PEPELING KAGEM PORO PINI SEPUH
ꦥꦼꦥꦺꦭꦶꦁꦏꦒꦺꦩ꧀ꦥꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦤꦶꦱꦼꦥꦸꦃ
1. Ojo Nganggur : Senadyan wis tuwo prayogané tetep nindakaké pakaryan.. opo waé.. thak-thik thak-thik ono gawéyan lan ono kegiatan. Bab iki supoyo pikiran yo mlaku terus.. marakké ora gampang pikun. Déné ragané yo isih tetep biso diobahaké ora lemes lan ora kaku
2. Ojo Ngoyo : Tegesé makaryo yo makaryo, nanging sabisané wae sak kuwaté.. sak penaké.. sak cukupé. Kudu eling yèn piyé-piye awaké wis lungsé.. wis ora kuwat koyo nalika enom, sak kuwat-kuwaté manungso.. opo manèh wis adiyuswo mesthi ono watesé. Mulo ojo ngoyo anggoné makaryo… yèn olah rogo ugo sak madya waé.. yèn wis kroso sayah kudu lèrèn.. bèn jantungé ora kabotan.
3. Ojo Nglokro. Senadyan uwis tuwo nanging ojo nganti nglokro… rumongso wis ora kuwat, wis ora murwat, wis ora kanggo lan wis loyo… Senadyan wis tuwo nanging mesthi isih miguno : piwulangé.. pengalamané.. suwuk- semburé lan pangestuné. Mula kudu tetep semangat. tetep dadi berkah nganti puputing yuswo.
4. Ojo Ngempet. Tegesé ojo seneng ngendem roso sing ora becik koyoto : gampang nesu.. gampang serik.. gampang meri. Kabeh roso-pangroso kudu diudhari kanthi jlèntrèh nanging sarèh lan sumèlèh. Supoyo sarono mengkono ati ora kabotan lan pikiran ugo ora cuwo.
Aksara Jawanipun :
꧋꧇꧑꧇꧉ꦎꦗꦺꦴꦔꦁꦒꦸꦂ꧇ꦱꦼꦤꦣꦾꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮꦺꦴꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦤꦺꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦏꦺꦥꦏꦂꦪꦤ꧀꧈꧉ꦎꦥꦺꦴꦮꦌ꧉꧉ꦛꦏ꧀ꦛꦶꦏ꧀ꦛꦏ꧀ꦛꦶꦏ꧀ꦎꦤꦺꦴꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦎꦤꦺꦴꦏꦼꦒꦶꦪꦠꦤ꧀꧈ꦧꦧ꧀ꦆꦏꦶꦱꦸꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦥꦶꦏꦶꦫꦤ꧀ꦪꦺꦴꦩ꧀ꦭꦏꦸꦠꦺꦫꦸꦱ꧀꧈꧉ꦩꦫꦏ꧀ꦏꦺꦎꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁꦥꦶꦏꦸꦤ꧀꧈ꦣꦺꦤꦺꦫꦒꦤꦺꦪꦺꦴꦆꦱꦶꦃꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦣꦶꦪꦺꦴꦧꦲꦏꦺꦎꦫꦊꦩꦼꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦎꦫꦏꦏꦸ
꧋꧇꧒꧇꧉ꦎꦗꦺꦴꦔꦺꦴꦪꦺꦴ꧇ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦩꦏꦂꦪꦺꦴꦪꦺꦴꦩꦏꦂꦪꦺꦴ꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦧꦶꦱꦤꦺꦮꦌꦱꦏ꧀ꦏꦸꦮꦠꦺ꧉꧉ꦱꦏ꧀ꦥꦺꦤꦏꦺ꧉꧉ꦱꦏ꧀ꦕꦸꦏꦸꦥꦺ꧉ꦏꦸꦣꦸꦌꦭꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦪꦺꦥꦶꦪꦺꦄꦮꦏꦺꦮꦶꦱ꧀ꦭꦸꦁꦱꦺ꧉꧉ꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦏꦸꦮꦠ꧀ꦏꦺꦴꦪꦺꦴꦤꦭꦶꦏꦄꦼꦤꦺꦴꦩ꧀ꦱꦏ꧀ꦏꦸꦮꦠ꧀ꦏꦸꦮꦠꦺꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦴ꧉꧉ꦎꦥꦺꦴꦩꦤꦺꦃꦮꦶꦱ꧀ꦄꦣꦶꦪꦸꦱ꧀ꦮꦺꦴꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦎꦤꦺꦴꦮꦠꦺꦱꦺ꧉ꦩꦸꦭꦺꦴꦎꦗꦺꦴꦔꦺꦴꦪꦺꦴꦄꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦏꦂꦪꦺꦴ…ꦪꦺꦤ꧀ꦎꦭꦃꦫꦺꦴꦒꦺꦴꦈꦒꦺꦴꦱꦏ꧀ꦩꦣꦾꦮꦌ꧉꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦿꦺꦴꦱꦺꦴꦱꦪꦃꦏꦸꦣꦸꦭꦺꦫꦺꦤ꧀꧈꧉ꦧꦺꦤ꧀ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦔꦺꦎꦫꦏꦧꦺꦴꦠꦤ꧀꧈
꧋꧇꧓꧇꧉ꦎꦗꦺꦴꦔ꧀ꦭꦺꦴꦏꦿꦺꦴ꧉ꦱꦼꦤꦣꦾꦤ꧀ꦈꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮꦺꦴꦤꦔꦶꦁꦎꦗꦺꦴꦔꦤ꧀ꦠꦶꦔ꧀ꦭꦺꦴꦏꦿꦺꦴ…ꦫꦸꦩꦺꦴꦁꦱꦺꦴꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦏꦸꦮꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦩꦸꦂꦮꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦏꦁꦒꦺꦴꦭꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦺꦴꦪꦺꦴ…ꦱꦼꦤꦣꦾꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮꦺꦴꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦆꦱꦶꦃꦩꦶꦒꦸꦤꦺꦴ꧇ꦥꦶꦮꦸꦭꦔꦺ꧉꧉ꦥꦺꦔꦭꦩꦤꦺ꧉꧉ꦱꦸꦮꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦸꦫꦺꦭꦤ꧀ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸꦤꦺ꧉ꦩꦸꦭꦏꦸꦣꦸꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀꧈ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦝꦣꦶꦧꦼꦂꦏꦃꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦸꦥꦸꦠꦶꦁꦪꦸꦱ꧀ꦮꦺꦴ꧉
꧋꧇꧔꧇꧉ꦎꦗꦺꦴꦔꦼꦩ꧀ꦥꦼꦠ꧀꧈ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦎꦗꦺꦴꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀ꦫꦺꦴꦱꦺꦴꦱꦶꦁꦎꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦴꦪꦺꦴꦠꦺꦴ꧇ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦤꦺꦱꦸ꧉꧉ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦱꦺꦫꦶꦏ꧀꧈꧉ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦩꦼꦫꦶ꧉ꦏꦧꦺꦃꦫꦺꦴꦱꦺꦴꦥꦔꦿꦺꦴꦱꦺꦴꦏꦸꦣꦸꦣꦶꦪꦸꦣꦫꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦗ꧀ꦭꦺꦤ꧀ꦠꦿꦺꦃꦤꦔꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦭꦤ꧀ꦱꦸꦩꦺꦭꦺꦃ꧉ꦱꦸꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦱꦫꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦄꦠꦶꦎꦫꦏꦧꦺꦴꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦫꦤ꧀ꦈꦒꦺꦴꦎꦫꦕꦸꦮꦺꦴ꧉
Prayogané atiné poro adiyuswo kuwi ngetrapno 3 perkoro :
1. Lilo : Yokuwi ikhlas ing samubarang prakoro, yèn nindakké pakaryan, yèn pawèh, yèn nulungi liyan.. kabèh kuwi kudu kanthi ati kang ikhlas. sepi ing pamrih kapentinganing pribadi.
2. Lego : Tegesé atiné kudu jembar.. biso nompo prakoro opo waé.. dadiné yo ora gampang sedhih utowo serik nanging gampang lilih.
3. Legowo : Tegesé biso nompo kahanan kang tumomo marang awaké dhéwé, narimo ing pandum lan tansah ngucap sukur tumrap sak paringé Gusti kang Moho Adil.
Aksara Jawanipun :
꧋ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦤꦺꦄꦠꦶꦤꦺꦥꦺꦴꦫꦺꦴꦄꦣꦶꦪꦸꦱ꧀ꦮꦺꦴꦏꦸꦮꦶꦔꦼꦠꦿꦥ꧀ꦤꦺꦴ꧇꧓꧇ꦥꦼꦂꦏꦺꦴꦫꦺꦴ꧇
꧋꧇꧑꧇꧉ꦭꦶꦭꦺꦴ꧇ꦪꦺꦴꦏꦸꦮꦶꦆꦏ꦳꧀ꦭꦱ꧀ꦆꦁꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦥꦿꦏꦺꦴꦫꦺꦴ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦺꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦮꦺꦃ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦸꦭꦸꦔꦶꦭꦶꦪꦤ꧀꧈꧉ꦏꦧꦺꦃꦏꦸꦮꦶꦏꦸꦣꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦄꦠꦶꦏꦁꦆꦏ꦳꧀ꦭꦱ꧀꧈ꦱꦼꦥꦶꦆꦁꦥꦩꦿꦶꦃꦏꦥꦺꦤ꧀ꦠꦶꦔꦤꦶꦁꦥꦿꦶꦧꦣꦶ꧉
꧋꧇꧒꧇꧉ꦭꦺꦒꦺꦴ꧇ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦄꦠꦶꦤꦺꦏꦸꦣꦸꦗꦺꦩ꧀ꦧꦂ꧉꧉ꦧꦶꦱꦺꦴꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦥꦿꦏꦺꦴꦫꦺꦴꦎꦥꦺꦴꦮꦌ꧉꧉ꦣꦝꦶꦤꦺꦪꦺꦴꦎꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁꦱꦼꦣꦶꦃꦈꦠꦺꦴꦮꦺꦴꦱꦼꦫꦶꦏ꧀ꦤꦔꦶꦁꦒꦩ꧀ꦥꦁꦭꦶꦭꦶꦃ꧉
꧋꧇꧓꧇꧉ꦊꦒꦺꦴꦮꦺꦴ꧇ꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦧꦶꦱꦺꦴꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦏꦲꦤꦤ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦩꦫꦁꦄꦮꦏꦺꦣꦺꦮꦺ꧈ꦤꦫꦶꦩꦺꦴꦆꦁꦥꦤ꧀ꦝꦸꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦸꦕꦥ꧀ꦱꦸꦏꦸꦂꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦏ꧀ꦥꦫꦶꦔꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦩꦺꦴꦲꦺꦴꦄꦣꦶꦭ꧀꧈
Maknanipun :
Nasehat Bagi Manula (Manusia Umur Tua)
1. Jangan bermalas-malasan: Meskipun sudah tua, tetaplah bekerja... apa pun itu... setidaknya lakukanlah pekerjaan dan aktivitas. Ini agar pikiranmu tetap aktif... sehingga tidak mudah menjadi tua. Sementara tubuhmu masih bisa bergerak tanpa menjadi lemah dan kaku.
2. Jangan bermalas-malasan: Arti bekerja adalah bekerja, tetapi sebisa mungkin... sebisa mungkin... sebisa mungkin... sebisa mungkin... sebisa mungkin. Kamu harus ingat bahwa tubuhmu semakin tua... tidak sekuat saat masih muda, kekuatan seseorang... atau bahkan jika sudah tua, selalu ada batasnya. Jadi jangan bermalas-malasan dalam bekerja... jika berolahraga, lakukanlah secukupnya... jika merasa lelah, berhentilah... agar jantungmu tidak terbebani.
3. Jangan berkecil hati. Meskipun Anda sudah tua, jangan berkecil hati... pikiran Anda tidak lagi kuat, tidak lagi kuat, tidak lagi kuat dan lemah... Meskipun Anda sudah tua, Anda akan selalu berguna: pelajaran Anda... pengalaman Anda... air mata dan berkah Anda. Karena itu, Anda harus tetap antusias. Itu akan terus menjadi berkah sampai Anda mencapai akhir hidup Anda.
4. Jangan berkecil hati. Ini berarti Anda tidak boleh memendam perasaan buruk seperti: mudah marah... mudah iri... mudah cemburu. Semua perasaan harus diungkapkan dengan jelas tetapi lembut dan tenang. Semoga dengan cara itu, hati Anda tidak akan terbebani dan pikiran Anda tidak akan bingung.
Hati orang baik hendaknya mampu melakukan 3 hal:
1. Lilo: Bersungguh-sungguh dalam segala hal, ketika bekerja, ketika memberi, ketika membantu orang lain... semua ini harus dilakukan dengan hati yang tulus. Bebas dari kepentingan pribadi.
2. Lego: Artinya hati harus lapang... mampu menerima situasi apa pun... sehingga tidak mudah bersedih atau marah tetapi mudah berbahagia.
3. Legowo: Artinya mampu menerima situasi yang sulit bagi kita, menerimanya secara utuh dan selalu bersyukur atas berkat Tuhan yang menghendaki keadilan.
Imajiner Nuswantoro

