SERAT MUHAMMAD (2)
Teks Serat Muhammad di atas menceritakan kisah Nabi Muhammad SAW sejak menikah dengan Dewi Khatijah, hijrah ke Madinah, hingga perjuangan perang dan penaklukan negeri Sengara oleh panglima perang Radén Semangun.
Ringkasan Isi Serat
1. Pernikahan dan Hijrah:
- Pernikahan Kangjeng Rasul (Nabi Muhammad SAW) dengan Déwi Khatijah.
- Perjalanan hijrah atau kepindahan beliau menuju ke negeri Madinah.
2. Perang dan Penaklukan:
- Perjalanan perang (tindak anglurug) menuju ke negeri Swengara/Sengara.
- Keberhasilan merebut dan meruntuhkan (bedhah) negeri Sengara.
- Peran sénapati (panglima perang) dari pihak Islam yaitu Radén Semangun.
Terjemahan Teks
"Serat Muhammad (Bagian 1) Menceritakan: Pernikahan Agung Kanjeng Rasul dengan Dewi Khatijah, hingga kepindahan beliau ke negeri Madinah, selanjutnya perjalanan menyerang ke negeri Swengara, sampai dengan takluknya negeri Sengara oleh panglima perang - Raden Semangun."
Arti Kata demi Kata (Kamus Kecil)
Untuk membantu Anda memahami bahasa Jawa klasik (Jawa Baru) dalam teks tersebut, berikut adalah arti dari setiap katanya:
- Anyariyossaken: menceritakan / mengisahkan.
- Binayan-karinnipun (dari kata bayangkari): prosesi pernikahan agung atau diarak seperti raja.
- Dhaup kaliyan: menikah dengan.
- Ngantos: sampai / hingga.
- Jengkarripun (dari kata jengkar): keberangkatan / kepindahan / hijrah.
- Salajengngipun: selanjutnya / setelah itu.
- Tindak anglurug: pergi menyerang / mendatangi medan perang.
- Dumuginipun: hingga sampai pada / tibanya.
- Bedhah: takluk / jebol / runtuh (biasanya untuk benteng atau kota yang kalah perang).
- Sénapati: panglima perang.
Siapa Raden Semangun ?
Nama Radén Semangun atau Jaka Semangun merupakan tokoh yang sangat menarik dalam literatur Babad dan Serat Jawa.
- Nama Lain: Tokoh ini di beberapa naskah babad lain (seperti Babad Banyumas) juga dikenal dengan nama Bagus Mangun atau Raden Joko Kahiman.
- Adaptasi Budaya: Penulis Jawa zaman dahulu sering melakukan lokalisasi (pribumisasi) kisah-kisah Islam. Tokoh-tokoh Arab atau Timur Tengah diubah namanya menjadi nama-nama berbau Jawa (seperti Raden Semangun) agar cerita perjuangan Islam terasa lebih dekat dan mudah dipahami oleh masyarakat Jawa saat itu.
Misteri Negeri Swengara / Sengara
Dalam teks Anda disebutkan bahwa Raden Semangun berhasil menaklukkan (bedhah) negeri Sengara.
- Analogi Sejarah: Dalam sejarah asli Islam, tidak ada nama kota "Sengara". Namun, para peneliti sastra Jawa meyakini bahwa "Sengara" merupakan pelesetan atau sebutan lokal Jawa untuk wilayah Khaibar atau negeri musuh lainnya yang dihadapi oleh pasukan Muslim pada masa awal perkembangan Islam di Madinah.
- Makna Kata : Kata Sengara atau Asmara dalam beberapa konteks sastra klasik juga sering dikaitkan dengan simbol wilayah yang belum mengenal petunjuk (belum memeluk Islam) yang kemudian ditaklukkan secara damai maupun perang.
Mengapa Serat Ini Ditulis ?
Serat Muhammad merupakan media dakwah yang sangat populer di tanah Jawa pada abad ke-18 hingga ke-19. Fungsi utamanya adalah:
- Mengenalkan Sirah Nabawiyah: Mengajarkan sejarah kehidupan Nabi Muhammad SAW kepada masyarakat awam.
- Bahasa Macapat: Ditulis menggunakan tembang-tembang Jawa (seperti Asmarandana, Sinom, atau Pangkur) agar bisa dilantunkan (ditembangkan) saat malam hari atau acara kumpul warga.
Cerita Lanjutan Serat Muhammad
Setelah keberhasilan Raden Semangun menaklukkan negeri Sengara, naskah ini melanjutkan kisah perjuangan menyebarkan Islam dan dinamika di Kota Madinah. Kisah selanjutnya berfokus pada tiga bagian utama:
1. Perang Khaibar dan Pembebasan Wilayah
Pasukan Islam yang dipimpin oleh para sahabat Nabi bergerak untuk mengamankan wilayah sekitar Madinah dari ancaman luar.
Tokoh Raden Semangun dalam bab ini digambarkan sebagai panglima yang sangat sakti dan setia, memimpin pasukan garda depan mengepung benteng pertahanan musuh yang sangat kuat.
2. Ujian di Kota Madinah
Cerita bergeser ke situasi internal di Madinah, menceritakan bagaimana Kangjeng Rasul menghadapi kaum munafik yang mencoba memecah belah umat dari dalam.
Bagian ini sarat akan nasihat moral dan strategi diplomasi yang dilakukan Nabi untuk menjaga kedamaian kota.
3. Utusan ke Berbagai Negeri
Kangjeng Rasul mulai mengirimkan surat dan utusan (diplomat) ke raja-raja di sekitar jazirah Arab dan kerajaan besar (seperti Rum dan Persia) untuk mengajak mereka memeluk Islam secara damai.
Sifat Sastra dalam Naskah
Penting untuk diingat bahwa Serat Muhammad ini ditulis dalam bentuk tembang macapat (jarwa sekar macapat). Cerita ini menggabungkan:
- Fakta Sejarah Islam (Sirah Nabawiyah): Pernikahan dengan Khadijah, hijrah ke Madinah.
- Bumbu Epik Jawa: Pertempuran yang digambarkan mirip dengan perang tanding dalam dunia pewayangan lengkap dengan kesaktian para senapatinya.
PUPUH XXIV
PANGKUR
Manembah sang raja Thémas, sampun pamit gya léngsér saking ngarsi, bubarran sawadyannipun, jeng nabi kondur sigra, raja Thémas ing mangké ingkang winuwus, prapta pasanggrahannira, samana laju kapanggih,
Dhumateng ki Abu Jahal, yata wau lajeng tata alinggih, sang raja Thémas lon wuwus, éh sanak ngong Bu Jahal, kula dik aundang mring Mekah kang prelu, andika kinén delengnga, nyatanné Mukhamad nabi,
Samangké kula uninga, dhasar temen gih mujijatting nabi, sapa kang maido iku, pasthi manjang naraka, lir maido Pangéran Kang Maha Agung, pan tunggal ingkang sinedya, Mukhamad niku sayekti,
Inggih utusanning Allah, sinten ingkang pracaya trussing ngati, munggah ing suwarga bésuk, tuhu nabi Mukhamad, boten wonten ingkang madhanni puniku, saréngatté langkung mulya, lan ageng luhur pribadi,
Abu Jahal amiyarsa, dheleg-dheleg tan ngucap tan nahurri, sakecap datan calathu, nulya sang raja Thémas, apamittan Maliku Tayip bubar wus: saking ing nagara Mekah, sawadyanya tan kawarni,
Lampahira anéng marga, sampun prapta anéng Thémas nagari, saréngat lajeng winangun, sarak jeng rasullolah, sampun rata raja Thémas wadyannipun, sami agama Mukhamad, malah mblébér liyan nagri,
Mangkana sang raja Thémas, sawussira maréntahken agami, ngumpullaken brana agung, busana warna-warna, myang kancana sosotya kaprabon ratu, raja kaputrén kalawan, panganggé wadya prajurit,
Utawi kaprabon ing prang, pira-pira pangaji tanpa wilis, yén ginunggung rêgénnipun, séwu yuta pan ana, wusnya kumpul animballi patihipun, tan adanguprapténg ngarsa, ngandika sri narapathi,
Éh patih sira ngong duta, marang mekah caosna dunya iki, ira marang kanjeng rasul, iki pratandhanning wang, jeneng ingsun wus anut agamannipun, kya patih matur sandika, dunya sampun dén dandanni,
Sadaya wino ting ngunta, séwu unta nenggih kamottan sami, kyana patih budhal sampun, saking nagari Thémas, tan kawarna ing marga lampahnya rawuh, anéng ing nagari mekah, lajeng umarêk jeng nabi,
Patih thémas marêk ngarsa, kangjeng nabi anéng pandhapa linggih, sakhabat papat néng ngayun, Bubakar Ngumar Ngusmas, kapat Ngali sami sakhabat gegedhug, sakhabat kang kathah-kathah, aglar nanging radi tebih,
Patih thémas gya manembah, dhuh pukulun gusti amba jeng nabi, kang séstu duta Hyang Ngagung, wekasan pra ambiya, kang minulya tan wonten sasaminnipun, sadaya titahing Allah, mung tuwan luhur pribadi,
Ulun punika dinuta, umat tuwan inggih sang raja Jayib, ing Thémas ingkang amengku, anyaossaken sembah, kaping kalih anyaossaken atur-ratur, ing tuwan mong ka pratondha, kalamun Thémas sang ngaji,
Wus anut agama tuwan, kangjeng rasul donga sokur ing Widi, wusana ngandika arum, dhumateng Abu Bakar, éh Bu Bakar raja Thémas kang tur ratur, andika para atiga, ingkang saduman puniki,
Mugi dika waradinna, pekir meskin tiyang mekah nagari, ingkang saduman puniku, andika paringenna, tiyang mekah sadaya kang sampun anut, dhumateng agama islam, ingkang sadumanné malih,
Paring na sang raja Thémas, kinén bagi marang wong pekir miskin, nagara Thémas sadarum, yata Ki Abu Bakar, wus binnagi sagungngé brana puniku, kuneng genti kawarnaha Abu jahal kang winarni,
Miyarsa sang raja Thémas, atur brana dhumateng kangjengnabi, séwu unta kathahipun, nulya ing ngadhang marga, dyan kepanggih barana nulya rebut, dhumateng ki Abu Jahal, patih Thémas nulya bali,
Matur mring nabi Mustapa, lamun Abu Jahal bégal néng margi, brana sing Thémas sang prabu, binégal mring Bu Jahal, sangguppipun Bu Jahal ingkang kinintun, sakhabat sami bramantya, Bu Jahal dipun paranni,
Bu bakar Ngali myang Ngumar, Ngusman lawan Bu Jahal wus apanggih, sakhabat papat sru muwus, pagéné Abu Jahal, teka mamak iya polahira iku, dudu sira kinirimman, ngapa amaksa nVng margi,
Bu Jahal aris shurrnya, sampun agé-agé tuwan aruntik, inggih lamun dédé ingsun, inggih kang kinirimman, lah ta tuwan pundhutta brna puniku, apan wonten ingkang bekta, untanné tuwan takénni,
Sinten ingkang kinirimman, lamun dédé kula kang dén kirimmi, sayekti unta tan asung, tandhanné lamun kula, kinirimman inggih dhumateng sang prabu, untanné tumut mring kula, sakhabat prasami mulih,
Bu Jahal anulya késah, maring gonné budannira pan aglis, sarwi bekta burat arum, kembang jebad lan dupa, lan érma mawar miwah dhédhés datan kantun, kinutuggan dupa, Abu Jahal sujud nuli,
Anéng sangarsanning Budan, aturira apan angasih-asih, ya budan kang luwih agung, sarta luhur pribadya, amba nedha pitulung tuwan satuhu, mennangngenna padu kula, apesna Mukhamad mangkin,
Dén unggullena kawula, sun rêruba dhateng tuwan ing bénjing, sang raja Thémas akintun, barana sééwu unta, mugi unta tuwan bisakken calathu, amicara kadi janma, nulungngana dhateng mamti,
Mennangngenna padu kula, inggih lawan pun Mukhamad puniki, unta micaraha niku, saéstu abu Jahal, ingkang dipun kantunni dhateng sang prabu, boten kirim mring Mukhamad, sang ngaprabu Thémas Jayib,
Apan temen ujar amba, Abu Jahal anglosod dénya angling, awit énjing kongsi surup, budanné datan ngucap, maksih minggu anjoto datan calathu, surup mantuk Abu Jahal, énjing séba kangjeng nabi,
Maranggonné ingkang unta, Abu Jahal samana anulya ngling, lah unta dén agé clathu, pan iya basa janma, ingkang temen mungguh calathumu iku, sapa ingkang kinirimman, brana marang sri bupathi,
Sun badhé awakmanira, datan ngucap untannira anenggih, maksih mlompong cangkemmipun, wong ngakéh sami mara, sarwi ngucap Abu Jahal sira iku, wong kaparat kenna sibat, atimu darêngki jail,
Sira anakonni unta, amelompong iku tan bisa angling, sagung wong sami umatur, gusti nabi Mukhamad, ingkang mugi unta inggih tuwan dangu dangu, jeng nabi aris ngandika, éh unta ingsun takonni,
Kang unta sarêng miyarsa, sami kagét kang turu sami tangi, jeng nabi ngandikannipun, unta sira ngucappa, basa janma maturra satemennipun, sapa ingkang kinirimman, brana mring sang natha manis.
PUPUH XXV
DANDHANGGULA
Sarêng matur ingkang unta sami, dhuh pukulun jeng nabi Mukhamad, kang pinunjul mulya dhéwé, utusanning Hyang Ngagung, wekassanning sagung pra nabi, prapténg dina kiyamat, mung tuwan satuhu, panutup para amabiya, inggih tuwan kekasihipun Hyang Widi, tan wonten liyannira,
Ulun matur ing sayekti-yekti, aprakawis ingkang raja brana, sang nathéng Thémas dhawuhé, menggah brana puniku, sinaosken ing kangjeng nabi, minongka pratondha, samangké sang prabu, wus anut agama tuwan, yata ngucap sadaya sagungngé janmi, lah iya iku unta,
Kinén ngucap lawan kangjeng nabi, basa janma umatur mangkana, matur sabener-benerré, nathéng Thémas puniku, atur-atur marang jeng nabi, iku sakéhé brana, Abu Jahal ngrungu, wicaranné ingkang unta, nulya mingkus pucet rêrainné nenggih, Bu Jahal mantuk inggal,
Celuruttan solahiréng margi, ulattira apan pundirangngan, angelus elus rainné, bubarran kangjeng rasul, budhal saking kakbatullahi, dén iring pra sakhabat, angrebeg ing pungkur, lan sakéhé uwong islam, sarta ngiring unta kanga mob brana di, saking sang raja Thémas,
Gya binuka kang momottan sami, apan kathah ingkang raja brana, anulya dén bagé-bagé, déné bekta wau, kang wus salin agama nabi, kunéng nabi Mustapa, genti kang winuwus, kawarnaha Abu Jahal, sakalangkung dénnira amuring muring, tanbuh tanbuh tyassira,
Ingkang dadya paranniréng runtik, sakathahé wong wong kang sampun islam, sami pinaran wismanné, ginebuggan sadarum, dhateng Abu Jahal anenggih, sanget dénnira duka, mring wong islam iku, ngobrak abrik sabendina, atukarran lan wong islam saben nari, nulya na panggedhénya,
Lawangngira growah dén bubrahi, yata ana swara kapiyarsa, wong mekah miyarsa kabéh, marang saréngatira, lunassen sedarum, jeng nabi alon ngandika, mring sakhabat awit ing dina saiki, sakhabat ngong samoha,
Datan nana becikké wong kapir, iku nuli perangngana, kang bongga sirnakna kabéh, aja na kari iku, ing sagung wong kang maksih mukir, yata jeng nabi duta, animballi gupuh, sakhabat nama Hudaman, prapténg ngarsa nabi angandika aris, éh ta sira Hudaman,
Perangngana sagung wong kang mukir, anggawaha wong kang padha islam, ingkang pinter tau taté, ngadonni aprang pupuh, skeet baé ajakken jurit, inggal sira mangkatta, mring nagara bismu, rajéng Hudaman sandika, sigra léngser saking ngarsanné jeng nabi, sapraptannira wisma,
Ngulpullaken kancannira sami, ingkang sampun manjing gama islam, kawan dasa gangsal kéhé, samana wus ngalumpuk, ana asikep kaprbon jurit, yata anulya budhal, wulan rêjep nuju, lakinné Déwi Rukiyah, milya aprang anusul réwangngiréki, Ki Bun Talib kaputra,
Pan titiga kathahira nenggih, Abun Talib anenggih kang putra, kang dhérék jeng nabi mangké, kang alit pyambak iku, séjén lampah anéng margi, réwangngé kalih welas, wau lampahipun, prapta Bismu manjing praja, sri naréndra lagya siniwakéng dasih, mantra muka néng ngarsa,
Pra punggawa satriya lan mantri, ulu baling prajuritnya aglar, Hudaman wau praptanné, darojog ngarsa prabu, lajeng wau jajar alinggih, wadyannya sang Hudaman, angadeg sadarum, mungguhing taratag rambat, sang Hudaman pangucappira pan aris, mring Bismu sri naréndra,
Éh sang natha pratanningsun iki, pan dinuta jeng nabi Mukhamad, angantep ing sira ing ngong, dhawuhipun jeng rasul, sri naréndra apata apti, manut saréngat mulya, agama kang luhur, kang mulya dunnya ngakhérat, lamun arsa ngucappa kalimah kalih, anut nabi Mukhamad,
Yén tan narsa karsanné jeng nabi, ingsun kinén angluna samoha, sagung kapir iki kabéh, Bismu rajéng lon wuwus, éh Hudaman ragéngsun iki, apan ta uwis lawas, gon sun ngayun-nayun, yun anut saréngat mulya, lah ta mara wulangangen ragéngsun iki, saréngat rasullulah,
Dyan winulang wau sir bupathi, mring Hudaman kalimah sahadat, sampun bisa Bismu rajéng, anulya sang ngaprabu, dhawuh marang rêkyana patih, éh patih undangngenna, marang wadyanningsun, kabéh salinna agama, umanutta saréngatté kangjengn abi, Mukhamad kang minulya,
Kyana patih sandika tur néki, gya winulang ki patih samana, lawan sawadyanné kabéh, warata undang prabu, sang Hudaman pinernah nuli, mondok ing siti bentar, sinuguhan penuh, dhaharran awarna-warna, ingkang ngéndah tan pegat ing siyang ratri, dénnya mulang sahadat,
Miwah mulang ngaji kuran nenggih, sampun kukuh imanné sang natha, sawadya wong Bismu kabéh, kuneng mangké winuwus, Abu Jahal ingkang winarni, lir wong ngédan kedadak, nalikanné ngrungu, kalamun sabat Hudaman, ngislammaken sang raja Bismu nagari, tambuh rasanning driya,
Wardayannya pan kadi rinujit, sanget bingung solah tan karuwan, anempuh byat satemahé, nindakki pikirripun, kang dadakkan datanpa uwit, yata akarya surat, mring sang raja Bismu, inggih namanning nagara, sarta kirim barana gung adi-adi, winot unta sadasa,
Carakannya Bu Jahal lumaris, tan kawarna lampahiréng marga, wus prapta ing Bismu rajéng, lajeng katur sang Prabu, kang caraka ngandika ngarsi, prapta byantara réng natha, surattira katur, binuka sinukméng driya, tembungngipun kula aturra salam taklim, inggih ki Abu Jahal,
Kaaturra maring sri bupathi, kang pilenggah ing Bismu nagara, wussing katur salamming ngong, kawula atur weruh, mring sang natha Bismu nagari, punika tiyang Mekah, mariki puniku, kedah angrusak agama, tetep lamun puniku atinné jail, tan patut tinut wuntat,
Sedya ngrisak agami kang lami, kedah ngajak agama kang anyar, kaping kalihnya sang kathong, kula atur pakintun, raja brana kang adi-adi, winot sadasa unta, katur sang prabu, sang natha Bismu nagara, wusnya maca sampurna tembungnging tulis, mésem aris ngandika,
Abu Jahal agamanniréki, iku anut agamanning sétan, ngajak rusak salawassé, dunya ngakhérattipun, pesthi lamun nemu tan becik, ingsun pan nora arsa, mring dhéwékké anut, ngong anut agama mulya, saréngatté jeng gusti Mukhamad nabi, nyata dutanning Allah,
Luwih sukur Bu Jahal kang ngati, éh wong Mekah dutanné Bu Jahal, siréku baliya agé, iku pakirimmipun, Abu Jahal marang ing mami, gawannen bali padha, ingsun nora ayun, nampanni pakirimmira, Abu Jahal lah ta iki laying mami, tampakna Abu Jahal,
Punang duta kang serat tinampin, sigra amit léngsér saking ngarsa, kuneng genti winiraos, Abun Talib winuwus, putrannira pan sampun mulih, saking Bismu nagara, atur warta sampun, sasolahira Hudaman, lan nalika Abu Jahal kirim tulis, sampun katur sadaya,
Abin Talib sarêng amiyarsi, sakalangkung sukannirVng driya, anulya mangkat agé, tindak mring dalemmipun, kangjeng nabi samana panggih, lajeng atata lenggah, Abin Talib muwus, wawarta dhateng kang putra, ing solahé Hudaman lan wartannéki, solahnya ki Bu Jahal,
Kangjeng nabi sarêng amiyarsi, donga sokur mring Allah tangala, Bun Talib anulya agé, kintun serat sang prabu, sri naréndra Bismu nagari, caraka lumaksana, tan kawarnéng ngenu, prapta ing Bismu nagara, duta lajeng tumaméng ngarsa nerpathi, ngaturraken nuwala,
Wus tinnampan binuka kang tulis, sinukméng tyas tembungngé kang serat, ngaturraken salamming ngong, Bun Talib mring sang prabu, kang jumeneng Bismu nagari, kula sampun miharsa, wartannya sang prabu, tuwin wartannya Bu Jahal, kula nunten matur anak kangjeng nabi, saklangkung sokurring Hyang,
Tuwin kula langkung sukéng galih, mugi mugi Allah nyantosakna, mring anak prabu imanné, rineksaha Hyang Ngagung, pikantukka sufangat nabi, manggiya sa…….ya, ing saturun tumrun, linerêsna tékaddira, salametta ing ngawal tumekéng ngakhir, sampun manggih sangsaya,
Mugyantukka rahmatting Hyang Widi, ngapuraha sakathahing dosa, sang natha langkung sukanné, Bun Talib serattipun, tinukup kep muka ping katri, kuneng datan winarna, solahnya sang prabu, sampun waradin sadaya, Bismu rajéng anut agama jeng nabi, yata nulya Hudingman,
Sigra pamit dhumateng sang ngaji, mantuk dhateng nagariha Mekah, sampun kaliyan pamitté, kathah paparingngipun, mring Hudaman sri narapathi, saman lajeng budhal, lan sakancannipun, kuneng malih winurcita, wonten janma sawiji panggih Bun Talib, janma maksih nonomman.
PUPUH XXVI
S I N O M
Awasta Abu Salamah, wus sami tata alinggih, Abu Salamah aturnya, dhuh kiyai Abin Talib kula atur udanni, Abi Jahal sedyannipun, arsa ngrusak mring tuwan, sampun ngumpullaken baris, arsa ngepung dhumateng ing wisma tuwan,
Abin Talib alon ngucap, paran dosanningsun iki, Abu Salamah turrira, Abu Jahal muring-muring, déné tuwan ngrojongngi, ing karsanné kangjeng rasul, ujarripun Ngathobah, punika dhumateng mami, kula warta mring paduka Abu Jahal,
Sakalangkung boten suka, yata angling Abun Talib, nadyan ingsun kinepungnga, mongsa ta wediya mami, Abu Jahal wong jail, dadak arsa gawé rusuh, kuneng Abu Salamah, kawartakna Abin Talib, kawarnaha wau jeng nabi Mukhamad,
Pinarak ing dalemmira, Jabarail nulya prapti, apan sarwi uluk salam, jinawab ing kangjeng nabi, gya matur Jabarail, gusti salamming Hyang Ngagung, inggih dhumateng tuwan, jinawab ing kangjeng nabi, ngalékum salam Jabarail matur sigra,
Éh tuwan nabi Mukhamad, gustinné sakéh dumadi, ngislammaken tiyang kapir, sinten ingkang boten anut, inggih saréngat tuwan, mugi ta tuwan lunassi, sampun ajrih tuwan dhateng tiyang kopar,
Ulun kinén ngréncangana, dhumateng paduka gusti, jeng nabi sarêng atompa, dhawuhipun Jabarail, yata nimballi aglis, marang sakahabat gegedhug, Bu Bakar Ngumar Ngusman, Ngali Walid lan Walulid, Ki Sayidu utawiné Ki Hudaman,
Utawa para sakhabat, panekar pepak néng ngarsi, tuwin sagungngé wong ngislam, jengnabi ngandika aris, Bu Bakar myang liyanning, timballannipun Hyang Ngagung, kula kinén ngislamna, marang sagung ing wong kapir, ingkang bongga dhumateng saréngat ingwang,
Kawula kinén anglunas, ing samangké karsa mami, manira arsa tumindak, angislammaken wong kapir, Bu Bakar aturnéki, tuwin sakhabat sadarum, punapa ing ngantossan, sampun kasedya kang dasih, angradinna dhumateng saréngat tuwan,
Seksana anulya budhal, para sakhabat angering, jeng nabi sigra ngupaya, ing umat kang maksih kapir, kalamun datan napti, amanut agama rasul, anulya pinerangan, marangan wadyanné jeng nabi, pra sakhabat tannana sedya mundurra,
Amungsuh lawan wong kopar, wong ngislam sadaya wanni, kalamun antuk pangaja, saking gusti kangjeng nabi, tinanggung lamun mati, amunggah swarga agung, mila sagung wong ngislam, tannana kang ngrasa ajrih, amungsuh akalawan sagungngé kopar,
Prapta ing dina kiyamat, wong ngislam punika sami, ganjarrannira Hyang Suksma, pannora dipun owahi, wong ngislam kang sayekti, anut saréngat jeng rasul, mangkana kawarnaha, nulya késah kangjeng nabi, minggah gunung karam ing ngiring wong ngislam,
Nalikannira lumampah, wau kangjeng gusti nabi, kapethuk tiyang lumampah, jalu pan amung sawiji, wong Mekah wijilnéki, Jatha Gimbal rambuttipun, medénni warnannira, gonad pek prengngus nglangkungngi, pakaryanné amét kidang lan menjangan,
Dén dhéndhéng daging yén angsal, gagamanné jirêt garing, panah towok pedhang kantar, tulup utawiné lembing, antuk menjangan siji, anulya cinancang sampun, wondéné ingkang sangsam, punika lagya nusonni, sadangunné menjangan ingkang cinancang,
Anangis luh darodossan, yata liwat kangjeng nabi, ningalli sangsam cinancang, tyassira welas nglangkungngi, menjangan aningalli, dhumateng ingkang jeng rasul, osikké manahira, uwong ingkang liwat iku, ingsun dulu nora nana wayangannya,
Lawan pinayungngan mega, putih néng nginggiliréki, baya ta jeng nabi ika, Mukhamad ingkang sinelir, pesthinné wurung mami, pinangan wong ngalas iku, yén jeng nabi Mustapa, ingkang anulungngi mami, punag sangsam gene anéng siti pethak,
Angléla sangsam katingal, beker susu kebeh warih, menter-menter katingallan, saya caket kangjengnabi, buron alas prasami, kang tumingal sami muwus, marang ing réwangngira, menjangan dén cancan mangkin, pesthi lamun mring jeng nabi ing ngucullan,
Lawan ika wong ngalassan, dén islamken mring jeng nabi, manutting saréngat mulya, agamanné gusti nabi, Mukhamad kang linuwih, panutuppé para rasul, kangjeng nabi tumingal, mring menjangan kang dén godhi, kangjeng nabi maranni gonné menjangan.
Menjangan ngaturri salam, salammu ngalékum gusti, mangkana turring menjangan, ya sayidu mursalinni, wonten tuur amba gusti, mring tuwan nabi panutup, ing wau amba nedha, ing suket kawula bukti, wonten toya gih ulun inum punika,
Kawula punika gadhah, atmaja inggih satunggil, saweg suson wayahira, duk umur sawelas ari, lan sanak amba gusti, sato wana sadayéku, sami ngadhep ing amba, amba nedha suket wilis, réhning sampun dangu kawula tan nedha,
Dhukut kang ném aném mangkya, nunten wonten suket wilis, ulun nedha éca-éca, kagét wonten swara janmi, sanget lir bledhég kapyarsi, sanak ngong sami angrungu, miwah ta anak amba, anusup dhateng wanadri, ulun mlajeng wusana nerajan kala,
Anulya ulun cinancang, sadinten boten kepanggih, inggih lawan anak amba, susu ngong kelangkung sakit, sanget beker nglangkungngi, labet saking tan sinusu, déné ta badan amba, boya yén ajriya pati, wus jamaknya sang samba nukti ing janma,
Panuwun amba ing tuwan, icalla raossé sakit, panuwun amba ing Allah, Kang Ngagung Kang Maha Sukci, déné kang kaping kalih, ing tuwan nabi panutup, wekassan pra ambiya, kang luhur tanpa sesame, mugi tuwan paringnga tulung mring amba,
Mila sanget tur kawula, déné anak amba siki, duk umur sawlas dina, bok datan kepanggih malih, ulun dhateng ing pati, pinurak ing janma wau, mila sru nyuwun amba, wontenna welassing gusti, nadyan pejah ulun yén tinedha janma,
Tinimbang tinedha macan, aluhung tinedha janmi, nadyan mangké pinurakka, yén ulun sampun nusonni, dhateng sutamba gusti, sakedhap kawula wangsul jengnabi angandika, marang wong ngalassan aris, lah uculna menjangan kang sira cancan,
Dimén nusonni anaknya, wong ngalassan matur aris, gumuyu alatah-latah, sadina gonningsun murih, yén uculla upami, saéstu lajeng lumayu, lumebu marang ngalas, mongsa silih dadak bali, yén tan bali punapa inggih ta tuwan,
Sangguppa anempuhana, angandika kangjeng nabi, iya yén iku menjangan, lulus nora bali maning, ingsun ingkang nglironni, menjangan loro puniku, lah mara uculna, osikké jronning ngati, sun cobanné yata wau ing ngucullan,
Tatalinné punang sangsam, jeng nabi ngandika aris, lah payo sira menjangan, nuli lunga dén aglis, nusonni nakmu dhingin, menjangan anulya sujud, mring jeng nabi Mukhamad, sarwi maca klimah kalih, dhuh tuwanku ingkang misésa ing kula,
Tuwan tenggaha sakedhap, kawula anunten bali, ulun nusonni sutamba, boten dangu- dangu gusti, inggih paduka gusti, jasad kawula kang nanggung, punika tyang ngalassan, mongsa ngandella ing mami, sigra méntar menjangan saking ing ngarsa,
Lestari ing lampahira, anéng ing pépéréng prapti, celuk-celuk sutannira, anakké sarêng miyarsi, sigra wau maranni, asuka suka kalangkung, panggih lan biyungngira, menjangan kathah manggihi, sanak bapa biyungngé sami kapanggya,
Ngalumpuk ngisor aldaka, anakké dipun susonni, tan kéndel dénya wawarta, sadaya solahiréki, miwitti amekassi, sampun jinarwa sadarum, anakké nusu inggal, wus warêg panusunéki, nuli pamit mring sanakkira kasmaran.
PUPUH XXVII
ASMARADANA
Kabéh sanak-sanak mami, sun minta apurannira, lamun nana luput ing ngong, ingsun titip anak ing wang, Manawa ingsun sida, pinurak manusa iku, sanakké angemu waspa,
Lah dén kebat sira bali, manawané arsa-arsa, marang kangjeng nabi mangké, anakké kedah méluwa, menjangan wadon ngucap, adhuh anggér anak ingsun, aja sira mélu mring wang,
Ngong wedi cidra ing nabi, menjangan alit angucap, lah ta biyung dipun agé, Manawa ing ngarsa-arsa, mring jeng nabi Mustapa, menjangan wadon amuwus, wong lanang titip manira,
Ya marang sutanniréki, wus sira wau pamittan, seksana uméntar agé, anakké lumajar milwa, pinenging penging meksa, kudu mélu biyungngipun, gya sinaut anakkira,
Kompéng asru dénya angling, mulanné tan awéh sira, apan raganningsun kiyé, iya arsa amanutta, agama jeng Mukhamad, pan kapéngin raganningsun, iya munggah ing suwarga,
Biyung déné sira iku,, angampah marang manira, pan ingsun lumaku dhéwé, menjangan wadon lumampah, anakké anéng ngarsa, datan kawarna ing ngenu, menjangan lampahé prapta,
Ing ngarsanné jeng nabi, asujud sumungkem lemah, jeng nabi ngandika alon, dhumateng tiyang ngalassan, lah ta iki menjangan, ing samengko uwus muncul, prapta anéng ngarsanning wang,
Menjanganmu mau siji, samengko luwih sajuga, lah paran karêpmu mangké, wong ngalassan nulya ngucap, dhateng wau menjangan, lah uwis lunga agupuh, aworra rewangmu kathah,
Sun manjing agama sukci, saréngat nabi Mukhamad, menjangan sujud kalihé, dhateng nabi Mustapa, kawula inggih samangké, mugi ta paduka wulang, agama ingkang mulya, gya winulang sampun bahud, jeng nabi mundur saksana,
Wus prapta ing dalem néki, samana ana wong prapta, nganggo kulambi lan kaos, amethuk dénya lumampah, wolulas tasbéhira, wong tuwamaranni gupuh, ya tuwan nabi Mukhamad,
Agama tiga wus lami, mangké tuwan jangkep papat, tuwan ngaku luhur dhéwé, punapa kang dados tondha, tuwan ngaku punika, wekassanné para rusul, nabi Mukhamad ngandika,
Déné sira takon saksi, sira takon saksi, angur sira angucappa, ing kalimah sadat baé, aturré kang kinén islam, yén tuwan tanpa tondha, jeng nabi ngandika arum, nenggih marang witté kurma,
Éh uwit kurma sawiji, maraha marang ngarséng wang, lah nuli uwoha kowé, ya padha iki sakala, ing ngong luwé pan narsa, amangan uwohiréku, tinutur kurma punika,
Tur salagi maksih alit, lan durung mangsanné kembang, lan lagi aking godhongngé, tan saged ngrembuyung mangkya, maksih nglucir godhongnya, papah catur uwoh biyud, sing sabdanné nabi duta,
Wong tuwa wau matur malih, awit saking tan pracaya, adhuh Mukhamd milanné, akarya pratondha kurma, kinén awoh sakala, punika gawok satuhu, kula dhateng tondha tuwan,
Ing mangké kawula gusti, pan inggih sampun pracaya, lamun dados utusanné, Hyang Suksma kang Maha Mulya, tuwan nabi wekasan, sapunika kula nyuwun, piwulang sangréngat tuwan,
Gya winulang klimah kalih, samana pan sampun islam, jeng nabi ngandika alon, éh kurma sira mrénéya, su panganné wohira, kurma umarêh ing ngayun, sarta mateng wohira,
Raossé kalangkung manis, angluwihi kurma kathah, kurma mara nalikanné, tumelung ing ngarsannira, kangjeng nabi nuduhna,
Dhumateng uwong kang prapti, waspada panduluniram saksana asujud agé, marang jeng nabi Mustapa, sumengkem anéng ngarsa, sarta alon aturripun, dhumateng ing nabi duta,
Dhuh pukulun kangjeng nabi, datan amaido amba, inggih paduka éstunné, jeng gusti nabi Mustapa, panutup pra ambiya, kakasihira Hyang Ngagung, boten wonten kang mamadha,
Wus islam agama sukci, malebet dados sakhabat, jeng nabi langkung asihé, samana ta yuswannira, kangjeng nabi Mustapa, saweg kawandasa pitu, marêngngi wulan mukharam,
Kumpul pra sakhabat sami, utawi para Santana, Abu Bakar pangajengngé, Ngumar Ngali miwah Ngusman, Sayidu myang Hudaman, sadaya pepakné ngayun, para sakhabat manggala,
Abu Bakar matur aris, Ngumar Ngalimiwah Ngusman, skawan sarêng aturré, dhuh gusti nabi Mustapa, bok pinarêng ing karsa, prayogi sadhiyéng pupuh, yén wonten cidranning kopar,
Déné wong kurés puniki, kedah anyidra ing tuwan, malah ta inggih samangké, sampun akarya nawala, apan ta undhang-undhang, wonten ing masjid ginantung, inggih lawang kakbatolah,
Ungellé kang punang tulis, sagung wong agama lawas, aja na kang séba kowé, marang wong agama anyar, jeng nabi lon ngandika, mungguh ing prakara niku, Allah déréng aparéntah, kuneng wau kangjeng nabi, genti mangké kawarnaha, nenggih ingkang winiraos, kocappa nagro Madinnah, apan ta wonten janma, kakalih sugih kalangkung, akathah wongngé tumbassan,
Tigang ngatus malah luwih, Kasak sawiji arannya, kang sawiji nama Husén,tiyangkalih punika, sabendina mangun prang, sampun gangsal welas taun, datan nana kang kasorran,
Mangkana janma kakalih, ngumpulken wong tuwa-tuwa, para nujum kang mangertos, mangkana Kasak lingngira, lah sanak-sanak ing wang, sadaya kang sepuh-sepuh, ingsun tari rêmbaggira,
Paranta lampah puniki, aperangngan sabendina, boten wonten wekassanné, laminné amangun yuda, wus gangsal welas warsa, datan wonten wekassipun, yata kanthinné rêmbaggan.
PUPUH XXVIII
KINANTHI
Wonten sawijinné nujum, apaparab ki Tharêki, wus waspada ngélmu ramal, palak miwah idunni, yata alon aturrira, mungguh prakara puniki,
Sinten ingkang nuwun tulung, dhumateng ingkang jeng nabi, Mukhamad niyakanningngrat, dutanné Hyang Maha Sukci, marang nagari ing Mekah, sayekti unggul ing jurit,
Yata Kasak lon amuwus, lamun ta makaten Kasim, lumakuwa marang Mekah, aturrênna surat mami, dhateng pangagengngé Mekah, kang nama Abin Talib,
Ujar ta inggih puniku, ingkang momong kangjeng nabi, Mukhamaddinnil Mustapa, utussannira Hyang Widhi, wekassanné pra ambiya, kakasihipun Hyang Widhi,
Ki Kasim alon turripun, sandika dhateng nglampahi, nawala pan sampun dadya, tinampakaken ki Kasim, saksana anulya méntar, ki Kasim sigra lumaris,
Datan kawarna ing ngenu, ing nagari Mekah prapti, anjujug ing lampahira, dhateng kyai Abin Talib lajeng tumaméng ing ngarsa, ki Kasim aturnya aris,
Lampah kawula pukulun, pun Kasak ingkang anuding, tiyang nagari Madinah, angaturraken kintéki, katur dhumateng ing tuwan, kang serat tinampa aglis,
Binuka sinukméng kalbu, tembungngé kang punang tulis, ulun nyaossaken salam, taklim utawinné takrim, kahatur ngarsa paduka, inggih kyai Abin Talib,
Ingkang ambek maha wiku, amengku Mekah nagari, amumpunni sarjanningngrat, pala marta dhateng dasih, suka tulung kawlassarsa, asih dhateng pekir miskin,
Sawussing pamuji ulun, mring Hyang Latha Wala Ujwadi, kawula atur uninga, ing ngarsa paduka mangkin, sampun gangsal welas warsa, kawula amangun jurit,
Saben dinten aprang pupuh, inggih kalawan pun Husin, déréng wonten kang kasorran, tanpa wekas ing ngajurit, wusana amba aminta, pitedahing nujum sami,
Pirêmbagnya para nujum, yén arsa menang ngajurit, kula kinén anuwunna, pitulungngé kangjeng nabi, Mukhamad niyakanningngrat, utussannipun Hyang Widi,
Réhning gusti kangjeng rasul, tuwan ingkang angemongngi, mila amba tur nawala, ing tuwan punika inggih, anuwun pitulung amba, ing putranta kangjeng nabi,
Ingkang supadossé ulun, wagedda manang ajurit, titi patembanyanning srat, Ki Buntalib ngandika ris, éh ta sira wong Madinah, lah payo méluwa mami,
Ngong gawa marêk suténgsun, jeng nabi Mukhamaddinil, Mustapa utusanning Hyang, kang pinunjul ing dumadi, Ki Bintalib sigra mangkat, kyai Kasim atutwuri,
Tan adangu nulya rawuh, ing dalemmé kangjeng nabi, anulya tata alenggah, kyai Kasim aningalli, cahyanné jeng nabi duta, saklangkung gawok ing ngati,
Mangkana osikking kalbu, nyata rathunning dumadi, cahyanné upama surya, balerêngngen sun ningalli, durung ana ngalam dunnya, wong duwé cahya kadyéki,
Prannyata nabi pinunjul, panutupping para nabi, dutanning latha wala ujwa, mangka Ki Abin Talib, alon dénnya angandika, anak Mukhamad puniki,
Wonten wong Madinah rawuh, arannira kyai Kasim, umarêk dhateng ing kula, sarwi niki gawa tulis, Kasak ingkang awéh laying, apan wus limalas warsi,
Sabendina aprang pupuh, lawan Husin réwangnéki, mengsahnya abonda yuda, déréng wonten soring jurit, punika pamecannira, tiyang ahli iladunni,
Sinten ingkang nedha tulung, dhumateng andika gusti, sayekti unggulling yuda, mila punika Ki Kasim, dinuta dhumateng Kasak, nuwun tulung ing samangkin,
Dhateng paduka puniku, angandika kangjeng nabi, gih lerês ujar punika, Kasim majuwa ing ngarsi, dén parêk kalawan ing wang, sigra marêk kyai Kasim,
Angandika kangjeng rasul, ya bener kanga sung warti, temen yVn ingsun utussan, Hyang Suksma Ingkang Linuwih, Ing Hyang Kang Maha Kuwasa, Kang Ngagung Kang Maha Sukci,
Ingsun ing ngutus Hyang Ngagung, maréntahken sarak adi, sapa nut saréngat ingwang, sayekti munggah suwargi, sapa tan anut maring wang, sayekti anéng yomanni,
Ing samangko dhawuh ingsun, iya marang sira Kasim, sira ngucappa sahadat, pan iya kalimah kalih, mengkono uga si Kasak, ngucappa kalimah kalih,
Kawalan sarowangngipun, yekti tinulung Hyang Widi, apa sapanedhannira, sayektiné diturutti, Kasim angucap sahadat, anenggih kalimah kalih,
Gya nembah ing kangjeng rasul, nulya léngser saking ngarsi, lampahira gagancangngan, datan winurciténg margi, wus prapta nagri Madinnah, lawan Kasak wus apanggih,
Kasim alon dénnya muwus, Kasak dhawuhé jeng nabi, Mukhamaddinil Mustapa, yén sirarsa menang jurit, malbuwa agama islam, ngucappa kalimah kalih,
Lamun sira gelem anut, saréngat rasullolahi, lan kabéh sabaturrira, apa karêppira pesthi, tinekan déning Hyang Suksma, Kasak sarêng amiyarsi,
Lah payo wurukken ningsun, sahadat kalimah kalih, seksana sampun winulang, Kasak dhumateng ing Kasim, Kasak sampun manjing islam, anut agama kang wuri.
PUPUH XXIX
PANGKUR
Saréwangngira winulang, ing sahadat tuwin kalimah kalih, wus islam sadayannipun, saréwangngira Kasak, yata Kasim alon ing pamuwussipun, éh Kasak kadi punapa, katsannira ing samangkin,
Mapan sampun kalampahan, nedha tulung dhateng kangjeng nabi, lan dika winulang sampun, inggih kalimah sahadat, dadya dika samangké pan sampun anut, saréngat nabi Mustapa, yekti tinulung Hyang Widi,
Kasak asru wuwussira, lah ta Kasim paran ingkang dén anti, Kasak aparéntah gupuh, marang ing réwangira, asadhiya sakeprabonning prang pupuh, lembing busur lan gudébag, pedhang tamsir myang suligi,
Panah tulup miwah kantar, warna-warna gagamanniréng jurit, tengara bendhé lan tambut, gong lan maguru gongsa, bendhé béri tinabuh swarannya umung, kang dadi pangirid lampah, Kasak tuwin kayi Kasim,
Balabar bandérannira, gangsal atus wongngé tukon miranti, sampun budhal barissipun, néng ara-ara mlatar, kuneng Kasak ing mangké ingkang winuwus, Husin ingkang kawarnaha, sampun amiyarsa warti,
Kasak umangsahing yuda, sawadyannya sikep keprabon jurit, yata Husin undhang gupuh, marang ing wadyannira, wongngé tukon kathahira wolungngatus, déné wongngé susuruwan, sangang atus kathahnéki,
Sami siyaga ngayuda, gagamanné pedhang utawi tamsir, towok tumbak miwah busur, lembing miwah gudébag, pedhang taméng utawiné tulup, tinata tengerré yuda, lalayu bandéra asri,
Bul umbul gula kalapa, parémudha sawenéh tunggal kuning, tengaranné ing prang pupuh, tambur teteg tinaka, bendhé béri slomprét utawiné puksur, gongngira maguru gongsa, sampun budhal ing ngajurit,
Tengara tinabuh humyang, kadya gerah swarannira melingngi, samarga marga gumuruh, wus prapténg ara-ara, ambelabar barissé lir péndah mendhung, Husin sénnapatining prang, sampun tinata kang baris,
Pra sami ayun nayunnan, sami sawang sinawang ingkang baris, Husin wadyannira dulu, marang barissé Kasak, paningngallé peppteng dhedhet angendhanu, lir péndah samodra pasang, angelebbi kang wanadri,
Gameng kadi jaladara, rumangsanné kéhiratanpa wilis, wadyanné Husin sadarum, samya lit manahira, wong suruwan sami malorod sadarum, lolos abubar sasarran, mung kari wong tukon sami,
Yata Kasak atengara, mangsah aprang ki Kasim angéng ngarsi, wongngé Husin sarêng dulu, Kasah ngangsahken wadya, sigra Husin angabanni balannipun, wong tukon sami anggiwar, manahé kalangkung ajrih,
Kekes miris lir wanodya, datan nana panggih ing jurit, bubar buyar sirna larut, Husin késissan bala, gya lumayu ngungsi wana nusup-nusup, kasorran dénnira aprang, saklangkung dénnya prihatin,
Yata Husin kawlassarsa, néng wanadri mung wong tukon kakalih, punika ingkang tut pungkur, prapta satengah wana, budhak kalih sarêng dénnira umatur, ya Husin atur kawula, ulun matur warti yekti,
Mila Kasak mennang aprang, inggih tuwan punika kawon jurit, pan pun Kasak nuwun tulung, inggih dhumateng Mekah, kangjeng Nabi Mukhamad ingkang tutulung, utusannipun Pangéran, kang Ngagung Kang Maha Sukci,
Kang karya bumi kasapta, langit pitu saisinnipun nenggih, yata Husin sarêng ngrungu, aturré budhakira, yén mengkono payo séba kangjeng rasul, ing ngong nyuwun tulung iya, marang gusti kangjeng nabi,
Husin anulya lumampah, marang Mekah datan kawarnéng margi, ing nagara Mekah rawuh, Husin lajeng lampahnya, sigra marêk ing ngarsanné kangjeng rasul, Husin sujud wantya-wantya, kathah-kathah aturnéki,
Dhuh Gusti Nabi Mukhamad, kang saéstu dutannira Hyang Widi, Kang Ngagung Kang Maha Luhur, rathunné sagung umat, tuwan ingkang nyupangatti dasihipun, dhumateng sadaya umat, titah ing Hyang Maha Sukci,
Mangké ulun nutting tuwan, ing agama kang mulya tuwin sukci, mugi tuwan mulang ulun, ing saréngat paduka, kangjeng rasul sarêng amiyarsa atur, Husin anulya winulang, sahadat kalimah kalih,
Husin yata sampun bisa, sampun majing agama islam nenggih, kangjeng rasul ngandika rum, Husin paréntah ingwang, poma sira iya ingkang amituhu, nglakonni agama islam, mring sira paréntah mami,
Sakabéhé baturrira, iya padha konnen islam prasami, yén uwis islam sadarum, aja sira sulaya, marang padha wong islam sakabéhipun, si Kasak sarowangngira, uwis islam sadayéki,
Uwong ingkang durung islam, maksih kapir padha islamna sami, ywa wedi-wedi siréku, sabarang panuwunta, mring Hyang Suksma pesthi kalamun jinurung, yén sira mungsuh wong kopar, pesthi sira dén tulungngi,
Husin sarêng amiyarsa, mukannira sujud sumungkem siti, ngaras padanné jeng rasul, anuwun amit sigra, linilannan méntar lampahira laju, kuneng Husin lampahira, kawarnaha kangjeng nabi,
Husin ing saungkurrira, kangjeng nabi marêk ramanniréki, kyai Abin Talib pangguh, yata tata alenggah, kangjeng nabi alon dénnira umatur, rama kawula tur priksa, pun Kasak kalawan Husin,
Kasim sampun anut samya, ing agama islam apan samangkin, gih rama saréngattipun, pan samislam sedaya, kula purih ngislammaken tiyang kupur, kang déréng agama islam, yén bangkang kula prih mrangngi,
Dados ing mangké Madinnah, sampun kathah ingkang sami agami, dhumateng kawula anut, kang rama angandika, yén mengkono putra ngong ya luwih sokur, jeng nabi sigra pamittan, linilan uméntar aglis,
Kunéng genti kang winarna, lampahira Husin anéng margi, apanta datan winuwus, samana sampun prapta, néng Madinnah samana lajeng kapangguh, lan Kasim utawi Kasak, nulya sami tata linggih,
Sawussira sasalamman, yata Husin alon dénnira angling, Kasak punniki tinuduh, mring jeng nabi Mukhamad, maringngaken salammé marang siréku, utawa mring Kasim sira, sawussé salam jeng nabi,
Kangjeng rasul katimballan, marang sira utawi marang Kasim, utawa mring awak ingsun, réhné wus padha islam, ingsun niki lan sira dadi wong telu, wus anut agamannira, jeng gusti nabi sinelir,
Ingsun kinén akumpulla, lawan sira ngislamken uwong kapir, ingkang durung padha anut, marang agama islam, kang supaya wong kapir padha amanut, nglakonni agama islam, ajana mundur ing jurit.
PUPUH XXX
D U R M A
Yata Kasak anulya sujud ping tiga, kalawan kyai Kasim, tanginé lon mujar, kalamun ta mangkana, iya ujarrira Husin, payo sadhiya, ing laku pinaratri,
Sira lawan ingsun padha andum karya, ya kalawan si Kasim, angirid ing wadya, islam wong ing Madinnah, utawa wong dési-dési, Husin sahurnya, utawi kyai Kasim,
Yata lajeng sadhiya anata bala, sawadyannipun Husin, pitungngatus kéhnya, sami wong tutumbassan, sampun winuruk agami, sadaya islam, Kasak wadyanniréki,
Gangsal atus wong tumbassan sampun islam, Kasim wadyanniréki, kawan atus kéhnya, sami uwong tumbassan, sampun sami gama sukci, lajeng busana, sikep kaprabon jurit,
Nelukkaken dhumateng wong banni najar, tuwin wong dési-dési,kathah manjing islam, anut ingkang sarféngat, jeng gusti nabi sinelir, katular-tular, anenggih kang pawarti,
Kuneng Husin lan Kasimutawi Kasak, ingkang ngrata agami, mangké kawarnaha, nenggih ki Abu Jahal, sampun amiyarsa warti, lamun Madinnah, wonten wong madeg baris,
Pangagengngé tiga Husin Kasim Kasak, saklangkung dénnya runtik, kyai Abu Jahal, yata nimballi sigra, pangarsannira wong kapir, aran Rawiyah, Wulidu miwah Hasim,
Ki Ngathobah utawi para santana, sampun pepak néngngarsi, Bu Jahal ngandika, éh sanak ingsun tiga, Rawiyah Wulidu Hasim, miwah Ngathobah, ingsun angrungu warti,
Ing samangko nagara Madinnah ana, uwong umadeg baris, ya padha ameksa, marang janma nagara, utawa wong dési-dési, agama lawas, padha kinén buwangngi,
Amanutta marang agama kang anyar, paran rêmbugmu sami, lamun dén nengngenna, sayekti saya dadra, nora wurung dhéwék iki, tanpa ajiya, kinén anut agami,
Yata matur Wulidu Hasim Rawiyah, Ngathobah turnya sami, yén sarêng ing karsa, inggih tiyang Madinnah, prayogi dipun luruggi, ginebag ing prang, supadossipun mari,
Génning sami anut ing agami anyar, inggih wangsulla malih, agama kang lama, sampun kalajeng samya, mantun naladakkiréki, tiyang kang samya, agama anyar niki,
Boten kapok gih kalamun tan ing ngajar, ginebag ing ngajurit, mangké tyang Madinnah, punika sampun islam, amanut agama nabi, lajeng kumethak, ambekké angluwihi,
Nelukaken dhateng tiyang désa-désa, kinén salin agami, ambuwang agama, inggih ingkang alama, Abu Jahal lingngiréki, lamun mengkana, ing mangké karsa mami,
Abu Hasim Rawiyah miwah Ngathobah, Wulidu ing samangkin, angirid wadya, sikep kaprabonning prang, prajuritté uwong siji, padha ngiridda, ngenemmatus puniki,
Uwong papat rong ngéwu prajurittira, ya patang ngatus luwih, kabéh wong madinnah, ingkang agama anyar, padha andika jarahi, anak rayatnya, tuwin donnyaniréki,
Kula awéh pesangon ingonning bala, séwu dirham wong siji, inggih lamun ana, kakuranganné padha, gegaman pekakas jurit, padha muniya, kula ingkang ngurunni,
Asandika manggala kapat dinuta, anulya sami pamit, léngser saking ngarsa, sapraptanningréng wisma, lajeng ngrakit kang prajurit, sikep gagaman, tumbak towok suligi,
Lembing busur gudébag utawi pedhang, tulup tuwin jemparing, lalayu bandéra, sampun sami tinata, tengerrannira ngajurit, tambur myang kendang, teteg salomprét suling,
Bendhé béri ingkang gong maguru gongsa, puksur tuwin dhong thong grit, semana tinembang, swarannira wurahan, ki Kasim kang anéng ngarsa, sawadyannira, Ngathobah anambungngi,
Ki Rawiyah anambungngi wurinira, Wulidu anambungngi, lan sawadyannira, tengarannira gumruh, tengerran awarni-warni, samarga-marga, kadya karêngngéng langit,
Pan anglurug lampahnya ingkang gagaman, prapta ing tepis wiring, nagara Madinnah, lajeng makuwon samya, atarap pakuwonnéki, rinéke-réka, kadya praja angalih,
Ki Wulidu Hasim Rawiyah Ngathobah, kumpul néng kuwonnéki, kiyai Rawiyah, alon dénnira ngucap, paranta lampah puniki, prayoginnira, angling kiyai Hasim,
Yén suwawi sagung tiyang désa-désa, ingkang anganggé sami, mring agama anyar, punika jinarahan, sadaya dipun boyongngi, supados tobat, wangsul agama lami,
Sami rêmbag Wulidu tuwin Ngathobah, Wulidualon angling, yén kadya mangkana, lah suwawi urunnan, bala skeet tiyang siji, kepalannira, inggih nyami satunggil,
Sampun dados rêmbaggé anulya mangkat, marang ing désa-désa, ngrayah désa-désa, ing wong agama anyar, gégér lumayu angungsi, wenéh tur wikan, dhateng kita sak mangkin,
Lamun tiyang Mekah prapta ngrayah désa, tiyang kang nut agami, saréngat Mukhamad, sadaya jinarahan, Kasak sarêng amiyarsi, kalangkung bramantya, angaturri mring Husin,
Miwah Kasim tan adangu sampun prapta, lajeng tata alinggih, Kasak awawarta, samangké Abu Jahal, anglampahaken prajurit, dhateng Madinnah, sedya sikara sami,
Inggih dhateng tiyang islam ingkang milwa, agamanné jeng nabi, Mukhamad duténg Hyang, kinén sami wangsul, dhumateng agama lami, tindhihing lampah, sakawan kang tinundung,
Ki Rawiyah Hasim utawi Ngathobah, Wulidu kapatnéki, mangké mesanggrahan, tepis wiring Madinnah, ing samangké rêmbug mami, saé pinapag, ing ngayuda mrih wuri,
PUPUH XXXI
ASMARADANA
Kapokka ki Abu Jahal, mring Madinnah inggih angluruk jurit, Husin Kasim asru wuwus, punika rêmbug tuwan, langkung saé apan gusti kangjeng rasul, timballanné dhateng kula, sampun mawi ajrih-ajrih,
Mengsah lawan tiyang kopar, tiyang islam pejah prang lawan kapir, kangjeng nabi ingkang nanggung, pesthi munggah suwarga, yata Husin asru dénnira amuwus, suwawi anata wadya, wong Mekah linanggar jurit,
Saksana nulya tinembang, tengaranné bendhé béri tinitir, teteg salomprét myang tambur, swarannira gumuruh, sampun kumpul prajurittira sadarum, wong tukon sikep gagaman, tumbag busur tuwin lembing,
Towok kantar myang gudhébag, pedang tamsir tulup panah suligi, bandéra layu bul umbul, sagungngé wadya islam, ting galidrah angajap tempuhing ripu, tannana ajrih ing pejah, amengsah kalawan kapir,
Anglir péndah singa lodra, kadya agé tempuha ing ngajurit, amumunah maring satru, sigra nembang tengara, budhal wadya kang dadi panganjurripun, Husin lumampah néng ngarsa, rêspati nitih turangga,
Sikep kaprabonning aprang, pedang tamsir taméng utawi paris, pitung atus wadyannipun, sami wong tutumbassan, wong ngarahan séwu pan kappa langkung, angagem kaprajurittan, Kasim sumambung ing wuri,
Ngirid wadya tutumbassan, gangsallatus sikep kaprabon jurit, wong ngarahan sangangatus, kang sampun sami islam, sami sikep gagamannira prang pupuh, Kasak sumambung ing wuntat, angirid wadyanniréki,
Gangsallatus wong tumbassan, kalih éwu arahannira nenggih, janma ingkang sampun anut, agama jeng Mukhamad, swarannira kendhang teteg miwah tambur, bendhé béri mawuruhan, barung slomprét miwah suling,
Lir péndah karêngngéng wiyat, kunéng wau wong islam yun jurit, ing mangké ingkang winuwus, pakuwonné wong Mekah, ki Rawiyah Ngathobah Hasim Wulidu, sampun amiyarsa warta, wong Madinnah magut jurit,
Lajeng anembang tengara, wadyannira samana wus rinnakit, barissé ingga mendhung, tengara wus tinembang, sigra Husin Kasim Kasak sawadyéku, anempuh baris wong Mekah, kadya buta mongsa daging,
Lir péndah singa susuta, mangsannira katendhaggan ing bukti, wong Mekah ingkang tinempuh, mawur bubar sangsarran, datan wonten wong Mekah darbénni purun, dhadhal lurut barissira, Rawiyah kalawan Hasim,
Wulidu tuwin Ngathobah, aningalli yén wadyannira gusis, yata anulya lumayu, datan anoléh wuntat, pelayunné wong papat anumbuk-numbuk, prasami arêbut ngarsa, pakuwon wus dén jarahi,
Dhumateng tiyang Madinnah, langkung suka wong islam manang jurit, akathah jarahannipun, sampun binagé samya, jarahanné warata sakannipun, Husin Kasim miwah Kasak, sawadya wus sami mulih,
Kuneng ingkang mennang aprang, kawarnaha wau kang kawon jurit, Rawiyah lan Wulidu, Hasim miwah Ngathobah, kang kawon prang nenggih dénnira lumayu, wus prapta nagari Mekah, lawan Abu Jahal panggih,
Umatur sasolahira, amiwitti malah ta amekassi, Abu Jahal sarêng ngrungu, kalangkung wirangngira, asru ngucap banget temen wiring ingsun, déné wong Mekah kalah prang, lan wong Madinnah samangkin,
Ing salawas-lawassira, wong Madinnah durung naté nglakonni, iku menang perangngipun, kalawan uwong Mekah, lagi mengko wong Mekah kasorran pupuh, iya lawan wong Madinnah, Bu Jahal sanget prihatin,
Kunéng mangké kawarnaha, yuswannira anenggih kangjeng nabi, sampun kawan dasa tahun, langkungnya sangang warsa, laying ingkang néng lawang kakbah linebur, puniku layangngé kopar, kang ginantung lawang masjid,
Abun Talip matur marang, ingkang putra aturnya Abun Talib, dhuh Mukhamad putranningsun, layangngé kang néng lawang, kakbattolah salaminnira ginantung, ing mang kyarsa kula alap, wong agama budan gusti,
Kang gadhah laying punika, kangjeng nabi yata ngandika aris, lah punapa damellipun, kang serat rinnawattan, bok kajengngé kang serat punika lebur, inggih pinanganning rayap, punapa pinadu malih,
Yata malih kawarnaha, Abu Jahal amirsa kang pawarti, yén Abin Talib puniku, arsa amendhet laying, ingkang anéng lawangngé kakbah giantung, yata wau Abu Jahal, karsannira andhinginni,
Samana anulya budhal, dipun iring dhateng sagung wong kapir, kathah ingkang sami muwus, iku srat gawé apa, jer wong iku sakabéhé nora weruh, ya maksih nganggo agama, kang lawas nora asalin,
Lawan wong kang wus sumeja, ya anganggo agama anyar iki, tan ana undhakké surud, pan lagi du king kuna, Abu Jahal saksana angalap gupuh, laying kang ginantung lawang, tan wikan yén laying lami,
Kinira yén laying anyar, Abu Jahal anulya animballi, dhumateng kiyai Mansur, Bu Jahal sru delingnya, éh ta Mansur buwangngen laying puniku, poma laying dipun sirna, aja katon sagung janmi,
Ki Mansur atompa laying, sigra lénsér sapraptannira jawi, kang laying nulya tinunu, wussirna punang laying, kawarnaha Husiyan mangké winuwus, mring jeng nabi arsa séba, lagya katingal jeng nabi,
Husiyan ing ngawé sigra, sigra marêk ngarsanné kangjeng nabi, Husiyan anulya matur, ya gusti kang minulya, wekassanné kang para nabi sadarum, amba wikan kala tuwan, antuk menjangan ing nguni,
Jeng nabi alon ngandika, ing ngapaha ta sira kala nguni, iya teka nora mélu, malebu gami islam, pun Husiyan alon dénnira umatur, sabab boten tumut amba, déné tuwan maksih alit,
Raossé manah kawula, datan kados agami budan gusti, samangké budan puniku, boten saged angucap, pirang-pirang mennyan amba damel kutug, boten telas tigang koyan, budan jo to tanpa angling,
Yén tuwan anyangnguppana, budan ingkang supados saged angling, éstu gusti ulun anut, inggih agama tuwan, kangjeng nabi alon pangandikannipun, lah ta mara budan budannira, gawannen ing ngarsa mami,
Husiyan mantuk saksana, budannira yata binekta aglis, sarta kinutuggan wau, déné mennyan lan dupa, tan adangu prapta ngarsanné rasul, jeng nabi arum ngandika, lah budan payo dén nanglis,
Mara ta sira ngucappa, umaturra sira ingsun takonni, dimén lega atinipun, janma kang nembah sira, rungoken marang ing uwong sadarum, kang ngadoh miwah kang parak, dén seru sarta dén manis.
PUPUH XXXII
DANDHANGGULA
Yata budan semana nulya angling, sakéh ing wong padha rungokena, iya ujarringsun mangké, padha dipun mituhu, lamun iki nabu kakasih, gustiné sakéh umat, titahing Hyang Ngagung, ya iki nabi wekassan, nganti prapta iya bésuk jaman akir, tan nana nabi liya,
Kangjeng nabi Mukhamad puniki, luhur dhéwé tan ana mamadha, sagung para nabi kabéh, kakasihing Hyang Ngagung, sira padha ngéstokna sami, sapa nora anutta, pinesthi yén kupur, ing bésuk ana ngakérat, panggonnanné iya anéng ing yomanni, wong ngakéh sami myarsa,
Angandika malih kangjeng nabi, éh ta budan sun takon ing sira, payo ta tuturra manéh, kawruhira maringsun, déné sira teka udanni, yén ingsun dutanning Hyang, budan gya umatur,sidik inggih gusti tuwan, panutubbing sagungngé kang para nabi, wekassan pra ambiya,
Inggih tuwan kakasihing Widi, kang sinungngan ingkang kitab Kuran, luwih mulya saréngatté, sinten kang boten anut, ing saréngat tuwan sayekti, bénjing anéng kérat, pesthi enggénnipun, inggih wonten ing naraka, sinten anut ing saréngat tuwan pesthi, bénjing anéng kérat,
Yekti manggén anéng ing suwargi, pan rineksa dhumateng Hyang Suksma, sagung tiyang sadaynné, kang dhateng tuwan anut ing ngapura dosanniréki, ageng ngalit sadaya, ing sadéréngngipun, gih jagad punika kadya, jeng paduka gusti apan sampun dadi, jumenneng dutanning Hyang,
Wekassanné inggih para nabi, gustinnipun pra nabi sadaya, wus telas gusti turring ngong, Husiyan sarêng ngrungu, aturrira budanniréki, saklangkung sukéng manah, sigra marêk gupuh, sarêng prapta ngarsannira, gya sumujud Husiyan mring kangjeng nabi, sarwi angaras pada,
Pan sumengkem padanya jeng nabi, melassarsa aturnya Husiyan, dhuh gusti panutan ing ngong, ulun paduka wuruk, ing saréngat agama sukci, yata winulang sadat, Husiyan wus bahud, lajeng winulang fatékhah, sampun bisa Husiyan anulya amit, léngsér saking ngarsa,
Kawarnaha malih kang winarni, Abin Talib mangké nadhang gerah, saya nglayaddi gerahé, usaha wantu-wantu, datan wonten ingkang nedhassi, jeng nabi tansah nengga, siyang miwah dalu, tan pegat pinulasara, ing gerahé kang rama ki Abin Talib, Bu Jahal tumut tengga,
Pra satana pepak sadayéki, Abin Talib alon angandika, dhuh Mukhamad putranning ngong, miwah sanak sadarum, ingsun iki anandhang sakit, baya méh tekéng ngajal, poma wekas ingsun, padha dén atut sasanak, aja ana kang padha sulaya budi, lah poma wekas ing wang,
Kangjeng nabi gya ngandika aris, adhuh rama kawula tumingal, ing gerah paduka mangké, wus sanget tingal ulun, rama inggal ngucappa nuli, inggih kalimah sadat, Bu Jahal alungguh, sandhing Bun Talib kang gerah, pan ametik talinganné Abin Talib, dhuh adi poma-poma,
Dén akukuh agamanta lami, aja nganggep agama kang anyar, ya agama dhingin baé, panganggepmu dén kukuh, Abin Talib nulya ngemassi, gumruh tangis pra putra, siniramman sampun, kinapan nulya pinetak, ingkang metak sadaya pra sami mulih, mumulé asidhekah,
Kawarnaha prapta tigang ngari, kangjeng nabi skeet yuswannira, kang garwa Khathijah layon, yata siniramman wus, gya pinari purna wus dadi, layon nulya pinetak, yata kangjeng rasul, tyassira semu sungkawa, nulya késah jeng nabi datanpa kanthi, maring Thayu nagara,
Sampun prapta ing Thayu nagari, gya pinapag kang bibi saksana, ing ngaturran jajar linggéh, kang bibi nulya sujud, lah punapa karsanta inggih, déné datanpa réwang, jeng nabi sumahur, ing ngutus déning Pangéran, anyelamken sadayanné tiyang kapir, kinén muruk sahadat,
Ingkang anut ing ngama mami, yekti bénjing munggah ing suwarga, kang tan nut saréngat ing ngong, yekti wong iku bésuk, sami manggén anéng yomanni, milannya kula prapta, néng ngriki puniku, inggih yun aké agama, sadayanné bibi tiyang nagri ngriki, raja Thayun aturnya,
Karsa tuwan kang kadya puniki, inggih sampun kapirêng ing wadya, tiyang ngriki sadayanné, tan wonten purun anut, nulya késah wau jeng nabi, mring wana kang sinedya, nulya raja Thayu, animballi kyana patya, myang punggawa utawi satriya mantra, tannapi wadya bala,
Kinén balangngi marang jeng nabi, kinén ngetut ing saparannira, tumandang wadya bala kéh, sami balangngi watu, tibannira kadi gurimis, wong Thayu sadayannya, angarutug watu, saparan kinuya-kuya, kangjeng nabi datansah dipun sambatti, tinut saparannira,
Datan kenna katingal jeng nabi, saben tiyang ambalangngi séla, dadya manjing wana gedhé, jeng nabi néng wana gung, sakalangkung kasattan warih, dangu tan manggih, toya, wuwuh tapannipun, mokhal jeng nabi kasattan, mapan iku gustinné sadaya warih, lir udan ingkang baling,
Kang ngetutken dhateng kangjeng nabi, kang balangngi data nana kena, mung siji balangngé mangké, ngenanni astannipun, kangjeng nabi kang kenéng krikil, malah ta angemu rah, sarta kangjeng rasul, asaget dénnya kasattan, nulya lérén jeng nabi ngandika aris, nedha tulung mring Allah,
Jabarail samana gya prapti, uluk salam anulya jinawab, Jabarail tata lenggahé, salammipun Hyang Ngagung, dhateng tuwan gusti jeng nabi, jawab ngalékum salam, Jabarail matur, timballannira Hyang Suksma, déné tuwan samangké sekel ing galih, punapa karsa tuwan,
Tinurut tan dhumateng Hyang Widi, malékat kang rumeksa tuwan, kuwawi inggih ambedhol, gunung dunnya sadarum, lan ngangkatta toya jaladri, punika kang malékat, nulya sami matur, sagungngé kang pra malékat, aturripun anenggih mring kangjeng nabi, gusti nabu Mukhamad,
Sinten umat kang tan purun inggih, angucappa ing kalimah sadat, gusti dhawuha maring ngong, kula kang numpes éstu, kangjeng nabi ngandika aris, inggih kula tarima, pitulung Hyang Ngagung, nanging kula tan mangkana, ing samangkina, ing samangké tiyang kang déréng agami, tan anut tutur kula.
Sakajengngé bok bilih ing bénjing, anak putuné tiyang punika, samya nut agamanning ngong, tiyang kang datan anut, boten kénging dipun wadhaggi, yén wus antuk nugraha, sihipun Hyang Ngagung, pesthi sami purun islam, sanak ingsun malékat sadayéki, sami dika mantukka,
Kangkeng nabi gya késah tumuli, manjing wana ing thalibuwana, wonten kakalih miswanné, bocah sawiji tunggu, dupi bocah wau ningalli, mring jeng nabi Mustapa, gya ngandikan gupuh, jeng nabi pan lagya dhahar, bocah mara prapta ngarsanné jeng nabi, yata lon angandika,
Sapa ingkang duwé omah iki, ya ta bocah alon aturrira, wisma punika kang darbé, pomahan wastanipun, Yusak nabi lajeng manggihi, dhateng Yusak punika, sigra tata lungguh, jeng nabi alon ngandika, éh ta Yusak weruhan ta ingsun iki, iya nabi Mukhamad,
Pan ing ngutus mring Hyang Maha Sukci, ngislammaken skabéhing ngumat, Ki Yusak alon aturré, inggih tuwan puniku, datan wonten ingkang madhanni, pitung bumi punika, pitung langit tuhu, saisinnipun sadaya,
Ulun inggih amiyarsa gusti, caritanné ing kitab titiga, Jabur Injil miwah Torét, Yusak anulya sujud, ulun nuwun piwulang gusti, inggih pratingkahira, ing agama rasul, saréngat nabi Mukhamad, salaminné agama kula nasranni, mangké nut sréngat tuwan,
Dyan winuruk Yusak sampun bangkit, ing sahadat utawa fathékhah, Yusak sampun wasis kabéh, réwangngé wisma iku, Arawiyah arannireki, nasranni agamannya, samana angrungu, Yusak sampun manjing islam, Arawiyah samana asru dénnya ngling, samengko sira Yusak.
Teka gampang kenna dhesthi nabi, ing sulappe Mukhamad samangkya, gelem winuruk sadatté, jeng nabi késah gupuh, pa kelantur lampahiréki, méh prapta ing paguwah, ingkang surya susurup, mapan paguwah nagara, pan cina tur nenggih nagaranning ejin, peri prayangngan sétan.
Ingkang madeg rathunning nagari, apaparab barkah sri narédra, darbya rikamah arané, kamah nalikannipun, manggon anéng lhurré langit kadukan ing Hyang Suksma, tinurunken wau, dhumateng ing ngalam donya, sira Barkah Kamah sinung bala éblis, sétan periprayangngan,
Kamah rinnanté salaminnéki, yata ngucap marang wadyannira, jin sétan prayangan kabéh, mung sanga kang tinuduh, angulatti ing Kangjeng Nabi, Mukhamad dutanning Hyang, jin sanga puniku, sigra méntar saking ngarsa, pan anjajah sakéh praja dén iderri, réh dinuta srinata.
PUPUH XXXIII
S I N O M
Usappa ngarsanning lampah, sampun pirang-prang warsi, malah ta kongsi tumeka, ing masrik lawan maghrib, jeng nabi tan kapanggih, jin Usap alon amuwus, lah ta jeng nabi Mustapa durung kapanggya,
Paran kabéh karêppira, kang dadi rêmbagiréki, radén ing rêmbag kawula, yén dados parêng ing galih, suwawi sami mulih, umatur dhateng sang prabu, lamun boten kapanggya, ngantos dumugi masrik maghrib, kangjeng nabi Mustapa déréng kapangya,
Jin Radén Usap lingngira, lah iya puniku becik, mangkana dedel gagana, lampahira wor lan angina, prapta panggénnannéki, nenggih gusti kangjeng rasul, dénnya amaca Kuran, jin Usap Atas miyarsi, yata kéndel samana dénnya lumampah,
Ngong miyarsa swarannira, wong amaca Kuran iki, lah ta payo konca-konca, padha diparanni nuli, Raden Usap maranni, kalawan sakancannipun, saréng wau tumingal, dhumateng ing kangjeng nabi, yata angling jin Usap mring kancannira,
Nyata jeng nabi Mustapa, apan iku dén aji, iya aran kitab Kuran, kalawan cahyanniréki, mancur upama sasi, mega putih anéng luhur, ulekkan ing gagana, amayungngi kangjeng nabi, kancannira jin wolu sarêng sahurnya,
Ya radén iku sanyata, jeng nabi Mukhamaddinil, Mustapa rathunning ngumat, pitung bumi pitung langit, daweg umarêg sami, sampun mawi saking kalbu, yata jin Radén Usap, lan wolu réweangngira, jin, sami marêk ing ngarsa nabi Mustapa.
Radén Usap prapténg ngarsa, lan wolu réwangngiréki, pra sami sujud ing ngarsa, aturrira ngasih-asih, adhuh ulun pun dasih, gusti dahat kamipurun , nilakrama ing tuwan, saréhning dasih déréng wrin, tuwan sinten gusti kang sinambat trisna,
Ing wingking pundi kawuntat, ing ngarsa pun dika kapti, pun dasih nuwun jinarwan, saking sru kedah dadasih, jeng nabi ngandika ris, sira atakon maring sun, wismannisun ing Mekah, ya nabi Mukhamad mami, karsanningsun angislamken titahing Hyang,
Amrih nut saréngatting wang, Radén Usap duk miyarsi, kalawan sakancannira, lajeng sujud ing kangjeng nabi, sami ngaras padéki, ngasih-asih aturripun, sampun lami kawula, ngupados paduka gusti, prapténg mangké sampun kalih dasa warsa,
Anggén ulun angupaya, sahingga dumugi masrik, dumugi maghrib tan panggya, samangké kapanggih ngriki, gusti welassa dasih, ulun wulangngen puniku, inggih saréngat tuwan, pranata agama sukci, apan ulun gusti pan sampun uninga,
Awit cariyossing kitab, Torét jabur miwah Injil, paduka nabi wekassan, kakasihipun Hyang Widi, tan wonten kang madhanni, saéstu nabi panutup, kawula nuwun islam, nut agama tuwan gusti, wus winuruk jin sanga kalimah sadat,
Lawan winulang fatékhah, jin sanga pan sampun wasis, jin sanga sigra pamittan dhumateng ing kangjeng nabi, anulya kangjeng nabi, dhateng nagri Mekah kondur, wus prapta nagri Mekah, kuneng malih kang wnanrni, Radén Usap lan jin wolu réwangngira,
Wus prapta nagarannira, gya umarêk rathunnéki, kang paparab raja Barkah, rathu jin ngandika aris, bagéya praptannéki, wus lawas lakunniraréku, apata antuk karya, jin Usap umatur aris, lampah ulun sufangat paduka natha,
Apan inggih antuk karya, kalamun sampun kapanggih, lawan jeng nabi Mustapa, néng wana datanpa kanthi, pinarêng lagya ngaji, Kuran ulun marêk ngayun, anuwun priksa amba, ngaken Mukhamad jeng nabi, dutanning Hyang rathunné sagung tumitah,
Ulun nulya nuwun wulang, pratingkah agama sukci, sang natha alon ngandika, lah sira baliya maning, marang gon kangjeng nabi, payo aturrana gupuh, rawuh nagaranning wang, manira ayun ngabekti, lawan nyuwun piwulang agama islam,
Antukka ngapuranning Hyang, lawan sufangat jeng nabi, jin Usap apamit nembah, uméntar saking ngarsa Ji, prapta ing wana nguni, nalikannira kapangguh, anéng satengah wana, jeng nabi datan kapanggih, sigra mesat anjujul marang ing Mekah,
Prapta dalemnya samana, lajeng tumaméng ing ngarsi, jeng nabi sarêng tumingal, yata angandika aris, Usap siréku prapti, marang jeng nabi ingsun nusul, matur jin Radén Usap, mila ulun nusul gusti, sri naréndra Barkah kang duta ing amba,
Pukulun gusti ngaturran, rawuha prajanniréki, sang natha yun minta wulang, saréngat agama sukci, anut sarakking gusti, jeng nabi ngandika arum, ingsun idinni sira, amulang rathunniréki, lah ta uwis siréku nuli muliya,
Jin Usap anulya nembah, méntar saking ngarsa nabi, tan winarna anéng marga, lampahira sampun prapti, anéng ing prajannéki, gya umarêk rathunnipun, katur sasolahira, timballanné kangjeng nabi, dyan winulang sahadat sang raja Barkah,
Tuwin winulang fatékhah, sang raja Barkah wus bangkit, nulya lon dénnira ngucap, éh Radén Usap dénnaglis, turrana kangjeng nabi, rawuh ing nagaranningsun, sunnarsa nyuwun barkah, ngislamken wadyéngsun ejin, iya kabéh supaya agama islam,
Radén Usap sigra méntar, sakedhap lampahnya prapti, ngarsanné nabi Mustapa, jeng nabi ngandika aris, Usap siréku prapti, iya anéng ngarsanningsun, paran prelunning karya, dyan Usap umatur aris, ya tuwanku pukulun nabu minulya,
Kang tetep dutanning suksma, panutupping para nabi, tumekéng dinten kiyamat, boten wonten nabi malih, lampah kawula gusti, kinéngkén naréndra ulun, inggih sang prabu Barkah, ngaturri paduka gusti, kang supados rawuha nagarannira,
Sang natha pan sampun islam, nanging wadya maksih kapir, punika paduka wulang, agama islam wadya jin, duk myarsa kangjeng nabi, seksana umangkat gupuh, jin Usap atut wuntat, tan winanrna anéng margi, sampun prapta nagri jeng nabi Mustapa,
Yata wau raja Barkah, sagungngé kang wadya ejin, kinumpullaken sadaya, tuwo anom ageng alit, tannana ingkang kari, raja Barkah lon umatur, gusti nabi Mustapa, punika sagung wadya jin, sami nyuwun supangat mujijat tuwan,
Punapa dados pratondha, jeng tuwan dutaning Widi, jeng nabi sarêng miyarsa, pagandikannira aris, lah iku luwih becik, jeng nabi ningalli kayu, aking brinthil godhongnya, kang epang wus sami aking, angandika jeng nabi marang ing wreksa,
Éh kayu tapengkennira, ya dadiya saksi mami, marata sira ngucappa, dén krungu sagungnging ejin, yata kayu sru angling, saéstu tuwan puniku, utussanning Hyang Suksma, kang ngagung kang Maha Sukci, éstu tuwan pan inggih nabi wekassan,
Ulun mugi tuwan wulang, pratingkah agama sukci, kayu gya winuruk sadat, aturré kayu mring nabi, sétan prayangngan ejin, sadaya sami angrungu, saklangkung gawokira, jeng nabi ngandika aris, marang kayu lah ta kayu kenna apa,
Nguni-uni nora maca, apa ngennangen ta iki, ya paran wahanannira, sang raja Barkah miyarsi, kayu matur mring nabi, sadaya jin sami ngrungu, lajeng sujud saksana, ngaras delamakkan nabi, kumarubut para jin tunjang tinunjang,
Wus sami winulang sadat, angandika kangjeng nabi, éh sira sang raja Barkah, mengko sira sun idinni, mulang wadyanta sami, kanga nut saréngattingsun, kang tan anut saréngat, iya gitikken ngajurit, asandika aturré raja Barkah,
Jeng nabi nulya pamittan, kondur mring Mekah nagari, datan kawarna ing marga, wus prapta dalemmiréki, kuneng mangké winarni, nenggih sagung ing lelembut, periprayangngan sétan, iblis amiyarsa warti, lamun ejin islammé sami kasmaran.
PUPUH XXXIV
ASMARANDANA
Manut ing agama sukci, saréngat nabi Mukhamad, sadaya kekes manahé, arinné sang prabu Barkah, jin Kamah arannira, kulitté pan sampun kisut, ing mangké kang winurcita,
Wulunnira sampun putih, panjang-panjang rêmbyah-rêmbyah, apan kadi wedhus bérok, panjangngé wulu saasta, untunné dawa-dawa, tur anincing lambénnipun, molér-molér nétrannira,
Umbellé deléwér mili, memedénni yén winulat, rinanté suku tanganné, samana miyarsa warta, yén jeng nabi Mustapa, anéng Mekah dalemmipun, jin Kamah anulya séba,
Sampoyongngan lampahnéki, mayug-mayug anéng marga, mempas-mempis ambekkanné, gumeter badan sadaya, iler lan umbellira, daléwér amulur-mulur, sapraptannira ngayunnan,
Angadeg dangu tan linggih, dadya wau uluk salam, salam ngalékum gusti ngong, tuwan utussan Hyang Suksma, Kang Ngagung Maha Mulya, gih tuwan nabi panutan, wekassanné pra ambiya,
Angandika kangjeng nabi, apa sedyamu maring wang, sira teka ngadeg baé, mara ta sira lungguha, yata lenggah jin Kamah, jeng nabi ngandika arum, siréku anakké sapa,
Jin Kamah umatur aris, osikké sajronning manah, yén ingsun maturra goroh, yekti lebur raganning wang, angur ngong belakaha, gusti ingkang langkung luhur, ingkang maréntah sadaya,
Pitung bumi pitung langit, sadaya titahing Allah, mung tuwan kang luhur dhéwé, jer tuwan nabi wekassan, utusanning Hyang Suksma, amba punika umatur, ing saéstu éstunnira,
Kadi lengus putra saking, pun kajim ingkang paparab, Kajim agadhah suténg ngong, pun Kamah wasta kawula, jin Kamah awakkira, andherodhog sarêng matur, dhumateng nabi Mustapa,
Milamba marêk ing gusti, inggih anyuwun sufangat, ulun ing nguni wiyossé, inggih umadeg naréndra, paréntah cacah cucuh, ing sakajeng kajeng ulun, datan wonten malang-malang,
Pun bapa tumurun patik, tutug ngridhu anggogodha, sakayun kayun ngong dados, nunten wonten tiyang satunggal, dhateng ing ngajeng amba, boten wikan sangkannipun, lajeng anyepeng mring amba,
Kalawan tangan sawiji, ulun boten waged uwal, arsa budi badanning ngong, boten kuwawi gulawat, bayu larut sadaya, gya rinangkus asta ulun, nulya wau tinangsullan,
Rinanté lan suku kalih, ranténnipun ulun tatah, datan pasaha meléséd, ulun kikir boten pasha, saklangkung atossira, ulun akén gepuk-gepuk, datan busik ranténnira,
Kaprawiran ulun sami, sami apessa dayannya, dados mupus manah ing ngong, anedha pitulung amba, supados ngucullana, inggih boten wonten sanggup, saisinné ngalam dunnya,
Ingkang sepuh sepuh sami, ulun purih ngucullana, sami ajrih wangsullanné, nunten wonten werti kula, iku ing bésuk ana, ingkang nguculli rantému, yén katemu nabi sira,
Anéng satengah wanadri, iku bisa ngucullana, nunten amba marêk agé, marang gusti nabi Adam, tan sanggup ngucullana, duk jenengngé jeng nabi Nuh, ulun inggih sampun séba,
Inggih tan sagah ngucalli, nanging ulun dipun wekas, dhateng jeng nabi Nuh mangké, bésuk yén sira kapanggya, lawan nabi Mukhamad, iya iku ingkang baud, anguculli ranténnira,
Milamba inggih samangkin, umarêk dhateng paduka, ulun pasrah badanning ngong, inggih pejah gesang amba,
Sumongga karsa tuwan, kamah gumeter sumaput, aniba sujud ing kisma,
Jin Kamah sru dénnya nangis, sambattira melassarsa, kangjeng nabi dupi anon, sakalangkung welassira, jeng nabi angandika, apa sira maksih émut, ingkang ngranté marang sira,
Ing nalikanné sireki, néng luhur lagit kasapta, lamun ta ana samangké, uwongngé ingkang musara, nora lali ta sira, jin Kamah alon umatur, wastannipun boten wikan, mung warna ulun tan pangling, jeng nabi alon ngandika, yata animballi agé, Bagéndha Ngali sakhabat, nulya prapta ing ngarsa, sarwi nyangking pedhangngipun, ingkang awasta dufakar,
Kancana keng rairéki, pinatik déning sosotya, pinetha sekarran abyor, duk Bagéndha Ngali prapta, kamah awas tumingal, gumeter badan sedarum, dharodhog rumabbé kumat,
Ngalumpruk datanpa getih, bayuné pating salebar, nora karuwan paranné, apucet rainné biyas, matanné pundirangngan, acathukken jangguttipun, bokongngira plok-eplokkan,
Sakalangkung dénnya ajrih, melas asih aturrira, adhuh gusthi nabinning ngong, kang luhur datanpa sama, gustinné sagung umat [rusak……] ayun anyuwun pitulung, lah inggih tiyang punika,
Lampahé lerês mariki, lah mugi tuwan tula[rusak…….] ulun asaget gilanné, andulu tiyang punika, u[rusak.…..] ngantossa, parêk lawan badan ulun, éstu lebur [rusak…..] amba,
Tuwin anak put umami, sayekti rusak sadaya, mongsata wontenna katon, jeng nabi alon ngandika, kalangkung melassarsa, dhuh Ngali anedha ingsun, inggih dhateng jengandika,
Bok inggih tuwan uculli, punika pun ejin Kamah, inggih ingkang tuwan ranté, néng luhur langit kasapta, Ngali matur sandika, gya ngadeg tumandang gupuh, kang ranté sigra cinnandhak,
Binethot kang ranté wesi, kangnéng sikil tuwin tangan, wus binethottan ranténé, mring sabat Ngali punika, ranté sadaya rantas, jin Kamah pan sampun ucul, luwar saking pinusara,
Gya sujud jin Kamah aglis, sarwi ngaras delamakkan, adhuh gusti nabinning ngong, kawula anyuwun wulang, sarak agama tuwan, samana sigra winuruk, sahadat kanthi fatékhah.
PUPUH XXXV
PANGKUR
Jin Kamah pan sampun bahud, anulya pamittan mulih, linilan saksana méntar, kunéng mangké kang winarni, jeng gusti nabi Mustapa, pra sakhabat dén timbale,
Sakhabat ingkang pangayun, Bubakar Ngumar lan Ngali, Ngusman kalawan Hudaman, Ngathobah Sayidu Jayib, Kasim kathah yén winarna, sakhabatnya kangjeng nabi,
Kalawan umangkat sadarum, kang sampun manjing agami, jeng nabi nulya dhaharran, samana wau jeng nabi, anyuwil roti saprapat, kalawan puwan sacangkir,
Jeng nabi ngandika arum, éh Ngali roti puniki, gih kalawan puwannira, andika edum kang wradin, sadayanné umat kula, kang sampun agami sukci,
Yata tinampannan sampun, dhumateng bagéndha Ngali, dinummaken wus warata, ngrasa tuwuk sagung janmi, roti tuwin puwannira, pan déréng telas sapalih,
Wussira tuwuk sadarum, asalin manissan manis, binagé sampun warata, nulya salin gonad wangi, wussira sami bubarran, kuneng galih kang winanrni,]
Wonten wong Madinah rawuh, aséba dhateng jeng nabi, kyai Kubah wastannira, sapraptannira ing ngarsi, sujud lajeng ngaras pada, yata aturrira aris,
Amba marêk nyuwun wuruk, pratingkahipun agami, saman winulang sadat, lan fatékhah sampun bangkit, jeng nabi alon ngandika, éh Kubah muliya nuli,
Marang Madinah siréku, iya mulangnga agami, marang uwong ing Madinnah, kumpulla lawan si Husin, si Kasim kalawan Kasak, Kubah saksana gya amit,
Wus kalilan nulya mantuk, marang ing Madinah nenggih, kuneng mangké kawarnaha, Abu Jahal kang winarni, saklangkung rudityéng driya, dadya wau animballi,
Kang para Santana kumpul, Wulidu Rawiyah Hasim, Ngathobah sami néng ngarsa, tuwin sakéhé wong kapir, Abujahal angandika, paran wekassanné niki,
Wong Mekah kang padha mélu, agama Mukhamad mangkin, pan inggih sangsaya kathah, besik sami pacak baris, inggih punika Mukhamad, tinumpes lawan ajurit,
Lawan sagung wong kanga nut, prayogi dipun paténni, Wulidu alon turrira, karsa tuwan gih prayogi, nanging pandugi kawula, kados-kados tan kuwawi,
Pun Mukhamad balannipun, pan sampun kathah samangkin, temtu kathah tiyang pejah, wong ngislam utawi kapir, manawi parêng ing karsa, cinidra ing lampah sandi,
Déné paduka ywa tungkul, inggiha pacak baris, mongsa wandéya ayuda, yén Mukhamad kenning sandi, sadayanné tiyang ngislam, saéstu sami bélanni,
Yata Abu Jahal sampun, wadyannya sinungngan dhuwit, sadaya pinatah patah, ingkang kinén nyidra sami, tuwin kang pinatah patah, apacak baris puniki,
Dunnyanné dén awur-awur, Bu Jahal ing sabennira, kuneng mangké Abu Jahal, genti malih kang winarni, wonten tiyang nagri Mekah, agamanné maksih kapir,
Ki Khalit paparabbipun, bok Unnah ranné kang éstri, slaminé tan darbé putra, asanget dénnya kepingin, darbéya atmaja lanang, kang bagus kang dibyéng jurit,
Yata ki Khalit manekung, néng kakbah tan mulih-mulih, antuk kawan dasa dina, wonten nugrahanné Widi, ki Khalit anuju néndra, wancinnira tengah wengi,
Supenna ki Khalit dulu, wonten tiyang kaki-kaki, ki Khalit angaras pada, pan sarwi umatur aris, sinten tuwan ingkang prapta, anedhakki ing kaswasih,
Yata angandika arum, manira nabi Ismangil, arsa sung warah ing sira, wruhannira Khalit, tinarima Ing Hyang Suksma, panedhannira samangkin,
Siréku puniku sinung, atamaja jalu jurit, nandhang iman tur saréngat, anut agamanning nabi, Mukhamaddinil Mustapa, kinannanthi marang ing nabi,
Séjé lawan luluhurmu, gya musna nabi Ismangil, ki Khalit kagét anjola, nulya tangi dénnya guling, enggonné gandanné ngambar, arum wangi amrik minging,
Ki Khalit kalangkung ngungun, saksana mantuk tumuli, kapanggih lan rabinnira, obah wawrattanné nuli, bok Unnah sarirannira, saklangkung nikmattiréki,
Cahyanné bok Unnah mancur, lir wulan purnama sidi, ki Khalit suka kalintang, yata ing ngalami-lami, wawrattanné saya tuwa, bok Unnah sarirrannéki,
Saya sanget nikmattipun, mangkana sawiji ari, kalanné dulu bok Unnah, supenna kang cahya manjing, sakalangkung éndahira, idkalangibul Akbarri,
Bok Unnah nalikannipun, wawrattannya sampun prapti, anenggih sadasa wulan, wancinnira tengah wengi, ngraossakit wetengira, sanakké prapta ngadheppi,
Anulya wetengngannipun, babar ingkang jabang bayi, medal jalu gilar-gilar, cahyanné upama samsi, kalanné babayi medal, tumiba anéng ing siti,
Lajeng sadat sarta sujud, sami kagét kang ngadheppi, puserré sampun tinigas, brahala sajro wisméki, rêbah anjengking sadaya, gégér sagung kang ngadheppi,
Andulu btahala runtuh, endhassé junggel néng siti, sadaya sami angucap, wus teka ingkang khak iki, sirna sembah ingkang batal, punicung marang Hyang Widi,
PUPUH XXXV
P U C U N G
Samya larut: jro wisma kang nama kupur, wus islam sadaya, ngandika Hyang Maha Sukci, dhateng sagung kang pra malékat sadaya,
Ya siréku: anata padha andulu, marang titahing wang, kang sun karya mulya iki, iya iku bocah lah sira pikirra,
Iya iku: padha lan tibanning ennur, ing karsa manira, dadi bocah ing saiki, pra malékat anulya sujud sadaya,
Dhuh tuwanku: kanga gung kang maha luhur, ulun tan uninga, yén tuwan paring uning, ing malékat mung tuwan kang maha mulya,
Ingkang dulu: ngwikanni sadayannipun, inggih mirsakenna, titah tuwan sadéyéki, kang dumadi lan kawicaksannan tuwan,
Kang saéstu; idkalakhabibu agung, kala putra babar, kang rama pinuju sepi, marang pasar ki Khalit aside ménda,
Malihipun: unta kuldi liyannipun, mangkana bok Unnah, budhakké sigra tinuding, nusul marang kang raka dhateng ing pasar,
Tan adangu: lampahing budhak wus pangguh, gya sinungan warta, yén kang raya ing samangkin, wawrattanné sampun babar miyos priya,
Cahyannipun: nelahi kalangkung mancur, bagus tanpa sama, ki Khalit suka tan sipi, wadéyannya sadaya lajeng tinilar,
Praptannipun: wisma printah budhakkipun, ngaturri pariksa, mring sanakkira prasami, sakrabatté sadaya prasami prapta,
Praptannipun: warna-warna bektannipun, idkalaibul Akbar, bok Unnah arsa neseppi, ingkang putra datannarsa aneseppa,
Dadya wau: bok Unnah, émeng kalangkung, déné ingkang putra, tannarsa dipun seseppi, jabang bayi semana anulya ngucap,
Adhuh ibu: susu andika puniku, inggih maksih kharam, toyanné kadhulu bukti, timballanné Pangéran kang maha mulya,
Yén jeng ibu: inggih déréng ngislam iku, kula datannarsa, anesep paduka inggih, lawan malih ibu sampunnyana-nyana,
Kula lampus: awit luwé boten nusu, mengkana bok Unnah, saklangkung kagyattan sipi, darijinné kang putra sakawan medal,
Toya susu, takdirring Hyang Suksmanagung, nglairraken toya, ingkang sajatinné jati,marang umat ingkang kinasiyan suksma,
Drijinnipun: kang awal punika metu, puwan langkung pethak, kang puwan saking suwargi, darijinné ingkang kaping kalihira,
Medal uruh: ing toya wenning kalangkung, nikmat langkung nikmat, dariji ping telu mijil, madu langkung saking manis driji ping pat,
Medal ranu; pethakké kalangkung-langkung, seger dhateng ongga, bok Unnah gawok ningalli, sukéng driya nir sagung ingkang sungkawa,
Manahipun: ing mangké sukanné thukul, saking sihé suksma, dhumateng umat aparing, yata ngucap bok Unnah kalimah sadat,
Inggih sampun: islam bok Unnah nat sunu, umanjing agama, saréngattira jeng nabi, Mukhamaddun gustinné sagungngé umat,
Putrannipun: sakalangkung sukéng kalbu, saksana kang putra, pinangku dipunnarassi, tengah dalu wancinné kang rama jaga,
Jawi pintu: yata ingkang Maha Agung, paring wahyu nyata, bocah lair bisa angling, lan ibunné malah bisa mulang sadat,
Kodratdipun: saking ingkang Maha Agung, jabang bayi bisa, ngucap ibu dén wurukki, pratingkahé agama islam sadaya,
Ingkang ibu: sukanning driya kalangkung, ki Khalit néng jaba, saklangkung kagyat miyarsi, jronning wisma ana janma arêrasan,
Ciptannipun: kyai Khalit jronning kalbu, lamun jronning wisma, ing mangké kalebon maling, piniyarsa saya dumeling kang swara,
Basnannipun: tembung arab kang karungu, ki Khalit samana, apikir sajronning ati, sapa wongngé kang rêrasan sajronning wisma,
Lan rabiku: tannana mane puniku, amung anak ingwang, apa jronning wisma iki, klebon maling abédhang lan rabinning wang,
Yata lamun: bédhangnga wus slawassipun, samengko kawarta, rabi ngong duwé babayi, baya tilik mulanné padha rêrasan,
Nulya gupuh: ki Khalit anjejep pintu, kalangkung prayitna, anéng jawi ngantya wingi, kyai Khalit anyabarken manahira,
Yata dalu: ki Khalit wenginné tunggu, sarwi ngagem pedhang, wancinnira tengah wengi, anerangken duduk wuluh ingkang tompa.
PUPUH XXXVI
DUDUK WULUH
Kyai Khalit samana wau angrungu, wong rêrasan jalu éstri, lir nguni rêrasannipun, ki Khalit saklangkung runtik, tyassira kadi ing ngobong,
Sigra ngadeg anéng sajawinning pintu, sarwi kupingngé japiping, jaja bang malatu-latu, pedhangngé ligan cinangking, tyassira kadi baledhos,
Mukannira kumutug asumung-sumung, sarwi sru dénnira angling, Unnah sapata réwangmu, pocappan ingsun miyarsi, swaranné lanang lan wadon,
Rabinnira bok Unnah alon sumahur, nora nana uwong maning, ya naming lawan anakmu, réwang ngong rêrasan iki, mituturri marang ing ngong,
Amurukki anak ira marang ingsun, pratingkah agama sukci, ki Khalit bengis sumahur, menengnga aja baribin, pangucapmu luwih goroh,
Salawassé nora nana adattipun, bocah cilik bisa angling, lagi umur tigang dalu, bisa clathu angecuwis, bok Unnah angucap alon,
Dhateng putra éh sutanningsun Semangun, sira rêrasan namaning, ramannira iku bendu, manira anggér ginalih, rêrasan lan liyan uwong,
Kyai Khalit malebet ing wisma gupuh, maranni enggonné siwi, ngadeg nyangking pedhangngipun, Semangun awas ningalli, mring sudarma ingkang rawuh,
Sigra dénnya ngulukki salam Semangun, dhumateng ramanniréki, Asalamungalaékum, basa arab dénnya angling, pinét maknanné kimawon,
Amrih gampil kithal tibannipun tembung, pada lingsa ingkang dhong dhing, nenggih salammé Sebangun, selamet ing ngatasnéki, wong ngislam kanga nut pakon,
Ing agama saréngat nabi panutup, nora slamet sakéhnéki, manusa kang datan anut, agamannira jeng nabi, Mukhamad ingkang kinaot,
Dadi kapir manusa kang datan anut, éh rama wruhanta mami, kinarsakaken Hyang Ngagung, nyantosakken ing agami, saréngat nabi kinaot,
Dutanning Hyang inggih puniku jeng rasul, rathunné sagung dumadi, ing dunnya Akérattipun, mung nabi Mukhamad inggih, ingkang dados Abunning roh,
Sagung ing wong sajronning wisma sadarum, anutta agama sukci, saréngattipun jeng rasul, Mukhamad kasihé Widi, sinten manusa kang mogok,
Boten anut agamannipun jeng rasul, pinesthi puniku kapir, siniksa ing nraka bésuk, kekel anéng ing yomanni, rama énget sayektos,
Ing nalika andika nguni manekung, wontenning kakbatolahi, dika wussinungngan pémut, mring gusti nabi Ismangil, ing karsannipun Hyang Manon,
Rama sinung atmaja wontenné ingsun, ki Khalit sarêng miyarsi, gawokké manah kalangkung, nepsunné sirna tan kari, rumangsannipun ing batos,
Tampi sihé suksmana ingkang linuhur, katiban lélatul kadri, paparingngira Hyang Ngagung, sampun karsanné Hyang Widi, ki Khalit manahnya gamoh,
Kyai Khalit sakalangkung sengittipun, dhateng brahala ningalli, ki Khalit angucap gupuh, sahadat kalimah kalih, wus islam Khalit mangko,
Pan winulang dhumateng atmajannipun, antuk nugraha sajati, Semangun alon amuwus, marang yayah rénna nuli, ramé budi pun rumantos,
Inggih mangké pan badhé wonten tatamu, jeng nabi tedhak mariki, andika rumanti suguh, dhaharran kanga di- adi, miwah ingkang raos-raos,
Yayah rénna alon dénnira amuwus, suténgsun aja kuwatir, mengko yén jeng nabi rawuh, sun suguh dharran adi, Semangun malih lingnya lon,
Adhuh rama mangké yén jeng nabirawuh, dika tur urmat ing nabi, kang rama aris amuwus, ywa sumelang putra mami, banget ngong suka trus batos,
Kuneng Khalit gentiya malih winuwus, kawarnaha kangjeng nabi, Mukhamad lagya pinuju, anéng masjiddil Kharami, anggelar saréngat kaot,
Pra sakhabat pepakkan ngarsa jeng rasul, Bubakar Ngumar lan Ngali, Ngusman Hudaman Sayidu, Walid Ngathobah Walulid, pepakkan sadaya saos,
Pan kathah sakhabat lamun cinatur, amung sakhabat pangarsi, punika ingkang winuwus, yata Jabarail prapti, ngemban timballan Hyang Manon,
Uluk salam Asalamu Alaikum, jinawab ngalékum salam jeng rasul, matur malih Jabarail, timballannipun Hyang Ngagung, tuwan kinén atutuwi, mring ki Khalit ing samengko,
Nulya musna Jabarail tan kadulu, yata ngandika jeng nabi, mring sakhabat sadayéku, ing saiki awak mami, timballannira Hyang Manon,
Kinén tinjo mring ki Khalit wismannipun, anulya tindak jeng nabi, pra sakhabat atut pungkur, datan kawarna ing margi, langkung manis prapténg enggon,
PUPUH XXXVII
DANDHANGGULA
Lawangngira wisma kyai Khalit, apan maksih kinunci samana, sakhabat dhodhog koriné,ki Khalit kagyat ngrungu, ana janma andhodhog kori, ki Khalit sigra nyapa, sinten dhodhog pintu, Semangun anulya ngucap, lah ta rama bukakken kori dén aglis, jeng nabi ingkang tedhak,
Kyai Khalit gepah buka kori, kangjeng nabi gya umanjing wisma, lan para sakhabat kabéh, lenggahnya wus dén atur, kangjeng nabi néng kathil rukmi, déné para sakhabat, ginelarran sampun, babut alus anéng ngandhap, wusnya lenggah kangjeng nabi munggéng kathil, ki Khalit atur urmat,
Kyai Khalit sujud pada nabi, melassasih wau aturrira, gusti kang minulya dhéwé, kakasihing Hyang Ngagung, wekassanné kang para nabi, rathunné sagung umat, tuwan mangké rawuh, dhumateng rompok kawula, ulun tetep tampi laélatulkadri, saking ing swarga mulya,
Inggih tuwan gusti kang ngrahmatti, dhateng dasih ingkang ina papa, nistha sudra salaminné, saéstu badan ulun, anampénnan nugraha jati, inggih sakethi yuta, gusti kathahipun, upamanné tinandhingan, ulun manggih sosotya kalangkung adi, saardi Kud gengngira,
Déréng sami rawuh tuwan gusti, yén tinimbang agengngé nugraha, maksih geng paduka rawoh, wusnya ki Khalit matur, dyan Semangun anulya tangi, alon ing lampahira, umarêk jeng rasul, prapténg ngarsa ngaras pada, pra sakhabat agawok sami ningalli, déné ta ana bocah,
Umurrira lagya tigang ari, bisa mlaku sarta tata krama, jeng nabi amésem anon, myat solahnya Semangun, gya cinandhak astanniréki, Semangun ing ngarassan, dhateng kangjeng rasul, antaranné tri pandurat, yata wau Semangun umatur aris, dhateng jeng rasullolah,
Adhuh gusti panuttan ngong yekti, ulun gusti ngaturri uninga, yayah réna ulun mangké, inggih ta sampun anut, ing agama tuwan jeng gusti, sampun prasami islam, lan sadayannipun, dasih tuwan ing jro wisma, sampun islam andhérék saréngat gusti, saking sih berkat tuwan,
Ing samangké ulun aminta sih, rahmat tuwan ing umat sadaya, jeng nabi lon ngandikanné, padha ngucappa iku, ing sahadat kalimah kalih, iya néng ngarsanning wang, sun neksénni iku, ki Khalit lawan bok Unnah, saréwangngé angucap kalimah kalih, néng ngarsa jeng Mukhamad,
Wus kaidén dhumateng jeng nabi, kyai Kalit angaturri sigra, séwu dinarwang mas kabéh, déné wawadhahipun, talam slake kakalih putih, lawan abdi wanodya, kalih ayu-ayu, lan kalih pudhak lanang, warnannira kalih pisan pekik pekik, jeng nabi sampun tompa,
Lajeng donga dhumateng Hyang Widi, sokurring Hyang Jabarail prpata, ngemban timballan Hyang Manon, gya uluk salam gupuh, Jarail matur, ya gusti nabi Mukhamad, salamming Hyang dhumateng paduka gusti, jawab ngalékum salam,
Kaping kalih kinén paring uning, inggih laré punika ing bénjang, saking karsanné Hyang Manon, inggih kinén tutulung, dhateng tuwan lawan darbénni, kaprawiranning yuda, ing tembé puniku, yén umangsah ing yuda,
Boten narsa inggih mawikanthi, mangsah yuda mung badan sapata, tan wonten nyongga perangngé, Semangun wastannipun, nadyan yutan amengsah kapir, sayekti sirna gempang, inggih pun Semangun, Jabarail nulya musna, kangjeng nabi samana anulya pamit, Semangun lah kariya,
Tuwin sira iya kyai Khalit, myang Semangun nulya ngaras pada, jeng nabi gya budhal agé, kondurré kangjeng rasul, pra sakhabat angering wuri, Semangun kawarnaha, wus yuswa nem santun, lir yuswa selawé warsa, welagangnya Semangun angelangkungngi, tan lumrah janma kathah,
Prakoswannya apan anglangkungngi, ki Semangun wong sapraja Mekah, datan nana sasamanné, ladak digdaya bagus, yén Semangun rikalannéki, marang jeng nabi séba, sagung wong andulu, cahyanné mancur lir surya, pantes lamun dadi prajurit linuwih, kathah tiyang kasmaran,
Dadya kondhang jro Mekah nagari, yén ki Khalit agadhah atmaja, anéh kalawan wong akéh, bocah umur rong taun, sami lawan wong umur nenggih, ing kawan dasa warsi, wus mepeg diwasannira, umurrira Semangun lagi rong warsi, wus mepeg diwasannya,
Dadya prajurittira jeng nabi, dina-dina Semangun aséba, tan pisah lan sudarmanné, manjing sakhabattipun, kangjeng nabi Mukhamaddinnil, Mustapa niyakéngngrat, ki Khalit lan sunu, datan nganggo semang-semang, dénnya anut agamanné kangjeng nabi, kuneng genti kawarna,
Abu Jahal mangké kang winarni, pangagengngé nagari ing Mekah, sagung ing wong bongsa kurés, kathah ngédhep ing ngriku, Abu Jahal kalangkung sugih, yata miyarsa warta, ki Khalit susunu, Bu Jahal arsa tindakka, anuwénni wismanné kiyai Khalit, ayun wikan putrannya,
Ki Semangun ingkang awewangi, Abu Jahal samana lumampah, datan kawarna lampahé, ing marga tan winuwus, sampun prapta wisméng ki Khalit, yata ki Abu Jahal, manjing wisma sampun, ki Khalit pinuju lenggah, lan Semangun garjita tyasnya ki Khalit, ngadeg ngarsa Bu Jahal,
Dyan Semangun ngucap asru bengis, lah ta apa karyannira kopar, tumeka ing wismanning ngong, iya ing bésuk ingsun, marang sira ingkang maténni, ampcpk murdannira, kalawan Semangun, lathi ngawet gigit waja, wedana bang Bu Jahal tumingal ajrih, dherodhog sarirannya,
Dyan lumayu ing samargi margi, Abu Jahal saking ajrihira, dherodhoggan sariranné, sarwi kapentut-pentut, tan winarna solahiréki, Bu Jahal sanget jrihnya, ing pangrasannipun, tan annyana lamun gesang, langkung sanget kaduwung manahiréki, Bu jahal sedyannira,
Datan mantuk ing wismanniréki, laju marang wismannya Surakah, Bu Jahal manjing wisma gé, napassé ngangsur-angsur, pun Surakah kagyat mangéksi, warnanné Abu Jahal, nayannira payus, Surakah ngaturrilenggah, sampun tata lawan Surakah ing linggih, Surakah alon turnya,
Wonten napa kang saéstu mangkin, déné lampah tuwin gita-gita, Abu Jahal allon sahurré, ya banget getunningsun, ing ngong marang wismanné Khalit, sedya ngong ayun wikan, marang anakkipun, Jaka Semangun kanga ran, ingsun prapta néng wisma annuli linggih, Semangun ika nulya,
Iya ngadeg anéng ngarsa mami, amancerêng mata karonnira, malatu-latu jajanné, angawet lambénnipun, untunnira kerot agathik, bengis pangucappira, ujarré Semangun, Abu jahal sira bénjang, iya mati dénning astanningsun yekti, ya paran rêmbuggira,
Luwih prelu ing prakara iki, nora kenna lamun ginnagampang, panggawéyan gedhé kiyé, priyé karêppiréku, mungguh ingkang dadi prayogi, Semangun becikkira, banget wiring ingsun, salawassingsun nang dunnya, durung nemu kawirangngan kaya iki, banget wedi yun nglawan,
Si Semangun wus kocap prajurit, iku dadi pamugarinning prang, marang si Mukhamad tembé, liwat prawirannipun, ki Surakah umatur aris, inggih saé rinembug, lan wadya sadarum, tiyang ing kurés sadaya, lan sakéhé inggih titiyang ing Pérsi, pinundhut rêmbaggira,
Sinten sanggup tinandhing ajurit, lan Semangun kang prawiréng yuda, Bu Jahal ngandika alon, padha rêmbuggen iku, lan kancamu Surakah sami, sun pasrah marang sira, wedi temen ingsun, lawan Semangun punika, lesu lupa raganningsun aningalli, Surakah sigra undhang,
Mring wong Mekah kathah sami prapti, gedhé cilik ingkang mirêng undhang, prasami ngalumpuk kabéh, kang mring Bu Jahal anut, pepak wisméng Surakah sami, lajeng apirêmbaggan, Surakah lon muwus, sanak-sanak ngong sadaya, pramilanné sadaya kula aturri, paran inggih samangkya,
Aprakawis rasullolah nenggih, lan Semangun sapa ta sangguppa, amaténnana samangké, agung ganjarranningsun, apanniya dinar sakethi, lan pitung éwu pudhak, sadaya umatur, sumongga sami kinasar, inggih sinten ingkang dados sénapati, lawan ki Abu Jahal,
Abu Jahal alon annaurri, iya iku lamun kinasarra, satemaha gawé gégér, kenanné durung tamtu, si Mukhamad sugih prajurit, sayekti ing ngalingngan, mring prajurittipun, samengko wuwuh sakhabat, si Semangun tan kalah padhanning janmi, Surakah alon turnya,
Ki Bu Jahal yén sembadéng kapti, minta sraya inggih duratmaka, kang prawira naté dhugdhéng, cinidra lampah pandung, kados pesthi kelamun mati, ywa mawi tiyang kathah, Bu Jahal sumaur, inggih tamanira ebang, sok matiya si Mukhamad ebang mami, lamun janma taruna,
PUPUH XXXVIII
S I N O M
Lan Semangun yén wus lénna, iya uwong kang maténni, sayektinné ingsun ganjar, ing dinar emas sakethi, lan pudhak jalu éstri, akéhira pitung éwu, wong Pérsi kurés mekah, mring Surakah aturnéki, napa inggih saéstu ki Abu Jahal,
Ingkang dados dhawuhira, ki Abu Jahal puniki, Surakah wangsullannira, ingsun kang tumanggung pesthi, Bu Jahal angling malih, padha rêmbagganaiku, iya lawan Surakah, yén kalakon karêp mami, nora linnyok mungguh prajangjéyanning wang,
Saksana wau Surakah, mring Bu Jahal matur aris, kawula miyarsa warta, gih wonten tiyang sinekti, prawira ing ngajurit, guna yén alampah pandung, nagriné kadarriyah, kalangkung langkung sayekti, tanpa tandhing wonten nagri kadariyah,
Kalamun alampah dhustha, tan wonten janma udanni, sanget kaprawirannira, pun kinwan ingkang wawangi, sayekti tanpa tandhing, pigunanné lampah pandung, sajagad tanpa sama, tau taté lampah sandi, ngalap opah wonten nagri kadarriyah,
Bu Jahal kalangkung suka, myarsa Surakah tur néki, Bu Jahal alon angucap, punika luwih prayogi, wong kurés amiyarsi, sami ariyeg sadarum, anut turré Surakah, punika langkung patitis, aturripun Surakah dhumateng tuwan,
Bu Jahal alon ngandika, iya sapa kang prayogi, marang nagri kadarriyah, Surakah umatur aris, lah sampun susah malih, amba darbé juru laku, kapetengngan ran Aswan, punika langkung prayogi, ing ngutussa dhateng nagri kadarriyah,
Bu Jahal aris angucap, yén mengkono ta siréki, eh Surakah dipun inggal, Aswan ngandika na prapta wus, ing ngarsanné Bu Jahal, Bu Jahal ngandika ris, apa déné Surakah sarêng ucapnnya,
Éh Aswan dén paréng ngarsa, pun Aswan umarêk ngarsi, Bu Jahal aris muwusnya, éh Aswan sira sun tuding, mring kadarriyah nagri, temuha asikinwan iku, Aswan alon aturnya, punapa prelunning kardi, Abu jahal alon dénnya angandika,
Éh ta Aswan lakunnira, ya ingsun utussiréki, aja na ingkang uninga, lakunnira dén adhemit, katemuwa siréki, lawan si Kinwan puniku, ingsun aminta sraya, ajana uwong udanni, iya marang kang dadi karêp manira,
Apan ta iku si Kinwan, gegedhug sagungnging janmi, puniku karêp mami, arsa sun laku pandung, anyidra si Mukhamad, lawan si Semangun iki, yata Aswan samana alon aturnya,
Kawula darmi lumampah, Bu Jahal ngandika malih, marang ing kyai Surakah, éh Surakah dén angenting, iya welingiréki, marang si Aswan puniku, aja nganti kawentar, dén prayitna anéng margi, ingkang bisa anyamur ing lakunnira,
Surakah alon wuwusnya, éh Aswan wewekas mami, yén sira temu lan Kinwan, tuturra utusannéki, panggedhéné nagari, Mekah kurés bangsannipun, paparabbé Bu Jahal, Kinwan sira dén timballi, apan narsa pininta sraya ing karya,
Aswan wus atompa surat, Surakah ingkang maringngi, si Aswan tur sembah éntar, datan kawarna ing margi, lampahé sampun prapti, ing kardi riyah praja gung, kapanggih pakumpullan, pun Kinwan kagét ningalli, lamun ana wong anyar selagi prapta,
Kang sarta mundi nawala, Kinwan gupuh dénnya angling, ki sannak paranning karsa, kapanggih kalawan mami, kadi prelu ing kardi, ing ngriki andika lungguh, yata Aswan samana, anulya tata alinggih, sigra Aswan samana atur pranata,
Kula punika pun Aswan, lampah kawula tinuding, dhumateng ki Abu Jahal, pangageng Mekah nagari, maringken ingkang tulis, Kinwan sakalangkung gupuh, anampénni nawala, binuka sinukméng galih, tembungnging srat ya pénget laying manira,
Bu Jahal panggedhénnira, uwong ing Mekah nagari, kalawan kurés sadaya, tumrappé atmaja mami, Kinwan ingkang sinekti, prawira ing ngrat pinunjul, nagara Kadariyah, tan nana ingkang tumandhing, mondra guna sumbaga alaku dhustha,
Kaonang ngonang ing jana, wussiréng tembayéng tulis, wiyossé mangké manira, nedha pitulung sayekti, anak Kinwan kang mugi, anulungngana maringsun, buwang kalilipping wang, cidrannen Mukhamad iki, lan Semangun lamun kalampahan pejah,
Manira asung ganjarran, mring anak dinar sakethi, lan sudhak jalu wanodya, pitung éwu kéhiréki, yén ta anak nyaguhi, anunten andika rawuh, dhateng nagara Mekah, sarêngnga lampahiréki, caraka ngong si Aswan kang bekta serat,
Titipa tembayéng serat, dé kathah ganjarrannéki, sinuba suba ngenting, Aswan sakayunné sinung, kalangkung hurmattira, ondrawina siyang ratri, anéng praja Kadarriyah wisméng Kinwan,
Sampun prapténg tigang dinna, Kinwan busana ajurit, lajeng amundhut turongga, ingkang ules dhawuk abrit, tautaté ing nguni, turongga kinarya mandung, kalangkung juliggira, kuda idhep tata janmi, sigra mangkat Kinwan kalawan pun Aswan,
Lampahira gagancangngan, datan winarciténg margi, sampun prapta nagri Mekah, Aswan praptannira ratri, Kinwan kandhegging margi, kinén kantun taman santun, lajeng manjing pun Aswan, Bu Jahal dalemmiréki, Abu Jahal pinuju sami pepakkan,
Pangageng wong nagri Mekah, yata pirêmbaggan sami, lakunné Aswan dinuta, déné lami déréng prapti, kasaru praptannéki, pun Aswan andhodhog pintu, kagyat sagung miyarsa, anulya dipun paranni, tinakonnan sapawongngé dhodhog lawang,
Pun Aswan anulya jawab, kula Aswan minta kori, lampah kula lagya prapta, anulya dipun wenganni, Aswan anulya manjing, lajeng tumaméng ing ngayun, Bu Jahal gupuh nyapa, bagéya kang lagi prpati, lakunnira Aswan apa oléh karya,
Sun duta aminta sraya, yata Aswan matur aris, sawab pangéstu paduka, lampah kula antuk kardi, Bu Jahal amiyarsi, sukanning driya kalangkung, meko néng ngendi Kinwan, aswan umatur wotsari, kula tilar inggih wonten patamannan,
Yata abu jahal nabda, payo timballana aglis, pun aswan anulya méntar, nimballi srayanniréki, kapanggih lagi guling, ginugah mring aswan gupuh, Kinwan tangi gragappan, pun Aswan angucap aris, éh Kinwan payo sora tinimballan,
Marang kyai abu Jahal, anulya lumampah aglis, kalihira gal-inggallan, datan winarna ing margi, kalihnya sampun prapti, abu Jahal ngarsannipun, punggawa sami urmat, dhateng sraya ingkang prapti, sami suka pembagé priyagung Mekah,
Apa déné Abu Jahal, sakalangkung anor asih, dhumateng Kinwan prapta, sarta asuka pembagi, Surakah matur aris, dhumateng Bu Jahal gupuh, kados pundi ing karsa, Kinwan samangké wus prapti, boten susah ing galih asmaréng driya.
PUPUH XXXIX
PANGKUR
Abu Jahal angling aris, maksih langgeng karsanningwang, pun Kinwan alon aturré, kawula boten sumelang, lan inggih tan kéweddan, mejahi Mukhamad niku, senajan Semangun pisan,
Kawula inggih kadugi, sanggup tuwan sok yektiya, kang mungel sarat maringngong, Bu Jahal aris ngandika, dhumateng sira Kinwan, aja ta maras atimu, sagguppan ningsun mring sira,
Padha seksénnana sami, iki tondha tanganning wang, jeneng ingsun ingkang awéh, punggawa gung ngagung samya, lah padha seksénnana, iki tondha tanganningsun, sampun sami sineksénnan,
Kan tondha tangan tinampi, Kinwan langkung sukéng driya, nulya kasukan aramé, anéng wisma Abu Jahal, nutug asuka-suka, apan sami mangan nginum, sadaya wong agung Mekah,
Mila rêrêb ingkang maling, lampahé déréng prayoga, nganti jumuwah pahingngé, bujangganning ingkang ngétang, tiba blis berkasakkan, datan kawarna kang pandung, Jaka Semangun kawarna,
Anganglang ing saben ratri, angubengngi padalemman, jeng nabi langkung yitnanné, ing siyang dalu jinaga, Semangun sampun wkan, yén ing Mekah wonten pandung, bakal nyidra rasullolah,
Yén dalu nutug sawengngi, Semangun dénnira jaga, kangjeng nabi ing dalemmé, kuneng mangké ingkang jaga, kocappa ingkang dhustha, wus pinanggih étangngipun, pun Kinwan sigra lumampah,
Nglerêssi Semangun linggih, kancanné néndra sadaya, dusila katon solahé, Semangun ngon duratmaka, sapolahé jinaga, Semangun anggugah gupuh, ing réwangngé ingkang jaga,
Sadaya wus sami tangi, Sengadi atakon goga, sapa sangu kancanning ngong, ing kéné ingngong aminta, abanget ngeléhing wang, rowangngé sadaya muwus, sampun telas sanguning wang,
Semangun alon bibisik, ing rowangngé ingkang jaga, kancanné gegetun kabéh, déné ta padha anéndra, Semangun awawarta, kang dhustha geng aluhur, godhég wok asimbar jaja,
Sadaya takon pra sami, endi ta kang duratmaka, Semangun alon sahurré, samengko lagya sigiddan, sanadyan ngatingalla, pesthinné sira tan weruh, karana maling aguna,
Lah konca aja kuwatir, ingsun ingkang ngadhangngana, nyembadanni sagendhingngé, gunanné kang duratmaka, ingsun masa ulappa, ngaduwa prawiréng pupuh, mengko gulunné ngong tigas,
Semangun anulya mulih, minta bukti ibunnira, kang ibu maringngi agé, Semangun anulya dhahar, sawussira anadhah, Semangun anulya wangsul, gagancangngan lampahira,
Lawan Kinwan wus apanggih, Semangun anéng marga, sampun kodratting Hyang Manon, Semangun asru amojar, éh Kinwan paran karya, sira mara dalu-dalu, mandhegga ingsun tetannya,
Kinwan kagétté tan sipi, garagap asru sahurnya, sapa wong weruh maring ngong, peteng dhedhet alimengngan, Semangun bengis ngucap, iya ingsun ingkang weruh, siréku arsa anyidra,
Maring gusti kangjeng nabi, sang Kinwan sumahur sugal, ya bener ujarmu kuwé, manira arsa anyidra, iya nabi Mukhamad, Semangun sugal amuwus, sira wikan marang ingwang,
Peteng dhedhet tengah wengi, Kinwan aris sahurrira, manira pan boya weroh, Semangun bengis sahurnya, yén sira tambuh ingwang, ya ingsun Jaka Semangun, Kinwan sira dén prayitna,
Nora wurung sira mati, tugel gulumu saking wang, Kinwan duk miyarsa kagét, déné ta kapasang yogya, sira temulanningwang, padha siji wayah dalu,dhasar sira ngong upaya,
Pan arsa ingsun paténni, ingngong pocok murdannira, sang Kinwan narik pedhangngé, nanging tan pati permana, angawud dénnya medhang, awit petengngé kalangkung, Semangun awas kéwala,
Kinwan pedhangngira nenggih, mobat mabittan pakarya, Semangun narik pedhangngé, sarwi sru pamuwussira, sarwi sugal ujarnya, Kinwan nora wurung lampus, katiban ing pedhang ingwang,
Tumungkulla ing pratiwi, tumengaha ing akasa, japamu aja tumpang so, Kinwan sarêng amiyarsa, ulatnya pundirangan, Semangun amaca gupuh, nenggih kang donga salawat,
Ing ngatassé kangjeng nabi, Mukhamaddinnil mustapa, sigra tinarik pedhangngé, nulya Kinwan pinerpekkan, pinedhang gulunnira, pagas sirahnya gumlundhung, Semangun angundang sona,
Yata Kinwan ingkang jisim, pinakakaken ing sona, asu praptannira ewon, amangan jisimmé Kinwan, Semangun mantuk sigra, wawarta mring rama ibu, kula wau anéng marga,
Inggih amejahi janmi, pan inggih maling aguna, apan sun Kinwan parabbé, serayanné Abu Jahal, nagara Kadarriyah, maling niku wismannipun, mila prapta nagri Mekah,
Kinén nyidra kangjeng nabi, utawi dhumateng kula, ramébu angrangkul agé, adhuh nyawa putranning wang, sokur sira raharja, rineksa marang Hyang Ngagung, Semangun alon aturnya,
Kawula apan sadermi, nglampahi karsanning suksma, kuwasa punapa ing ngong, tumindak kalawan karsa, Allah kang Maha Mulya, kuneng ki Jaka Semangun, yata mangké kang winarna,
Surakah miyarsa warti, kalamun Kinwan palastra, saksana umarêk agé, dhumateng ki Abu Jahal, tan kawarna ing marga, kapanggih tata alungguh, Surakah gugup aturnya,
Bu Jahal kula tur uning, Kinwan wau dalu tiwas, pejah Semangun mengsahé, Abu Jahal duk miyarsa, saklangkung dukannira, yata animballi gupuh, dhumateng ing wadyannira,
Gumrudug prasami prapti, séba marang Abu Jahal, sadayanné tiyang kurés, kinén maranni jisimnya, Kinwan pinurih bekta, wong ing kurés sarêng rawuh, pra sami kakanthén asta.
PUPUH XL
DHANDHANGGULA
Wong kurés prasami dulu, pun Kinwan jisimméréki, sampun pinangan ing sona, mung kantun balungngiréki, lan sirahira pinagas, gumlundhung anéng ing siti,
Saksana binekta sampun, nenggih winadhahan rinjing, samana nulya pinetak, anéng ing Mekah nagari, wong islam kathah uninga, Abu Jahal kang winarni,
Kalawan Surakah rêmbug, Abu Jahal alon angling, lah kaya para Surakah, prayoganné rêmbug iki, Surakah alon aturnya, sumongga karsanta mangkin,
Kawula gih dhateng anut, yata Abu Jahal angling, Surakah karêp manira, arsa ngong serêg ing ngadil, mring para pangedhé Mekah, ing ngong duwé dhayoh mati,
Di paténni si Mangun, ingsun jaluk ukumnéki, ya marang nabi Mukhamad, Surakah umatur aris, punika langkung prayoga, Bu Jahal nimbali mantri,
Kathahira patang puluh, aglar prapta anéng ngarsa, Abu Jahal lon delingnya, sira padha ingsun tuding, marêkka marang Mukhamad, anjalukka ukum sami,
Apan duwé dhayoh ingsun, puniku dipun paténni, marang Semangun néng marga, nora ana narima mami, ingsun jaluk ukummira, mungguh wong matenni janmi,
Yata mantra patang puluh, sandika anulya amit, sigra léngsér saking ngarsa, datan kawarna ing margi, para mantra sampun prapta, ing ngarsanné kangjeng nabi,
Ingkang para mantra matur, kawula ingutus gusti, dhateng kyai Abu Jahal, inggih kén ngaturri uning, tamunnira Abu Jahal, pun Kiswan naminnéréki,
Kadarriyah prajannipun, punika dipun pejahi, dhumateng ing umat tuwan, Semangun wastanniréki, ing mangké ki Abu Jahal, anuwun ukum ing gusti,
Yata wau kangjeng rasul, nalikannira miyarsi, turré mantra kawan dasa, lajeng utusan nimballi, pun bilal ingkang dinuta, datan kawarna ing margi,
Prapta wismanné Semangun, ki Bilal sampun kepanggih, lawan Semangun ki Bilal, yata lon dénnira angling, Semangun dika ngandikan, dhumateng ingkang jeng nabi,
Anulya mangkat Semangun, sarwi pedhangngé cinangking, prapta ngarsa tur pranata, uluk salam ing jeng nabi, jinawab ngalékum salam, tan selamet tiyang kapir,
Jeng nabi ngandika arum, Semangun ingsun takonni, apata sayekti sira, amaténni janma siji, iya dhayohé Surakah, Semangun umatur aris,
Dhuh gusti hamba jeng rasul, rathunné sagung dumadi, jumeneng nabi wekassan, panutuppé para nabi, yén ulun amejahana, sinten gusti kang udanni,
Yata Jabarail rawuh, uluk salam ing jeng nabi, jinawab ngalékum salam, gusti salammé Hyang Widi, inggih dhumateng paduka, jawab ngalékum salami,
Jabarail alon matur, timballannira Widi, punika tiyang kang pejah, tuwan supados udanni, awakkipun ingkang pejah, puniku ingkang maténni,
Sabab arsa lampah pandung, amejahi dhateng gusti, lawan Semangun punika, kang arsa dipun pejahi, tyang punika ngalap opah, dhateng Abu Jahal gusti,
Malah inggih janjinnipun, tyang punika yén tuk kardi, sakethi dinar atompa, lawan tampi pudhak malih, pitung éwu éstri priya, nulya musna Jabarail,
Jeng nabi ngandika arum, kabéh wong kurês kang prapti, anjaluk ukum maring wang, siréku nora udanni, ing mangko padha weruwa, iku uwong ingkang mati,
Awake dhéwé kang bunuh, sabab wus sanggup maténni, marang sun kerana cidra, lawan Semangun ing wengi, krana iku ngalap opah, pan iya dinar sakethi.
Lawan pudhak pitung éwu, lanang wadon bakal tampi, Semangun sarêng miyarsa, saklangkung bramantyannéki, tur sembah anuwun lilah, punika sadaya janmi,
Ikang dora aturripun, wonten ing ngarsa jeng gusti, ulun lunnasnya sadaya, angandika kangjeng nabi, lah Semangun iku aja, durung ngana karséng Widi,
Wong kurês sami andulu, dherodhog saklangkung ajrih, apamit mundur sadaya, tannana kang darbégetih, nétra pucet ulat biyas, datan ngrasa lamun urip,
Para mantra patang gupuh, sempoyongan anéng margi, méh datan sagen lumampah, tanpa bayu tanpa getih, dupi sampun ragi tebah, pelayunné rebut ngarsi,
Tunjang tinunjang lan batur, sawenéh tiba kuwalik, dén idak idak réncangnya, babak bunnyak awaknéki, datan kawarna ing marga, pelayunné sampun prapta,
Abu Jahal ngarsannipun, sadaya mantra ngabekti, lampah kula manggih tiwas, inggih boten antuk kardi, Mukhamad sampun uninga, pakarti andika juti,
Sampun uninga jeng rasul, pun Kinwan punika inggih, pejahipun lampah dhustha, arsa nyidra kangjeng nabi, lan Semangun ingkang arsa, punika pinétting silib,
Malah kang pejah puniku, angalap opah sayekti, yén kelakon karyannira, atampi dinar sakethi, lawan pitung éwu pudhak, jalu utawiné éstri,
Kangjeng nabi dhawuhipun, Semangun boten maténni, inggih badanné pribadya, punika ingkang mejahi, Semangun sarêng miyarsa, pamucungngé kangjeng nabi.
PUPUH XLI
P U C U N G
Mantra catur: sadaya ayun linampus, jeng nabi tan suka, mila sami maksih urip, sakalangkung mring Semangun ajrih kula,
Sarêng ngrungu: Bu Jahal kalangkung bendu, bengis ujarrira, ég Surakah kadi pundi, napa wanni puniki prajurit Mekah,
Karya lampus: inggih dhumateng Semangun, anéng ing ngayunnan, amocok murdanniréki, apan kathah Surakah ganjarranning wang,
Ingsun asung: leskar lungguha puniku, anéng bumi monca, kapala prang tiga sami, awot sembah punnangim dhateng Bujahal,
Inggih ulun: pukulun ingkang asanggup, mejahana mangkya, dheteng Semangun puniki, kapala prang kathahipun kalih kopang,
Ingkang sampun: sudira prawiréng pupuh, sarêng aturrira, sampun tuwan walang galih, lamun inggih kula maksih sami gesang,
Sakalangkung: Abu Jahal sukéng kalbu, myarsa aturrira, hulu balangngira sami, lajeng mundhut arta kalih éwu semat,
Sampun dinum: dhumateng prajurittipun, rata nglimang semat, yatana ngim kang piniji, anéng ngarsa adadiya sénapatya,
Wadyannipun: kawan nambang samya tugur, baris bandéra bang, néng masjidil karam nenggih, sami ngadhang anéng sapinggirring marga,
Marang tarub: prasami prajurit punjul, wonten malih wadya, kepala bandéra kuning, akumpul lan wadyannira kawannabang,
Baris tugur: samya nitih turonggéku, pulan arannira, dénnya sami pacak baris, parêk lawan kyai Khalit wismannira,
Malihipun: prawira gunungngannipun, pethah bandérannya, kawannambang wadyannéki, samya nitih turongga para prawira,
Tiyang dhusun: prasami ngila sadarum, kuneng kang anjaga, Semangun semana prapti, pan agrasuk busana pan arsa séba,
Mring jeng rasul: anenggih panganggénnipun, sarêbanné abang, lancingngan cawenni kuning, arasukkan léja sarwi ngagem pedhang,
Pedhangngipun: liniga pamit ramébu, Semangun wus medal, lampahé macan angelih, tan kawarna ing marga lampahé prapta,
Ngarsannipun: nabi uluk salam gupuh, jinawab salamnya, Semangun sigra ngabekti, ngaras pada Semangun sigra pamittan,
Sedya mantuk: linilan dheteng jeng rasul, lampahira prapta, wus parêk wismanniréki, gya kepanggih ingkang pacak baris samya,
Dyan kinepung: kinalang kalang Semangun, yata alok samya, éh Semangun mengko mati, wus kinepung Semangun anéng ing tengah,
Wadyannipun: Bu Jahal purak gumuruh, Semangun apanggah, amaca salawat nabi, pra prajurit sadaya sami tetannya,
Éh Semangun: sapa tulung ing siréku, nora wurung modar, Semangun mésem sarya ngling, gusthi Alal ingkang tulung ing manira,
Gusthi iku: sipat kodrat maha luhur, murba amisésa, marang sagung dumadi, patinnira si Kinwan karsanning suksma,
Nrajang gupuh: pra prajurit sarêng ngebyak, sagung wadya kopar, sadaya sarêng numbakki, dyan Semangun kinerocok déning tumbak,
Surakkipun: awanti wanti gumuruh, kang sawenéh medhang, ana kang busur anglembing, tan gumingsir Semangun prajurit Mekah,
Smi muwus: alok Semangun ko lampus, kinembul lan kathah, munggéng satengahé baris, ki Semangun upamanné panjang putra,
Pan sinuduk: dhumateng ing godhong tebu, sawussira maca, sahadat kalimah kalih, nulya mangsah Semangun angikal pedhang,
Sami mawur: singa tinerajang lampus, sinabetting pedhang, jongga pagas bayu nguwir, apuyengngan gégérré wadya ing Mekah,
Kapelayu: nunjang nunjang numbuk numbuk, kéh pejah katunjang, padha réwangngé pribadi, ting biluyung prajurit Mekah kéh pejah,
Saya Liwung: Semangun pangamukkipun, wong Mekah kéh pejah, kang ngurip lumayu gendering, wangkénnira asusun tumpang tinumpang,
Tandangngipun: kadya medhang papah lumbu, anacah semongka, lir angrajang ebung pacing, bubar mawut lumayu asalang tunjang,
Playunnipun: kéh tumbuk lan réwangngipun, Semangun awitnya, kalanné amangsah jurit, wektu lukate ngangngé bubar barisnya,
Kathahipun: tigang kopang ingkang lampus, kang gesang sadaya, pelayunnira anggendring, data nana ingkang anoléh ing wuntat.
PUPUH XLII
S I N O M
Wong sadaya pelajengnya,nulya marêk ing Abu Jahal prapti, Abu Jahal ngarsannipun, cangkemmé megap megap, abekkanné prasami akempus kempus, aturrira pegat pegat, ngaturraken tiwas gusti,
Wadya tuwan tigang kopang, sirna larut tan wonten mongga puluh, ing ngamuk dhateng Semangun, satuhu yén prawira, sinosogging pedhang tumbak miwah ganjur, upaminné panjang putra, rinnampog déning godhong pring,
Yén amedhang babar pisan, rangkep tiga sekawan gangsal kalih, nenem pitu sango wolu, sadasa babar pisan, Abu Jahal semana sarêng angrungu, sakalangkung bramantyannya, jaja bang lir metu genni,
Yata malih kawarnaha, ki Semangun sarêng wau ningalli, mungsuhira sirna larut, yata lajeng andonga, sokurring Hyang kang agung kang maha luhur, seksana lajeng lumampah, mantuk maksih kuthah getih,
Kang ngibu sarêng tumingal, ingkang putra sarira kuthah getih, anjrit nangis ibunnipun, Semangun ngraup pada, sarwi matur ibu kula boten tatu, kang ibu nulya tatannya, adhuh anggér putra mami,
Teka ngendi lakunnira, ingkang putra umatur awotsari, kula sowan kangjeng rasul, dupi mantuk cinegat, lan wadyanné Abu Jahal lajeng ngepung, kula lajeng mangsah yuda, rinebut déning prajurit,
Dén byak balanné Bu Jahal, inggih wau wonten satengah margi, kawan kopang kathahipun, prajuritté Bu Jahal, ingkang ibu sokur ing Hyang Maha Luhur, kang putra rinnekséng suksma, adhuh nyawa jimat mami,
Aja sira lunga lunga, ni mbok Unnah amujar sarwi nangis, putrannira kuthah marys, anulya siniraman, tan kawarna Semangun lan ibunnipun, ing mangké ingkang winarna, sagungngé para prajurit,
Kawan nambang ingkang ngadhang, baris anéng pasar amyarsa warti, kancanné kathah kang lampus, lawan Semangun aprang, pra prajurit umatur ing lurahipun, kula ngaturri pariksa, yén wadya kathah kang mati,
Tigang kopang kathahira, ingkang baris parêk wisma ki Khalit, punika sampun prang pupuh, lawan Semangun yuda, pun Semangun tanpa réwang dén nyaripu, sinosog ganjur lan watang, busur towok myang suligi,
Pedhang tulup tuwin tumbak, datan pasha lir panjang putra mami, sinosog ing godhong tebu, lamun males amedhang, rangkep papat lima nenem pitu wolu, sanga sadasa arantas, kadi amancas bung pacing,
Wadya tigang kopang sirna, naming kantun sadasa ingkang urip, pra sami giris lumayu, milanné atur kula, yén suwawi kiyai daweg lumayu, barissira binibarna, boten sakéca puniki,
Semangun langkung prawira, boten kénging dipun mengsah ing jurit, sekti kuwat sura teguh, digdaya guna srana, tuhu lamun punika prajurit punjul, lir péndah Sang Surayéngngrat, wong ngagung Surayéng bumi,
Kang kukutha ing Kuparman, duk prang anéng bakdiyatar ing nguni, inggih kyai wartannipun, balanné Jobin Wendran, mung wong siji puniku ingkang angamuk, ingkang Wendran sirna gempang, ingkang sawiji basuki,
Lah punika réncang dika, kawan atus kathahipun puniki, tur titiyang boten tau, amangun bondayuda, dyan sumaur lurahé sarwi ambekus, iku ta pangucapira, dudu watekké prajurit,
Apanningsun wus ubaya, lawan kyai Bu Jahal ing ngong wanni, atandhingnga ing prang pupuh, lawan Semangun aprang, nadyan silih iya ikusi Semangun, maliha buta saleksa, mongsa wediya ta mami,
Sagungngé wadya tumbassan, yén mekaten karsa dika kiyai, kula éstu boten purun, mongsa ta gih wandéya, bakal dados bojanning pedhang puniku, inggih kyai luruh kula, Askar samya ting palencing,
Mung kantun luluruhira, ulat payus ngrasa tan darbé getih, yata wau nulya ngumpul, mring nangim barissira, prajuritté siyaga ngadhang delanggung, kang parêk masjidil kharam, gepah lampahiréng margi,
Prapta nangim gepah nyapa, pagénéya sira puniku prapti, ngumpul marang barissingsun, kang tinannya saurnya, marmannipun manira iki angumpul, iya marang barissira, bala mannira wus enting,
Pra sami minggat sadaya,napa ingkang dadi printah ta mangkin, sayekti ing ngong miturut, Nangim alon angucap, dhateng lurah ingkang lagya prapta ngumpul, lah ta sira ajagaha, iya anéng masjid aglis,
Kalamun Semangun prapta, iya iku paténnana tumuli, kepala pasar kang ngumpul, yata nulya lumampah, angadhangngi anéng ing masjid puniku, saklangkung dénnya prayitna, wonten masjidil kharammi,
Balanné Nangim kocappa, manahira kalangkung sanget giris, marang Nagim sami matur, adhuh ki lurah paran, ingkang dados gih karsa tuwan puniku, déné konca kathah pejah, kang baris parêk wisméki,
Ki Khalit sadaya rusak, wartannipun akathah ingkang mati, kang néng pasar sampun larut, Nangim gumuyu suka, latah latah dénnira gumuyu guguk, myarsa turré réwangngira, aja maras tyassiréki,
Dén tetep ing pikirrira, rina wengi manira boya wedi, iya lawan si Semangun, iku duwéya nyawa, telung éwu pesthi mati déning ingsun, Askarré sarêng miyarsa, manahira senag senig,
Sami giris manahira, déné sami amiyarsa kang warti, Semangun digdaya punjul, prawira ing ngayuda, aprakoswa sudira sekti tur teguh, nanging Nangim aprakuswa, dedeggira ageng inggil,
Agodhék wok pelawangan, pantes lamun prawira ing ngajurit, yata asru dénnya muwus, kabéh konca manira, aja aja padha kuwatir atimu, ing bénjang yén ingsun yuda, lan Semangun padha siji,
Padha tontonnen kéwala, aja ana ingkang mélu ajurit, sun ujanné si emangun, lamun ingsun ayuda, iya padha totonnen ing perang ingsun, aja ana kang mélu prang, surakana saking wuri,
Lamun maksih urip ing wang, ateteppa atinira prasami, sagung ing wong sami ngrungu, ciptanné warna warna, kang sawenéh iya ana ingkang muwus, dhumateng ing kancannira, kelamun sun pikir pikir,
Si Nangim pangucappira, kaya kenna sun andellaken jurit, amungsuh lawan Semangun, nanging ta sun miyarsa, pawartanné prawiranné si Semangun, kaya kaya nora nyandhak, Nangim atandhing ngajurit,
Réwangngé aris saurnya, lah ta iya padha dén ngati yati, mengko yén prapta Semangun, yén ingsun dén adu prang, nora sudiya kocapa yo lumayu, karêppé Nangim kéwala, dén adu ywa mundur jurit.
PUPUH XLIII
PANGKUR
Kuneng mangké Nangim genti kawarnaha, Semangun kang winarni, pamit rénannira, Semangun aturrira, ibu kula nyuwun pamit, kularsa séba, dhumateng kangjeng nabi,
Ingkang ibu alon wau saurrira, Semangun anak mami, ya sira sébaha, sun pasrah mring Hyang Suksma, anggér dén angati yati, ana ing marga, wit akéh wong kang gething,
Marang sira Semangun maturing réna, ibu sampéyan inggih, ingkang apracaya, marang Allah tangala, kang nitah sagung dumadi, sampun was uwas, ibu dhateng Hyang Widi,
Boten wonten kang kuwasa andamella, ing pati lawan urip, angrasuk busana, srebannira sal abang, arasukkan laken kuning, lancingngan abang, benting cawenni kuning,
Ngagem pedhang cinangking sarwi liniga, lakuné macan ngelih, tan kawarnéng marga, lampahé sampun prapta, ing prenahé lurah Nangim, kang sami mulat, piyak ingkang abaris,
Lurah Nangim seksana megatti ngarsa, sarwi asru dénnya ngling, marang ngendi sira, lir pangantén dén arak, Semangun sumaur bengis, ayun manira, annigas dhassiréki,
Yata Nangim saklangkung bramantyannira, pangucappira bengis, dé kaliwat liwat, lancing pangucappira, kaya nora na wong sekti, pan amung sira, ingsun dinuténg gusti,
Kinén nigas iya marang gulunnira, nulya sebrak ki Nangim, narik pedhangira, éh Semangun ta sira, tumungkulla ing pratiwi, nengaha tawang, sambatta yayah bibi,
Nora wurung sira tumeka palastra, katiban pedhang mami, Nangim sarwi mara, pedhangngira liniga, Semangun pinedhang aglis, Semangun panggah, datan mawi gumingsir,
Lurah Nangim wanti wanti dénnya medhang, nanging datan ngundhilli, kéwran manahira, Semangun ngéca-ngéca, pinedhangngan datan busik, Semangun ngucap, éh apa sira Nangim,
Uwis tutug pamedhangmu marang ing wang, kelamun sira uwis, tutug karêppira, genti amales ing wang, siréku dén ngati yati, mongsa wurungnga, sira tumekéng pati,
Lamun sira katiban ing pedhang ing wang, nora wurung siréki, pagas gulunnira, Nangim sumaur sugal, malessa padha prajurit, Semangun sigra, maca salawat nabi,
Maca Ayat kalawan kalimah sadat, pedhang ing ngangkat aglis, Nangim gya pinedhang, tugel bet gulu pagas, wangkéné Nangim gumuling, anéng ing lemah, wayanné miyat ajrih,
Sanget giris tumingal yén Nangim pejah, lumayu rebut dhingin, atunjang tinunjang, bubar buyar sasarran, pra sami angungsi urip, saparan paran, Semangun anututti,
Langkung rikat solahé kaya maruta, sangungngé uwong kapir, kang sami kacandhak, lajeng sinnabet pedhang, sami tugel tigas pacing, satus kathahnya, prajurit kang ngemassi,
Ting galimpang wangkéné prajurit kopar, sakarinné kang mati, sami rebut gesang, playuné nunjang nunjang, mring Semangun sanget ajrih, kawus agiras, Semangun malbéng masjid,
Sapraptanné Semangun masjidil kharam, manggih lubalang siji, lumayu punika, awit tinnilar bala, umpettan pipining kori, nulya pinedhang, marang Semangun aglis,
Lawang pecah prajurit kasabet pedhang, babar pisan ngemassi, wangké tibéng lemah, Semangun nulya késah, aséba mring kangjeng nabi, datan winarna, lampahnya anéng margi,
Sampun prapta ngarsanné nabi Mustapa, Semangun angabekti, sarira kuthah rah, kangjeng nabi tumingal, sariranné kuthah getih, yata ngandika, alon wau jeng nabi,
Éh Semangun lungguha dén paréng ngarsa, paran marmanniréki, awakmu kuthah rah, Semangun matur nembah, ulun tur uningéng gusti, kawula arsa, sowan ngarsanning gusti,
Wonten marga gusti ulun dipun bégal, dhateng para prajurit, Nangim wastannira, ingkang dados kapala, kawan atus wadyannéki, samangké pejah, ayuda lawan dasih,
Gih pun nangim jangganné kawula pedhang, wadyannya bubar gusis, jeng nabi Mustapa, alon dénnya ngandika, Semangun tarima mami, pakaryannira, muga rinnekséng Widi,
Lah ta uwis Semangun sira muliya, tutur ibunniréki, lawan ramannira, lamun dénnarsa arsa, wus suwé lunganniréki, saking ing ngomah, pesthinné dadi ati,
Nembah léngsér Semangun seksana méntar, saking ngarsa jeng nabi, tan kawarna marga, lampahnya sampun prapta, ing wismannira anenggih, panggih lan éna, bok Unnah aningalli,
Marang putra sakelangkung kagyattira, kang putra kuthah getih, sarira sadaya, kang ibu ris ngandika, teka ngendi nyawa mami, Semangun turnya, mring ibu awotsari,
Kawulé bu asowan ing nabi duta, cinegat anéng margi, dhateng wadyannira, pun kapir Abu Jahal, kawan atus kang prajurit, kepalannira, inggih wasta pun Nangim,
Lajeng campuh aperang kalawan kula, ibu Nangim ngemassi, wadya sadaya, sami bubar lumajar, tan wonten kang mongga pulih, larut sang saran, tan wonten nolih wuri,
Ikang ibi miyarsa aturring putra, donga sokur ing Widi, ya Alah kang mulya, ulun sokur ing tuwan, saking pangreksanning gusti, mring suta amba, kuneng Unnah lan siwi,
Kawarnaha ing mangké ingkang kocappa, Bu jahal kang kawarni, apan sampun gadhah, putra siji wanodya, Sithi Asiyah kang nami, sampun diwasa, sembada yu kawarni,
Datan nana tumimbang ing ayunnira, warnannira Sang Déwi, kalamun cinondra, sira déwi Assiyah, nelasken kertas lan mangsi, pan déréng telas, sang rêtna ingkang manis.
PUPUH XLIV
DHANDHANGGULA
Sariranné agilig tur ramping, apidek sadedeggé sang rêtna, lurus alus sadayanné, tannana kang barênjul, dhémes memes kéwes prak ati, wiraganné wilettan, manissira tumpuk, gandessé sundhul ngawiyat, padannira sang rêtna memet amanis, mawi ujwala mancur,
Peteng peteng andamarri siti, nadyan ana kamreki katingal, saking méntér darijiné, poloknya ginangsur, memet manis amenis menis, kémpolnya lir kencana, pinatar pinatut, cingklokké Amaya maya, ing galigir ototnya, katingal wilis, wentis lir sekar pudhak,
Amarusuh maya maya kuning, kuningngira pan asorpa rada, rapet pipit welakangngé, angudhup turi patut, patuttira apan upami, nenggih ta racak kidang, rapet pepet nganyut, sapraptanné wangkongngira, pan amathak kuwawung satuhu manis, manissé amerdapa,
Lambung ngula lempé amalipit, tambang matambang emas matambang, pamekak nawon kemitté, iga wekas manaput, prapténg ngisor payudaréki, lir péndah rinampelas, tekéng jajannipun, pembayun kadya kancana, mendhek mendhek panunggul samrica putih, wekangngé imarata,
Pundhakkira nraju mas rêspati, astannira lurus anggendhéwa, amucukri darijiné, rêspati yén dinulu, jempol lir who tanjung upami, giligan nyirah ula, cabé angunguwung, arêmpeg kennaka sokur, jongga mangling anglungnging gadhung rêspati, matrem konus tega kya,
Talinganné angembang giyanti, sinommira pan amicis wutah, pipi pantes lir pinonggé, uwang anyangkal putung, larappanné nyela cendhanni, sunar mrada gumebyar, pipilingngan nguwung, lathi jring prada parêngngat, waja mindha angrontang gulirêspati, grana amali cremma,
Pepasungngé amelad kapidih, idep dekung tumengéng ing tawang, ananggal pisan alissé, nétra jait marésmu, rikma memak drawiléng wilis, lurus angandhan, tumibéng ing jeku, cinendhak sang dyah candrannya, satuhuné tan ana ingkang madhanni, sirna sagungnging cacad,
Dhasar wasis samubarang kardi, bekti ing hyang putus ing aksara, pat belas warsa yuswanné, mepek birahinnipun, nanging mangké sang rêtna déwi, sanget nandhang turida, sungkawa ing kalbu, wit tansah tinnari krama, marang rama ing ngantukaken wong kapir, nging sang dyah datan arsa,
Dén pilaly tumekéng ing lalis, datan arsa krama lan wong kopar, sang dyah pinarak ing mangké, néng latar majang santun, emban innya ngayap ing ngarsi, babu miwah parêkkan, céthi andhér ngayun, sang rêtna semu wiyoga, aseséndhén anéng witté nagasari, ngalosod anéng kisma,
Mangké sang dyah akandhuwan brangti, awit saking kagunturran warta, ingkang misuwur ing akéh, wonten prajurit punjul, tanpa lawan lamun ajurit, bagasse tanpa sama, ran Jaka Semangun, tur sampun agama islam, mila sang dyah kasabet brangta wiyadi, osikké ing wardaya,
Kayaha pawarnanné sayekti, apapadha lan gumruhing warta, yénna ta apa marganné, sun bisa atetemu, lan si dhongkah wong ingkang sigid, parikkan satawana, kang mawa kukuncung, nadyan korak wong samekah, baita gung ingkang kandheg ing jaladri,, sunnarsa labuh pejah,
Pawartanné déné angluwihi, wong samekah nora nana madha, bagus tuwin prawiranné, kunir pitu wong bagus, buron kali kang mongsa janmi, dhuh laé awak ing wang, kapan baya temu, lampes ingkang ing ngastana, apa asih sinennat marang mami, pustakarja rinega,
Bur matiya awak ingsun iki, lamun aki oléh lan wong kopar, sang dyah ngandikéng embanné, ingsun angrungu biyung, pan ing Mekah ana prajurit, bagus prawiréng yuda, ran Jaka Semangun, ladak dhasar sinembadan, kang maténni sryanné jeng rama nguni, bok emban matur nembah,
Gusti anggé kusumanning rathih, pan sanyata Semangun punika, abagus ladak belancér, sembada teguh timbul, aprawira guna ing jurit, cahyanné kadi wulan, umancur sumunu, kalamun anéng ing marga, yén lumampah lir malékat Jabarail, katingal ngéjawantah,
Kula wingi anggér aningalli, alumampah gusti anéng marga, macan angelih lakunné, arsa séba jeng rasul, manah kula asenig senig, keteg asumyar sumyar, panon ting kalepyar, baboyok kawula beka, kumarannyas uyup kumba karna gusti, datan sah nyaut sinjang,
Iler mulur anggubrassi jarik, kancannira anambungngi sabda, aku wingi bibékanné, anéng marga kapethuk, lan Semangun anéng ing margi, linirik awak ing wang, ngong dhéprok kapoyuh, tapihku teles gugubras, cingklok ingsun kakalih karaket warih, kang saking marga suta,
Uyuh kenthel néng tungkak gubrassi, réwangngira gumuyu alatah, bok innya sarwi ginablog, lan asru dénnya muwus, satemenné ujarmu iki, ing ngong pan wanni nyéwa, satus ringgit iku, awit sore mulih énjang, bédhang ngaku sapuluh nora madhanni, senengku lank i Jaka,
Bibékanné méndahanné iki, ki Semangun baya ta solahnya, marang awak sumanteggé, kancanné sru gumuyu, satemenné ujarmu iki, tan anganggo warana, balaka satuhu, ingsun mungguh dén wenangna, nora larang sun nyéwaha satus ringgit, méndah ta pangantepnya,
Ingsun duga iya durung mari, limang dina rasanné ing awak, apan iya nyerrê nyerré, sang rêtna miyarsa tur, saya wuwuh nandhang wiyadi, kambah sang saya kambah, brangta mring Semangun, sang rêtna micaréng nala, kebo pita ancur gedhah wong asigit, , yén katemu wak ing wang,
Pan sapira rasanné kang ati, déné emban aturré maring wang, padha lan warta wong akéh, kawilet ing raras kung, muket pliket anggubed galih, kaya pamargannira, bis ngong katemu, sang rêtna alon ngandika, éh ta biyang lumakuwa ingsun tuding, aturna laying ing wang,
Iya marang kakang wong andhandhing, aja liya kang nampanni poma, dén rêmpid lakumu baé, aja na uwong weruh, nadyan rama lan ibu mami, aja nganti uninga, nimbok emban matur, dhuh gusti inggih sandika, dén pitaya mongsa wontenna udanni, inggih lampah kawula,
Nulya léngsér ni mban saking ngarsi, langak langak sigra mampir wisma, ni mbok emban apapaés, andhangir alissipun, ngangngé celak awedhak kuning, cecendhung sinommira, mung kuciwannipun, wajanné sepalih oyag, kang sapalih pan sampun pupak ping kalih, wus kisut kulittira,
Mung besussé kadya prawan sunthi, sigra budhal wau ni mbok emban, ing marga tan winiraos, ginémbol serattipun, binutelling tapih bethithit, kuneng ingkang winarna, Semangun winuwus, duk pinuju anéng wisma, maca Kuran kesaru ni emban prapti, ngabekti ngaras pada,
Dhuh ki Jaka kawula tinuding, dhateng sang dyah ngaturken nuwala, katur ing tuwan wiyossé, serat ngaturken gupuh, gya tinnampan binuka aglis, sinukma ing wardaya, kadriya kang tembung, kumenyut wardayannira, aningalli tembungngé kang punang tulis, methet rasanning driya,
Pan ambubrah tokhiddiréng ngati, dyan Semangun ngangen ngangen manah, saking sru brangta wiragé, yén nora ingsun tulung, mesakaké kuseméng puri, manira nemu dosa, rinengon suksma gung, saksana madeg surannya, dyan Semangun angandika mring ban aris, maturra sang lir retna,
Lamun sarta karsanné Hyang Widi, dika matur dhateng sang kusuma, yekti kula marêk mangké, dhumateng sang déwayu, ni mbok emban anulya amit, mundur saking ngarsa, lampahiréng ngenu, ni mbok emban gagancangngan, pan saman prapta ngarsanné sang déwi, mbok emban lon aturnya,
Kula sampun ngaturraken tulis, dhateng Jaka Semangun punika, nuwala sampun katampén, sinukma ingkang tembung, bagus jaka aturriréki, saéstu badhé prapta, marêk ing sang ayu, saklangkung dhangan ing karsa, kusumayu myarsa ni mban aturnéki, nuwala wus katampan,
Kuneng sigeg kusumanning adi, ki Semangun ing mangké winarna, angrasuk busana agé, arsa lelédhang wau, dhateng pasar ageng anenggih, sapraptannipun réng pasar, samana kapangguh, kalawan ki Abu Jahal dupi anon Bu Jahal geter kepati, dharodhog sarirannya,
Nétra pucat payus tur aputih, pangucappé gumeter tab tabban, Semangun ingsun tatakon, sapa tulung siréku, amaténni prajurit mami, kang padha prawiréng prang, Semangun nabda sru, ingkang tulung Gusti Allah, spat kodrat kang paring kuwat ing mami, Abu Jahal miyarsa,
Langkung ajrih kéndel tanpa angling, datan wignya ngunggahi sabdannya, Jaka Semangun ujarré, Semangun malih muwus, Abu Jahal dén lila yekti, ngong alap sutannira, wados ingkang ayu, ingsun karya rabi pisan, Abu Jahal meneng datan datan anaurri, sekar sinom gumantya.
PUPUH XLV
S I N O M
Tumungkul anulya késah, pannora tahan miyarsi, sakelangkung ajrihira, dhumateng Semangun nenggih, praptanning wismannéki, kelangkung jrih atinnipun, tyassira melang melang, kémuttan ujarriréki, ki Semangun ing nalika anéng pasar,
Semangun pangucappira, bok Manawa anemenni, milanné sanget sungkawa, ginnagas gaga sing galih, siyang dalu kumitir, dheleg dheleg jetung jetung, atilar dhahar néndra, tambuh raossiréng galih, Abu Jahal amepek prajurittira,
Kinén jaga wismannira, prajurit kang suréng wésthi, wus sami kumpul sadaya, myang ulem ulem liyanning, wong Mekah ingkang sugih, pepak andhér sami kumpul, dalemmé Abu Jahal, sampun samekta prasami, Abu Jahal apan sampun tata tata,
Dénnyarsa mantokken putra, amung kari angantossi, praptanné ing bésannira, mung punika dén antossi, kasukan siyang ratri, prajurit sadayannipun, suka anutug suka, sadaya para prajurit, kuneng mangké kang lagya amangun suka,
Semangun ingkang winarna, kémuttan samayannéki, arsa panggih lan sang rêtna, saksana busana aglis, rampung nulya lumaris, tanpa réwang lampahipun, wus prapta wismannira, wancinnira tengah wengi, arsa manjing ing wismanné Abu Jahal,
Nanging kinunci kang lawang, ki Semangun matak aji, kunci mlesat lawan bubrah, menga Semangun gya manjing, ngadeg sor nagasari, paséban ramé gumuruh, swaranné kang kasukan, sagungngé para prajurit, suka suka anutugken pari suka,
Ing kaputrén kawarnaha, ni emban dangu anganti, marang ing samayannira, ing siyang lan bédhangnéki, pan sampun aprajangji, praptanné bédhangngannipun, lingsir dalu sanggupnya, dénnirarsa prapta panggih, tengah dalu bédhang tan ana prapta,
Milannira ni mbok emban, polahira Poyang paying, kalanné ngaturken serat, dhateng Semangun kapanggih, bédhangngé anéng margi, lajeng semayan puniku, solahé nyai emban, kadi sata amémétti, lajeng maring sangisorré nagapuspa,
Buntayangngan nyai emban, lambung boyok dén pijetti, prpata sorré nagapuspa, waspada dénnya ningalli, ana wong lanang siji, angadeg sor nagasantun, dénnyana bédhangngira,
Wus parêk ni emban ngucap, sira kakang ingsun anti, suwé temen nora prapta, apegel rasanné ngati, akaku awak mami, pegel kabéh boyok ingsun, dupi parêk ni emban, sedyanné ngrangkul aglis, yata angling Semangun lon pangucapnya,
Déné ta kapasang yogya, sira bibi iku prapti, amethuk ing lakunning wang, paran wartanné sang déwi, ni emban dupi myarsi, andhodhok lajeng kapoyuh, sarwi lon aturrira, dhuh gustiku wong ngasigit, kula matur prasetya dhateng paduka,
Ajrih umaturra dora, saéstunné kula gusti, angadhang bédhangngan kula, semayanné dalu niki, arsa kepanggih mami, wusana sampéyan rawuh, déné kapasang yogya, paduka nuhonni jangji, lah sumongga kawula bekta mring wisma,
Samana anulya budhal, sapraptanné wisma linggih, Semangun lon sabdannira, bok emban dén pituturri, éh bibi nora becik, alaku mangkono iku, agung durakannira, winadhahan pethi geni, iku bésuk bibi ana ing ngakérat,
Pinanjingngaké naraka, bok emban sarêng miyarsi, Semangun pituturrira, gumeter awakkiréki, ajrih kapati pati, sakelangkung jetung jetung, mari kaku kempungnya, nulya matur ngasih asih, yén makaten samangké kawula tobat,
Kawula andika wulang, agama saréngat nabi, Semangun sarêng miyarsa, sakelangkung sukéng galih, nulya dipun wurukki, kalimah kalih wus baud, sokur séwu ta sira, gelem islam mengko bibi, tetep sira nampanni nugrahanning Hyang,
Ni emban pan sampun islam, Semangun barêkatnéki, bok emban aris aturnya, dhuh gustiku wong ngasigit, punapa ingkang kapti, déné prapta dalu dalu, Semangun aris lingnya, bibi mungguh sedya mami, iya arsa katemu lawan si rêtna,
Anekanni layangngira, sang rêtna kang marang mami, anéng ngendi sang juwita, bok emban umatur aris, wonten sajronning puri, yén parêng karsa sang bagus, mangké kula lumampah, ngaturri lirring sari, yata angling Semangun luwih prayoga,
Ni emban anulya méntar, lumebet ing dalem puri, umarêk dhateng sang rêtna, prapta marêk matur aris, dhuh angger gusti gusti, gusti sampun amangun kung, kula samangké angsal, usadanniréng wiyadi, sang rêtnayu maksih mujung datan néndra,
Amujung kampuhé jingga, pinantheng néng tilamsari, pan kadi bedhah bedhaha, anéng nginggilling tilam mrik, nagging Samir winingkis, ni emban umarêk gupuh, sarwi alon turrira, wunguwa kanga gung brangti, sampun gusti amanggung nandhang turida,
Lampah kawula dinuta, pun Jaka Semangun gusti, sumedyarsa marêk sang dyah, sarêng miyarsa sang déwi, ni emban aturnéki, tyassira sanget kumepyar, keketeg sumyar sumyar, enar enar senig senig, rudyah ing tyas kaya agé pinangiya,
Garégah anulya lenggah, pangandikannira aris, biyang sapa réwangngira, ki bésan praptanné wengi, ni emban matur dhuh gusti, tanpa kanthi praptannipun, sang dyah sarêng miyarsa, angrasuk busana aglis, sinjang limar ketangngi linut toya mas,
Kasemekkan putra jingga, pinalisir ing rénda brit, sengkangngé panata brangta, panunggullé inten bumi, bajo cawenni putih, tinnabur sosotya murub, kalpikannira mirah, jumerut sotya her bumi, anglir widadari saking swargaloka,
Angagem lisah hr mawar, jebad lan kasturi minging, sang rêtna lajeng lumampah, nyilib muban atut wuri, ajrih yén wonten uning, datan kawarna ing ngenu, lampahé sang dyah prapta, bok emban wismanniréki, yata kagyat Semangun sarêng tumingal,
Anyana yén ingkang prapta, widadari saking swargi, amurub busanannira, sarêng paguttiréng liring, kasok raossing galih, jalu éstri tyassira pyah, upama panjang putra, tibéng somayana langking, apan sarêng kumepyur éstri lan priya,
Yata lajeng nyandhak asta, kuwel kadi dén pijerri, aras ing ngaras kang asta, gya kekanthén tata linggih, rapet pilenggahnéki, tan kenni benggang sarambut, kalih mepeg brainya, kang jalu lawan kang éstri, dyan Semangun lamun ta sampun émutta,
Kelamun janma utama, sayektiné bosah basih, béténgngi raja minnambar, binubrah dén obrak abrik, saréhning janma luwih, dadya temahmanglus selus, tansah aras ing ngaras, nanging tan tumekéng rêsmi, gya ing ngemban ing ngaras wantya wantya,
Pipiné kadya butulla, datansah winolak walik, ni emban jomblong kéwala, ngulat ngulét pringas pringis, pegelle lambungnéki, mangkana Jaka Semangun, sang rêtna gya ing ngemban, udhetté cawenni wilis, dyan binekta mantuk marang wismannira,
Sapraptanné wismannira, bok Unnah kagyat ningalli, sapraptanné putrannira, mawi angemban pawéstri, anom ayu linuwih, Semangun matur ring ibu, dhuh ibu mantu dika, Bu Jahal ingkang siwi, inggih nedya angéngér dhumateng kula,
Sang rêtna nulya anembah, mring bok Unnah angling aris, adhuh nini putranningsun, mung sira jimatting wang, Semangun lah putra mami, umatur rama ring sun paran purwannya,
Sira panggih lan sang rêtna, sang dyah yata matur aris, milanné ibu kawula, tumut putranta ing mangkin, tan sudi krama kapir, milamba ngungsi pukulun, dhateng putra paduka, pun kakang Semangun inggih, saking sanget kawula brangta agama.
PUPUH XLVI
ASMARADANA
Milanné kawula ngungsi, dhumateng putra sampéyan, kawula sumeja ngéngér, kawularsa anjuru dang, annyéthi amawongngan, sukadadossa panutu, amung panuwun kawula,
Pun kakang mugi ngekahi, dhumateng badan kawula, yén kangjeng rama dukanné, bok Unnah saréng miyarsa, langkung suka kang manah, awit karsanné sang ayu, lajeng winuruk sahadat,
Angucap kalimah kalih, sang retna yu sampun bisa, wus manjing islam sang sinom, kang ibu tuwin kang rama, alon dénnya ngandika, éh karoné putraningsun, siréku padha sébaha,
Iya marang kangjeng nabi, sunnaterken putranning wang, saksana gya budhal agé, datan kawarna ing marga, lampahé sampun prapta, ing ngarsanning kangjeng rasul, sumungkem angaras pada,
Jeng nabi ngandika aris, bagéya satekannira, Khalit lan pangantén karo, selamet satekannira, garwanta iku sapa, saking ngendi asallipun, Semangun sigra manembah,
Bu Jahal ingkang sisiwi, angungsi dhateng kawula, lumuh kineramakaké, pikantuk lan tiyang kopar, nedha tulung kawula, angukuhana puniku, yén wonten bendunning rama,
Sumeja manjing agami, anutting saréngat tuwan, milamba bekta samangké, umarêk ngarsa paduka, tuwan paringnga barkah, supados ing khalalipun, sang rêtna dhateng kawula,
Kangjeng nabi amiyarsa, nulya ing ngakatken ningkah, abu Bakar donga agé, minongka seksi sakhabat, gumuruh Aminnira, wus sira ningkah Semangun, anulya angaras pada,
Jeng gusti niyakéng bumi, nulya sami sasalamman, lan para sakhabat kabéh, anulya mundur seksana, ki Khalit lan putrannya, datan kawarna ing ngenu, wus prapta ing wismannira,
Pengantén jalu lan éstri, lajeng manjing ing paprêmman, anutuggaken karsanné, permain sukanning karsa, campuh rok poncakara, tiksara lungid winangun, aramé rok ngaduyasa,
Yasanné jalu lan éstri, éstrinné sampun diwasa, diwasa mangun karongron, karongron kalawan priya, priyanné tur sudira, sudiranné mempeng kayun, kayunné tansedya benggang,
Benggangngé kalamun uwis, uwis dénnya darbé karsa, karsanné atapuk manéh, mane sami don asmara, asmara jronning tilam, tilammé sangsaya sengkud, sengkud kalih kalihira,
Ni emban kang anéng jawi, jawiné tilam uninga, uninga pari polahé, polahé éstri lan priya, ni mban aniba niba, sadalu tan antuk turu, turu tangi buntayangngan,
Boyokké dipun pijetti, ngulat ngulét paringissan, makungkung lajeng andekéng, dhodhok lungguh lajeng niba, tangi anulya lenggah, sinjang kebes lir dén wasuh, labet wes wedalling toya,
Jarwanné kang punang wanci, titi yonni bondayana, kang titiyonni tegessé, tengah dalu wancinnira, déné ta bondayana, bangun rahinna puniku, wussing subuh wancinnira,
Sang rêtna sarirannéki, sanget dénnya lesu lupa, lir kenna sinampirraké, rasanné sarirannira, Semangun sanget welas, saksana ing ngemban gupuh, binekta maring patirtan,
Wussira susuci kalih, salin wastra agegonda, ni emban tansah wurinné, senag senig manahira, kamanissen paningal, lan wonten céthi tut pungkur, ngulat ngulét turut marga,
Apan sarwi membak membik, satemahan kedrawassan, ni mbok céthi médong médong, ngompol senna kenthel pethak, ngrangkul kancanné jola, ngapithing panyikeppipun, kancanné akirab kirab,
Ameksa dipun ambungngi, gobag gobig kang dén aras, gelundhung siti kaliyé, anglir péndah geluttan, genti timpah tinimpah, kang miyat gumer gumuyu, méndah kang maca wikanna,
Akathah lamun winarni, solahé para pawongngan, pangantén lulut kaliyé, ing siyang dalu asmara, tan nana waléhira, malah malah saya sengkud, malah dadi pepénginnan,
Mring sagung pawongngan céthi, bok Unnah kelangkung suka, aningalli ing putranné, dénnya atut palakrama, lir mimi lan mintunna, tan kenna benggang sarambut, sang rêtna tansah néng pangkyan,
Pan sarwi dipun arassi, sang dyah apongah pangiyan, yén medal mring jaba mangké, tan mudhun saking ngembannan, sarwi tilawat Kuran, id ambilagonah putus, tajuwid yén anéng tilam,
Mangun selawattannéki, kaliyé sami karsannya, tan ana kemba kemabnné, ing dalu kalawan siyang, aso nalika dhahar, serene sampun kapungkur, bok Unnah kalangkung suka,
Aningalli putra kalih, solahé apalakrama, kelangkung asih lulutté, sarambut tan kena benggang, lir mimi lan mintunna, siyang dalu runtung runtung, mung pisah nalikannira,
Semangun séba jeng nabi, panjang lamun winarnaha, mangké genti winiraos, Abu Jahal winurcita, saicallé kang putra, sakalangkung dukannipun, mepek sagung prajuritnya,
Bésannira sampun prapti, badhé ambekta sang rêtna, utawiné pangantenné, sampun samekta ing karya, kapanggih Abu Jahal, winartan sadayannipun, yén badhé pangantén ical,
Wusana pating pacengis, sagungngé ingkang miyarsa, bésan myang bakal pangantén, Bu ahal aris angucap, ki bésan kaya paran, ing samangké karsannipun, kawula boten uninga,
Badhé pangantén pawéstri, ing dalunné dénnira musna, ingkang andhustha éstunné, Semangun kang gadhah pokal, lajeng kinarya garwa, nanging ta dhinustha dalu, kawula boten uninga,
Lamun ta kula udanni, Semangun sayekti modar, milanné kula samngké, pasrah dhumateng paduka, masa borong ing karsa, kawula pan inggih anut, punapa ing réh andika,
Kawula tan saged galih, prakawis anak kawula, saréng miyarsa bésanné, Abu Jahal pangucapnya, wusana lon saurnya, dhuh gér bakal mantunningsun, kaya paran solahira,
Déné gelem sira gusti, cinolong marang wong islam, prajurit miyarsa kabéh, utawi para Santana, asru ing ngaturrira, punika prayoginnipun, andhawuhna sayembara,
Sinten ingkang anangguppi, lawan Semangun mengsahan, dipun ebang ganjarranné, Bu Jahal tan bisa ngucap, amikir jro wardaya, yén ingsun rasa ing kalbu, wus antuk kanthi manira.
bersambung ………….
Imajiner Nuswantoro

