ana wong wadon sawiji, angucap ingkancannira, adhuh laé bibékanné, duk mau nalikannira, Kangjeng Nabi lumampah, ngong linirik kongsi dangu, seger temen raganning wang.


Ing samengko iki maksih, [6] rasanné awak mannira, ya pating kalennyer kabéh, ting panjelut weteng ing wang, mudhun ana kerasa, si nyai asenut-senut, satemah mutah kuwaya.


Réwangngé sawiji angling, dhasar léwér ngéwérsari, déné mau raganningong, tinningal lan Gustinning wang, Kanjeng Nabi Mukhammad, kongsi suwé dénnya dulu, awakku tan barang-barang.


Kancanné mannéh naurri, padha adebrul karonnya, mongsa si kaya mangkono, Jeng Gusti Nabi Mukhammad sudi ningalli sira, dhapurmu akumut-kumut, karo padha mangkak-mangkak.


Polahmu nora prayogi, pangucapmu nota tata, wong loro sarêng ambekés, nulya uleng gegeluttan, tinulungan réwangnya, prasami tumbuk tinumbuk, kangsawenéh babak bunyak.


Kuneng janma kang ningalli, kawarna Nabi lampahnya, sampun parêk ing dalemmé, Rêtna Khathijah semana, Sulthan Walidi mapag, medal marang ing lulurung, ginrebeg para sentana.


Yata katingal Jeng Nabi, ginrebeg ing upacara,utawi tetabuhanné, mega pethak annéng tawang, mayungngi lengngu-lengngan, miwah sagung manuk-manuk, prasami ambabar elar.


Ingkang peksi warni-warni, kathah tanpa wilangan, mung winetara tebih, peksi kang sami babar lar pan ana sawelas pal, gegana lir pndah mendhung, gumuruh suwarannira.


Barung lan gamelan munni, tambur suling myang tabuhan, anglirpa bah ngakasanné, kadya mecahenna karna, bandra warna-[7]warna, néng marga asri dinulu, jama gung tanpa wilangngan.


 Kawuwuhan ingkang ngiring, sagungng para malkat, kelawan manungsa awor, Jeng Nabi sigra tumedhak, saking titiyannira, ingkang marga-marga sampun, ginelarran sutra-sutra.


Hingga prapta dalemnéki, Sang Rêtna Dewi Kathijah, tan ngambah siti sagung wong, sutra ginelar néng lemah, déné ing dalemmira, Rêtna Kathijah sangayu, kadya gunung kembang-kembang.


Rêrênggan kelangkung ngasri, anglir péndah swargaloka, wau ta sang nglirring sinom, Sang Rêtna Siwi Kathijah, wus dangu pinnaéssan, sarêng Kangjeng Nabi rawuh, amethuk annéng ing lawing.


Sang Dyah ngraup pada aglis, gya cinandhak asatannira, gya kekanthén asta agé, binekta lenggah satata, annéng ngarsa pajangngan, lenggahannya sutra alus, rinengga kinembang-kembang.


Cinendhak rêrênggannéki, satuhu datanpa sama, adi utawi éndahé, lan tuwin penganténnira, jalu miwah wanodya, kang jalu ratunning bavgus, kang ngéstri musthikanning dyah.


Tan pantes néng dunya sami, pantessira ngedhatonna, annéng swarga kaliyé, sadaya sagungnging janma, kang ningali punnika,pawéstri tannapi jalu, prasami antuk sufangat.


Sami dhawah cahyannéki, kang lannang bagus sedaya, sami ayu wongngé wadon, cengeng leng-leng kang tungumal, mannahnya sami suka, Rêtna Kathijah sang ngayu, duk pinnarak jajar mangkya.


Kelawan Gusti Jeng Nabi, munggéng ngarsanné pajangngan, para widadari kabéh, angayap Déwi Kathijah, upamnnya sesongka, ingkang sudama angrubung, cahyannira ting paluncur.


Balerêngngen kang ngalli, tan nana ingkang waspada, Suthan Walidun lenggahé, lawan Bunthalib semana, miwah para sentana, lan wong Mekah ingkang ngagung, utawi para sudagar.


Pandhitha lan iladunni, nujum ramal palakiyah, sampun pepak sedayanné, Sulthan Walidun ngandika, Bunthalib wruhan tuwan, sri kawinné putranningsun, inggih Ni Siti Kathijah.


Limang ngéwu ringgit rukmi, wus rampung dénnira ningkah, sinnahiddan sedayanné, kang sami saossing ngarsa, gya binnagé kang slawat, werata sedayannipun, datan wonten kaliwattan.


Mangkana Sulthan Walidi, sakelangkung sukéng driya, dulu Jeng Nabi citranné, ingkang cahya tuhu éndah, nulya ngadeg saksana, dhumateng panggénannipun, Jeng Gusti Nabi Mukhammad.


Kang ngasta cinandhak aglis, kanannanti nampékken marang, Sithi Kathijah astanné, kang kannan prasami kannan, Sulthan Walidyn lingnya, dhateng putra kalihipun, lah muga-muga tulussa.


Putranningsun akaronsih, aja anganti suwala, ing saumurrira mangko, tutugga apalakrama, manggiya suka wirya, teteppa sennengnging kayun, kénkakén ninénni nnenna.


Anulya maca dongngéki, sagungngé para malékat, utawi sagungnging uwong, gumuruh Amin sedaya, kéndellé maca donga, tabuhan munya gumuruh, akanthi kang peksi munnya.


PUPUH II

KINANTHI


Anglir péndah gunung rubuh, barung petak Jabarail, kadi rêbah kang ngakasa, kang swara mawarni warni, wong mekah kathah kantaka, myarsa swara anglingkungngi.


Upama baledhég séwu, néng ngawiyat saréng munni, kapileng ingkang miyarsa, dénning swara gegeterri, ya ta pengantén kalihnya, ngaturran mring tilamsari.


Datan winarna ing lulut, réh sampun sami nglampahi, solahnya éstri lan priya, wus sami mepeg birahi, mongsa borong ingkang maca, pra tingkah néng tilamsari.


Ing jawi mangké winuwus, anenggih Sulthan Walidi, Abinthalib sakadangnya, tuwin pangagengnya sami, negari Mekah sedaya, miwah sagung para alim.


Tabit miwah para kaum, Ahli ramal iladunni, nujum palakiyah lawan, pandhitha bujana nenggih, annéng pendhapa dhaharran, nutug suka sukéng galih.


Sedaya prasami nginum, nutugken sukanning galih, tan nana winnalang driya, inumman salin sumalin, sabarang tinnakokenna, isining Mekah mepakki.


Ngantya nutug prapténg ngésuk, dénnya kasukan prasami, énjingngé nulya luwarran, bubarran sedayannéki, sami mantuksowang-sowang, mangkana ing lami-lami.


Éstri jalu asih lulut, tan pisah ing siyang ratri, kadya mimi lan mintunna, tan kenna benggang sannyari, wussira ngalama lama, Sang Rêtna sampun garbinni,.


Prapténg mongsa babar sampun, kang putra miyos pawéstri, sinungngan peparabbira, Sithi Jénnab mring Jeng Nabi, wussira ngalama lama, anulya puputra malih.


Pawéstri kelangkung ngayu, sampun sinungngan kekasih, kusuma Sithi Rukiyah, anulya putrannya malih, pawéstri sinungngan nama, Sithi Kalsum kang wewangi.


Nulya apuputra jalu, Sayid Kasim ingkang name, nulya malih putrannira, jalu wasta Sayid Thahir, nulya malih apuputra, Sayid Thayib kang wewangi.


Duk punnika yuswannipun, tigang dasa warsa nenggihh, gangsal taun punjullira, cahyanné lir péndah sasi.


Sithi Fathimah rannipun, punnika minongka gusthi, sedaya wadon sadunnya, tan mawi ciri samennir, ya ta ing ngalama lama, wonten dawuhing Hyang Widi.


Dhateng malékat sedarum, kinnén tumurunna sami, ngresikana kakbatollah, sagungngé bud ana prasami, kinén nglabuh mring samodra, lawing ingkang papat sami.


Kinén ngresikki punniku, sampunné dipun rêsikki, anulya sinungngan gonad, angambar amrik amingnging, kang dhingin lawing satunggal, sagung janma kang ningalli.


Kelamun kambah kadulu, lawing papat dén rêsikki, nulya pangedhéné Mekah, sedaya angling, sapa baya wongngé bénjang, kang ngeréh kakbatollahi.


Ujarré kang para nujum, lah padha mennengnga sami, apan iya iki bénjang, pesthi ana kang duwénni, aja na maido sira, ucappen sakéhing janmi.


Ing Mekah prasami matur, dhumateng ingkang Jeng Nabi, ya Gusthi kawula, kados pundi sapunniki, tiyang ngageng Mekah mangkya, inggih prasami miyossi.


Dhumateng kakbatollahu, bok inggiya gusthi mugi, miyossa dhumateng kakbah, méndah ta sagungnging janmi, bingahipun ingkang mannah, milamba maturing gusthi.


Punnika séla kang ngagung, kang wonten satengah masjid, jinunjung sedaya tiyang, ing Mekah séla tan osik, mugi ta punnika séla, tuwan junjung mrih gumingsir.


Ya ta Kanjeng Nabi wau, sigra tindak dhateng masjid, sapraptanné kakbatollah, Jeng Nabi ingkang dariji, tinumpangngaken ing séla, séla gung marêk Jeng Nabi.


Anulya kang séla wau, ngaras astanné Jeng Nabi, ya ta alon angandika, marang séla Kangjeng Nabi, éh watu sira ngadegga, kang séla angadeg aglis.


Pangageng wong Mekah dulu, kang annéng kakbatollahi, langkung ramé swaréng janma, ingkang sami anningalli, ya ta wau yuswannira, Kangjeng Nabi sampun prapti.


Tigang dasa wolu taun, semana wau ningalli cahya padhang kadi wulan, angandika kangjeng Nabi, dhumateng ing garwannira, Kathijah mrénéya yayi.


Apa ta mancorong iku, payo tingallana yayi, anulya Rêtna Kathijah, semana wau ningalli, panningallira Sang Rêtna, kang cahya amindha sasi.


Nulya na swara karungngu, ujarring swara dumeling, anguwuh uwuh kang swara, pannyelukké wanti, Jeng Nabi miyarsa swara, noléh kannan noléh kéring.


Semana Jeng Nabi dulu, ana sawijining janmi, sagung wong tan nana wikan, amung Jeng Nabi pribadi, dadya amicoréng driya, apa baya lakon iki.


Jeng Nabi lumampah gupuh, tan kundur mring dalem nenggih, anulya dhumateng taman, sarawuhnya tamansari, angaub ngandhapping wreksa, langkung ngasrep raosnéki.


Ya ta wau Kangjeng Rasul, anulya késah tumuli, tindakkira tanpa réwang, amunggah saluhur ardi, sapraptanning nginggil arga, na kayu  sandhing Jeng Nabi.


Gya lenggah ngandhapping kayu, adangu dénnira linggih, kongsi prapta kawandinna, nulya kundur Kangjeng Nabi, sapraptanning dalemmira, kang rayi kepanggih wiking.


PUPUH III

PANGKUR


Ingkang garwa tinimballan, prapténg ngarsa Kathijah awotsari, angandika Kangjeng Rasul, Kathijah payo lunga, munggah ngarga anulya sami lumaku, lampahira tan réwang, pan naming tiyang kekalih.


Annéng saluhurring ngarga, mung sadina nulya na cahya kéksi, dhumateng kang rayi sampun, ingkang cahya gya musna, ingkang swara dumeling apan karungu, déné ambekta kang garwa, sadina néng pucuk wukir.


Rêtna Kathijah aturnya, yén aparêng karsa paduka Gusthi, bok inggih suwawi kundur, Jeng Nabi angandika, iya payo semana anulya kundur,  sapraptanning dalemmira, Kangjeng Nabi wangsul malih.


Lumampah minggah mring ngarga, tanpa réwang mung sarira pribadi, nalikannya néng delanggung, sagungngé séla wreksa, uluk salam mring Jeng Nabi ingkang langkung miwah na swara kapyarsa, tan pegat nguwuh mring Nabi.


Nulya kang cahya katingal, tan pra béda lir kalannira ngunni, punniku duk yuswannipun, wus tigang dasa sanga, lawan enem sasi nenggih langkungngipun, nalika wektu semana, saben sré Kangjeng Nabi.


Supenna annéng jro taman, sarêng sasi mulud apan marêngngi, yuswa kawandasa taun, nuju malem Jumuwah, ping wolulas wancinnira bedhug dalu, Jabarail tumurunnya, néng ardi karam punnika.


Marêk mring Nabi Muhammad, sarêng prapta atur salam ing Gusthi, sinnahurran ing Jeng Rasul, iya ngalékum salam, Jabarail semana alon umatur, dhuh Gusthi Nabi Mukhammad, salam ing Hyang Maha Sukci.


Inggih dhumateng ing tuwan, ya ta Kangjeng Nabi sumahur aris, wangalékum salam, Jabarail sru mojar, fadinnillah nulya késah tan kadulu, Kangjeng Nabi sigra dhahar, roti akaliyan gendhis.


Jabarail malih prapta, alon ngucap tuwan islamma mangkin, Kanjeng Nabi éca minggu, lenggah ngandhapping wreksa, sanginggillé ing gunung karam punniku, pan amung elet sadina, Jabarail prapta malih.


Marêkking Nabi Muhammad, sarwi matur dén langgeng tuwan linggih, Jabarail musna sampun, Jeng Nabi osikking tyas, malékat iya ingkang prapta mau, mung ngucap sakecap musna, Kangjeng Nabi éca linggih.


Malem Isnén duk punnika, ambarêngngi tanggal kaping sedési, ngandika kang Maha Agung, kabéh para malékat, pitung langit padha mudhunna sedarum, sira padha ngurmattana, Mukhammad jumenneng Nabi.


Sedaya matur sandika, Jabarail tedhaknya, bekta enur pirang-pirang cahya mancur, datan kenni winilangnga, kinumpulken dadi siji.


Sampun kumpul sagung cahya, sarêng prapta malékat Jabarail, ing ngarsanné Kangjeng Rasul, pan sarwi uluk salam, sinahurran dhumateng Nabi arum, wangalékum salam nulya, matur malékat Jabarail.


Dhuh gudthi Nabi Muhammad, salam ing Hyang dhateng paduka inggih, Jeng Nabi nahurri arum, wangalaékum salam, Jabarail ya ta malih aturripun, kawula dinuténg ing Hyang, anurunken cahya Gusthi.


Punnika dhumateng tuwan, ingkang cahya ya tan wonten kang madhanni, gumilang gilang umancur, wusnya manjing kang cahya, gya ing ngangkat jinenengken Nabi wau, pinnanjingngan sagung cahya, kang mulya kang ngadi-adi.


Adi éndah ingkang cahya, datan kenni winarnaha ing tulis, Jabarail sigra dulu, mring Jeng Nabi kang warna, kasumukkan ing cahyanné Kanjeng Rasul, katingal mulih semana, ingkang warna Kangjeng Nabi.


Jabarail risaksana, medallaken sinjang saking suwargi, langkung ngéndah warnannipun, kadya sesotya muncar, datan nana tumandhingngan warnannipun, janma yekti tan kuwasa, amandengnga ingkang warni.


Jabarail aturira, inggih tuwan rathu sekalir kalir, dunnya khérat ingkang punjul, sagung maklikking suksma, datan wonten ingkang nyenyami pukulun, asta tuwan ingkang kannan, mugi sungngenna ing mami.


Ya ta Kangjeng Nabi inggal, ngulungngaken astannira annuli, pan ingkang jejarit kantun, Jabarail gya inggal, ngulungngaken dhumateng nging Kangjeng Rasul, lajeng mangnglung tanpa asta, ya ta narima Jeng Nabi.


Busana peparingngira, Hyang Suksmana Jabrail matur aris, punnika peparingngipun, Gusthi kang Maha Mulya, dhateng tuwan tingallana busannéku, anulya binnabar sigra, sampunné ginelar gipih.


Medal cahya langkung padhang, pan sadalunya tan nana kang nimbangngi, sumulak padhang kelangkung, saking magrib katingal, malah terus dhumateng masrik kadulu, padhangngipun ponang cahya, malah-malah ngantos wradin.


Miwah jronning guwa-guwa, apan padhang kang peteng-peteng sami, lakon limang ngéwu taun, jagad rat katingallan, déné sanget punnika ing padhangngipun, Jabarail inggal turnya, marang Gusthi Kangjeng Nabi.


Ya ta andikanné Allah, dhateng tuwan isiné ngalam sami, bumi pitu langit pitu, sedaya saisinya, sampun kasrah dhumateng tuwan sedarum, isiné dharat sedaya, utawi isiné warih.


Sami kasrah dhateng tuwan, amung tuwan ingkang luwih pribadi, miwah sedayanné ngélmu, pinnaringaken tuwan, sekalirré makluk ing Hyang Maha Agung, tuwan kang punjul pribadya, wekassanning para Nabi.


Tur sinelir ing Hyang Suksma, inggih kasrah ing tuwan sedayéki, mung tuwan utusannipun, Jeng Nabi angandika, Jabarail inggih pawong sannak ingsun, Pangéran Kang Maha Mulya, dhawuhken paréntah inggih.


Sedaya maklukking Allah, kang maujud lawan peparing malih, inggih sedayanning ngélmu, dhumateng ing kawula, sakelangkung suka rênna manah ingsun, nanging amba déréng wikan, sakarsa-karsanning Gusthi.


Kados pundi tingkah kula, amumuruk dumateng sannak mami, dé amba cupet kelangkung, tansaged napa-napa, Jabarail semana nulya angrangkul, utawi para malékat, ingkang ngagung-ngagung sami.


Sagungngé para malékat, angepithing dhumateng Kangjeng Nabi, Jabarail alon matur, tuwan inggih ngajiya, Kangjeng Nabi alon pangandikannipun, lah inggih kadya punnapa, ki sannak gén kula ngaji.


Punnapa sun ucappenna, nulya Kangjeng nabi dén kekep malih, dén kapithing dénnya ngrangkul, mring Jabarail mangkya, Kangjeng Nabi sumaput panningallipun, ya ta wau kinendhonnan, gupuh angling Jabarail.


Lah ta tuwan angajiya, Kangjeng Nabi ngandikannira aris, napa kang sun ajiniku, inggih selaménnira, déréng natté angaji pan raganningsun, lan déréng winuruk kula, angaji kang dhandhanggendis.


PUPUH IV

DAHANDHANGGULA


Alit mila tan winuruk ngaji, déréng wikan ing pratingkahira, punnapa dén ucappaké, Jabarail agupuh, nulya wau angekep malih, dhateng Nabi Mukhamad, Jeng Nabi tan émut, adangu dénnya kantaka, ya ta émut padhang raossé kang galih, jembarring budinnira.


Ya ta paham sakathahing ngélmi, pangekeppé wau kinenthonnan, sampun émut panggaliyé, gya Jabarail matur, lah sumangga tuwan angaji, Kangjeng Nabi ngandika, gih ya duka, sigra ngikal tekennira, wong kapir sedayannira, ginebuggan tekennira, ana pecah kulittira, ya ta wong kapir tuwa.


Ngadhangi Sayidu sigra, sarwi alon aturrira, kiyai sampun mangkana, tan prayogi tyang brawala, Ki Sayidu maksih duka, maksih ngikal tekennira, yén nganggowa gaman yuda, yekti pinatén sedaya.


Punnika wong kawandasa, Ki Sayidu sru ujarnya, lah iki yén sira arsa, weruh ing budayannira, marang wong malbu agama, Islam nalikanéng dunnya, ya ta kapir kawandasa, bubar mantuk sedayannya.


Sayidu rapih nepsunnya, sigra mantuk wismannira, Sayidu sapraptannira, néng wisma wong kawandasa, sedaya prasami prapta, lumebu anut agama, Islam ing sedayannira, Ki Sayidu lajeng séba.


Mringf Gusthi Nabi Mukhamad, matur ing sasolahira, ing purwa madya wasana, nalika ing prpatannira, punnika wong kawandasa, Jeng Nabi sarêng miyarsa, saklangkung sukanning driya, nulya akésah seksana.


Kangjeng Nabi amiyarsa, wong maca Kuran punnika, anutting agamannira, Kangjeng Nabi nulya prapta, dhumateng panggénnannira, maring wong ingkang amaca, sami rêmen kalihira, tan sedya mundur agama.


PUPUH V

PANGKUR


Ki Sayidu semana anulya medal, marang wong Mekah panggih, kang durung agama, prasami pakumpullan, sedayanné tiyang kapir, pan winetara, ana wong satus luwih.


Ki Sayidu asru ing pangucappira, rungunnen ujar mami, sira duwé budhan, ya padha sira sembah, bungahmu kepati-pari, asuka wirya, emas kang sira kardi.


Ana watu parunggu wesi selaka, suwasa sira kardi, lah ta iku apa, kang dadi kasillira, yaiku duraka yekti, asiya-siya, panggawénnira sami.


Sira bésuk tinnarik marang neraka, marang budhanniréki, apan iku iku budhan, dadi rub-urubbira, ing genni neraka bénjing, siréku padha, tannana antuk swargi.


Sagungnging wong kapir prasami miyarsa, nepsu nyatan sinipi, Ki Sayidu méntar, mantuk ing wismannira, warnannen sagungnging kapir, sami rêmbuggan, paranta ing réh iki.


Ana kapir kang tuwa asru angucap, witté panggawé iki, ya saking Mukhamad, kang dadi gurunnira, lamun rêmbug konco sami, ya si Mukhamad, abecik dipétanni.


Ana manning wong tuwa asru ujarnya, ya iku rêmbug mami, lah ta payo padha, angumpulken gegaman, semana wau wong kapir, kumpul warastra, pekakas ing ngajurit.


Sampun kumpul sagegamanning ngayuda, tigang ngatus kéh néki, semana gya budhal, dhumateng wismannira, Ki Abunthalib wus prapti, tata alenggah, nenggih annéng pendhapi.


Ki Bunthalib nambrama alon sabdannya, paranta sannak mami, ta wau lajeng tata lenggah, Ki Rakit alon aturré, punnapa karsannipun, Kangjeng Gusti nimballi dasih.


Jeng Nabi angandika, paman ingsun tutur, ingsun duk ning karam, tengah wengi wayahé ingsun ningalli, ing luhur ana cahya.


Cahya iku luwih saking wenning, nulya ana wong prapta satunggal, kang gawa jarit warnanné, ngluwihi éndahipun, dén wéhaken marang ingkang ing mami, sarta jennengken mring wang, dadi Nabi ingsun, wekassan para Ambiya, ingsun nuli kinnén angajiya nenggih, saur ngong nora bisa.


Jermannira kawit saking ngalit, durung naté winuruk ngajiya, paran mengko ing lekassé. Annulisun rinnangkul, pangekeppé luwih ngapithing, sumaput panonning wang, gya kinenthon ingsun, nuli ngong kinon ngajiya, saurringsun mannira tan bisa ngaji, malah gennepping tiga.


Raganningsun paman dén kapithing, nuli kinon umulih mannira, gya musna tanna tilassé. Ki Rakit lon umatur, gusti ulun tiyang kang prapti, Jabarail punnika, inggih dipun utus, dhumateng Allah tangala, pan umarêk dhumateng paduka gusti, déné jarit punnika.


Pan kinarya pratandhanné gusti, jumenneng tuwan Nabi wekassan, kelawan inggih malihé, paduka dipun rangkul, ingkang agung-ngagung,lawan malih pamrihira, sagung tiyang ingkang sami gething-gething, supados sami siha.


Kangjeng Nabi sekel ing panggalih, pan katingal ing sasolahira, Ki Rakit alon aturré, dhuh Gusti sampun-sampun, inggih tuwan maras ing galih, nadyan akathah tiyang, kang gething punniku, inggih yekti tan tumeka, lan malihé datan wonten Nabi malih, prapténg dina kiyamat.


Sampun telas aturré Ki Rakit, nulya sujud marang Rasullollah, sumengkem annéng padanné, ki Rakit amit maklum, Dyah Kathijah nulya ngabekti, dhumateng ingkang raka, gya winuruk gupuh, nenggih kalimah sahadat, sampun Islam cahyanné wuwuh dumeling, warnannén Abubakar.


Anyupenna mangké mangku sasi, tanggal pat belas duk énjangngira, semana umarêk agé, dhumateng Kangjeng Rasul, sarêng prapta dipun hurmatti, lajeng tata alenggah, Bubakar sinobya-sobya, Kangjeng Nabi wawarta kala néng wukir, dhumateng Abubakar.


Sasampunné wawarta Jeng Nabi, Kangjeng Nabi alon angandika, Abubakar proyoganné, Islamma ta punnika, ki Bubakar sarêng miyarsi, saklangkung aturnya, ulun anut sumongga tuwan wurukki, nulya winulang sadat.


Kalih-kalih Bubakar Sidik, sampun bisa Bubakar sahadat, Bubakar teguh imanné, nulya dhaharran sampun, Abintha ingkang dados karsa, déné prasami prapta, ambekta gegaman jurit, kapir kang nama, jumprit naurri aris.


Mila kula umarêk dhateng paduka, apanta gih samangkin, putranta Mukhamad, muruk agama anyar, sedaya agama lami, wong nembah budan, punnika boten kenni.


Sampun kathah samangké tiyang ing Mekah, ingkang guguru ngélmi, dhumateng Mukhamad, manut agama anyar, punnika sami moyokki, dhateng ngagama, inggih kang lami-lami.


Tiyang ingkang agama anembah budan, punnika tan prayogi, ingkang bénjang yén pejah, sami manjing neraka, yén sampéyan amarêngi, putra paduka, Mukhamad ing samangkin.


Kula suwan badhé kula pejahana, sampun kelajeng sami, tiyang nut agama, Abunthalib sabdannya, éh sagungngé sannak mami, pannedha kula, ywa wonten dados galih.


Saujarré Mukhamad dipun kéndelna, mapanta rare alit, saungel ungelnnya, sami dipun kéndelna, sami ningallanana mami, jumprit miyarsa, tuwin kancanné sami.


Dhateng kyai Abunthalib ujarira, lajeng saréh kang ngati, jumprit aturira, lamun kados mangkana, kawula anuwun amit, seksana méntar, sagungngé tiyang kapir.


Sami mantuk ing wismanné sowing-sowang, ya ta malih winarni, kyai Abu Jahal, lawan pangageng ngira, tiyang Mekah sami prapti, mring wismannira, ki Abinthalib panggih.


Sampun sami atata lenggah sedaya, Bujahal ayon angling, semunnira duka, milannipun kawula, ingih dhumateng mariki, arsa matura, dhateng sampéyan inggih.


Putrannipun Ngabdullah raka paduka, Mukhamad ingkang name, punnika memada, dhumateng ing kawula, moyokki agami mami, bokta inggiya, tuwan éngetna mangkin.


Lawan moyok inggih ing jinis kawula, punnika tan prayogi, kelamun mangkana, boten wandé ing bénjang, punnika dados satori, tyang nembah budan, pan wus selaminéki.


Ing wusana mangké arsa sinnalinnan, dhateng Mukhamad inggih, mongsa sami trima, Mukhamad akallira, lamun punnika tan mari, kula sedaya, nuwun lilah prasami.


Pun Mukhamad badhé kula sirnakenna, ya ta ngling Abunthalib, dén sabra ing karsa, apan ta pun Mukhamad, dén pamakna rare alit, saujarrira, kinéndelna prasami.


Apan inggih punnika ujarring bocah, tan kénging dén ukummi, anulya semana, medal ingkang sugata, dhedhaharan warni-warni, miwah inuman, andhér annéng ing ngarsa.


Lajeng sami alekas prasami dhahar, inuman salin-salin, dugi dénnya dhahar, lajeng sami budan, sedaya prasami mulih, sowing sowangngan, kuneng mangké winarni.


Kangjeng Nabi duk katurunnan saréngat, Bunthalib gegetinné ramannipun, bok iyaha diurutti, kang dadi paréntahipun, apa mannéh awak mami, dén preduli tuturring ngong.


Iya iku kang dai pratandannipun, bocah bakal amalahi, mulanné konca yén rêmbug, mungguh ta ing karêp mami, payo padha di kerroyok.


Mumpung cilik iku padha pinrih lampus, lamun sagedhé bénjing, mundhak mannéh akallipun, réwangngé naurri aris, lerês pikir kang mangkono.


Si Mukhamad déné ta kaliwat angkuh, gumedéné saya dadi, jer dadi mantunné iku, ya marang Sulthan Walidi, kang di andellaké mengko.


Pangrasanné atiku Mukhamad iku, mongsa ta bangkatta iki, iya lan wong ngagung ngagung, wong siji balung ngawisi, ranté ya kawat kang ngotot.


Asung summa gegala balungnga prunggu, kulitta tembaga abrit, ana réwangngé sumahur, mulanné Mukhamad wanni, Mukhamad apan kinnaot.


Apa déné dhasar bangsannipun luhur, tedhak kurés Banu Kasim, lan malih sampun kamantu, marang Jeng Sulthan Walidi, ingkang sawiji lingnya lon.


Si Mukhamad déné bisa ngaku-aku, utussannira Hyang Widi, ya saking pinterré clathu, dénnyarsa ngungkul ungkulli, ya marang agamanning ngong.


Ingkang lawas lawan uwong sedayéku, ya ta sami bubar mulih, wusnnya prapta wismannipun, maksih sami muring-muring, atinné sami mendhokol.


Dadya sami ngumpulken gegamannipun, tan wonten dipun raossi, yén kumpul wong papat telu, arsa nyidra sedyannéki, mring Mukhamad pinrih layon.


Kang sawennéh ngucap lah ta kancanningsun, Mukhamad tuturréki, ya Gusthibuddan punniku, apan arsa dén bératti, linebur ajana katon.


Binuwangngan mring ngawang ngawang sedarum, kancanné kapir naurri, iku ingsun iya rêmbug, nulya kapir malih prapti, akumpul dadi saenggon.


Ri seksana sami umangkat sedarum, sakathahing tiyang kapir, Abintalib kang jinujug, lampahira sampun prapti, wisméng Buntalib milungguh.


Wus satata sedaya prasami lungguh, wong ngagung ing Mekah sami, alon dénnya sami muwus, matur dating Abinthalib, rumiyin pan aturring ngong.


Angaturri unninga dhateng pukulun, inggih wit pratingkah néki, Mukhamad sampyan rumuhun, kula turri suka péling, pratingkahipun kanga won.


Yén saéstu inggih Mukhamad punniku, dén émutken boten kenni, anganggé sakajengngipun, mugi sampun netah mami, sampun tamtu lamun dados.


Poncakara Abunthalib alon muwus, kula sampun suka péling, mring Mukhamad datan anut, aturripun dhateng mami, piyambakké niku kinon.


Dhateng gysthi Allah ingkang Maha Agu, nyalinni saréngat nenggih, agama budan linnebur, sedaya sami miyarsi, Abunthalib kang wiraos.


Sami kéndel lajeng apamittan mantuk, kémengngan Ki Abinthalib, amicoréng jronningkalbu, mangkana usikking galih, kayapa dadiné méngko.


Si Mukhamad tan anggugu pémut ingsun, kaku temen ati mami, ingsun akéh wong milungguh, Mukhamad nora praduli, iya marang pémut ing ngong.


Ingsun rasa sabenner uwong akéh iku, Abunthalib késah nuli, maring dalemmé jeng rasul, tan kawarna sampun prapti, lajeng sami tata lungguh.


Ki Bunthalib ya ta alon dénnya muwus, dhuh Mukhamad putra mami, kula niki ingsun pémut, sampun juwet-juwet inggih, sekarré pucung gumatos.


PUPUH VI

PUCUNG


Putranningsun: Mukhamad bok inggih sampun, jengngandika ngajak, mring tiyang salin agami, apan kathah tiyang milungguh mring kula.


Dhateng ulun: inggih sami angsung pémut, dika mantunnana, sedayanné tiyang kapir, apan sami ngancam-ancam mring andika.


Yén pukulun: inggih boten purun mantun, saking pé,ing kula, sedayanné tiyang kapir, arsa ngrusak dhumateng ing jengandika.


Adhuh-adhuh: Mukhamad pa becikkipun, tiyang tutukarran, tur sinnatru sagung janmi, yén kéngingnga saget palimirma kula.


Kangjeng Rasul: yata alon aturripun, adhuh ramanning wang, kang ngitik-itik wit alit, dhateng kula inggih ngantossa diwasa.


Paring pémut: dhumateng ing badan ulun, supados kawula, mantunna sun ngajak janmi, asalinna saréngat agama buddan.


Inggih sagung: janma nglampahna sedarum, ing ngama islam, inggih sampun ngantos runtik, galihipun rama dhumateng ing kula.


Dhawuhipun: rama kula boten nurut, sennadyan kawula, inggih dhumatengnging pati, boten ajrih ing tiyang kapir kawula.


Inggih sampun: menggah tiyang ngriki niku, sennadyan wewaha, inggih rama tiyang kapir, sajagad rat mengsah dhumateng kawula.


Sarêng maju: ngerubut dhumateng ulun, nyegah kajeng kula, boten kandheg boten ajrih, apan kula nglampahi karsanning Allah.


Sinten wantun: rama kang malangngi ulun, mongsa ta kawula, kéndella pikajeng mami, Abunthalib ngasih-asih aturrira.


Adhuh sampun: anggér kawula tan tumut, ing sakarsa tuwan, pun bapa boten malangngi, lamun tuwan ing ngutus dhumateng Allah.


Boten gadhuh: annak malih ramanningsun, inggih naming tuwan, nulya wau Kangjeng Nabi, angandika dalillipun Kura nana.


 Ingkang maklum: angadhep sedayannipun, wong kang sampun islam, amanjing agama sukci, yata kuneng wong kapir kang kawarnaha.


Wong kang nebut: ing budam prasami kumpul, apirêmbug  samya, kawan kancanné wong kapir, yata ana panggedhéné kapir mojar.


Mengko yaw us: Abinthalib ujarripun, marang si Mukhamad, uwis noradi preduli, yén mangkono mungguh ing rêmbug mannira.


Payo rawuh: mring Aulidu wismannipun, ika duwé annak, lannang warnanipun pekik, iya padha bagasse lawan Mukhamad.


Pan jinnaluk: ya kinnarya lirunipun, marang si Mukhamad, annakké Aulidu iki, diwénnéhken Abunthalib si Mukhamad.


Pan jinnaluk: yén uwis sinungken iku, punnika Mukhamad, nuli padha dipaténni, iya aja anganti kedawa-dawa.


Uwong kupur: sedaya prasami rêmbug, semana gya budhal, mring wisma Aulidu prapti, wus sapanggih lajeng sami tata lenggah.


Para sepuh: wong kapir alon umatur, mila kula sowan, ing ngarsa tuwan punniki, inggih lawan sakonca kula sedaya.


Sami nyuwun: ing putra sampéyan jalu, inggih kajeng kula, kula tur ken Abinthalib, adadossa gantossipun si Mukhamad.


Kula suwun: pun Mukhamad ta punniku, yén Bunthalib suka, Mukhamad yun ngong paténni, ki Aulidu miyarsa kelangkung suka.


Iya lamun: mangkono rêmbuggé iku, ya luwih prayoga, Aulidu sutanniréki, ya ta lajeng sinungngaken kapir tuwa.


Sigra kundur: pamit wong kapir sedarum, lampahira prapta, wismannira Abinthalib, sami andhér atata dénnira lenggah.


Pan wong kupur: kalih atus malah langkung, atarap ing ngarsa, ki Abinthalib manggihi, yata alon wau dénnya angandika.


Wonten perlu: déné prate ngarsanningsun, paran kang sinedya, iya sira kabéh iki, yata kapir kang tuwa alon aturnya.


Mila ulun: umarêk ngarsa pukulun, kula lan sakonca, kula sami prapténg ngriki, kami purun gadhah atur dur-rundurran.


PUPUH VII

DURMA


Dhuh kyai Bunthalib atur kawula, Aulidu ingkang siwi, bagus ingkang warna, ing samangké katurra, dhumateng tuwan punniki, supados dadya, inggih gantossiréki.


Pun Mukhamad putra tuwan ulun tedha, badhé kula pejahi, diménnipun sirna, gene nyalinnigama, amrih bingah ati mami, Bunthalib myarsa, bendunnira tan sipi.


Déné nora kaya apa ngucappira, kang karungu ing mami, Mukhamad nakking wang, sirarsa mrih palastra, nora awéh annak mami, pinrih palastra, sayekti ngong bélanni.


Pan bagasse annakku mongsana madha, yata matur wong kapir, mila kula minta, inggih ing lila tuwan, Mukhamad kula pejahi, amrih kawula sennengnga ati mami.


Salaminné yén Mukhamad maksih gesang, punnika temah kardi, muring-muring kula, lamun tuwan maringna, éstu tetep awét becik, Bunthalib myarsa, saya sru dénnya runtik.


Mring wong kapir asru bengngis saurrira, Auldu ingkang siwi, sun tannarsa tompa, lah iya tampannana, nora karêp nurut mami, marang ing sira, nadyan ana nem kethi.


Trêsnanningsun apan iya nora apdha, putranné kadang mami, sun gantiné bapa, anak Mukhamad iya, bok Aminnah kang sisiwi, radén Ngabdullah, sudarmanné sayekti.


Sadulurku mulanné sun langkung welas, iku samengko néki, padha sira arah, ingsung takon mring sira, angakuwa kang sayekti, ajana dora, aturmu marang mami.


Sapa ingkang amarahi marang sira, apa gurunniréki, apa gusthinnira, lah apa kitabbira, iya iku ana munni, iya kang kaya, karêppannira iki.


Lawan apa agamannira paréntah, kadi karêpmu iki, déné luwih salah, karêppannira iya, kabéh padha ting balasik, annasar-nasar, nora miturut ngélmi.


Apa benner mungguhing karêppannira, iku salah sayekti, ing dalem agama, kang munni kitab tiga, torét jabur lawan injil, yén ana janma, duwé akal kadyéki.


Nora kanggo marang para raja-raja, iku akallé iblis, wong jail tan dadya, pikukuhing ngagama, tan kanggo ing para aji, sun iki iya, dadi panggedhé néki.


Lamun ingsun nuruttana rêmbuggira, kabéh iku wong jail, sayekti mannira, katut melu duraka, kenna ukummé wong jail, mulanné ana, rathu gedhé lan manning.


Rathu mulya sabab adoh ingkang kaya, akallira kang jail, aja salah karya, marang sami tumitah, kajaba lamun tinuding, maring Hyang Suksma, pesthiné anglakonni.


Lah ta kabéh wis padha sira muliya, mannira tan methukki, marang karêppira, wong kapir sigra bubar, saking ngarsanné BuntHlib, sedaya kopar, sangsaya muring-muring.


Prapténg wisma wong kapir sami kumpullan, lamun kadya punniki, paran rêmbuggira, Bunthalib iku panggah, Mukhamad dipun kukuhi, yata na kopar, asru dénnira angling.


Yén mangkono iya iku si Mukhamad, payo ta di paténni, lawan sakéhira, wong islam wis mannira, iku padha dibubrahi, kelamun bongga, ya banjur di paténni.


Sigra budhal sagungngira uwong kopar, sarta gegaman jurit, sapraptanné pernah, wismannira wong islam, wismanné dipun bubrahi, wong kang kecandhak, pra sami dén gebuggi.


Kagégérran sangungé wong ingkang islam, sami marêk Jeng Nabi, Syayidu aturnya, utawi Abu Bakar. Gusthi samangké wong kapir, sami angrisak, wismanné umat Nabi.


Tiyang islam kang kecandhak ginebuggan, mila yén paréng gusthi, kula nuwun lilah, inggih idin paduka, badhé amethuk ing jurit, kelawan kopar, sagendhingngipun Gusthi.


Boten ajrih kawula kelawan kopar, ngandika Kangjeng Nabi, éh ta Abu Bakar, andika dipun sabra, apan kula sapunniki, déréng atompa, dhawuhipun Hyang Widi.


Kinon aprang kula kelawan wong kopar, dén sabra ta kariyin, kéndel Abu Bakar, miwah sayidu samya, kuneng wau Kangjeng Nabi, genti kawarna, kiyai Abunthalib.


Para kadang myang sentana tinimballan, kumpul lan wismannéki, wus pepak sedaya, tarap atata lenggah, ngandika ki Abinthalib, mulanné padha, sun undangngi mariki.


Wong ing mekah ingkang padha nembah budan, padha lara kang ngati, marang si Mukhamad, samengko awaking wang, aduwé undhang punniki, sapangucappa, ing ngaranné nak mami.


Ingsun susut iku uwong ilattira, sapa kang angrasanni, marang si Mukhamad, para kadang miyarsa, sedaya pan sami ajrih, tuwin sentana, sandika atur néki.


Yata lajeng sami wau adhaharran, tutug dénnira bukti, anulya bubarran, misuwur undhangira, werata sedayannéki, sapraja mekah, kuneng malih winarni.


Wong ing mekah ingkang sami nembah budan, sedaya amiyarsi, Bunthalib kang undhang, lajeng sami kumpullan, Aulidu pangageng néki, Aulidu ngucap, paranta rêmbug iki.


Abinthalib ing samengko undhang-undhang, yata kapir samya ngling, yén kadya mangkana, menggah ing ngatur kula, prayogi sami kepanggih, mring Abu Jahal, amrih écanning galih.


Atur priksa inggih dhateng Abu Jahal, paran karsanniréki, Aulidu angucap, iku luwih prayoga, semana budhal tumuli, sagungngé kopar, gangsal latus pan luwih.


Ki Aulidu ingkang dados pangarsannya, lampahnya sampun prapti, wisma Abu Jahal, nulya marêk sedaya, lajeng sami tata linggih, Aulidu lawan, sedaya tiyang wuri.


PUPUH VIII

PANGKUR


Aulidu alon aturnya, éh Bu Jahal mila kawula mriki, lan tiyang niki sedarum, kula atur pariksa, ing andika Mukhamad samnagké niku, amulang agama islam, tiyang nembah budan sami.


Punnika kedah rinusak, sagung budan kedah dipun bucalli, mring Mukhamad tiyangngipun, Bujahal alon ngucap, éh Aulidu punnapa ta tingkahipun, Mukhamad dhatengnging tiyang, ingkang nembah budan sami.


Aulidu alon aturnya, lah punnika tuwan dangu pribadi, tiyang ingkang gadhah atur, yata kapir sedaya, sarêng ngucap Abu Jahal milannipun, kawula marêkking tuwan, Mukhamad wektu punniki.


Pratingkahé boten jamak, boten wonten ingkang kepanggih becik, paréntahé sinten anut, agamannya Mukhamad, kinén buwang agamanné lawas niku, inggih sampun nembah budan, yén menggah pemanggih mami.


Apan ta alanning ngala, wong kang purun ninggal agama lami, déné janma ingkang purun, angrusak tata lama, gih punniku tiyang ingkang datan patut, awor lawan tiyang kathah, jer tiyang pannas nglangkungngi.


Lan malih tandhanné ala, jer sulaya lawan sannak sami, inggih mangké milannipun, badhé kawula risak, si Mukhamad alanné sampun kadulu, agadhah agama anyar, punnika dipun anteppi.


Inggih niku ngélmunnira, boten sami lawan ngélmunniréki, tiyang kathah-kathah niku, sulaya sedannya, lan maliyé ngaku ing ngutus Hyang Ngagung, supados dipun anggeppa, déning wong sejagad sami.


Aulidu nambungngi sabda, dhuh sannak ngong Bujahal ingkang sinidik, kabéh konca kancanningsun, ajana anut padha, mring Mukhamad kalamun ta sira anut, iya marang si Mukhamad, ilang agamamu lami.


Agama wong kunna-kunna, iya lebur temah tan nana kari, Mukhamad kang arsa nglebur, pan iya ngélmunnira, si Mukhamad punniku jail saéstu, pan arsa ngrusak agama, Abu Jahal alon angling.


Éh Aulidu sannakking wang, myang sakéhé sannak ngong ingkang prapti, mungguhing panemunningsun, lamunkaya mangkana, si Mukhamad iya ta panten kinebur, nanging padha dén sabarna, ngong ngupaya budi dhingin.


Semana lajeng bubaran, kuneng malih gentiya kang winarni, kangjeng Nabi kang winuwus , lenggahan néng ing langgar, tanpa réwang Jabarail nulya rawuh, praptannir uluk salam, jawab ngalékum salami.


Yata lajeng tata lenggah, Jabarail alon dénnira angling, salamming Hyang Maha Luhung, jawab ngalaékum salam, ya Mukhamad timballannira Hyang Ngagung, ingkang ngaranni mring tuwan, jail punniku ing bénjing.


Allah ingkang angrusakka, nak putuné saraja kayannéki, lawan dunnyanné sedarum, bénjang annéng ngakhérat, sinéléhken annéng ing yomanni tamtu, Jabarail nulya musna, suk Kangjeng Nabi miyarsi.


Jabarail aturrira, Kangjeng Nabi tyasnya sanget prihatin, wong kapir rasakna bésuk, rinusak ing Pangéran, ennengngenna ing mekah mangké winuwus, kawarnaha negri liya nenggih negari parisi.


Wonten Pandhitha satunggal, Séh Samsidin parabnya Sang Marêssi, tansah bekti ing Hyang Ngagung, siyang dalu tan pegat, madhep ing Hyang sang Pandhitha eméh junun, angaji kitab titiga, toret jabur injil.


Datan  mawi kesamarran, Séh Samsidin semana anningalli, osikké wardayannipun, samengko iki iya, ing mangsanné pan uwis ing wayahipun, iya lajeng Nabi Mukhmad, panutuppé para nabi.


Gonnira babar saréngat, annéng mekah lan madinah, iya akéh kang padha sulaya kawruh, Séh Samsidin nulya karya, surat marang  mekah nuli.


Tuwin dhateng ing madinnah, tembungipun kang kawrat jro tulis, kabéh sannak sannakkingsun, ing mekah lan madinah, aja ana kang sulaya tukar padu, dipun éling ingkang munnya, kitab jabur toret injul.


Weruhannira sedaya, ing samengko iki apan wus lair, iya Jeng Nabi panutup, utussanné Pangéran , wus mangsanné ambabar saréngattipun, nyalinni agama lawas, aja gorohaken sami.


Ing saparang pawartannya, iya iku Nabi kekasih Widi, tan karsanné dhéwé iku, sabarang pawartannya, kitab ingsun injil toret miwah jabur, nabi kekasihing Allah, pan nyata luwih pribadi.


Sapa ingkang anyalahna, mring Mukhamad pinasthi iku kapir, néng yomanni enggonnipun, sapa anut Mukhamad, pesthi munggah ing suwarga iku bésuk, layangngé sami winaca, marang pangagengngé negri.


Wong kapir sami miyarsa, sauniné anenggih ingkang tulis, datan praduli punniku, malah sawennéh ana, ingkang ngucap apanniku akallipun, iya uwongngé Mukhamad, saking paduné wong jail.


Wong islam sami miyarsa, sami ngucap wong kang tan lemes ati, iya wong ingkang tan gugu, marang jangjiné Allah, sannyatanné iya ujar iku dudu, saking Jeng Nabi Mukhamad, sapa wongngé ingkang sami.


Anut mring Nabi Mukhamad, pan tinutup ingkang lawing yomanni, binuka lawing swarga gung, wong kapir pesthi bénjang, néng neraka wong islam anéng swarga gung, kuneng kang sami rêrasan, kawarnaha Kangjeng Nabi.


Yata asru angandika, sapa-sapa ingkang anut ing mami, sun predi sedaya iku, marang agamanning wang, padha ingsun ajak islam iya iku, tumuli anglakonnana, dén padha bungah kang ngati.


Aja angandelken padha, mring agama ingkang lawas prasami, padha nembah kayu watu, aja na kang wedi ya, mring wong kopar sun iki apan ing ngutus, iya marang ing Pangéran, mulanné ingsun tan wedi.


Sinnatruwa marang kopar, sapa ingkang tan anut tutur mami, nora wedi ngong sinnatru, yata wau semana, wonten kapir, mung sawiji ingkang rawuh, ambekta jarit untirran, prapta gene Kangjeng Nabi.


Anulya Jeng Nabi sigra, ingkang jongga sigra dinadhung jarit, ngantya pingget jangannipun, Jeng Nabi datan nobah, kang ningalli sedaya anjrit gumuruh, nanging ajrih atulungnga, yata Abu bakar prapti.


Awitamiyarsa swara, pan gumuruh dalemméKangjeng Nabi, sarêng prpata awas dulu, Jeng Nabi gya rinebat, kang jejarit ingkang kumalung néng gulu, sigra wau ing ngucallan, marang Abu Bakar mannis.


PUPUH IX

DANDHANGGULA


Angandika Abu Bakar Sidik, lah ngapaha siréku mangkana, apa kang dadi sosanné, déné jenengngiréku, apan iya karya bilahi, marang gusthi mannira, Nabi Mukhamaddun, pan angalap apannira, apa jinnalan annak rabimu iki, déné nora kayaha.


Apa siro motangngaken ngunni, gulu marang Jeng Nabi Mukhamad, polahmu kaya mengkono, nora lumrah tumuwuh, wong néng dunya kang dén lakonni, apa agamannira, iku kang anuduh, nglakonni kaya mengkana, kitab torét jabur utawinné injil, ana ingkangmunniya.


Nglakonnana panggawé kadyéki, sakéh kapir myarsa sanget mérang, Jeng Nabi gya salat agé, sampunnya salat tutug, Abu Bakar ngaturri mulih, wus prapta lawing jaba, Abu Bakar mantuk, yata Jeng Nabi Mukhamad, sapraptanné ing dalem semana nuli, pan arsa ngangkat slat.


Déné sampun asrep ingkang galih, sampun sirna kamanungsannira, seksana asalat agé, sampunnya salat kundur, marang jawi lampahnya ririh, marang sandhingngé kakbah, Nabi ngangkat wektu, annéng sandhing kakbatollah, nulya ana wong kapir pepitu prapti, wikan yén nabi salat.


Abu Jahal nenggih kang sawiji, lan ngasurah katiga sahapah, miwah saduwah kapatté, Ngumar kalimannipun, pun rukamah kanemmiréki, Aulidi kapitunya, maranni Jeng Nabi Rasul, annéng sandhingngé kéwala, nulya sami maranni Bu Jahal aglis, ngejéppi Abu Jahal.


Nuli méntar marang wisma sami, sigra lampahé néng marga, prapta manjing wisma kabéh, néng marga sami nemu, bathang unta ingkang wus mati, nuli ngajak ambekta, uwong neng masjid, Jeng Nabi lagya salat.


Amarêngngi sujud Kangjeng Nabi, bathang unta tinindihken jongga, wong pitu gya késah kabéh, lunga sarwi gumuyu, ting cukakak bungah kang ngati, Kangjeng Nabi Mukhamad, datan saged wungu, nora bisa agelawat, maksih sujud yata wau wong kang jahil, lunganné asingiddan.


Nulya wonten wong siji ningalli, Kangjeng Nabi katindihan unta, lumayu umatur agé, dhumateng garwannipun, sapraptanné dalemmé sipi, naming déwi Fathimah, kepanggih alungguh, déwi Kathijah tannana, wong kang prapta umarêk matur tumuli, marang déwi Fathimah.


Kula gusthi ngaturri udanni, Kangjeng Nabi salat wonten kakbah, lagya asujud mangsanné, ramanta janggannipun, tinindih an bathang untéki, ngantos tan saged obah, sang rêtna duk ngrungu, sakalangkung gupuhira, amiyarsa kang rama méh arsa lalis, annéng sandhingngé kakbah.


Tinindhihan bathang unta mati, ingkang jongga datan bisa obah, sang dyah asru panjeritté, yata nulya lumayu, kadya kilat annéng ing margi, sakedhap nulya prapta, gonné ramannipun, bathang unta gya binuwang, kadya merang ambuwang unta sawiji, nenggih déwi Fathimah.


Kangjeng Nabi awungu tumuli, ingkang putra angrungkebbi pada, sarwi alara tangissé, Jeng Nabi ngandika rum, éh Fathimah putréngong nini, aja sira sungkawa, méndella putréngsun, akéndel déwi Fathimah, Kangjeng Nabi wussing salat kundur nuli, kelawan ingkang putra.


Sampun prapta ing dalemmiréki, Kangjeng Nabi alenggah seksana, andheridhit ing sebutté, ya Allah ing ngagung, tiyang pitu punnika gusthi, tuwan kalangkung wikan, tyang punnika bésuk, mugi tuwan panjingngenna, ing neraka jahannem punnika bénjang, tuwan langkung kuwasa.


Sasampunné mangkana Jeng Nabi, nulya ana kapir siji prapta, marêk marang ing ngarsanné, Jeng Rasul dénnya lungguh, sedyannira arsa ngalanni, sapraptanniréng ngarsa, nabi alon wuwus, sira iki ta wong ngapa, mara teka memedVnni tingkahnéki, mongsa ingsun wediya.


Nadyan bisa anyulap siréki, mongsa dadak ta ingsun wediya, Jeng Nabi émut galihé, nenggih supennannipun, aningalli tiyang punniki, wungunnipun anéndra, uwang ngika rawuh, néng ngarsa polahannira, pan angliling-ngliling marang Kangjeng Nabi, ngawet-ngawet lathinya.


Ingkang sarta ngiwi-iwi mringngis, angubengngi Nabi dénnya lenggah, améléd-méléd ilatté, amrih Jeng Nabi takut, sarwi mojar mau wong kapir, sira tan wedi ing wang, meccccicil nétraku, sumedyannira si kopar, kinnawedén dhumateng ing Kangjeng Nabi, ototting wang punnika.


Angantheng ageng sakisi-kisi, anerngangas untunné arangngah, kulitté ing gulu kabéh, amathentheng dinulu, gusinnira sarwi dén isis, tan bisangngob semana, Jeng Nabil on wuwus, jawaras selawassira, ilattira mélédda kang dawa manning, sumampirra ing pundhak.


Lambénnira iku dimén malik, ingkang dhuwur nutuppana grana, iku kulittira lambé, angisis sagusimu, malelengnga matanniréki, gya mandheleng wong kopar, dénnira andulu, dhumateng Nabi Mukhamad, Kangjeng Nabi madhepping kéblat annuli, si kapir yata sigra.


Anyegatti wau annéng ngarsi, saparanné Kangjeng Rasullollah, tansah tinut wuri baé, medénni solahipun, angeliling marang Jeng Nabi, malah sepuluh dinna, dénnira angridhu, yata Jeng Nabi ngandika, lannat kapir aja mung ingsun pribadi, ingkang isra lilingnga.


Wong sadunnya iya kabé iki, iku padha sira wedénnana, aja mari-mari kowé, mangkono saumurmu, malah wuwuh ywa suda nenggih, polahmu kang mangkana, slawasmu ywa mantun,lungaha saparan-parang, nulya émut wong kapir annuli mulih, marang ing wismannira.


Yata panggih lawan annak rabi, sami pangling pan sedayannira, sabrayatté pangling kabéh, sedaya brayattipun, annak lawan rabinniréki, sami benturri séla, ana kang lumayu, singiddan amatga gila, ana ingkang girap-girap aningalli, ramé gumrah wong nglayad.


Kang sawennéh ngangkat pukul besi, dipun nyana lamun sétan édan, arsa marang wismanné, dVn adhangngi ing ngayun, saparanné uwong punniki, janma ingkang kepapag, milara sedarum, dhateng kapir salah rupa, gya lumayu saparan paranniréki, kuwasaha angucap.


Aja gitikki yama maring mami, baya sira pangling marang ingwang, arêp mulih ingsun kiyé, teng karsa sira pukul, iki wisma ing ngong pribadi, pan annak rayatting wang, teka padha pandung, annak bojoné lan sannak, saya nemen dénnira sami gitikki, semana nulya késah.


Saparan-paran dénnya lumaris, kang kepapag sagung janma gila, déné tan lumrahing ngakéh, langkung gung dosannipun, singa panggih lajeng gitikki, kaliwat drengkinira, néng dunnya punniku, iya marang tanggannira, lawan drengki wong iku marang Jeng Nabi, sawusnya ginebuggan.


Marang janma sagung kang kepanggih, nulya lunga ing saparan-paran, wong ingkang kepapag kabéh, girap-girap lumayu, ana bali lajeng gitikki, kinira sétan alas, anulya wong iku, sedyannira arsa marang, wismannira Aulidu yun minta jampi, yén ta bisa angucap.


Miwah marang wisma para tabit, myang pandhitha tuwin pangagengnya, priyayi ing mekah kabéh, dén payaggaken gebug, nuli bali lumayu gendering, pan angungsi mring buddan, budanné aminggu, nora bisa angucappa, ponang budan megogok wau kang sakit, sirna pakarti janma.


Apan lawan munthu iku sami,ujarring wong kang sami tumingal, mulanné mangkono kuwé, baya mangan wong iku, ingkang nora layak punniki, ingkang satengah ngucap, ya mulanné iku, mangkono uwong punnika, sabab wanni ngiwi iwi iya maring, wong kang padha agama.


Anglakonni agamanné Nabi, Jeng Mukhamad utussanné Allah, ingkang mulya saréngatté, yata sagung wong kupur, kang miyarsa ujar punniki, saya jrih sedayannya, kuneng janma wau, nenggih ingkang nandhang mala, kawarnaha Jabarail sigra prapti, pan sarwi uluk salam.


Pan jinawab dumateng Jeng Nabi, ngalékum salam Jabarail lenggah, yata wau lon aturré, kula gusthi ing ngutus, mring Hyang Suksma maringken gusthi, salammé dhateng tuwan, gupuh Kangjeng Rasul, anjawab ngalékum salam, Jabarail semana umatur malih, kula dinuta ing Hyang.


Maringngaken timballanning Widi, dhumawuha inggih dhateng tuwan, tuwan samangké kinéngkén, ngislammaken sedarum, sakathahé wong kapir sami, tiyang negri ing mekah, miwah liyannipun, ingkang déréng sami islam, islammenna sakathahé tiyang kapir, kelawan Ayat Kuran.


Tondha saking ing Hyang Maha Sukci, karsanning Hyang sagung kapir samya, kinén ngundhangngana kabéh, Jabarail musna sampun, ingkang Ayat nulya dén aji, mring Jeng Nabi Mukhamad, langkung rêmennipun, Kanjeng Nabi nulya késah, marang gunung karam lampahira prapti, sarta suka galihnya.


Wektu luhur wau Kangjeng Nabi, apinarak sangandapping kurma, sagung pra sentana kabéh, sami ngaturran rawuh, Abinthalib Bubakar prpati, utawi umat-umat, kang islam punniku, sedaya kathah kang prapta, Kangjeng Nabi yata angandika aris, rama ulun trauma.


PUPUH X

S I N O M


Abunthalib ramanning wang, tuwin sagung umat mami, sun tompa timballanning Hyang, Suksmana ingkang linuwih, dhawuhé marang mami, ingkang liya umattingsun, bésuk annéng neraka, panggonnanné lamun mati, sanget bendu kang rama sarêng miyarsa.


Kalinganné awaking wang, gegentinning kang wus mati, ing ngundang marang ing ngarga, kasung-kasung ingsun prapti, ngong kira ana kardi, yata Abunthalib gupuh, ngadeg anggegem lemah, sinnawurraken tumuli, ing sirahé Jeng Gusthi Nabi Mukhamad.


Anulya kundur seksana, nulya na swara kapyarsi, mangkana ujarring swara, néng dunnya lamun akardi, tan jamak lawan janmi, yén annéng ngakhérat bésuk, pesthi annéng neraka, ujarré swara dumeling, Kangjeng Nabi yata alon angandika.


Ing bénjang wong kang mangkana, tan jamak samining janmi, ing ngakhérat neraka, aturré umatting nabi, kang wus islam prasami, gusthi kekasih Hyang Ngagung, alerês sabda tuwan, sedaya suka kang dasih, aturrira dhumateng Nabi Mukhamad.


Kuneng  malih kawarnaha,wonten sekawan wong kapir, pinnalara kancannira, arsa dipun paténni, Maryam kaosah nenggih, annak suwébah punniku, lan iskak kakang ngira, sekawan kadangngiréki, sami jalu sami pinnalara kopar.


Ginebuggan sedayannya, anenggih dhateng wong kaoir,  dén wayungyung dipun bonda, sinéléh ing latar nenggih, kang pannas enggonnéki, kelamun udan punniku, padha nangis kodannan, wong papat ujarriréki, ingsun iki bokya aja dén pilara.


Luhung nuli paténnana, ya mongsa gingsirra mami, gonningsun arsa sumendya, malebu marang agami, ingsun arsa nglakonni, agamanné Kangjeng Rasul, tan nedya salah tékad, sun kukuhi gama Nabi, Kangjeng Nabi semana anulya prapta.


Marang gon wong kang dén plara, Jeng Nabi ngandika aris, éh sannak ingsun sedaya, dén kukuh atimu sami, iya gonmu nglakonni, marang ing ngamanningsun, Allah Kang Maha Mulya, kang nulungngi mring siréki, iya nadyan siréku tumekéng pejah.


Lamun sira mati islam, akukuh atinniréki, mannira siratagiya, sirantuk suwarga pesthi, lawing nraka kinunci, nora goroh ujarringsun, bénjang ngong temonnana, sun wani katempuh ugi, Kangjeng Nabi anulya kundur seksana.


Wong sekawan kang winarna, sangsaya tuwajuh néki, tan pegat maca sahadat, fatékah winaca sami, tan pegat siyang ratri, datan liya ciptannipun, amung saréngattira, Kangjeng Nabi kang sinelir, duk semana wong papat anulya pejah.


Cinarita erohira, wus mulya munggah suwargi, yata malih kawarnaha, annak putunné kang kari, sedaya kawlassih, pan sami nangis sedarum, kang nglaranni namannya, Abu Jahal kang mi sakit, lawan ana wong tukonné Abu Jahal.


Malebu agama islam, walahen naminniréki, walahen nulya dén undang déning Abu Jahal aglis, ana kancanné malih, sami ingundang sedarum, nanging sami semaya, sapraptannira ing ngarsa, sakelangkung dukannira Abu Jahal.


Éh kenna ngapata sira, nora manut marang mami, wus benner agama lawas, teka sira dadak wanni, malbu agama jahil, Abu Jahal duk asru, nulya rinanté samya, tinindhiyan kayu sami, yata lajeng binalangngan séla-séla.


Sesannakkira sedaya, wong papat kang wus agami, seksana wau wong papat, anebut kalimah kalih, walahen apan maksih, ginitikkan badannipun, dénnira Abu Jahal, milanné dipun laranni, déné sami umanjing agama islam.


Semana ki Abu Bakar, wruh walahen pinrih sakit, yata wau pinnarannan, jujug gén Bu Jahal aglis, Abu Bakar sru runtik, asugal pamuwussipun, Bu Jahal kula tannya, napa dosanné punniki, déné dika wanni niksa marang janma.


Napa duméh tutumbassan, Abu Jahal anahurri, mila sami kula siksa, déné malebu agami, kang anyar Bakar myarsi, lamun makaten punniku, ingsun kang nglironnana, artanta panumbasnéki, Abu Jahal aturré inggih sumangga.


Seksana nulya binayar, walahen binekta mulih, dhumateng ki Abu Bakar, yata malih kang winarni, kang paman Kangjeng Nabi, prapta saking ing wana gung, maksih asikep pannah, pratanné saking wannadri, yata wonten janma ingkang atur warta.


Setannannira wanodya, alon ing aturriréki, mring Kangjeng Nabi kang paman, sakelangkung gati-gati, putra tuwan Jeng Nabi, punnika tansah rinagum, dhumateng Abu Jahal, inking paman Kangjeng Nabi, sakelangkung dukanné sarêng miyarsa.


Lajeng marang wismannira, Bu Jahal tan dangu prapti, semana sampun kepanggya, yata asru dénnya angling, Bu Jahal sira iki, liwat luwih gonmu ngrugum, marang annak mannira, anulya dipun perpekki, dyan ginitik endhassira Abu Jahal.


Ludirannya kongsi muncrat, yata kang paman Jeng Nabi, asru rêngngu dénnyangucap, pamulanné aannak mami, pan iya rinna wengi, dadak padha sira ragum, ya apa dosannira, apa iku Kangjeng Nabi, pan angrayah marang annak rayattira.


Putréng ngong Nabi Mukhamad, apan iku becak-becik, iya nora duwé dosa, dadak sira rasanni, Bu Jahal rêngngu angling, iya nyata ingsun ngrugum, ya marang si Mikhamad, sartanné ingsun pisuhi, lah lungaha sira saking wismanning wang.


Isih bingung pikirring wang, labet mentas sira tinggal, Kangjeng Nabi ingkang paman, anulya késah tumuli, lajeng marêk Jeng Nabi, panggih sesalaman sampun, matur dhuh Gusthining wang, kang séstu nabi sinelir, ulun nyuwun piwulang agama tuwan.


Semana lejeng winulang, sahadat kalimah kalih, wus manjing agama islam, kuneng malih kang winarni, Bu Jahal maksih runtik, ngumpulken sentannannipun, semana sampun prapta, janma satus malah luwih, ingkang sarta ambekta gegaman yuda.


Utawi sagungngé kopar, angumpul wismanniréki, Aulidu alon aturnya, Abu Jahal paranniki, kang paman Kangjeng Nabi, ing samangké sampun anut, tumut agami islam, dadosken susahing ngati, Abu Jahal lon nangling sun kang nanggulang.


Kuneng malih winursita, kawarnaha Kangjeng Nabi, yuswannira kawandasa, tiga yata nedhéng Widi, Gusthi Kang Murbéng Ngurip, kawula paduka tuduh, mrintahken gama islam, punnika sagungnging kapir, inggih saqmi alingan dhumateng tiyang.


Kekalih umat paduka, Bu Jahal kelawan malih, inggih ta Bagndha Umar, punnika ingkang malangngi, tuwan ingerken Gsthi, tiyang kalih manahipun, inggih tiyang punnika, kang sami ngalang-ngalangi, yén tan islam punnika tansah anglawan.


Kininten printah punnika, wit akal ulun pribadi, yén tan wonten rahmat tuwan, dhateng Bu Jahal punniki, yekti tansah ngribeddi, Jabarail nulya rawuh, kang sarta uluk salam, jinnawab ing Kangjeng Nabi, ngalaékum salam Jabarail gya ngucap.


Kula ingutus mring Allah, maringken salamiréki, jinnawab ngalékum salam, Jabarail angling malih, tuwan nedha ing Widi, imanné tyang kalih niku, inggih ta pinaringngan, pun Umar iman kang sukci, Abu Jahal boten pinaringan iman.


Jabarail nulya musna, kuneng malih kang winarni, kawarnaha Abu Jahal, ngundhangngi sannakkiréki, Bagéndha Umar sami, sedaya pan sampun rawuh, ing wisma Abu Jahal, pepak sakathahing kapir, Abu Jahal alon pamuwussira.


Kabéh sannak-sannakking wang, wong Negara Mekah sami, lan monco pat lan monco lima, sakéhé wong islam iki, lah payo dén sakitti, iya kabéh ingkang anut, ya marang si Mukhamad, Bagéndha Umar nauri, iku benner Abu Jahal karêp dika.


Aulidu wus sami rêmbug, tuwin sakéhing kapir, Abu Jahal wuwussira, yén kadya mengkana ugi, saé sedhiya sami, gegamannira prang pupuh, tiyang islam punnika, tinumpes dimén sirnanting, kang supados samiya mantun kasmaran.


PUPUH XI

ASMARANDANA


Kuneng mangké kang winarni, Jeng Gusthi Nabi Mukhamad, nenggih ingkang winiraos, késah munggah gunung karam, sagungngé uwong islam, apan ta sami tut pungkur, ingkang sawennéh wong islam.


Sakésahira Jeng Nabi, ana ingkang asingiddan, marang ngalas péréng, déné Jeng Nabi Mukhamad, amunggah marang ngarga, datan kari garwannipun, yata Bu Jahal kawarna.


Rêmbug lawan Umar nenggih, Aulidu lan sagung kopar, prasami kumpullan kabéh, néng wismanné Abu Jahal, mangkana Abu Jahal, alon pangandikannipun, sannak sannak ngong sadaya.


Paran rêmbuggira sami, déné samangké wong Mekah, ana wanni jenneng ing ngong, malah kudu ngungkullan, annyalinni agama, bituwahé luhurringsun, agama kang kunna-kunna.


Iku kedah dén salinni, inggih dhateng si Mukhamad, kinén manut sakéhing wong, mring agamanné Mukhamad, pan ingsun datan arsa, lan maliyé sinten sanggup, amaténni mring Mukhamad.


Yén uwis kelakon mati, singsun ingkang awéh arta, gih minongka pituwassé, sakathahpun séwu dinar, lan ingsun wéhi praja, duwék ngong pribadi iku, Umar nulya marêk ngarsa.


Marêk lan Bu Jahal linggih, Bagéndha Umar lingngira, Abu Jahal inggih in ngong, ingkang sanggup mejahana, dhumateng si Mukhamad, Abu Jahal alon wuwus inggih mugi klampahan.


Bagéndha Umar gya pamit, sigra budhal saking ngarsa, seksana umantuk agé, sapraptannira ing wisma, angrasuk prajurittan, lan angagem pedhangngipun, sigra anitih turongga.


Sumeja munggah ing ngardi, maranni panggonnannira, Kangjeng Nabi pakuwonn, Umar Kathab annelasah, Kangjeng Nabi kang marga, semana wau Jeng Rasul, ingkang tansah atut wuntat.


Kyai Abu Bakar Sidik, kelawan sakancannira, Umar Kathab ing lampah, lampahira gegancangan, yata malih winarna, Allah ingkang Maha Agung, mring Jabarail ngandika.


Éh Jabarail sun tuding, mudhunna marang ing ngarga, sira arupaha banthéng, papaggenna Umar Kathab, supaya aja pangya, amaranni kasihingsun, Mukhamad yun pinrih léna.


Alangngana sedyannéki, ya iku si Umar Kathab, Jabarail sigra léngsér, malih banthéng ngadhang marga, bagus irêng ulesnya, sukunnira pancal pingul, bokongngira pethak mublak.


Lemu meleng-meleng klemis, birawa rikat tandangnya, lir péndah surya nétranné, sungu ngembang plasa pasang, karuk ing ngepokira,malang megung néng delanggung, yata Umar Kathab prapta.


Angliga pedhang ngiréki, solahé kagila-gila, lir mutung wesi geligén, banthéng maranni seksana, bekos-bekos gambira, lampahira malang mégung, nétra muncar gilar-gilar.


Sirahra gobag gobig, sigra dhangak sirahira, anggejug gejug sukuné, prapta anéng ngarsannira, wus parêk Umar Kathab, banthéng bengngok dénnya muwus, éh ta sira Umar Kathab.


Siréku arsa mring ngendi, déné tan anggawa rowing, sarwi angliga pedhangngé, Umar Kathab myarsa swara, dulu kéring lan kannan, tannana janma kadulu, satemah lajeng lampahnya.


Anulya dén uwuh malih, Umar Kathab mring andaka, lah Umar Kathab  ngong takon, arêp marang ngendi sira, déné datanpa rowing, Umar Kathab sarêng ngrungu, nolah-noléh lampahira.


Pundirangngan ulatnéki, déné datannana janma, mung banthéng sawiji katon, angucap sajronning nala, mokal banthéng bisowa, angucap lir manungséku, dadya alaju lumampah.


Banthéng bengok nguwuh malih, Umar Kathab apan ingwang, kang nguwuh marang ing kowé, nora nana malih janma, kang nguwuh marang sira, ki Umar Kathab sumahur, arsa maranni mannira.


Uwong ingkang dhemen sami, ya marang agama anyar, ya arsa nyalinni kuwé, marang agama kang lawas, miwah ta ikubuddan, apan iya gusthinningsun, iku ta arêp dirusak.


Marang si Mukhamad iki, ambekké kagila-gila, angkuh kumingsun gumedhé, kumawasa tur gumunna, ngungkulli sakéh janma, mulanné ngong munggah gunung,iya iku si Mukhamad.


Pan arsa ingsun paténni, ing ngong pedhang gulunira, ya iku dime layon, yata banthéng asru ngucap, éh Umar Kathab sira, apa iya durung weruh, yén iku Nabi Mukhamad.


Utussannira Hyang Widi, maréntahaken saréngat, iya ingkang mulya dhéwé, pan iku Nabi wekassan, panutup pra ambiya, iku ingkang luwih, nora nana madhannana.


Sakéhing titahing Widi, mung iku kinarya mulya, tur kinnasihing Suksmanon, bumi pitu langit sapta, kabéh saisinira, ya iku kinarya luhur, titahing Hyang Maha Mulya.


Nabi rineksa Hyang Widi, éh Umar sira baliya, yén gugu pituturring ngong, aja sira mumungsuhan,lawan Nabi Mukhamad, ingsun tuturri siréku, sumongsa sira merana.


Arep amendhang Jeng Nabi, mongsa ta sikelakonna, sira mundhak mati dhéwé, Umar Kathab amiyarsa, ciptanné ing wardaya, ya pagéné ingsun nurut, mung dituturi andaka.


Apa nora tau mami,  lunga beburu andaka, sun purak ngong karya dhéndhéng, mongsa ta ingsun wediya, lawan banthéng ayuda, Ymar Kathab sigra laju, banthéng nguwuh sru ujarnya.


Éh  Umar déné siréki, pagéné ta nepsu sira, apa cuwa tyasmu kuwé, gonnira arsa anjajal marang ing pedhangngira, lah mara jajallen gupuh, jajal pedhangna maring wang.


Aja medhang Kangjeng Nabi, ingsun néman sira Umar, yun medhang Jeng Nabi kuwé, mundhak sira nemu dosa, duraka ing Hyang Suksma, pedhangmu lir godhong waluh, iku sira andellenna, payo ta jajallena kéné, pedhangngira tibakenna, marang awak mannira, kalamun cuwa atimu, gonmu ngandel pedhang wuntat.


PUPUH XII

PANGKUR


Umar Kathab amiyarsa, sakelangkung bramantya wetu runtik, gya ing ngakal pedhangngipun, kumitir annéng ngasta, tinerajang andaka sinnabet mumbul, anglumpatti sirahira, Umar Kathab anjog kéring.


Lajeng lumpat mangannan, Umar Kathab annabet ngannan ngéring, nanging pedhangngé luput, mubeng ponnang andaka, malah-malah Umar Kathab awas dulu, sirahira linumpattan, déning banthéng wali-wali.


Sebarng-sebrang linumpattan, medhang-medhang nora bisa ngennénni, pegel kaku atinipun, kedah kuwedal ing yuda, anerajang Umar Kathab nabet asru, ananging banthéngngé indha, sinnabet sabettan kenni.


Nanderken turangannira, banthéng gedrug-gedrig annéng ing ngarsi,  saya wuwuh agengngipun, tanna jrih datan ulap, pedhangngira néng ngasta pinuter asru, kimitir kadi kitiran, saklangkung dénnira runtik.


Tan wang-wang marang andaka, wis pinusthi dénnyarsa amranni, nerajang annabet asru, andaka datan kenna, nanging datan angundilli.


Kadya medhang wewayangngan, kadya kapethuk annabet pedhang aglis, Umar wau kudannipun, kenna kesabet pedhang, Umar Kathah pedhangngé lajeng dinulu, kudannira lajeng pejah, Umar amicoréng galih.


Kaya ngapa wekassannya, lakuningsun iya saguh maténni, marang si Mukhamad iku, sanggup ngong mring Bu Jahal, anyangkingnga si Mukhamad sirahipun, kaya ngapa akalling wang, maténni Mukhamad mangkin.


Ngrasa kesel awaking wang, aprang lawan banthéng ana ing margi, kongsi asar gon sun pupuh, wit énjing gonningsun prang, bauningsun ing samengko krasa kiyu, ngeluné sirah kalintang, banthéng ika nora busik.


Wis asar tannoléh karya, ika banthéng nemen gonné ngadhangngi, angur sun mulih karuwun, kapriyé akalling wang, amaténni marang si Mukhamad iku, cacak ta iki andaka, ingsun tan bisa maténni.


Lesu lupa awaking wang, ngur tuturra marang Bu Jahal mami, yén ingsun annéng delegung, iya ana andaka, ngadhang marga ayuda kelawan ingsun, yata mantuk Umar kathab, lesu lupa sariréki.


Aglis lampahiréng marga, laju jujug Bu Jahal wismannéki, Bu Jahal lagya alungguh, pepak para sentana, miwah kapir Aulidu pangerêppipun, Umar prapta nulya lenggah, Abu Jahal nulya angling.


Lah ta tuwan kula sawang, lesu lupa inggih sarirannéki, warna tuwan mangké santun, géséh lan saban-saban, béda lawan kalanné mangkat rumuhun, warna tuwan mangngah-mangah, kadya sekar wora-wari.


Kadi mutung-mutungngenna, wesig ligén samangké ngong tingalli, kadi tyang prihatin lesu, kénging napa ta Umar, Umar Kathab alon dénnira sumahur, sajeg kula bratayuda, gih boten kados punniki.


Amengsah dédé manungsa, kalanipun kula wontenning margi, méh munggah dhatengnging gunung, punnika pan ing marga, wonten banthéng sakelangkung agengngipun, angadhangngi annéng marga, ngong pedhang-pedhang tan kenni.


Sirah amba linumpattan, lamun tebah turongga kula nuli, ngong sanderraken amburu, banthéng parêk néng ngarsa, angadhangngi annéng marga malang mégung, lajeng kula sabet pedhang, mumbul sirah dén lumpatti.


Kadya miber umbullira, kebat cukat arikat kadi thathit, sakedhap datan kadulu, kula arsa lumampah, pirsa-pirsa andaka sampun néng ngayun, angadhangngi lampah kula, menggahing pangrasa mami,


Anglangkungngi angengngira, ingkang warna kula gawok nglangkungngi, saking ing pangrasanningsun, inggih banthéng punnika, apan dédé andaka sayektinipun, bilih punnika malékat, utawi punnika ejin.


Lan malih mennawi déwa, kang pinuja tya kunna ngunni-unni, napa ta banthéng satuhu, bisa angucap janma, lan mangkana kang kadya pangwasannipun, kados ing pandugi kula, putranné Ngabdullah singgih.


Punnika inggih unninga, wiwitanné kala ing buda ngunni, gén kula yuda punniku, inggih lawan andaka, wiwit énjing ngantos asar wayahipun, wusana awak kawula, lesu lupa raosnéki.


Yén banthéng nika niyatta, bilaénni dhateng kawula inggih, ayekti bilahi ingsun, patut banthéng punnika, pun Mukhamad anenggih mujijattipun, Bu Jahal sarêng miuarsa, Umar Kathab dénnya angling.


Anebut Nabi Mukhamad, kang gadhahi mujijat banthéng iki, Abu Jahal sanget bendu, nenggih sajronning nala, pan katawis sumukking nétra basengut, sinnamur lawan gujengngan, ananging meksih katawis.


Déné ta tuwan punnika, langkung kebat inggih saged mestanni, banthéng kang ngadhang delagung, mujijatté Mukhamad, méndah déné inggih ta tuwan punniku, wikanna kados kawula, Mukhamad kasekténnéki.


Éwadéné ta kawula, boten gumun tan éram tur tan gingsir, tuwan mung sapisan weruh, nuli ajrih lan héran, boten wanni anglabuhi lara lampus, dhumateng agama lama, pratondha tyas tuwan tipis.


Sarwi nyentak pangucapnya, lah lunga anéng ngriki nyunyukerri, gih pangucap tuwanniku, rinungu ing wong kathah, temah karya angennes ing liyannipun, ingkang ngalit manahira, satemahan tumut balik.


Ki Umar sumahur sugal, sarwi késah Umar Kathab tan pamit, ynnora ngandel maringsun, nora kaderêng ing wang, kang miyarsa sannakké Bu Jahal wau, sami guyu gya bubarran, Umar Kathab kang winarni.


Lampahira marang gréja, arsa nembah marang budanniréki, budan kang ngageng kelangkung, piker sarwi lumampah, Gusthi budan apan pinaido ingsun, dhumateng ki Abu Jahal, amba gih tuwan tulungngi.


Sun patennanné Mukhamad, bénjangng ngénjang lampahé sampun prapti, ing jero gareja wau, wong sekawan réwangnya, apan sami ambekta kang burat arum, lan hér mawar kembang-kembang, miwah dupa wangi-wangi.


Nulya kinepyaran sigra, ing hér mawar gandanné amrik mingnging, mung budan sinratén wau, kang budan kinutuggan, dupa-dupa tuwin ingkang ratus-ratus, wong papat sujud seksana, ingsukuné kang pinuji.


Aturré amelas sarwa, gih ki budan ingkang ngagung pribadi, kang pinuji siyang dalu, apan tanamung tuwan, kang sun sembah sun puji selaminipun, bok inggih tulung maring wang, lerês nabi cara mami.


Kelawan tiyang punnika, apan amba tiyang papat punniki, sami awaged sedarum, inggih agama tiga, tuwan inggih langkung pribadi satuhu, tannantara budan ngucap, nenggih lawan basa janmi.


PUPUH XIII

ASMARADANA


Padhandhangmu dudu awak mami, ingkang gedhé pribadi punnika, mung Allah kang gedhé dhéwé, kang sukci Maha Luhur, Maha Mulya tanpa madhanni, kang duwénni utussan, mring Mukhamad iku, mung ngiku Nabi Mukhamad kang pinunjul panutupping para nabi, wekassan dutanning Hyang.


Pitung bumi lawan pitung langit, sainé kabéh titah Allah, tannana madanni kabéh, sira mranaha iku, anjalukka khukum kang becik, mapan iku Mukhamad, utussan Hyang Ngagung, turutten saprintahira, aja mamang atimu aja wasmanning, dén temen atinira.


Mring Mukhamad pan angaku Nabi, apan temen utussannng Allah, yekti rahayu imanné, yén winulang siréku, ing fatékahlan klimah kalih, teka sira anutta, mangkana winuwus, Umar kathab annéng wuntat, miyarsakken aturré wong papat nenggih, miwah wurukké budan.


Wong sekawan sigra medal sami, méntar sakin g pangonnanning budan, munggah mring gunung karammé, ngularri kangjeng rasul, Umar Kathab mangké winarni, mantuk mring wismannira, prapténg wisma lungguh, mangangen-nangen ing driya, banget salah Kyai Abu Jahal iki, dé budan mau ngucap.


Mring wong papat kinén lunga sami, temu lawan Jeng Nabi Mukhamad, budan banget tan gelemmé, ya jinnalukkan khukum, Umar Kathab yata annuli, ngadeg lajeng akésah, kang sinedyéng kalbu, yun warta marang Fatimah, néng wismanné Fathimah Mar Kathab prapti, anenggih bok Fathimah.


Lawan Umar Kathab prenah ari, nanging Fathimah sampun akrama, Sayidu iku kakungngé, déné ta ki Sayidu, wus umasuk agama sukci, kala praptanné Umar, Fathimah punniku, duk maca surat fatékah, lawan surat ngalak kang swara rum mannis, saklangkung ra abbira.


Kawarnaha kyai Umar prapti, dangu ngadeg annéng pelatarran, éca dénnya myarsakaké, ingkang rayi punniku, pan arahab pamaosnéki, alon dhéhém ki Umar, ki Sayidu ngrungu, ana wong dhéhém ing nglatar, ki Sayidu seksana nyapa tumuli, sapa wongngé néng latar.


Ni Fathimah gya tumurun aglis, medal dhateng ing latar semana, yata ingkang raka katon, nulya kéndel tan wuwus, sigra marêk tetannya aris, Sayidu lon wuwusnya, saking jro wisméku, lah Fathimah iku sapa, annaurri Fathimah wecana mannis, pan inggih kakung Umar.


Ki Sayidu semana nulya glis, ngalap kuran sinimpen nana sigra, saklangkung ngajrih manahé, ki Umar apan wus wruh, yén wus islam nenggih kang rayi, tinarik pedhangngira, sugal dénya muwus, lah bilahi lakinira, yata wau Fathimah awas ningalli, kang raka narik pedhang.


Nuli gubel mring kang raka nangis, sarwi matur mring kang raka Umar, inggih punnapa dosanné, rayi tuwan Sayidu, inggih arsa pinedhang mangkin, adhuh kakang kawula, inggih ingkang nyuwun, aksama dhumateng tuwan, menggah saking dosanné rinta punniki, inggih tuwan punnika.


Kadang kula sepuh pribadi, wajib mulang dhumateng kawula, tuwin laki kula mangké, yén wonten lepattira, ing sedayannipun, ingkang dados dosannira, yén tan sotah angaken kadang tarunni, dhuh laé kakung Umar.


Bok ta sampun dhatengngaken runtik, arsa medhang dhateng laki kula, Umar Kathab mirsa turré, kang rayi arsa ngesuk, malbéng marang sajro wisméki, datan sah ing ngadhangngan, mring kang rayi wau, Umar Kathab saya duka, gya winnalik pedhangnya pucukkiréki, anenggih cinekellan.


Ginitikkan sirahé kang rayi, ni Fathimah abingung karunna,kang sirah medal erahé, Mar Kathab awas dulu, sirahira wau kang rayi, medal erah kantaka, néng siti gumulung, seksana rinangkul sigra, Umar Kathab sarya sru dénnira nangis, cinatuta turira.


Sampun mampet rahira kang mijil, Umar Kathab alon angandika, apa kang dén waca kuwé, duk anéng wisma mau, ingsun tuturrana ta yayi, Fathimah lon aturnya, inggih kala wau, kawula boten memaca, sinten matur dhumateng sampéyan inggih, kula tan saged maca.


Umar Kathab angandika aris, ingkang rayi tansah dén rêrêppa, dhuh Fathimah arining ngong, kakungmu wus tan bendu, lah tuturra dipun sayekti, mau kang sira waca, iya ingsun weruh, mring mau kang sira waca, ingkang rayi aturrira semu ajrih, kakang weruhan tuwan.


Ingkang kula wacapan sayekti, ngélmu ingkang sakelangkung ngéndah, asanget baguscriyossé, kang raka lon sumahur, lah ta yayi tuduhna mami, Fathimah ris aturnya, mangké badan ulun inggih kakang déréng wennang, lawan malih tuwan yekti déréng kénging, gepok tulis punnika.


Ujar kakang inggih ing samangkin, déréng islam lamun temen tuwan, arsa anggepok kitabbé, kakang andika adus, ajinabad astanta kalih, winisuwan ing toya, kekemuwa bannyu, lan ngisep banyu irungnya, kakang nunten sampéyan rêraup warih, nunten ngusap bunbunnan.


Ngusap kuping nunten masuh sikil, sarta tuwan inggih aniyatta, buwang kapir agamanné, niyatta tuwan malbu, ing ngagama islam samangkin, kang raka lon sahurnya, yayi ingsun nurut, gya winiruk Umar Kathab, sampun nurut sawulangngira kang rayi, tannana kaliwattan.


Umar Kathab wus salin agami, yata wau alon angandika, lah iya Fathimah agé, tuduhna jenneng ingsun, ingkang sira waca punniki, nulya katur kitabnya, ni Fathimah matur, dhumateng wau kang raka, lah punnika pituduh ingkang sayekti, kakang saking ing Allah.


Kang tinurun dhateng Kangjeng Nabi, ingkang nama jeng nabi Mukhamad, ki Umar amaca agé, Fathimah kitabbipun, langkung rahab raossing galih, langkung pangalemmira, sakelangkung-langkung, mangkana osikking nala, ingsun niki angrungngu uwus alami, uwong amaca kuran.


Lawan maca kitab sedayéki, durung nemu iya rasannira, kaya kuran sayektinné, ilang ngennangenningsun, iya ingkang ing nunni-unni, wus sami ngimannenna, marang kuran iku, ambuwang agama budan, wussa ngagem  agamannya Kangjeng Nabi, Mukhamad kang minulya.


Umar Kathab angandika aris, lah ta yayi mara amenyangnga, lakimu undangngen mréné,ingsun arsa katemu, ni Fathimah léngsér wot sari, malebet maring wisma, panggih lakinnipun, miwah dhumateng ki Kangab, bok Fathimah wawarta dhumateng laki, lamun mangké kang raka.


Umar Kathab wus agama sukci, anut sarakké jeng rasullolah, milamba prapta ing kéné, inggih ta dipun utus, tuwan kinén medulla sami, Sayidu ki Kangab, ya ta medal gupuh, sapraptannira ing jaba, Umar Kathab semana angancarranni, lah ngriki alinggiya.


Ya ta wau lajeng tata linggih, kyai Kangngab alon angandika, Umar ngon tutur yektiné, ngong ngimpi wau dalu, tuwan katon sajronning ngimpi, angsal nugrahanning Hyang, ingkang langkung ngagung, inggih tuwan katingallan, kadi sasi kang lagi purnama sidi, mancorong cahya tuwan.


Awit inggih gusthi Kangjeng Nabi, anenedha dhumateng ing Allah, mugi tuwan saéstuné, sinungngana Hyang Ngagung, inggih iman ingkang sukci, samangké kelampahan, panedhanné Kabul, Kangjeng Nabi panedhannya, prayoginé paduka marêk Jeng Nabi, Mukhamad kang minulya.


Ing samangké saweg wonten ngardi, karam lawan ingkang garwa putra, miwah umat sedayanné, kang sampun sami anut, ing ngama rasullollahi, gunung sepuh génnira, Umar Kathab ngrungu, alon dénnira angucap, yén mangkono lah padha kariya sami, mannira arsa mangkat.


Iya séba marng Kangjeng Nabi, Umar Kathab anulya salamman, seksana umangkat agé, datan kawarnéng ngenu, lampahira semana prapti, annéng panggonnannira, nenggih Kangjeng Rasul, kandheg sajawi wiwara, Umar Kathab amedhun saking turanggi, sarwi andhodhog lawing.


Kori nira apanta kinunci, celuk-celuk wau Umar  Kathab, jaluk lawing ingsun kiyé Abu Bakar amuwus, sapa wongngé kang dhodhog kori, Umar Kathab lon ngucap, iya jennengngingsun, Umar Kathab jaluk lawang, sagungnging wong sedaya sami miyarsi, kelamun Umar Kathab.


Sagungnging wong sedaya samya jrih, Abu Bakar alon wuwussira, yén sira yun manjing kéné séléhenna pedhangmu, bok ta sira nedya tan becik pan ningsun mungsuhira, iya ujar iku, ing satemen temennira, Umar Kathab semana alon nahurri, sun niki wus agama,


Islam anut agama Jeng Nabi, Mukhamad ingkang luwih minulya, marma sun iki marine, arsa marêk Jeng Rasul, pan anyuwun sufangatnéki, yata ki Abu Bakar, sigra buka pintu, wussa mengnga ingkang lawang, Umar Kathab anulya salamman naglis, lan Bu Bakar tan pegat.


PUPUH XIV

GAMBUH


Umar Kathab ya lajeng lampahipun, prapta ngarsanné Jeng Nabi, gya sujud angaras suku, wali-wali nulya tangi, nulya jawab asta karo.


Umar Kathab alon dénnira umatur, ulun gusti ing samangkin, ing ngagama tuwan anut, Jeng Nabi sarêng miyarsi, tyassira sanget cumeplong.


Lajeng dunga sokur ing Hyang Maha Luhur, gya winulang mring Jeng Nabi, kalimah kalih wus putus, fatékah lan kuran sami, Umar Kathhab sampun énjoh.


Amangerti agama islam sedarum, jeng nabi kelangkung ngasih, mring Umar Kathab punniku, yata ing ngalami-lami, nenggih ingkang wini raos.


Wong kang islam sedayanné sami purun, tan nana angrasa wedi, sembayangngipunniku, yata Jabarail prapti, angaturri salam alon.


Nglaékum salam jawabnya jeng rasul, Jabarail nulya angling dhuh Mukhamad salammipun, Gusthi ingkang Maha Sukci, jeng nabi anjawab gupuh.


Ngalaékum salam saurré jeng rasul, Jabarail malih angling, timballannipun Hyang Ngagung, tuwan sampun wedi-wedi, yén adan kang gembar-gembor.


Lamun ngaji kuran inggih ingkang seru, kelawan tuwan ing ngari, punniki kinén umantuk, sigra késah Jabarail, ganti ingkang winiraos.


Wing ing Mekah tuwin tiyang dhusun-dhusun, sampun sami myarsa warta, yén Umar Kathab punniku, wus manjing agama sukci, sagung wong miyarsa wartos.


Ingkang warta semana sampun misuwur, ing negari kannan kéring, tuwi dating dhusun-dhusun, nenggih Abu Bakar Sidik, miwah Ngali sampun golong.


Kangjeng Nabi semana budhal lan kundur, para sakhabatr angering, pra sentana atut pungkur, angampingngi kannan kéring, lestari lampahnya alon.


Sampun prapta petamannan lampahipun, sakalangkung saking ngasri, sarta kathah kéwannipun, atap andhér kéwannéki, jajahan Medinnah manggon.


Kangejng Nabi kéndel kesaputting dalu, kang dady damarring margi, mung cahyannira jeng rasul, marga mancorong kaéksi, sadunya sedaya katon.


Yén lumampah dalu padhangngé kelangkung, lawan rahinna pan sami, padhang ing sapuruggipun, kayu watu sedayéki, atur hurmat datan pedhot.


Sami matur sagungngé kang kayu watu, adhuh Gusthi kangjeng nabi, paduka ingkang linuhur, pitung bumi pitung langit, sedaya titah Hyang Mannon.


Ingkang mugi kéndel lan badan ulun, tuwan sarénnan Gusthi, badan kawula punniku, kelamun Gusthi sarénni, saiba ta bungah ing ngong.


Aprasasat ulun annéng suwarga gung, sagung watu bumi-bumi, sedaya sami umatur, lenggaha paduka Gusthi, inggih wonten jasad ing ngong.


Kangjeng rasul ing mangké ingkang winuwus, katurunnan Jabarail, ing ngutus dhateng Hyang Ngagung, malaékat Jabarail, semana umatur alon.


Lawan sagung para malékat sedarum, ambekta dhaharran sami, nenggih saking suwarga gung, atur salam Jabarail, jeng nabi anjawab alon.


Jabarail semana anulya matur, Gusthi salamming Hyang Widi, katurra ing jeng pukulun, Kangjeng Nabi jawab aglis, ngalékum salami tréng ngong.


Jabarail semana malih umatur, punnika tuwan atampi, peparingngipun Hyang Ngagung, dhaharran saking swargadi, kang ngéndah kang raos-raos.


Lawan cangkir kencana gih isinipun, kah wasa kelangkung mannis, jeng nabi atampi sampun, semana wau binukti, lan garwa putra anggolong.


Datan wonten kaliwattan dhahar kembul, atuwuk sedaya sami, nulya lajeng lampahipun, datan kawarna ing margi, kangjeng nabi sampun rawo.


Annéng dalem jeng nabi anulya lungguh, anenggih annéng pendhapi, umattira sami kumpul, sakhabat sentana sami, annéng ing ngarsa asaos.


Sagung janma sedaya kang sampun anut, ing ngagama kangejng nabi, pepak andhér séba ngayun, nuwun piwulangnging nabi, gya miyos jeng nabi panggoh.


Janma jalu sawiji nuju lumaku, kapidulur lampahnéki, janma punnika déréng wruh, yén punnika kangjeng nabi, déné nguyur lampah nyalon.


Sarwi ngagem teken kayu sisihipun, apan ta bekta kapithing, déné wong ingkang lumaku, mikul kala pundhaknéki, marang wana sedyanning wong.


Angulatti rêjekki lir adattipun, masang kala ingkang pinrih, menyawah miwah kruwélu, prapténg wana anyogokki, sarta nginjen sakéhing rong.


Nulya ana salira ageng kelangkung, malebet ngeléngngiréki, yata géma sangsayéku, néng ngarêpping ngeléngnéki, menyawak anulya miyos.


Pan kajirêt kang menyawak gulunipun, yata pinarannan nuli, sikillira sinnarimpung, dhumateng sésérri réki, sekarripun ganti sinom.


PUPUH XV

S I N O M


Anulya wau binekta, sedyannira arsa mulih, annéng marga karasarêng, lampahira kangjeng nabi, ki Harbu ingkang name, ingkang masang kala wau, lawan aningallira, ana wong ngagung lumaris, pan akathah janma ingkang ngiring wuntat.


Pangagengngé mung satunggal, Ki Harbu amuwus aris, dhumateng kang ngiring wuntat, sanak kula nila krami, sinten kang tuwan iring, déné pribadi néng ngayun, sagung kang tinakonnan, tan nana ingkang nauri, yata wau Ki Harbu micoréng nala.


Déné ta ingsun tetanya, nora nana kang nauri,bok iya ingsun tetanya, iya marang kang dénniring, panggedhé kang ngarsi, anulya mara Ki Harbu, prapta marêk ing ngarsa, aturrira arum mannis, dhuh wong ngagungkawula annila krama.


Inggih téja sulaksana, sinten kang sinambatting sih, pundi kang sinedyéng ngarsa, tuwan kang tinilar wingking, déné annéng ing margi, lampahira annéng ngayun, déné sagungnging tiyang, sedaya sami angering, ulun nuwun jinnatén preluning sedya.


Miwah ta agami tuwan, punnapa dipun lampahi, jeng nabi arum ngandika, ingsun nutussanning Widi, Mukhamad aran mami, kakasihira Hyang Ngagung, Ki Harbu malih turnya, mila amba Tanya niti, déné tuwan inggih pinnayungngan mega.


Pethak lengngu-lengngan tawang, lawan ulun taken malih, inggih agama paduka, jenng nabi ngandika aris, yén siréku tan unning, iya marang jenneng ingsun, ingsun nabi wekasan, nora nana nabi manning, sapungkur ngong prapta ing dinna kiyamat.


Mung ingsun wakasannira, sakéhé kang para nabi, déné sira atetanya, mungguhing ngagama mami, islam aranniréki, agama kang kunna iku, kinén nyalinni padha, atas paréntahé Widi, padha kinnén anutta agamanning wang.


Kuran ranné kitabbing wang, sapa nut agama mami, dhawuhé kang kitab Kuran, wong ngiku begja sayekti, annéng ngakérat bénjing, anemu kamulyannagung, wong nut tuturring kuran, sing sapa tan anut sami, kenning siksa luwih lara néng neraka.


Namun nora ngandel sira, apa ta seksinniréki, konneng marine ta padha, kabéh saisiné bumi, gawannen ngarsa mami, iku kang dadi seksimu, iku kang sira gawa, Ki Harbu aturrira ris, gih men nyawak angsal kula masang kala.


Punnika inggih dadossa, seksi kawula sayekti, yén saged micanten janma, punnika gih lerês gusthi, lamun paduka ugi, saéstu nabi panutup, wekasan pra ambiya, dumugi ing jaman akir, amung tuwan kekasihipun Hyang Sukci.


Lamun selira punnika, inggih saged basa janmi, kawula anutting tuwan, yata ngandika jeng nabi, menyawak sira nuli, ucul lenna ngarsanningsun, iku dimékné mara, iya marang ngarsa mami, kyai Harbu semana alon aturnya.


Menyawak lamun lumajar, sinten ingkang angilénni, jeng nabi alon ngandika, ingsun ingkang angilénni, yata Ki Harbu nuli, sésérré sinéléh gupuh, nenggih annéng ing lemah, menyawak dipun uculli, tetalinné sukunnira papat pisan.


Sarêng ucul kang menyawak, talinné sikilliréki, menyawak ika tumingal, dhumateng ingkang kangjeng nabi, lesunné anggennéki, sedaya pan sampun mantun, riseksana menyawak,  tinimballan ing jeng nabi, éh menyawak mara sira angucappa.


Lah iya basa janma, menyawak asujud nuli, sirahé sumungkem lemah, sarwi lon aturiréki, dhuh gusthi kangjeng nabi, pan inggih tuwan saéstu, inggih nabi wekasan, punutup kekasih Widi, jeng paduka ingkang aluhur piyambak.


Ssedaya titahing Allah, tan wonten ingkang nyaménni, agama tuwan minulya, prapténg bénjing jaman akir, naming tuwan pribadi, wekasanné para rusul, jeng nabi angandika, menyawak ingsun takonni, éh ta sapa ya ingkang dadi panuttan.


Menyawak alon aturnya, jeng tuwan panuttan mami, tuwan kekasih ing Allah, dutanning Hyang Maha Sukci, Harbu dupi miyarsi, menyawak dénnira wuwus, saklangkung sukéng manah, angrasa yén antuk margi, adhuh tuwan Pangéranné wong jagad.


Seksana ambuwang tékad, agamannira kang lami, nulya sujud ngaras pada, dhumateng ing kangjeng nabi, angrangkul suku kalih, sarwi alon aturripun, lah ta gusthi mangkya, agama kula kang lami, ingkang sampun kaliwat kula buwang.


Samangké kawula neja, nut agama tuwan yekti, mugi tuwan aparingnga, iman mring amba kang sukci, semana kangjeng nabi, anulya wau amuruk, kyai Harbu wus bisa, santosa imanniréki, lan wus bisa satatanné agama islam.


Anulya menyawakkiréki, jinunjung ing tangan kalih, ki Habu sarwi angucap, marang menyawakkiréki, éh menyawak siréki, kang gawa kamulyanningsun, lamun sun tan nyekella, iya marang ing siréki, mongsa dadi mangkéné ya raganning wang.


Lah bésuk ya awak ing wang, marang sira sun ngingonni, ingsun becikki ta sira, jeng nabi ngandika aris, éh menyawak siréki, sun alem satuhunnipun, ki Harbu jana sira, tan olih iman sayekti, Harbu mujar menyawak sira tumuliya.


Yata wau kang menyawak, atur salam mring jeng nabi, sigra méntar marang ngalas, seksana makat jeng nabi, para sakhabat ngiring, tuwin para kadangngipun, annéng dalem wus prapta, yata lenggah kangjeng nabi, lan kang rayu Sang Rêtna Déwi Kathijah.


Kuneng wau kawarnaha, anenggih sagungnging kapir, sumedyanné arsa nyidra, dhumateng sagungnging janmi, kang sampun islam sami, maksih sami kumpul rêmbug, annéng wisma Bu Jahal, Aulidu pangarsannéki, sami matur dhumateng nging Abu Jahal.


Aulidu alon aturnya, Bu Jahal kula miyarsi, ing samangké Umar Kathab, wus tumut agama sukci, inggih paran punniki, kang dados karsa pukulun, kelamun kinéndelna, sayekti ngalami-lami, saya kathah tiyang tumut ing ngagama.


Kang nganyar negari Mekah, punnika dados nularri, milannipun aturkula, mennawi tuwan marêngngi, sami dipun tundhungngi, saking Mekah sedayéku, tiyang kang tumut samya, agama anyar punniki, kang supados késaha saking ing Mekah.


Kyai Kasim aris mojar, yénniku tinundhung sami, upamanné kelakonna, alunga saking ing ngriki, annéng liya Negara, saéstu punniku muruk, dhateng agama anyar, marang sagung janmi-janmi, saliyanné manusa Negara Mekah.


Sayektiné saya ngreda, mengko marang Mekah bali, mundak akéh réwangngira, ya dhéwékké robban tandhing, becikké ditakonni, mungguh agama punniku, kang nganyar apa ala, utawiné apa becik, ki Aulidu alon  wau saurrira.


Yénniku tinnakonnana, nadyan ala ngaku becik, Abu Jahal asru ngucap, mungguh iku karêp mami, padha konnen marénni, mulang gama nyar punniku, yénnora agelemma, iya padha amarénni, lah tundhungngen saking Negara Mekah.


Aulidu sarêng miyarsa, utawiné kyai Kalim, punniku langkung prayoga, lerês ing rêmbag punniki, yata angling ki Kalim, dhumateng kyai Aulidu, lah daweg linakonnan, Bu Jahal rêmbaggiréki, ki Aulidu Kalim amit mring Bu Jahal.


Kelawan sarowangngira, sagungngé janma kang kapir, tigangngatus winnatara, anggergut pating bathithit, kadyarsa mangun jurit, ting barigi tandangngipun, datan winarnéng marga, lampahira sampun prapti, ing dalemmé jeng gusthi nabi Mukhamad.


Jeng gusthi nabi Mukhamad, semana pinuju linggih, Aulidu Karim gya prapta, saréwangngira wong kapir, nulya tata alinggih, Arawiyah alon matur, dhuh gusthiné wong swarga, ingkang pinunjul pribadi, umur tuwan tan arsa mundur raharja.


PUPUH XVI

PANGKUR


Naming tuwan kang name nabi Musthafa, tuwan kekasih Widi, tan wonten memadha, kaparak dhateng Allah, kang ngagung kang Maha Sukci, tuwan sinungan, agama islam sukci.


Ingkang luhur jumeneng nabi wekasan, praptanning jamanakir, sayekti tannana, ingkang madhanni tuwan, lah tuwan punniku gusthi, akén ing ngumat, wewisuh tangan kalih.


Sarta akén ngadeg rukuk sujud miwah, tangi angadeg nuli, punnapa undhaknya, tuwan nganggé agama, inggih kang anyar punniki, saking ing Allah, punnika kang peparing.


Niku saking waged-waged tuwan pyambak, lan malih amba myarsi, gih wonten menyawak, satunggal tuwan ajak, ngandikan abasa janmi, slira punnika, sagednya basa janmi.


Tuwan sulap supadossé pamrih tuwan, inggih kang mirsa sami,  anut dhateng tuwan, ngunni duk tuwan dagang, ambekta kasektén sikir, kang sami mirsa, supados anut ajrih.


Kapéncutta dhateng kaprawiran tuwan, wong témbré-témbré unning, dhateng sikir tuwan, saéstu sami éram, lamun menggah awak mami, mongsa éramma, ujar kula punniki.


Tiyang kukuh inggih nglampahi agama, tan sedya nolah-nolih, ing ngagama lama, sannés lan tiyang-tiyang, ingkang sami tipis ati, sarêng tumingngal, kasektén tuwan sikir.


Ting garobyag sami anut dhateng tuwan, yén ta tiyang punniki, kukuh ing ngagama, inggih ta kadi kula, boten éram boten gimir, ningalli sulap, tuwan punnika sikir.


Mongsa dadak gingsirra agama kula, anut kelayu sikir, niku marénnana, inggih pratingkah tuwan, ngirup pirup dhateng janmi, akén agama, anyar boten prayogi.


Boten patut punniku pratingkah tuwan, kelamun kula tandhing, lawan gusthi kula, inggih ki Abu Jahal, punniku nyata sayekti, tan layak pisan, miwah kadangngé sami.


Lawan bapa biyangngé sedayannira sami laku ngabekti, apan kados tuwan, nabi tuwan sembayang, pan boten patut sayekti, lah marénnana, tuwan lampah ngabekti.


Tuwan tumut agamanné tiyang lawas, inggih ta amba nuli, séba dhateng tuwan, sun dados ken naréndra, wong Mekah sebaha sami, ing ngarsa tuwan kula kén ngadhep sami.


Sagung janma Mekah dhumateng ing tuwan-tuwan dadossa aji, anéng nagri Mekah, wau ta Arawiyah ngucap mring kancanné kapir, Olidu dika, utawi kyai Kasim.


Myang sadaya konca-konca ingkang ana, tur kula napa sisip yén gusti Mukhammad karsa amarénnana, gene amuruk agami, anyar punika, sun adeggaken aji.


Anéng Mekah kula sadaya aséba, anut paréntah néki, lamun tuwan arsa, marénni amumulang, mring agama anyar niki, Olidu myarsa, tanapi kyai Kalim.


Myang kancanné wong kapir ingkang tut wuntan sadaya anaurri, pan inggih sandika, yén jeng gusti Mukhammad andhahar atyrriréki, ki Arawiyah, sadaya angrujukki.


Nanging ingsun duwé ujar marang sira, kabéh ucappiréki, ngapesken mring Allah, lah mara ta takonna, iya mring wong ngalim-ngalim kang wus agama, pra jamhur nguni-nguni.


Ingkang uwis sampurna angaji kitab thoret zabur lan injil sajro praja Mekah, miwah liyanning Mekah, lamun sira ngaku sidik lah payo lunga, tatanya wong ngalim.


Lamun sira tan arsa lunga tatanya, siréku sun tuturri, ing agamanning wang, dhingin maca bismillah, annuli kalimah kalih, nuli fatékhah, susurat pisan slesih.


Yén wus bisa ingsun tuturri artinya, yén wus bisa ingsun tuturri artinya, kuran sakabéhnéki, dhasar iya nyata, sira sun penging nembah, marang budan ta puniki, nemu duraka, bésuk siniksa yekti.


Maring Allah sira sinéléh naraga, iya ing jaman pati budan kang kinarya, ing urub urubbira, angobong mring sira sami, api naraka, kalangkung panasnéki.


Ujar sira padha tan antuk piwulang, mamak tan wruh ing sidi, panganggepmu apa, watu teka sinembah, lawan ta pinuji-puji, iku kang mangan mring sira néng yomagi.


Iku budan bésuk dadi empan-empan api naraka yekti, mangan marang sira, lan maning luwih sasar, wong ingkang anembah sami, marang ing budan watu kinarya janmi.


Ya ingukir pinetha petha manusa, apa déné pinuji, lawan sira sembah, apa ta nora sasar, sadayanné tiyang kapir, ingkang miyarsa, dhawuhipun jeng nabi.


Samya dongong arsa njawab dhawuhira, kéwuhan aturnéki, datan saged ngucap wusana sami lunga, marêkak Ngabu Jahal sami, myang Arawiyah, Olidu lawan Kasim.


Sagung kapir wus ngumpul wisma Bu Jahal andhér tata alinggih, lawan Abu Jahal sami tata alenggah, yata alon dénya angling, Ki Abu Jahal paranta kang wawarti.


Si Mukhammad ingkang dadi ujarrira, maring ing sira sami. Arawiyah nulya, matur dhateng Bu Jahal nalika matur jeng nabi, purwa lan madya, wusana sampun enting.


Lan dhawuhnya jeng nabi Mukhamad samya, jinarwa sampun titi, datan kaliwattan Arawiyah aturnya, tan saged ulun nginggahi, ing dhawuhira, inggih gusthi jeng nabi.


Sakalangkung mandhessé roassing manah, manjing ing sungsum mami, myang balung sadaya, rasanné kadi rêmak  yén menggah pagrasa mami, inggih sanajan tiyang ing luhur langit.


Inggih ingkang prasami saged micara, masa saged madhanni, dhumateng Mukhamad inggih kang pangandika, satuhu kalangkung wasis wicarannira, tatag tétéh tur titis.


Tan anggragal tan kéguh mangsulli ujar, tan miris ngujar wengis saréh sabdannira, limpaddé tan kajamak wuwussé tanpa pakéring, mung benerrira, ingkang dipun andhenni.


Nora montra yén rare maksih taruna, wicaranya tan wigih, nglawan sakéh wreda, kongsi kandhas ngakhirat prating awak kalbu geni, anéng naraka, jarred budan puniki.


Ingkang dadi bénjang urub-urubbira, dé Mukhammad teka wrin sru gawok manira, anjawab ngong tan bisa. Abu Jahal angling wengis éh Arawiyah, teka tan idhep ngisin.


Dadak gunggung ngunggulken ing satrunnira, ngapesken dhirinnéki, sasat wus kidakkan sira déning Mukammad tuturmu kang mratandhanni, pangucappira, lir mendem pucung pait.


PUPUH XVII

PUCUNG


Semunnipun Abu Jahal sanget bendu, andik tingallira, kemedut padonning lathi, jajannira mrebabak awinga-winga.


Kadya marus amerbabang nétrannipun idep ngada-ada, asugal dénnira angling, yén sun tandhing ing mangké pangawruh ing wang.


Lawan iku, kawruhé si Mukhammadun yakti tan kasorran malah onjo idhep mami, dhasar ingsun wong tuwa sampun anjajah.


Sakéh ngélmu, kang dakik-dakik ngong weruh, marméng sun tan éram ing kawruhé bocah cilik kawruh sikhir kinarya pangéram-éram.


Gih puniku, kang sanget salisirripun maksih sanget andhap Mukhammad ing wektu iki, durung padha tinimbang kalawan ingwang.


Peksa kudu, angungkulli jeneng ingsun awit saking kathah, ngélmunné sulap lan sikhir, lan akallé ingkang marang kajaillan.


Nadyan iku, pinedhangnga gulunnipun ya masa pasaha, jer akéh ngélmunné sikhir, lawan akéh akallé mring kajaillan.


Tumpuk-tumpuk jaillé Mukhammad iku, drengkinné golongngan pitenahé angranggonni, prayoganné cino babaé tinigas.


Dimén mumbul marang ing langit kapitu, sapa kang sangguppa, mejahi: nadyan siréki, sayektinné iya masa nedhassana.


Iya iku, lamun ora awak ingsun ingkang nandangngana, marang si Mukhammad iki, sira kabéh jerwus padha kena sulap.


Amung ingsun kang tanpasah sulappipun sulappé Mukhammad, ki Ngabuwah naurri, sakathahé tiyang: sanadyan tutuwan.


Éstunnipun déréng nyaménni puniku, lawan Umar Kathab bagus prawira ngajurit tur sembada kathah gunanné ngayuda.


Sajugéku, ngarêpken mungsuh nem éwu, kang sawiji waras kang nem éwu sirna gusis gih punika labuhanné Umar Kathab.


Pilih mungsuh, lamun mangsah ing prang pupuh, suprandéné iya, rumasa boya kuwawi, ing satemah Umar Kathab milu islam.


Wantu-wantu, Ngabuwah pamussipun marang Abu Jahal samana saréng miyarsi, Abu Jahal rumasa kalah padunya.


Sirna larut Bu Jahal ngen-angennipun anulya bubarran sadaya prasami mulih, sowing-sowang lawan wongngé Abu Jahal.


Kuneng wau, Bu Jahal malih winuwus tyasnya déréng lega, maksih sanget kuwal-kuwil nulya wau angumpulken sanakkira.


Sampul kumpul pawéstri tanapi jalu, anom miwah tuwa, wayahé wus tengah wngi, yata ngucap wau kita Abu Jahal.


Sanak ingsun sadaya bok inggih tulung, ing agama kula, kang lawas ingkang utami, lah émannen luluhur tuwan sadaya.


Sedyannipun Mukhammad angrusak niku, kalamun Mukhammad inggih boten dén paténni, sayektinné kaduwé maring Mukhammad.


Prajanningsun ing Mekah gih badhénnipun lan agamanning wang, amesthi dipun salinni, boten suka boten lila raganning wang.


Lamun éstu, sinalin nana puniku, saggonné Mukhammad apan dados mengsah mami, ing samangké pan maksih alit punika.


Lamun bésuk wus ageng saéstunnipun yekti dadi wisa, mangké mumpung maksih alit lah suwawi sami cinidra kéwala.


Gih puniku, napa ta wekakassipun maténni Mukhammad yén sampun kalakon mati, sayektinné kula kang unggul pribadya.


Lan puniku, inggih ta agamanningsun sakalangkung éca, niku mungguh awak mami, lamun ugi nedhassan mring Mukhammad.


Lamun rêmbug inggih sanak-sanak ingsun mugi rêmbaggana, lawan tiyang Mekah sami, dipun sami sadaya sarêng praptannya.


Ing génnipun Mukhammad samangsannipun, prasantana turnya, puniku kula ngrembuggi. Abu Jahal apikir sajronning nala.


Ciptannipun ing Mekah kéh sanakkipun kang wus padha islam mbok Manawa ngapirranni. Yata angling wau ta ki Abu Jahal.


Wuwussipun wong ing Mekah watekkipun yén wus tekéng prana, Manawa aniniwassi, jer sanak kéwala akéh kang padha islam.


Pantessipun yén iku dén ajag rêmbug nuli kondha-kondha, mring sanakké kang wus manjing, agaméslam sabanjurré dadi ébra.


Sedheng durung, kalakon iku tinempuh, wus ramé wartanya, bésuk tumekanning jurit rangu-rangu tandangngé nora temennan.


Jer ta iku, padha mungsuh sanakkipun kang wus padha islam tan wurung aniniwassi, nora énak rasanné ati manira.


Écannipun kula nyuruhi puniku, dhateng raja Thémas puniku sugih prajurit lawan sugih pekakas mengsahing yuda.


Dhasar iku, tunggal agama lan ingsun pantessé sang natha, yén mirêng warta puniki, sanget duka muriya ngagamannira.


Tan sarêju, mring agama nyar puniku, masa gék padhaha, lawan agamanné lami, nora wurung sang natha énggal tumwdhak.


Baya iku, kang bisa ngrampungngi bésuk ing sedya manira, angilangngaken kalilip tamtu nora ngaping kalihi ing karya.


Yogyannipun angaturri serat ingsun mring sang raja Thémas anuwun bantu ngajurit lah Ngabuwah nunten karyaha nawala.


Inggih katur, dhateng Thémas sang Aprabu, ijo annélayang, kula ngaturri udani, purwannira ing Mekah wonten sujanma.


Pan angaku, utussanira Hyang Agung, namanya Mukhammad wijillan Mekah nagari,maksih anom mencarken agamannira.


Modhal baru, tan purun anembah watu, budan kuna-kuna, asanget cineri-ceri, pangidheppé mung anembah maring Allah.


Mulang muruk patrapping rukuk sujud sebutnya tan liyan mung Allah ingkang pinuji, lan puniku sulaya nganti makuna.


Tan kalebu, ing pikir kula puniku, ujar ngayah wara, tan cécégg lan idhep mami, amung saking bisa-bisanné Mukhammmad.


Dhasar bahud Mukhammad pamurukkipun wasis amicara, manis ing tembung patitis datan kéguh murukki wong tuwa-tuwa.


Marmannipun kathah wong kang samya kélu, ing agamnnira, ngungkurken agama lami, tan wonten tan wruh yén puniku ngélmu sulap.


Ngélmu jantur, tinutur kalantur-lantur, bodhonné kang samya, angandel ing kawruh sikhir, déné sampun sami kénging ing susulap.


Tamtunnipun tan wigih tumut asujud cegah nembah budan pupundhén salami-lami, bapa: kaki luluhur ing kina-kina.


Samya méstu, ing budan watu abakuh, dadak samya mungkar, anyingkur mring budannéki, dén pilalah samya nut anembah Allah.


Sampun tamtu, saking katliwengnging surup tan wruh kadadossa, -nnira ing lampah puniki, ing wekassan tan wandé dados ruhara.


Sedya ulun amenggah solah puniku, ywa kadawa-dawa, samangké wus sedheng néki, marma lamun sang natha ing nagri Thémas.


Sukéng kalbu, kula anyuwun binantu, ngrabaséng agama, anyar: ngukuhi kang lami, mrih mantunné konca kang samya kasmaran.


PUPUH XVIII

ASMARADANA


Ngabuwah sigra anulis dhasarré wasis ing sastra, rêspati tatakramanné, ngadu manissing ukara, mathis para memelas sedhep pantes ingkang tembung, luwes kéwes ngréndéng manah.


Tan adangu nulya dadi, sinungngaken Abu Jahal winaca kéwes tembungngé, sakalangkung sukéng driya masa ta nathéng Thémas tan andhahar atur ingsun, surat wusnya tinampannan.


Binekta marêk tumuli, dhumateng ing budannira, datan adangu lampahé, wus prapta enggénné budan angobong dupa-dupa, suratté binekta sujud dhumateng ing budannira.


Sarwi matur ngasih-asih, aturré: dhuh tuwan budan kawula nyunyuwun mangké, mugi tuwan ngidinnana, dhateng ing khajat kula, kula yun ngrabaséng satru, ingkang sanget siya-siya.


Dhumateng pupundhén lami, yéka kang nama Mukhammad turré utussan Hyang Manon mencarken agama anyar, winulangken ing kathah, agama lama tan laku, malah anggung dén cecela.


Sagung budan tan kinéring, duméh dadossan sing séla, jarred tanna kawasanné, umobah: mosik tan bisa, tan wruh becik myang ala, sama wana atutulung, satuhu budan tan bisa.


Kathah dénya momoyokki, mring budan pupundhén kula, tansah dipun asorraké, amung Pangéranné dhawak ingkang minulya mulya, tur puniku tan kadulu, mung nebut asmanné: Allah.


Pamulangnya saben ari, angébarraken sahadat lan salat rukuk sujuddé, tan liyan ingkang kaucap kang pinuji mung Allah, wus kathah telukkannipun kathah tilas konca kula.


Atilar ing budannéki, kalayu tumut sembahyang, anut Mukhammad mulangngé, manembah dhumateng Allah, ingkang boten awarna, sujuddé angawur-awur, ing saenggon-engonnira.


Boten tamtu enggonnéki, kang pinuji tanpa rupa, nora karuhan dunungngé, idheppé mung maring Allah, Allahé tan katingal baya saking bingungngipun dhuh tuwan ing pethék kula.


Kados Mukhammad puniki, ageng ngélmunnira sulap tanapi ageng sikhirré, déné gampil lan kéwala, dénnya mrih pangidhepnya, wong kathah mring wulangngipun sakala kélu tut wuntat.


Tan nganggé pikinikir malih, wong kanga nut mring Mukhammad saksana tinggal budanné, lajeng tumut asembahhyang, gawok kula kalintang, déné laré wingi ésuk teka tinut satuduhnya.


Ki Arbu ragi mangreti, sakedhik anedha tondha, dhateng Mukhammad nyatanné, kalamun sira sanyata, utussan Hyang Misésa, nélakna pratandhannipun menyawak bisa angucap.


Kadya pangucapping janmi, nyatanné dénnira dadya, utussannira Hyang Manon, Mukhammad sigra angulap menyawak tata janma, angucap: éstu-éstu, Mukhammad utussan Allah.


Satanné nabi kakasih, kakasihira Hyang Suksma, tuwin nabi wekasanné, wekassan para ambiya, Mukhammad rasullulah, inggih utusanning Hyang Agung, tuhu temen tan acidra.


Ki Arbu ajrih ambatin gya kélu tumut sahadat kéh tunggallé mang mangkono, O: tuwan amung kawula, kang kekah tan suminggah, kengkeng angésthi pukulun tan gimir déning susulap.


Samangké ulun mangudi, nyuwun pangéstu ing tuwan ulun arsa nglakokaké, kéngkénnan dhateng ing thémas ambekta nawalamba, wiyossé nyuwun binantu, déning Sri Natha ing Thémas.


Derapon ywa ngaping kalih, gén ulun arsa ngrabasa, dhumateng Mukhammad dimén lebur luluh sarakkira, kang nerak ngarak-arak ngidheppa dhateng pukulun dhuh tuwan nyembadannana.


Dhateng sedyamba puniki, lamun kasembadan bénjjang, tuwan tamtu ngong mumulé, ing sekar: konyoh: dudupa, sasaji kang mirasa, ngong pundhi urut delagung, tuhu tuwan kang minulya.


Budan minggu tanpa angling, anjejer dhsarré séla, amung malolo nétranné, tan mobah: mosik tan ngucap katog Ki Abu jahal dénya mboboléhing atur, tan wruh lamun iku sasar.


Abu Jahal wus atangi, para nujum ingaturan kinén mirsa pétangnganné, becikké wong atur surat yata wus dinawuhan ingkang saé sangattipun wus katur mring Abu Jahal.


Nawala sinungkern anglis nenggih dhumateng caraka, anulya umangkat agé, datan winursiténg marga, prapta jawinning praja, saklangkung rêseping kalbu, caraka kang saking mekah.


Nagara kalangkung asri, siti rata murah yoya, adadi tanem tuwuhé, carakanné Abu Jahal anjujug Kyana Patya, ingancarran tata lungguh, wus katur gatinning lampah.


Ngandika Rêkyana Patih, kalamun inggih mangkana, prayogi, marêk sang kathong. Anulya tumaméng pura, sang natha nuju lenggah, mungguhing pandhapa agung, umatur kang jaga lawang,


Punika Rêkyana Patih, arsa marêk padukéndra. Nathéng Thémas ngandika lon timballana ngarsanning wang. Yata lajeng ngandika tan adangu prapténg ngayun sang natha alon ngandika.


Paran pawartanné patih. Rêkyana Patih manembah, pukulus gusthi sang kathong, punika wonten caraka, saking nagari Mekah. Angandika sang Aprabu, sapa kang duwé caraka.


Umatur Rêkyana Patih, inggih saking Abu Jahal, sang natha ngandika alon undangngen ing ngarsanning wang. Tan dangu prapténg ngarsa, kang nawala gya pinundhut, wus katur sri naranatha,


Binuka simukméng galih, tembungngé ingkang nawala, katurra sembah bekti ngong, kawula pun Abu Jahal, katur paduka natha, ing Thémas ingkang amengku, sawusnya sembah kawula,


Wiyos ulun tur udanni, dhumateng paduka natha, nagari Mekah samangké, gih wonten rare taruna, kalangkung jaillira, boten darbé bapa biyung, manahipun apanassan,


Budan amba dén pejahi, ing mangké sangsaya dhugal, sarêng kamantu woyossé, inggih dhumateng ing sulthan, Walidu temah dadra, agama lami dén lebur, ginanti agama anyar,


Agaku luhur pribadi, datan wonten kang mamadha, titahing Hyang sadayanné, kalawan pribadi gadhah, iman ingkang sampurna, manawi dhangan ing kalbu, kula aturri sang natha,


Dhumateng Mekah nedhakki, ingkang mugi sri naréndra, nguninganna ambekké, jaillipun si Mukhammad, mila ambatur surat, dhumateng ngarsa sang prabu, saking gawokké tyas kula,


Sajeg gesang tembé uning, solahé tiyang mangkana, kalawan paningal ing ngong, kathah para raja-raja, nanging ta datan kadya, jeng paduka sang ngaprabu, kang sampurna wicaksana,


Ing kitab titiga titi, méndah ta tuwan rawuha, ing nagari Mekah mangké, kados boten ngantos lenggah, awit sangetting duka, kedah nugel gulunnipun, inggih dhateng pun Mukhammad,


Wau ta sri narapathi, sawusnya amaos serat, sakalangkung sru dukanné, jaja bang mawinga-winga, wadana lir sinecang, padonning lathi kumedut, ideppé mangada-ada,


Adangu dangu ginnalih, asrep raossing wardaya, caraka kang sepuh mangké, tinimballan marêk ngarsa, wus prapta ing byantara, sang natha ngandika arum, lah payo mara maturra,


Pawartanné kang sayekti, samengko nagara Mekah, caraka nulya wot sinom, pukulun sri nara natha, ingkang nama Mukhammad, tuhu suker manahipun, amulang agama anyar,


Ing Mekah gusti samangkin, langkung pter gégérrira, abantah rêbat lerêssé, menggah lampahing agama, kang lami lan kang anyar, pramilannipun pukulun, inggih kyai Abu Jahal,


Ingkang mugi sri bupathi, tumenten tedhakka, dhumateng ing Mekah anon, menggah kang dados gégérnya, gusti nagari Mekah, mangkana wau sang prabu, ing Thémas alon ngandika,


Éh patih undhang nuli, wadya balanningsun Thémas, punggawa sapangisorré, kalawan prajuriting wang, kabéh asadhiyaha, sakeprabon ing prang pupuh, ngong budhal ing bénjang ngénjang,


Marang ing Mekah nagari, Kya Patih matur sandika, sang natha kondur ngedhaton, nenggih gancangnging carita, énjingngé wus samekta, anulya tengara pupuh, sigra budhal lampahira,


Sitipethak dén margénni, sagungngé kang wadya bala, nitih dipangga sang kathong, langkung agung wadyannira, angler samodra pasang, lumébérring wana gunung, lebu melek ngampak-ampak,


Saking gung wadya lumaris, kathahé atanpa wilangngan, kuneng kang lumampah mangké, yata genti kawarnaha, Kangjeng Nabi Mukhammad, anéng ing pendhapa lungguh, Jabarail nulya prapta,


Uluk salam ing jeng nabi, jinnawab ngalékum salam, lajeng atata lenggahé, nenggih Jeng Nabi Mukhammad,  kalangkung sukéng driya, déné wau ta andulu, Jabarail ingkang prapta,


Nulya matur Jabarail, dhuh gusti paningal kula, tuwan alum pasemonné, Jeng Nabi alon ngandika, inggih saéstunnira, kawula ajrih kalangkung, aningalli warna tuwan,


Déné sanés kala ngunni, kepanggih néng gunung karam, Jabarail tutup lathinné, inggih sampun ajrih tuwan, kularsa tulung tuwan, punapa raossing kalbu, kanthiya nuwun mring Allah.


PUPUH XIX

KINANTHI


Allah ingkang Maha Agung, dhawuhipun dhateng mami, punapa panuwun tuwan, kula kinén andhatengngi, lan amba atur uninga, dhumateng paduka gusti,


Samangké paduka ayun, dén bantahi para aji, punika sang raha Thémas, gih punika bekta daging, anedha dipun dadosna, pawéstri kang ayu luwih,


Kang umur nembelas tahun, nunten tuwan nedhéng widi, mugi ta daging punika, kadadossenna pawéstri, kang ngumur nembelas warsa, warnannipun kang yu luwih,


Punapa kang tuwan suwun, sayekti dipun paringngi, sampun mawi mamang-mamang, jeng nabi sarêng miyarsi, éca kang galih gya donga, ya rabi pangéran mami,


Hamba sakalangkung sokur, ing tuwan kang Maga Sukci, Jabarail salin warna, kadya saben yén kapanggih, ya ta wau kawarnaha, kasaru wau kang prapti,


Ing Thémas wau sang prabu, ginerbeg sawadya wonten kang tur priksa, dhateng Abu Jahal nenggih,


Abu Jahal sarêng ngrungu, lamun raja Thémas prapti, sakalangkung sukéng driya, senggak keplok asta kalih, alok-alok menang-menang, mungsuh lan Mukhammad mami,


Sayektinné nora wurung, ngandang wong agama katri, padha dén ajak rêmbuggan, sang raja Thémas annuli, gya manjing ing wismannira, Abu Jahal sampun panggih,


Anulya tata alungguh, Abu Jahal anulya ngling, dhumateng santannannira, punggawa wadya sang ngaji, prenahna pakuwonnira, sarta lan sugatannéki,


Sang raja Thémas amuwus, Abu Jahal sanak mami, kawula andika undang, maring ing Mekah nagari, punapa gatining karya, Abu Jahal matur aris,


Sampun tuwan dangu ulun, ingkang gita sang ngaji, danguwa tyang sepah-sepah, punika kang wonten ngarsi, mangkana sang raja Thémas, alon dénnya ngandika aris,


 Wong tuwa-tuwa sadarum, kaya pawartanniréki, padha maturra maring wang, para nujum matur sami, dhumateng sang raja Thémas, pukulun gusti sang ngaji,


Pun Mukhammad ambekkipun, inggih sakalangkung drengki, sakathahing tiyang Mekah, sami pinoyok puniki, ingkang nglampahi agama, inggih ingkang nguni-uni,


Budan ulun dipun lebur, kula péndhék atur mami, sedayanné tuwan wikan, menggahing ngagama lami, punika arsa dén risak, dhateng Mukhammad samangkin,


Raja Thémas miyarsa tur, amicaréng jronning galih, lah iki wong tuwa-tuwa, paturranné kabéh sami, lawan kang wus muni laying, wusana wau sang ngaji,


Alon pandandikannipun, kalamun kadya puniki, iya dinna bénjang ngénjang, Mukhammad ingsun aturri, iku padha kumpullan, angrembug prakara iki,


Yata kasaputting dalu, bubarran pra sami mulih, nathéng Thémas masanggrahan, sawadya balanniréki, Abun Thalib kawarnaha, samana miyarsa warti,


Prabonning ngaprang rinasuk, jimatté sampun rinakit, sinjangngira kang wasiyat, saking Kangjeng Nabi Brahim, rasukkan ingkang wasiyat, saking Nabi Iskak ngunni,


Lan golok wasiyattipun, jeng gusti Nabi Ismangil, kuluk saking Nabi Ngisa, kais tuwin teken nenggih, saking Nabi Sungéb kuna, jijimat utawi supi,


Saking pra nabi sadarum, ingkang kuna-kuna nguni, sampun rinasuk sadaya, sentananné Abin Thalib, kawan dasa kathahira, sampun siyaga ngajurit,


 Gagaman sampun rinasuk, anulya budhal tumuli, dhateng pondhokké wong Thémas, lestari lampah ing margi, Bun Thalib kang anéng ngarsa, prapta pondhokké sang ngaji,


Malakul jayip sang prabu, ing Thémas sri narapathi, pan sampun tata alenggah, nathéng Thémas ngandika ris, Bun Thalib kawula gadhah, wicanten inggih sakedhik,


Tigang kecap kathahipun, tuwan piyarsakna mangkin, mangkana ujar kawula, putranta Mukhammad niki, menggah kapinterraannira, wong mekah kang ageng sami,


Tan wonten maidoniku, lan tan wonten kang nyaménni, Mukhammad ageng piyambak, malah yun ngrata agami, nyalinni agama lawas, agama anyar puniki,


Janma kabéh kinén anut, punika ingkang prayogi, punika ta kadi paran, lerêssan tuwan samangkin, ngaku utusanné Allah, tan wonten pangéran malih,


Mung sawiji ujarripun, putranta Mukhammad nenggih, sampun mashur kang pawarta, tan wonten prayogannéki, wicaranné putra tuwan, saujarré tetep jail,


Wong mekah kang sepuh-sepuh, dén guguyu sadyéki, agamanné ingkang lama, kedah sami dén salinni, kalamun kadya mangkana, putra tuwan ing samangkin,


Tuwan aturrana niku, Mukhammad panggiya mami, kang miyarsa sami suka, yata kyai Abin Talib, anduta sentanannira, sakawan nitih turanggi,


Kuneng wau kang ing ngutus, kawarnaha kangjeng nabi, anéng padalemmannira, sulthan Walidun duk linggih, kasaru caraka prapta, tumaméng ngarsa jeng nabi,


Caraka nembah umatur, dhuh gusthi amba jeng nabi, lampah kawula dinuta, ing ramanta Abin Talib, jeng paduka ing ngaturran,nathéng Témas nuwus manis,


PUPUH XX

DANDHANGGULA


Yata gepah wau kangjeng nabi, malbéng dalem ngandikéng ing garwa, Khathijah samnagké ing ngong, ngandikan ramanningsun, raja Thémas kang dué kapti, praptanné nathéng Thémas, gawa wadyannipun, apan sagelar sapapan, raja Thémas mulanné puniku prapti, wit saking Abu Jahal,


Atur surat ya marang sang ngaji, nathéng Thémas sang rêtna Khathijah, sarêng miyarsa dhawuhé, langkung maras tyassipun, nulya niba pan datannéling, supé purwaduksina, sanget dénnya muwun, sang dyah sajronning wardaya, dhuh pangéran amba ingkang Maha Sukci, ulun ngandelling tuwan,


Gya sinambut dhateng kangjeng nabi, sarwi alon dénnira ngandika, adhuh arinningsun anggér, rathu-rathuning ngayu, lan rathunning sagung pawéstri, dunya tekéng ngakhérat, panyata siréku, panuttanné prawanodya, aja maras tyassira pan ingsun iki, sadremma nglakonnana,


Paréntahé Hyang Suksma kang sukci, aja kandheg ing kono mas mirah, jeng nabi tumengnga agé, ningalli marang luhur, Jabarail anulya prapti, kalawan malaékat, kéhnya tigang ngéwu, anggigilanni warnanya, bekta tumbak pucukké murub prasami, kalamun tinumbakna,


Maring séla dadi awu yakti, pra malékat sami atur salam, gebyar-gebyar ujwalanné, ingkan g cahya dinulu, sagung para malékat sami, sadaya uluk salam, sarêng aturripun, dhuh gusthi aNabi Mukhammad, mila ulun inggih tumurun puniki, saking karsanning Allah,


Ulun sami kiné anulungngi, dhateng tuwan lamun gusti karsa, anumpes wong Thémas kabéh, utawi liyannipun, ing manusa kang sami kapir, tuwan amaréntaha, dhumateng ing ngulun, gih sapinten mengsah tuwan, kathahipun inggih wau tiyang kapir, kelamun tuwan préntah,


Pesthi sirna sakathahing kapir,préntahipun Allah dhateng amba, jeng nabi asrep galihé, yata ngandika arum, gih anedha mitra ngong sami, jeng nabi lon ngandika, mring Jabarail gupuh, lamun ta tuwan leburra, sadayanné punika gih tiyang kapir, sinten kang nnnéng naraka,


Kula ajeng turunnipun bénjing, bokmanawi gih purun agama. Kasaru wau praptanné, Bu Bakar: Ngumar rawuh, Ngusman Ngali marêk jeng nabi, ngrasuk kaprabonning prang, kudawahanéku, angengngira sahandaka, kapat pisan turongga agengngé sami, nabi nitih andaka,


Sigra budhal wau kangjeng nabi, ginarêbeg kang para sakhabat bandéra munggéng ngarsanné, bandéra klébéttipun pan akenceng manerang angina ingaran sahrul iman cahyannira mancur, sagungngé para sakhabat salawattan dikirran samargi-margi, kawarna lampahira.


Abu Jahal wus dangu anganti,  ngungak-ungak ing sadangunnira, yata katingal lampahé, Bu Jahal tyasnya gummyur, tanpa nalar kekes sru ajrih, gya marêk rajéng Thémas aturnya mlas ayun mugi ta panuwun amba, dhateng tuwan pan inggih dipun sayekti, paring pitulung amba,


Ujar tuwan sampun ngudanénni, pratingkahé inggih pun Mukhammad tan wontenkinéringngaké, sulap sikhirré agung, guna dhesthi sinebar sami, pangasihan lan gendam mila kathah anut manusa kang tanpa nalar, tanpa utek tanpa akal tanpa budi, kalayu kenéng guna,


Bingung anut mring Mukhammad sami, kapiluyu ing kasekténnira, akathah kérut sikhirré, ing bénjing wong kanga nut inggih dhateng ingkang jeng nabi, apan wantunnétiyang, kenéng sumbagéku, ngrasa samya jrih punika, mring Mukhammad saklangkung génya sung sikhir, kula masa ajriha,


Yén awétta Mukhammad néngriki, sayektinné agama kawula, inggih sinalinnan mangké, mapan agamannipun kang jinunjung pinundhi pundhi, amrih tinut wong kathah, sanadyan wong agung, saéstukenéng sumbaga, boten wandé anut mring Mukhammad nenggih, mangké lamun Mukhammad,


Prapta: tuwan inggih dén prayogi, dhawuh tuwan supados sagedda, ngawonnaké ing padunné, bantah tuwan puniku, abantah lan Mukhammad inggih. Mapan ta sri naréndra, ing salaminnipun déréng miyarsa piyambak pun Mukhammad padunné saklangkung belit kumaki tur kumethak,


Aneracak kaworran gumaib tur gumisa kaworran gumuna. Nathéng Thémas lon wuwussé, sakéhing ujar niku, kang pun krungu marang ing mami, mungguh panemu kula, Bu Jahal sadarum won gala pesthi katara, yén wong becik sayekti lamun katitik, kala natha ngandika,


Sagungnging wong mambu gonad wangi, saget amrik angambar ulekkan yata jeng nabi praptanné, payungngé mega pingul lajeng tata dénnira linggih, Abun Thalib ngandika, inggih rawuhipun putranningsun pun Mukhammad, boten awpr kangjeng nabi lenggah néki, lawan para sakhabat,


Rada kapéring wuri ki Kasim kang bekta serattira Bu Jahal nathéng Thémas pandulunné, jeng nabi praptannipun pan kumenyut raossing galih, ngadeg dénnira lenggah, maranni jeng rasul rinangkul Nabi Musthapa, pan cinandhak astannira kangjeng nabi, mugi tuwan lenggah,


Anéng kursi sampun lenggah wuri. Sapolahé sang natha ing Thémas langkung nganorken raganné, dhumateng jeng rasul nungkullaken sirahiréki, marang nabi Mukhammad sagungngé wong dulu, kalamun sang rajéng Thémas anorraga dhumateng ing kangjeng nabi,  sagung wong samya nduga,


Raossing tyas wong islam sami, lir siniram ing tirta nirmala, rarasan lawan kancanné, nenggih wirayattipun uwong tuwa-tuwa ing uni, lamun sang raja Thémas puniku ing bésuk nora wét agama lawas nuli anut agamanné kangjeng nabi, mengko wahanannira,


Teka ngrangkul dhumateng jengnabi, dipun ajak lengahan ajajar, kang sarta banget taklimmé, marang ing kangjeng rasul raja Thémas kalangkung asih, andulu mring Mukhammad welasnya kelangkung, mangkana sang raja Thémas sariranné jeng nabi dén pariksanni, ngiling-ngilingngan samya,


Lan nalika kangjeng nabi lumaris  data nana wawayangannira, tapak tan ana labetté, mega putih kang payung, saparanné mega tut wuri, sartanné manggih toya, yén kéndel jeng rasul cahyanya kadi sasongka, rajéng Thémas amicara jronning ati, iya nabi Mukhammad,


Nora padha sasamanning janmi, iki pantes mustikanning umat pan ora ana cacaddé, nyata nabi panutup nanging ingsun cobanné dhingin, wong wong kaya sadaya myat ngucap réwangngipun tan kayaha rajéng Thémas apa baya iya raja Thémas iki, uninga caritannya,


Kitab Thorét Zabur miwah Injil ana nabi wekassan Ambiya, pan iku Kurán kitabbé, kang winulangken iku, sufangatté agung ngluwihi, kang anut paréntahnya, munggah swarga agung, séjé lan nalikannira, rajéng Thémas prapta saking ing nagari, samengko pasemonnya,


Arsa anut agamanning nabi, jeng Mukhammad ya agama anyar. Réwangnya alon saurré, sang raja Thémas iku, arsa mungsuh jeng nabi, sadurungngira wikan warnanné jeng rasul barêng wis waspadéng warna, ngendi ana wong bagus kaya jeng nabi, tan ana cacaddira,


Lan cahyanné umancur lir samsi, nadyan sagung para raja, lah iya sajagad kabéh, sapa kang wani mungsuh, mring jengnabi Mukhammad iki. Yata sang raja Thémas alon aturripun dhateng jeng nabi Musthapa, sri naréndra aturrira melas asih, tuwan nabi kawula,


Rama tuwan Ngabdullah kang name, putrannipun Dul Munthalib Mekah, saking Ismangil bangsanné, milannipun ta ulun dhateng wonten Mekah nagari, kyai Abu Jahal kintun srat ing ulun jeng tuwan karsa ambubrah ing agama inggih ingkang dhingin-dhingin, mangun agama anyar,


Kula anut kang sayakti-yakti, ing ngagama tuwan ingkang anyar, kitab Jabur Injil Torét, sampun sami anyebut, lamun tuwan nabi kakasih, mugi ta rama tuwan, lan ulun punika, inggih ta paduka wulang, ing agami tuwan kang anyar samangkin, wau sang raja Thémas,


Langkung kathah suallé mring nabi, wus jinawab sadaya sampurna, raja Thémas nrima kabéh, yata malih turripun, gusti ulun inggih miyarsi, wartannira ing jaman, pra nabi sedarum, sami kagungngan mujijat, jeng nabi Nuh mujijattipun ingnguni, umatnya tan pracaya,


Jagadtipun kinelem ing warih, tiyang kapir apejah sadaya, duk nabi Hu ding jamanné, umatté kang tan anut, buminnipun gusti winalik, nabi Brahim punika, gih mujijattipun, ing ngobong déning dahana, tan nedhassi wusana talaga manggih, Musa mujijattira,


Duk panggih lan Pirngon tungkat nuli, dyan binuwang dadya sarpa naga, mongsa wadyannipun Pirngon, sadaya sirna lebur, datan nana kari sawiji, lan malih mujijatnya, ing nalikanipun, duk jeng nabi Dawud kunna, wesi atos dados uruh ingkang wesi, mujijatnya sri natha.


PUPUH XXI

S I N O M


Kadya malam pan kinarya, kulambi punika wesi, kangjeng nabi Nuk kaumnya, ing nguni kang sampun mati, dumugi jamannéki, jeng nabi Ngisa puniku, inggih kaum punika, ginesangken dhateng nabi, Ngisa ingkang minongka mujijattira,


Kelawan kagungan Allah,pan inggih  naming satunggil, kawula tuwan wulangnga, lan rama tuwan puniki, kalawan malih néki, gusti nabi kula ayun, uning mujijat tuwan, pratondha yén tuwan nabi, kangjeng rasul yata alon angandika,


Punapa andika tedha, raja Thémas matur aris, wulan duk liginé medal, mugi agengngenna gusti, kadya purnama sidi,  wulan purnama sidiku, mugi tuwan alitna, lir tanggal nem likur gusti, nunten tuwan wedalna lir tanggal pisan,


Amadhangngana sajagad, anunten wulan puniki, sasampunnira nglana, anunten wau kang sasi, inggih tuwan dhawuhi, kang wulan punika mudhun, dhumateng kakbétolah, mubeng kaping pitu gusti, ingkang wulan nunten tuwan dhawuhana,


Inggih ingkang wulan adan, yén sampun adan kang sasi, nunten tuwan dhawuhana, ngabekti dhateng Hyang Widi, lajeng tuwan dhawuhi, kekésanni wulan puniku, lamun saéstu tuwan, panutuppé para nabi, nunten tuwan dhawuhi wonten ing tengah,


Ing tengahé tiyang séba, kalawan puniki sasi, micaraha basa arab, yén éstu paduka nabi, tembungipun kang manis, lajeng manjingnga puniku, lengen rasukkan tuwan, anunten medulla malih, kados kalih aliwat ing lengen tuwan,


Siji sisih kéring kanan, anunten punika sasi, wangsulla dados satunggal, sawusnya dados satunggil, tuwan pulihna malih, yén sampun pulih puniku, nunten tuwan lampahna, tuwan wedallenna gusti, saking masrik anenggih ingkang satunggal,


Saking magrib kang satunggal, panggih ya néng tengah sami, wangsulla dados satunggal, madhangngi jagad puniki, yén wus tuwan dhatengngi, kang dados panuwun ulun, sakéh nak putu amba, utawi sawadya mami, kang saéstu méstuti nut gama islam,


Lan ajrih asih sadaya, utawi janma liyaning, sami anut gama tuwan, kang tan anut éstu kapir, jeng nabi ngandika ris, lah ta inggih sang ngaprabu, punapa sampun telas, pamundhut tuwan mring mami, sampun mawi taha-taha sri naréndra,


Umatur sang raja Thémas, dhumateng ing kangjeng nabi, inggih tana mung punika, jeng nabi anulya pamit, sigra bubarran sami, Abu Jahal asru muwus, dhumateng kancannira, jaluk ané sri bupathi, raja Thémas pamundhutté luwih longka,


Ingsun duga si Mukhammad, mongsa béjossa nekanni, réwangngé sami ingngundang, akumpul ing ngarsannéki, Bu Jahal asru ngling, lah iya Mukhammad iku, mongsa dadak bisaha, nekanni panjaluknéki, nathéng Thémas réwangngé suka aturnya,


Milanné nunten pamittan, punika kula watawis, lajeng siyaga ngayuda, jer tiyang tan sedya becik, sadaya tiyang kapir, asuka suka gumuyu, mésem-mésem Bu Jahal, gumuyu saréwngnéki, kunéng mangké Bu Jahal genti kawarna,


Kangjeng nabi lampahira, prapta dalemmira nenggih, pinethuk marang kang garwa, samana tata alinggih, jeng nabi ngandika aris, dhumateng nging garwannipun, warta ing réh sadaya, miwitti malah mekassi, yata matur kusuma déwi Kathijah’


Sakalangkung angéllira, raja Thémas kang tinedhi, jeng nabi alon ngandika, mapan ta sadrema mami, Déwei Kathijah nenggih, anenedha ing Hyang Agung, gusti Pangéran amba, kang Ngagung kang Maha Sukci, tekannana panuwunné raja Thémas,


Jeng nabi anulya salat, ing panggénnan ingkang sepi, mung kalih rêkangat salam, nulya Jabarail prapti, uluk salam mring nabi, gya jinawab salammipun, wangalékum salam, sigra matur Jabarail, salamming Hyang anenggih dhumateng tuwan,


Jinawab ngalékum salam, yata matur Jabarail, gusti tuwan anenedha, dhumateng Hyang Maha Sukci, dhawuhipun Hyang  Widi, sri Thémas panedhannipun, gih tuwan saguhana, sinembadan ing Hyang Widi, ingkang dados panuwun tuwan sadaya,


Jabarail nulya musna, kuneng genti kang winanrni, ki Abin Thalib kawarna, sapraptannéki, langkung sungkawéng galih, mangkana osikking kalbu, dhingin anak Mukhammad, metu wisa iréng néki, kang sasisih pan iya metu dahana,


Saprandéné ana janma, iya arep anibanni, watu nuli iku séla, karakettanniréki, kathah lamun winarni, mangkana ciptanning kalbu, apa baya ing bénjang, iya bisa anekanni, anjalukké puniku sang raja Thémas,


Anulya ana suwara, lir baledhék anglangkungngi, mangkana ujarring swara, éh ta sira Bin Thalib, sakéh ati kang juti, kang nora ngandel puniku, iya marang Mukhammad, iku buwangngen dén aglis, aja sira nganggo mamang atinnira,


Paman ta iku manira, kabéh ingkang anekanni, manira luwih kuwasa, agawé sakarsa mami, wruhannira Bun Talib, anakmu Mukhammad iku, iya kakasih ingwang, pitung bumi pitung langit, mongsa ana dumadi lamun tannana,


Si Mukhammmad sutannira, sakarêppé sun tekanni, snadyan rêmbulanning wang, ingsun paringngaken pasthi, lamun anakiréki iku kang duwé panjaluk, iya ginawé tondha, lamun iki nabi mami, lah delengngen yén sira angaran nana,


Iya marang anakira, si Mukhammad iku jail, iku sira maronoha, padha weruha siréki, lawan sartanné maning, siréku méluwa sujud, jarring swara tétéla, nulya késah Abin Talib, mring dalemmé jeng gusti nabi Mukhammad,


Tan adangu lampahira, sampun prapta Abintalib, ing dalemmé ingkang putra, anulya tata alinggih, yata ki Abin Talib, wawarta ing putrannipun, wau ujarring swara, miwitti malah mekassi, kangjeng nabi samana sarêng miyarsa,


Saklangkung sukanning driya, donga sokur ing Hyang Widi, yata jeng nabi Mukhammad, umatur ramannira ris, duk Jabarail prapti, Bun Talib suka kalangkung, myarsa aturring putra, ngandika lon Abin Talib, lamun mangké inggih tuwan nekannana,


Panedhanné raja Thémas, méndah bungahé tyas mami, samana nulya pamittan, wau kyai Abin Talib, kawarna kangjeng nabi, samana wau ing dalu, késah mring kakbétollah, lan sakhabat papat ngiring, tuwin janma sadaya kang sampun islam,


Wus prapta ing kakbatollah, dhinawuhan ing jeng nabi, sadya prasami salam, rong rêkangat alam nuli, wong Mekah kang winanrni, néng kakbah sampun akumpul, jalu miwah wanodya, sang natha Thémas wus prapti, pakumpullan sami anéng kakbatollah,


Kalawan sawadyannira, gumuruh suwarannéki, saking gungé ingkang janma, kurang papan luwih janmi, jejel uyel apipit, dhesekkan kang sami dulu, ngantos amber balabar, mring ngara ara kang janmi, yén sinawang lir péndah sagara benna,


Malah prapTA gunung karam, saking gungngé ingkang janmi, kadi robbé kang samodra, anggelébbi kang wanadri, winilangnga upami, séwu yuta malah langkung, saking ing désa-désa, maksih selur awit énjang, prpaténg ngasar déréng kendhat ingkang prapta,


Jejel pipit ingkang janma, datanpa sela kang janmi, jeng nabi néng gunung karam, anenedha ing Hyang Widi, Gusti Pangéran mami, Kang Ngagung Kang Maha Luhur, sagung kapir sadaya, tuwan walih manah néki, kang supados anutta agama amba,


Yata Allah angandika, mring malékat pitung langit, lah ta padha tumurunna, marang kasih ngong dén aglis, sigra malékat sami, kang pitung langit tumurun, pateng dhedhet sakala, tan katon sawiji-wiji, bumi langit limengngan nandhang asmara.


PUPUH XXII

ASMARADANA


Sadaya sagungnging janmi, tan uning satunggal-tunggal, bingngung kuwur gégér tyassé, satemah tunjang-tinunjang, kalawan réwangngira, tan wikan anak lan putu, kéh biyang pisah lan anak,


Rathu tan saged ningalli, dhumateng ing balannira, satengah wong masang ngobor, luwih ageng ngoborrira, nanging tan nemu padhang, mung urubbé kang tinemu, wenéh janma ana ngucap,


Iya baya dina iki, kang di aranni kiyamat, déné kaliwat petengngé, ingkang sawenéh  ing janma, kalangkung ngajrihira, andharodhog awakkipun, nora bisa lunga-lunga,


Saklangkung sedhih kang ngati, déné tan wonten katingal, prenahan siji-sijiné, ana sawnéhé janma, ngucap baya Mukamad, nurunnaken sasi iku, dumadi bulanné pejah,


Sirna tanpa cahya nenggih, mulanné samengko iya, kaliwat iya petengngé, sawenéh ana angucap, kuduwung temen ing Hyang, déné perlu kudu dulu, samengko arsa muliya,


Petengngé kapati-pati, ingsun tan weruh dadalan, ana kang ngucap sawenéh, Bu Jahal kang duwé karya, maido mring Mukhamad, apan niki susahipun, sinongga marang wong kathah,


Nora sinongga pribadi, angguguyu mring Mukhamad, singawong ingkang maidon, marang jeng nabi Mustapa, pesthiné lamun rusak, dunya kérat nemu bendu, marang Allahu tangala,


Bu Jahal sajeggé urip, salawassé anéng dunya, apan iya durung naté, agawéya kabecikkan, marang padhanné janma, amung jail bandhannipun, agawé susah ing janma,


Ana réwangngé naurri, iku nora tinggal nama, ki Abu Jail aranné, padha lan kalakuwanya, kuneng ucapping janma, warna-warna swarannipun, nanging tanna wring kawarna,


Mangkana wau sang ngaji, jayip naréndra ing Thémas, samana umatur alon, ya gusti nabi Mukhamad, ulun sampun unningnga, mujijat tuwan saéstu, mugi tuwan sampunnana,


Umat tuwan tan kuwawi, mugi tuwan pirsakenna, inggih pepadhang samangké, mugi tuwan karsakenna, umat tuwan agama, saksana gusti jeng rasul, umatur dhumateng Allah,


Ya Allah Kang Maha Sukci, Kang AGung Kang Maha Mulya, ingkang ngasih mring kulanné, mugita tuwan paringnga, kadi wulan purnama, wangsulna mring langit gupuh, anulya kang peteng ilang,


Padhang sanalika nuli, aterang anglir rahina, lintang wulan trang cahyanné, umancur kalangkung padhang, gya tumurun kang wulan, marang kakbah lawangngipun, kang dén gonni marang wulan,


Nulya mubeng punang sasi, ping pitu ngubengngi kakbah, lawan tawaf sawusnya gé, gya ngabekti ingkang wulan, sawussira asalat, nenggih ingkang wulan wau, asru ing pangucappira,


Éh sagungnging ingkang janmi, tan ana Pangéran liya, mung Allah sawiji kuwé, ingkang satuhuné Allah, kang gawé bumi sapta, kalawan langit kapitu, miwah saisinné pisan,


Kang langgeng kang Maha Sukci, kalawan nabi Mukhamad, iku éstu utusanné, Gusthi Allahu tangala, sawussira angucap, gya marang ngarsa jeng rasul, mangkana aturring wulan,


Asalamungalékummi, ya gusthi nabi Mukhamad, wusnya atur salam agé, nulya sujud ingkang wulan, sumungkem anéng pada, nnira jeng rasul amuwus, ucappé maca kalimah,


Kalih wusnya maca nuli, fatékah abasa arab, ingkang wulanpangucappé, sadaya janma miyarsa, nalika wulan ngucap, umaturring kangjeng rasul, ya gusti nabi Mukhamad,


Pesthi Allah ingkang kardi, bumi sapta langit sapta, tuwin saisinné kabéh, lawan jeng nabi Mukhamad, tan ana ingkang madha, paduka tuwan satuhu, inggih wijining nurbuwat,


Kang tumedhak pitu bumi, pan tumurun dhateng tuwan, éstu tuwan utusanné, Allah Ingkang Maha Mulya, tan wonten tumandhingnga, inggih sinten tiyangngipun, ingkang angucap sahadat,


Saéstu éslam kang janmi, kang tan purun ngucap sahadat, punika kapir éstunné, manjing naraka wong ngika, datan manjing suwarga, wulan tutug aturripun, nulya malebet rasukkan,


Kang wulan nalika manjing, rasukkan nabi Mukhamad, jeng nabi ngandika alon, éh sasi sira metuwa, dadi loro ta sira, sarta lamun sira metu, ing tangan ngong siji sewing,


Tengen siji kiwa siji, sawessé metu ta sira, ingkang wulan sawijinné, ing masrik magrib sijinya, nuli temu néng tengah, dadi siji bali mring sun, nulya medal ingkang mulan,


Saking asta siji sisih, dhateng masrik kang stunggal, dhateng magrib satunggallé, lajeng kumpul anéng tengah, néng luhur uluk salam, yata ingkang wulan wau, malebet dhateng rasukkan,


Rajéng Thémas matur aris, saéstu kelamun tuwan, kakasihipun Hyang Manon, ulun wis wikan pribadya, menggah mujijat tuwan, saéstu pracaya ulun, yén tuwan nabi wekassan,


Pinujul sagung dumadi, kawula sampun pracaya, myang sasanak amba kabéh, utawiné wadya bala, éstu sami pracaya, sayekti pra sami anut, dhumateng agama tuawan,


Ngandika sang raja Jayip, marang wadya balannira, éh wahya balangong kabéh, pamanéh sira upaya, pan iya iku tékad, ingkang sampurna satuhu, ing dunya tekéngngakhérat,


Agamanta ingkang dhingin, ingkang padha linakonnan, puniku wektu samangké, nora nana kabennerran, dadiné ing ngéwahan, karsannira kangjeng rasul, marma wajib kabéh sira,


Anut agama saiki, saréngat nabi Mukhamad, yata sakéh kapir kabéh, amiyarsa sabdannira, nenggih kang wadya Thémas, sami muji jroning kalbu, kadya sang nata ing Thémas,


Ingsun durung amiyarsi, tuturré wong kunna-kunna, para nabi-nabi kabéh, tannana ingkang mamadha, kadya nabi Mukhamad, luwih mulya luwih luhur, tur ta akanthi utama.


PUPUH XXIII


KINANTHI


Sang raja Thémas umatur, pukulun gusti jeng nabi, rathunning sangungé umat, sadaya ingkang madhangngi, gih saking petengnging manah, tan wonten liyanné malih,


Kang ulun suwunni tulung, jeng nabi ngandika aris, éh sira sang raja Thémas, yén nuwis trima siréki, lah payo padha bubarran, rajéng Thémas angabekti,


Samana bubarran sampun, sewing-séwang sami mulih, miwah sira Abu Jahal, pan tumut bubarran mulih, sawadyanira sadaya, geseng rarainné sami,


Bu Jahal pangucappipun, déné tan kaya anenggih, lah iya iku Mukhamad, sulappé angluluwihi, mung ingsun kang nora kena, ing sulap kalawan skhir,


Sadaya wus sami mantuk, kang para malékat sami,  utawi sunging janma, désa-désa kang ningalli, ing dalu sang raja Thémas, umarêk dhateng jeng nabi,


Sarêng prapta ngaras suku, sumengkem pada jeng nabi, sasolahnya melassarsa, jeng nabi ngandika aris, lah wunguwa sri naréndra, tampannana dhawuh mami,


Nathéng Thémas sigra wungu, anulya tata alinggih, umatur sang rajéng Thémas,  dhuh nabi amba kang luwih, tuwan wulangen kawula, sahadat kalimah kalih,


Saksana lajeng winuruk, sang raja Thémas wus banghkit, mangkana sang raja Thémas, umatur jeng nabi malih, ya gusti panuttan amba, ulun gadhah atur malih,


Jeng nabi ngandika arum, punapa ingkang kinapti, rajéng Thémas aturrira, lahirna raossing kapti, kang déréng ulun aturna, dhumateng paduka gusti,


Mugi wedalna sadarum, suraossé tyassing dasih, sarêng matur rajéng Thémas, ngandika Hyang Maha Sukci, Jabarail Tumurunna, dhawuhna kakasih mami,


Raja Thémas ingkang atur, gya tumurun Jabarail, sapraptanné uluk salam, jinnawab ing kangjeng nabi, Jabarail aturrira, dhuh pukulun gusti mami,


Ulun ingngutus Hyang Ngagung, mring tuwan atur udanni, yén raja Thémas punika, inggih praptanné puniki, angagurraken ing tuwan, inggih ingkang warni daging,


Wondéné daging puniku, supados dadossa janmi, ingkang ayu warnannira, kang pantes putranning aji, ingkang lagya umurrira, wayahé nembelas warsi,


Nunten tuwan ajak gupuh, dhumateng kakbatollahi, yata jeng nabi ngandika, marangraja Thémas aris, éh payo sang raja Thémas, marang ing kakbatollahi,


Asandika aturripun, ing Thémas sri narapathi, saksana anulya budhal, rajéng Thémas atut wuri, malékat mudhun sadaya, ingkang anéng pitung langit,


Angering mring kangjeng rasul, kakbatollah sampun prapti, jeng nabi alon ngandika, Jayip endi ingkang warni, daging ingkang déra bekta, nulya raja Thémas anglis,


Gya angalap dagingngipun, ingkang dé wadhahi pethi, dén buntel ing sutra édah, nulya katur ingkang daging, ngarsanné nabi Mukhamad dading sinéléhken ngarsi,


Jeng nabi donga Hyang Ngagung, tinrima pan dongannéki, daging nulya warna janma, pawéstri ayu linuwih, gawok sagung kang tumingal, kang satengah ana angling,


Putranné sinten puniku, pantes putranné sang ngaji, annuli kang malékat, angaturri mring jeng nabi, nenggih ingkang toya jamjam, jeng nabi sigra nampanni,


Gya cinidhuk gayung gupuh, siniramken mring kang janmi, kang saking daging asalnya, wewah ayu ingkang warni, cahyanya gumebyar kadya, kang wulan purnama sidi,


Pantes atmajanning rathu, lir péndah inten ing ngukir, pantes iku yoswannira, duk lagi nembelas warsi, pantes sedhep pasemonya, kéwes luwes marak ati,


Citranné saklangkung ngayu, pawéstri angucap aris, mring jengnabi lon aturnya, dhuh gusti panutan mami, kawula sampun agama, anut ing paduka gusti,


Gya matur pratikellipun, sadaya réh ing agami, rukunné éslam kang ngawal, ngantya prapta rukun akhir, kalimah kalih angucap, lailahailolahi,


Mukhamad rasullolahu, pawéstri anulya tangi, satata lenggah ing ngarsa, cahyanné mancur awenning, lir péndah wulan purnama, kedhéppé lir péndah tahthit,


Tanpa tandhing ayunnipun, pasarirannira kuning, gebyar-gebyar lir parade, pawéstri marêk ing ngarsi, jeng nabi aris ngandika, maraha ramanniréki,


Saksana gya mara gupuh, ngarsanné ramanniréki, sapraptannira ing ngarsa, nnira kang rama gya bekti, ngaras padanné sang natha, malikul Jayip ling ngaris, lah uwis ta tangiya gupuh, jinunjung sirahiréki, babo sira abaliya, umarêkka kangjeng nabi, nini sira ngabektiya, iku marga sira dadi,


Manusa warnamu ayu, pan ingsun iki sadremi, anak-anak marang sira, karsanning Hyang Masukci, ya Allah kang maya mulya, pan iku Pangéran mami,


Jeng nabi Mukhamad iku, pan iya iku samangkin, utussan Hyang Maha Mulya, ing Thémas sri narapathi, pan sampun agama islam, sawadyannira prasami,


Jeng nabi ngandika arum, éh sira Malikul Jayip, lah uwis sira muliya, sawadyannira sang ngaji, sawengkonmu wong ing Thémas, wulangngen agama wuri.



Bersambung ke SERAT MUHAMMAD 2 click here  :


SERAT MUHAMMAD (2)




Dening Imajiner Nuswantoro 






Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)