PETHIKAN KITAB BADRA SANTI ꦥꦼꦛꦶꦏꦤ꧀ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦧꦣꦿꦱꦤ꧀ꦠꦶ

0

PETHIKAN KITAB BADRA SANTI

ꦥꦼꦛꦶꦏꦤ꧀ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦧꦣꦿꦱꦤ꧀ꦠꦶ






KITAB BADRA SANTI

Bab Anak turun

01. Kakung putri kabeh putra sing gemati, pada bekti tresna marang yayah wibi, nyendikani kabeh dhawuh disungkemi.

Kabeh putra padha mundhi lan memuja, mring wong tuwa dipundhi pindha Jawata, iku nyata pundhen kang luwih utama.

02. Ora genah anak kang wis omah- omah, gawe susuh mring wong tuwa isih mothah, tansah nggledhah nggodha simbok nyuwun jatah. Ora kena anak wis padha dewasa, isih nggodha ngurengi marang wong tuwa, iku tandha ora welas ibu bapa

03. Para putra yen pinuju arep lunga, diperlokna ngadhep mring wong tuwa, kanthi tata silasanti templek asta. Ora lali nalikane sungkem bekti, nyadhong idi uga kanthi silasanti, tandha bukti tata krama dituhoni.

04. Kabeh putra yen guneman karo wong tuwa, kulinakna pangucap ingkang utama, mawa basa unggah-ungguh tatakrama. Lan diudi solah tingkah kang prayogi, ora nganti rewel nggodha ngadi-adi, dha ngrewangi tandang gawe ora iri.

05. Ora kena anak wani mring wong tuwa, luwih dosa nganti wani marang rena, ngelingana biyung nggone lara lapa. Den elingi nalika ibu nggarbini, sangang sasi nggendhayut kabotan isi, mbabar bayi nandhang lara totoh pati.

06. Biyung iku pepundhen kang luwih perlu, mula iku muktekna ingkang satuhu, nanging iku mring garwa aja dimaru. Samesthine wong tuwa dimuktekake, nanging wae aja nyingkur mring garwane, sakarone kudu ngerti ngetrapake.

07. Ora sae anak mantu glenya-glenye, nyepelekke utawa nggapah gumedhe, maekakke nggemampang maratuwane. Wajibira anak mantu bekti tresna, sing ngertiya ngajeni mring maratuwa, dianggepa kaya wong tuwa priyangga.

08. Wis wajibe mantu mring maratuwane, ngestokake bekti sungkan lan sungkeme, jalarane wis ngorbanake anake. Maratuwa yen lagi nemoni lara, gita-gita mantu melu luru tamba, aja lena sembrana tansah semaya.

09. Anak njetung pikire tansah tumlawung, ati bingung montang-manting ora dunung, tansah nggempung enggal nyebut adhuh biyung. Para putra ing batin tansah mujekna, muga-muga bapak simbok aja lara, nganti tuwa nyawang buyut putu putra.

10. Anak kuwi aja ngakokke ati, didhawuhi wong tuwa kok diwaneni, ngono kuwi anak ngrusak nyilakani. Anak polah wong tuwa dadi kapradah, nambah nggladrah mblereng maris omah sawah, biyung susah isih urip wis digusah.

11. Nemu begja anak ditunggu wong tuwa, pikir lila entuk restu kang Maha Kawasa, wuwuh mulya yen wong tuwa dipepuja. Rina wengi dhahare disedhiyani, dicukupi sandhangane dicepaki, ora lali dha sungkem yen dina suci.

12. Putra iku wajib setya lan mituhu, sarta nggugu dhawuhe rama lan ibu, lamun kliru diendhema jroning kalbu. Anak edan awake dhewe klenceran, ora eman wong tuwane sing kangelan, ribut dandan prik-iprik ngeruk larahan.

13. Anak bekti nyang wong tuwa ngrespatani, anglegani gawe kepenake ati, lan nyungkemi kudangane kang utami. Kabeh putra yen weruh marang wong tuwa, sajak kemba katon gerah kurang daya, diperlokna enggal digawekke tamba.

14. Putra bekti wong tuwane dipepundhi, ditresnani gak oleh kangelan buki, diaturi penging ribut mung jampangi. Anak mlenceng dikon apik malah mengeng, glelang-gleleng nalar bejat tingkah nyleweng, ngruwek nyeneng wong tuwane nganti sekeng.

15. Guru kuwi sasat wong tuwa pribadi, kang maringi kepinteran sarta ilmi, wis nglabuhi nuntun budi lan pakarti. Marang guru para siswa wajib nggugu, sarta tiru kawiryane kang satuhu, mula iku sungkem bekteni saestu.

16 Para putra elinga mring gurunira, dhek semana nggone momong kabeh siswa, saben dina diesthi rahayu begja. Ditlateni dilelinthing sasat siwi, tansah ngudi bisa-a ing tembe mburi, murih dadi wong mulya luhuring budi.

17. Arep lunga pamita karo wong tuwa, aja ndadra tanpa idin wani lunga, yen cilaka wong tuwa rak ora pirsa. Bocah putri mbar-umbaran aja nganti, tan prayogi wong liya padha nyireni, dho siriki mrosodke ajining dhiri.

18. Para putra yen mulya mukti wibawa, tur sembada sabrayat rahayu begja, ibu bapa ayem tentrem jroning ndriya. Sebalike nyawang anak katon mblekre, pratingkahe wis nglambrang prasasat kere, wong tuwane ngrasakke banget nggrantese.

19. Anak pupon anak mantu anak kwalon, lanang wadhon bekti wong tuwa sing maton, ja kemajon wani nyamah lan geguyon. Dha ngajeni sungkana sarta gemati, nadyan kuwi dudu wong tuwa pribadi, nanging bukti wis ngrumati lan ngrenggani.

20. Para putra yen wirya lan wicaksana, iku bisa ngluhurke asma wong tuwa, sarta uga mulyakke lan gawe rena. Ngono iku nywargakke bapak lan ibu, ngenthu-enthu klakon begja lan rahayu, daya restu ngambah marga agung wolu.

 

 

KITAB BADRA SANTI

BAB PAPAN PALEMAHAN

Ayat : 01. 

Palemahan kang rupa papan pomahan, pekarangan pakebonan pategalan, pasawahan pasantren sarta pagagan.

Rumatana plemahanmu sing prayoga, aja ana sing nganti diumbar bera, tandurana ditlateni saben dina.

Ayat : 02. 

Lemah cengkar aja malah dha diumbar, nganti nglenthar garing gundhul ngantar- antar, kudu sabar tandurana kayu bakar.

Kabeh kuwi waton gelem nelateni, nggemateni kanthi sabar dipaculi, dirabuki mesthi lemu ditanduri.

Ayat : 03. 

Tandurana wit kang tahan kurang toya, turus-kuda jambu-mete kluthuk maja, digatekna ja kena disengguh menda.

Aja nganti njur kesusu dirambani, dibrindhili kanggo pakan wedhus sapi, dha ngelingi yen angon sing ngati-ati.

Ngelingana subure tanah ka toya, mulanira ja nganti nggundhuli arga, poma-poma aja ngrusak grumbul wana.

Kayon rusak brundhul panas ngenthak-enthak, gak kepenak sumberan dha garing ngerak, wong sing ngrusak niyat kendhat ngajak-ajak.

Ayat : 04. 

Aja srakah nukoni plemahan mberah, ngiwut nggebyah duweke wong nandhang susah, diteradhah dijiret utangan kathah.

Kaningaya wong srakah banget angkara, iku nyata sing nggawe mlarade janma, dudu dewa nanging diperes wong murka.

Ayat : 05.

Yen kurangan bumi papan palemahan, aja edan mbukak pereng pegunungan, ja ngawuran mbukaki alas tutupan.

Awit iku minangka bendunge banyu, yen gak nggugu meksa mbukak bumi iku, anak putu krusakan sumbere banyu.

 

 

KITAB BADRA SANTI

BAB GALANG OMAH

Ayat 1. 

Galang omah gak perlu nganggo sedhekah, waton lemah papan dununge wis genah, ora susah nganggo petung dina sing sah.

Gawe griya ja cedhak bantaran toya, banjir teka yen ketrajang mesthi cilaka, ora bisa ditolak tumbal lan mantra.

Ayat 2. 

Gawe omah aja ana ing pinggir jurang growah, bakal susah yen nganti gampinge mlekah, longsor mleyah ngurugi brayat saomah.

Aja tebyan gawe omah neng banthakan, gak kadhangan wit gedhe sarta papringan, sok adhakan ketrajang lesus ampuhan.

Ayat 3. 

Ora becik gawe omah ngangkrik- angkrik, katon ningklik neng puncak punthuk sing njeglik, ambyuk malik ditrajang prahara ngolik.

Galang omah aja neng cedhake kawah, gunung bengkah lahar mbludag bulah- bulah, kabeh titah sing cedhak kobong mengangah.

Ayat 4. 

Prayogane gawe omah cilik wae, sacukupe bisa mlebu bayang bale, lemarine nggo wadhah barang- barange.

Omah kuwi enggon turu diprimpeni, aja nganti ngedhag-edhag tan prayogi, diwenehi senthong sing primpen premati.

Ayat 5. 

Galang omah aja nganti nganggrah-anggrah, jejer mberah kejembaren ngamblah-amblah, wong sagotrah kurang jiwa luwih omah.

Kebo sapi gawekke kandhang neng mburi, aja nganti campur uwong dadi siji, ngono kuwi mblekathek ngeneg-enegi.

Ayat 6. 

Aja ndableg omah diumbar mbleketheg, ngganda badheg peceren pawon mleketreg, mbok sing cag-ceg resik-resik tansah ajeg.

Ayat 7. 

Sing prayogi gawe omah cilik peni, katon asri latar kanggo taman sari, ditanduri kekembangan manca warni.*_

Sruni-pita mawar mlathi lan cepaka, gambir soka ketongkeng menur kenanga, tluki-seta arum-ndalu prabu- kenya.

 

 

KITAB BADRA SANTI

BAB WONG TUWA

01. Aja gela jodhowan tan bisa mitra, sing narima waton rukun sabar tresna, pikir lila jodhon tentrem nganti tuwa.

Pengin anak yen tuwa murih kepenak, malah rusak yen anakke murang sarak, luru enak ketemu ora kepenak.

02. Tambah susah anak akeh pating blangkrah, urip bubrah awit rejeki gak genah, tan paedah ora bisa nata napkah.

Malah dosa anak-anak ora pakra, tanpa guna yen gak isa ngupakara, wiwuh nistha yen anak tindak dursila.

03. Ora sae wis mutra mung sakpenake, lenja-lenje mung mikir awake dhewe, mengko bakale kuciwa dhewe.

Ora genah wong tuwa tingkah lir bocah, tansah okah anake diumbar mblangkrah, anak bubrah sebabe wong tuwa nggladrah.

04. Duwe putra nyatane malah rekasa, kudu bisa nyukupi sandhang lan tedha, wengi rina kwarasane kudu njaga.

Yen wis gedhe wajib kudu megurokke, ngasahake pikir budi pekertine, pangesthine murih sampurna uripe.

05. Anak putu diperdi padha meguru, ngudo ilmu kepinteran kang satuhu, sarta kudu nempuh marga agung wolu.

Kudu nggladhi keseniyan kang utami, ora lali ngerti trape tata krami, ngrespayeni ngresepake mring sesami.

06. Nak-anake diperdi saben ndinane, supayane nresnani kabeh dulure, lan ngluhurake bekti tresna wong tuwane.

Sarta uga ngajeni marang tetangga, tuhu setya mring guru kang mulang dharma, lan madhepa mring Hyang Widdhi myang Hyang Mahakawasa.

07. Wigatekke anak kwalon padha wae, mesakake kudu nganggep anak dhewe, sing nyenengke wong wis gelem wong tuwane.

Den asihi lahir batin rina wengi, diantepi aja nggagas diwaneni, yen gemati kwulona males bekti.

08. Aja ngugung nguja anak klonthang-klanthung, aji mumpung ngobral arto adol gendhung, yen wis kadhung malah nlikung bapa biyung.

Aja ngumbar mring anak mbayang jejigar, bakal nyasar yen ora dicandhet kalar, temah mblasar pratingkahe kurang ajar.

09. Kabeh putra aja pareng ambeg siya, dhemen mlara dolanan kewan disiksa, suka-suka njitho kinjeng lan kendhela.

Wajib menggak aja mlara kodhok cecak, ngurak-urak nyiksa asu menthung nyeblak, ibu bapak nyandheta nakale anak.

10. Aja tebyan wajib anak linarangan, dedolanan kang ndadekke kacilakan, kesenengan kang ngrugekke nyang tetanggan.

Ibu bapa wajib tansah ngengon putra, aja lena anak kumpul wong dursila, melu ala nakale sangsaya ndadra.

Resikana tritisan ja rungkud nglera, katon ala sok disaba dening ula, curut lawa luru jangkrik coro mangga.




KITAB BADRA SANTI

BAB GALANG OMAH

Ayat 8. 

Padha eling duwe omah sing gemrining, resik garing njero senthong padhang bening, angin nyriwing ora ngganda banger pesing.

Sing gemati omahe tansah ditliti, diresiki pager latar nrenteng asri, saka margi disawang ngresepke ati.

Ayat 9. 

Galang omah sing bakoh ja nganti obah, gampang rebah njur ngebruki wong sagotrah, gawe susah gedhene gawe pepejah.

Omah rimpi malah mboroske rejeki, bola-bali saben tahun sok ndandani, bandha mili nyuguh sambatan mbancaki.

Ayat 10. 

Omah praja pet-empetan panase gila, kurang hawa kekayonan ora ana, yen ketiga akeh wong mati lan lara.

Galang panti kayu entek ditebangi, jare wedi yen kebrukan lan ngregedi, nanging rugi hawa seger njur ngendhani.

Ayat 11. 

Dhuh para tukang aja duwe budi rimang, ati nyungsang mitenah marang sing galang, tegel masang tumbal tenung ngisor lawang.

Sing disedya sing galang bisoa sirna, lan elinga dhuh tukang ingkang candhala, turun tiga tansah ngundhuh karma ala.

Ayat 12. 

Aja wedi omah madhep ngendi- endi, keblat kuwi gak bisa gawe bilahi, sing mblaeni angin banyu lahar geni.

Madhep mapan sing apik ngadhepke ratan, ja sirik manggon neng pojok prapatan, dhemit setan gak ngganggu omah totogan. 

Ayat 13.

Aja wedi lawang nrentheng kenceng margi, aja nganti nggawe kiwan ngarep panti, gak prayogi saru tumrap kaum putri.

Waras lara lan uga beja cilaka, ora sebab nggone galang griya, awit saka awake dhewe sing gak tata. 

Ayat 14. 

Aja mamang aja uwas lamun galang, setan rimang balak tuju mesthi ilang, yen ketrajang wandhana king ati padhang.

Bodho kemplu ya uwong sing ngono iku, sok ketuju setan balak gampang mlebu, dadi dudu galange omah sing kliru.

Ayat 15.

Aja ngangsa lamun sedya galang griya, sing prasaja aja melik dialem tangga, nganti ngaya njur ngentekke raja kaya.

Kanthi ngglathuk nicil balungan njur ditumpuk, yen wis nglumpuk digalang bar panen mathuk, tekad besuk begja rahayu methuthuk.

 

 

KITAB BADRA SANTI

BAB WONG TUWA

16. Aja weja embok bapak nganti lena, anak nglempra mbejijat nganti tan pirsa, sebab saka wong tuwa kurang waspada.

Wong tuwane aja kendhat maspadakke, pertingkahe sang anak iku kepriye, lamun mengsle wong tuwa enggal mbenerke.

17. Aja nganti duwe anak diajani, akon wani gelutan ngunen-uneni, kaya sapi ngeber krosan briga-brigi.

Marang anak aja diajari ladak, misuh nyentak nggembeleng cangkeme rusak, nganti mundhak bisa wani embok bapak.

18. Nak-anake yen jagongan lan kancane, wong tuwane tan kena melu nglegeje, ora sae wong enom thukul ewuhe.

Para putra njagong guyon karo kanca, waton tata ngenggoni patrap susila, ibu bapa sumingkir nanging waspada.

19. Saka biyung sumbere kawiryan agung, ibu nglinglung yen polah edan kepaung, anak kemprung melu edan kaya baung.

Ibu jujur budi pakartine luhur, tulus subur turun-ne nemoni makmur, ora lebur uripe padha sempulur.

20. Ibu bapa dadiya tepa tuladha, marang putra nyontoni tingkah utama, aja weja wong tuwa gak duwe tata.

Bapak ibu tindakke kudu sing lugu, banget saru wong tuwa pratingkah kliru, ora ndulu kanggo conto anak putu.

 

 

KITAB BADRA SANTI

BAB WONG TUWA

21. Ibu bapak njegrang mengkrang lenggak-lenggak, ngenak-enak ora migatekke anak, tansah nglangak wong tuwa budine mamak.

Tansah mblubut wong tuwa gak duwe sebut, isih nggliyut apa-apa isih ngebut, plinthat-plinthut anake gak tau kramut.

22. Maratuwa marang mantu sing sembada, asihana dianggep putra priyangga, wong nyata putrane wis padha tresna.

Ora sae mara tuwa cawe-cawe, salah gawe kesusu ngrampyang mantune, ngetokake yen banget ora senenge.

23. Bapak ibu paringa idi pangestu, sarta restu marang anak tuwin mantu, kanthi sarju mujekke begja rahayu.

Rina wengi wong tuwa tansah angesthi, mugi-mugi anak turun tansah mukti, lan basuki kasembuh luhuring budi.

24. Yen wong pratingkahe tansah nistha, kabeh putra padha nyingkur gak nggatekna, ora ana sing gelem males muktekna.

Yayah wibi kanggo conto dening siwi, mula kuwi uni budi lan pakarti, rina wengi tumindaka kang utami.

25. Guru iku supaya kena digugu, lan ditiru dening murid kanthi estu, tingkah laku lan ucape aja saru.

Nanging poma guru kuwi aja nguja, marang siswa mejang sekti mandraguna, gak prayoga mundhak dadi Wil Rahwana.

26. Guru kuwi nyang murid kudu gemati, lan nresnani sabar asih nguli-uli, aja nganti dibedakke salah siji. Kabeh siswa anggepen putra priyangga, tresnanana wejangen ilmu utama, yen dewasa men entuk rahayu begja.

 


Kitab Badra Santi 

BAB V : SEDULUR

Ayat 95

Karo dulur padha rukun ora udur, ngesthi luhur kamulyan bisa sempulur, ngudi subur nggatekke marang pitutur.

Gak mbedakna marang dulur padha tresna, tansah njaga dulure aja sangsara, sing wis mulya nglanting sing durung sembada.

Ayat 96

Sing wis gedhe mung tansah migatekake, nyang adhike dijaga kuwarasane, yen nglentere gita2 ditambakke.

Ora tebyan enggal2 rinumatan, ketantingan luru tamba ngulon ngetan, ora ngeman soroh bandha sarta badan.

Ayat 97

Dulur tuwa welas asih pari tresna, ngenda-enda nyang adhike migatekna, dha rumangsa makili ibu lan bapa.

Sok ngandhani adhike diuli-uli, ditlateni diwulang tingkah utami, lan diudi dituntun golek rejeki.

Ayat 98

Dulur tuwa lubera ing pangaksama, mrih tulusa adhike ngajeni tresna, ora liya nyang dulur aja kemlewa.

Nadyan ipe panganggepe padha wae, jalarane wis nggandhul karo dulure, priye wae kepetung dadi brayate.

Ayat 99

Kabeh dulur nyang warisan suthik udur, gak keplaur rebutan tinggalan kubur, yen wis lipur didum rata kabeh dulur.

Sing wis cukup kanthi lila emoh nyakup, kanthi guyub diwenehke sing gak cukup, malah ngukup sing cilik sing isih mingkup.

 

 

Kitab Badra Santi 

BAB VI : SEDULUR

Ayat 105

Ngajenana sedulur kang pernah tuwa, kanthi tresna dhasar ambeg wiyanta, bektenana sasat gantine wong tuwa.

Kakung putri dulur tuwa disungkemi, katon asri widiyatna ngrespateni, yayah wibi senenge kepati-pati.

Ayat 106

Ora sae nyembrana nyang dulur ipe, mirangake dicireni ing tanggane, nyusahake mring dulur lan wonf tuwane.

Katon saru kaya mripate wis buntu, ora nduli dhawuh Vedha kang satuhu, mula iku ja nggluweh sing pambeg estu.

Ayat 107

Pada rukun sedulur raket kumrukun, disesuwun gotong royong slaminipun, run-tumurun nemu kamulyan tumruntun. Asri adi pindha taman Banjarmlathi, widhawati ureme muleg nelahi, tansah ngesthi widyasmara Badra Santi.

Ayat 108

Para putra sabrayate dha merlokna, dina mulya dina suci padha teka, ngabyantara ngabekti nyang ibu bapa.

Jroning nglumpum sasedulur seneng sayuk, dhahar udhuk smaradana dadar tubruk, ngesti antuk begja rahayu sagumuk.

 

 

Kitab BADRA SANTI Bab VII

(Mangan lan ngombe)


Ayat 132:

Ngombe mangan sing perlu kanggo kwarasan, pepanganan omben2 sesegeran, lelawuhan kang paedah kanggo badan.

Mangan ngombe aja nuruti ilate, ngame-ame memih marang rasane, ora sae durung mesthi maedahke.

Ayat 133 :

Aja ngaya mangan edi saben dina, ngeceh bandha nguja ilat ngabdi rasa, tanpa guna tan kanggo kwarasan raga.

Krasa enak mung tekan ilat lan cethak, tekan telak mlebu wadhuk wis gak enak, malih mletrak dadi bubur ngganda sengak.

Ayat 134 :

Kang prayogi panganan kang maedahi, isi sari kanggo kwarasaning dhiri, digoleki sing murah gampang mrangguli.

Lelawuhan jamur kembang lan krowodan, thethukulan kang anjrah saparan-paran, lan woh-wohan kang gawe segete badan.

Ayat 135 :

Aja nganti mangan ngombe kang ngendemi, diendhani sabarang kang metagihi, tan prayogi kuwi ngrusak marang dhiri.

Ora pareng memangan marakke kenceng, lan mbuteng mring sanggama wuwuh adreng, yen wis kleleng tan etung marang pepeteng.

Ayat 136 :

Aja ndableg mangan ngotol melik wareg, patrap gebleg wetenge angger mbeseseg, wadhuk kebeg nganti klaran repot ngadeg.

Aja ngimel memangan tansah dijejel, wadhuk netel wekasane ususe njubel, weteng kacel ngising bebel bol kededel.

Ayat 137 :

Yen memangan becike ngerti ukuran, sing sedhengan ususe ora kangelan, bisa mapan nyang weteng ora kangelan.

Wadhuk lega ngejure ora rekasa, kabeh bisa ajur campur toya, entheng rata mung sithik dadi tenja.

Ayat 138 :

Mangan ngombe ben dina sing sakmajate, ja gumedhe golek sing larang regane, prayogane luruwa sing murah wae.

Nadyan murah nanging milih sing paedah, seger sumyah waton pinter nggone ngolah, trima ngrendhah pikir ayem ora ngramah.

Ayat 139 :

Ora perlu mangan lan ngombe kesusu, mung dijuju sing kasar wis diulu, ora klebu kesereden mandare saru.

Yen memangan dimamah alon-alonan, kesusunan yen keseleg pendelikan, dadi klaran nyasar nyang dalan ambegan

 

 

Kitab BADRA SANTI 

Bab VII

Ayat 140 :

Sing susila memangan bareng wong liya, aja ngangsa kanthi sareh ngerti tata, sarta njaga aja kemproh nyolok mata.

Pating kleler upa duduh padha kecer, kringet ndlewer semprat-semprot umbel meler, tanduk amber rampunge mung pijer kether.

Ayat 141 :

Yen dhong mangan pikire aja klambrangan, pendirangan ora mantheng kang dipangan, kelelengan ngelamun saparan- paran.

Arep ngeleg yen nglamun bisa keseleg, napas seseg karmane pikir kang usreg, awak sumeg mandar kecakot mak krekeg.

Ayat 142 :

Ora mathuk mlaku karo comak-camuk, thole gendhuk aja niru patrap busuk, luwih cubluk yen karo guyonan ngguguk.

Ngono iku patrap memangan kang saru, kang diulu amblas wae kaya banyu, uga kliru ora patut yen dinulu.

Ayat 143 :

Pepanganan kang wis dirubung ing kewan, tur klaraban rereged lan kebledugan, aja eman ora becik yen dipangan.

Marakake lara murus lan liyane, penyakite kerep ngganggu kwarasane, jalarane panganan didhag-dhagake.

Ayat 144 :

Uga kena mangan edi kadhang kala, yen dhong ana rejekine lagi reja, lan utawa yen krawuhan keluwarga.

Cobi-cobi kadhang kala mangan edi, diratani liya panganan ben ngerti, ganti- ganti rupa liya dialami.

 

 

Kitab BADRA SANTI 

Bab VII.

Ayat 145 :

Mangan ngombe yen cangkem amba mamahe, ngetokake polatan sing ngresepake, mung pamrihe kancane padha ngrahabke.

Mangan bareng ing pahargyan seneng-seneng, jebul ngleleng polatane katon peteng, ora pareng mundhak ora gawe gayeng.

Ayat 147 :

Ora kena memangan kang asal jiwa, sarta uga kang ngendemi mlara raga, tumrap dina Tri suci lan dina mulya.

Yen mulyake dina pahargyane dhewe, ngawinake puputan sarta liyane, dhaharane trima endhog tahu tempe.

Ayat 148 :

Aja nggragas ngombe kilang isih panas, badheg lawas rasane nyengkrang kemranyas, gawe getas untu mrupug gelis tatas.

Aja ngiyes mben-omben panganan pedhes, ngoweh ngeses sok murus usus diperes, awak lemes weteng lara getun nggrantes.

Ayat 149 :

Aja nekad nguja pangrasane ilat, kerep sambat kurang enak ora nikmat, cangkem kuwat nanging bandha bisa mlesad.

Kabeh mau yen gelem mikir saestu, ora perlu ngame mlating ini iku, waton nggugu antuk begja lan rahayu.

 

 

KITAB BADRA SANTI 

BAB VIII

Ayat 150

Ora kena ngangggo-anggo gawe lara, nyandhang mlala ndadekke dalan cilaka, macak ngaya keasrinen malah ala.

Inten dinar nemplek ngrenteh pating gebyar, gawe onar ing pahargyan lan ing pasar, ora kinar kemompyoren lir wong mblasar.

Ayat 151

Aja lemer nyandhang nganggo perlu pamer, iku sleder pratingkah dalane nyeser, gelem ngeber jejodhowan kerep eker.

Ora becik wong pamer akeh sing nyirik, padha nglirik lan ngrasani bisak bisik, beja serik rumangsane duwe melik.

Ayat 152

Ora kena menganggo ninggal susila, sasat wudha kulite katon ngalela, njarag ngliga pupu pikang payudara.

Aja grebeh nglingkab nyincing njarag mbledheh, sasat ngegleh kawuwuhan tingkah rongeh, nyandhang aneh dadi tontonan wong akeh.

Ayat 153

Aja nekad nyandhang mlepet nganti ketat, ora majat gelitan awak kesandhat, jare hebat nanging prasasat sekarat.

Aja nyasar menganggo kang ora wajar, gagrag anyar nanging saru gawe onar, yen ditenggar kasusilan dadi bubar.

 

KITAB BADRA SANTI 

BAB VIII

Ayat 154

Kudu enget menganggo mbutuhke rapet, kulit anget yen atis ora njekethet, sarta rapet mring pawadi dimen slamet.

Ora kena nyandhang peni ninggal tata, dumeh bisa gonta-ganti neka warna, nganti weja tan nganggo traping susila.

Ayat 155

Aja kemproh nyandhang nganggo banget kethoh, katon mblongkroh pating trotol kumel lekoh, nganti kumel mbekethek ora diwasoh.

Ngganda apeg sandhangan diumbar ludreg, wuwuh badheg wong sing weruh mesthi eneg, mula geleg sregep ngumbah aja ndableg.

Ayat 156

Menganggowa sandhangan kanthi susila, klawan tata ngerti duga lan prayoga, angon mangsa kaanan lan tata cara.

Manut jaman weruh empan sarta papan, lan lageyan uga manuta pranatan, gagrag edan aja ditiru wantahan.

Ayat 157

Wong gak duwe menganggowa sak anane, pathokane katon resik mben dinane, krusakane didondomi dibenekke.

Lamun tuku wong mblereng aja ditiru, becik kudu trima sing mayar saestu, ngono iku dalane begja rahayu.

Ayat 158

Aja ndlomor menganggo pating kethowor, lan nggedhodhor yen mbrejel mesthi ketanggor.

Nganggo sarung mbesuwel nggawel tur nggronggong, kerep nongkrong kemul jarit pinggir embong, patrap ndlondong wong mblongkroh disirik uwong.

 

 

KITAB BADRA SANTI 

BAB VIII

Ayat 159

Nyandhang nganggo aja niru kaya gentho, tumrap bojo pikire dadi mendelo, mlengos mengo njelehi mula dioso.

Nyandhang ngangge kena kanggo titenane, nyang watake sarta uga pratingkahe, srawungane lan batin angen-angene.

Ayat 160

Nyandhang nganggo ja nandhing lan kono-kono, ngoso-oso atine pijer digadho, pikir blero njur meri nggodhani bojo.

Rumangsane katon apik panyawange, sabenere gumantung tumrap ragane, lan kulit cocoge karo barange.

Ayat 161

Patrap saru gak patut nyang jaman maju, lha ya iku sarung dikalungke gulu, wis dituku jebule nganggone kliru.

Sok semampir nyang pundhak diuntir-untir, gelis dawir rusake pating keliwir, aja sak sir ajara majune pikir.

Ayat 162

Nyandhang nganggo sing prasaja murwade, ora sae ngungkuli sak pepadhane, marakake gawe kemeren tanggane.

Sing prasaja regane gak nganti ngaya, tur utama gak gawe rongake liya, lan ya uga bisa nggemeni kas kaya.

Ayat 163

Wong nyenyandhang aja dumeh bisa galang, yen disawang ora macem gak setimbang, sanak kadang kuwata ngopahke nyawang.

Kabeh mau nyang umum yen katon saru, aja ndluju nyenyandhang nuruti napsu, becik lugu kang gawe begja rahayu.

 


Kitab Badra Santi 

Bab XXI.

Ayat 441

Ora kena ngucap goroh kanggo ala, mbithuk liya ngandhakke sing neka-neka, ana uga ngobrol nyeser crita maya.

Omong kumbi madal sumbi nyulayani, ngono kuwi janma kang culika budi, wong ngapusi marang batine pribadi.

Ayat 442

Ora kena gojeg karo lani liya, tur sembrana nganggo guyon parikena, omong ngaga grameh-grameh tan prasaja.

Aja nganti omongan kang ngasmarani, ngono kuwi sedyane mung mikat ati, sing nglanggapi ngundhuh karma ngrusak ati.

Ayat 443

Ora becik wong ngonggrong niyat gak apik, duwe melik nganggo ngelus sithik-sithik, ing sabalik niyat ngranyah niyat nengkik.

Sing nuruti tandha pangrasane mati, ora ngerti yen dicandu diendemi, yen wis mendem digranyahi ditengkiki.

Ayat 444*_

Ora kena tembung manis kanggo ala, ucap nglaga katon alus manuhara, jebul slenca mung digawe kedhom blaka.

Omong lumer dirungu kepenak seger, ndadak nggimer ngemu pamrih sing gak bener, yen wong pinter iku pikir sing keblinger.

Ayat 445

Aja nganti omong kasar anjelehi, nggegilani idu nyiprat kanan kiri, briga-brigi swarane kaya memedi.

Ngono iku omong tan enak dirungu, katon saru nadyan ora karo nesu, padha gigu sarta wedi suthik ngrungu.

 

 

Kitab Badra Santi 

Bab XXI

Ayat 446

Ora kena omong pamer ngayawara, tanpa guna malah nyerikake tangga, gawe gela rumangsa sasat di-ina.

Dhemen pamer neng endi-endi sok ngewer, sarwa ngedher saben uwong nganggep lemer, katon ajer mung emane gawe eker.

Ayat 447

Aja ngomong tumbak cucukan ngengobong, bgedu uwong dikileni tembung pencong, bakal nggotong karmane wong ngucap serong.

Dadi gendra kebrongot cangkem culika, cangkem ala ing tembe ngundhub cilaka, mulanira becik omong sing utama.

Ayat 448

Aja nganti sembrana mbocorke wadi, tan prayogi iku bisa nyilakani, wong wis janji ya sing kuwat ngempet ati.

Rapet mingkem nyimpen wadi kudu jinem, nyancang cangkem diselodho tetep ngglenggem, gloyam-glayem sirikane aja mendem.

Ayat 449

Aja nganti omongan sok madal sumbi, nyulayani tan bisa netepi janji, ora wedi dhemen slenca amblenjani.

Ngono iku tembe tan ana wong nggugu, pada thiklu tan ana ngandel sawulu, mula iku omonge sing setya tuhu.

 

 

Kitab Badra Santi 

Bab XXI.

Ayat 450

Aja kumbi omong bares ora wani, mula wedi terang wong sing kadhung ciri, ngono kuwi salahe wis bola-bali.

Kadung serong omongan sagenthong-genthong tetep mencong tembunge ya clemang-clemong, saben uwong ora nggugu nggone omong.

Ayat 451

Aja nggluweh omongan mung tansah glah-gleh, cangkem luweh yen ngucap mung pijer ngglenyeh, bakal nglempreh awit diplengke wong akeh.

Nggluweh iku omong tingkah sarwa saru, jare nglucu nanging carane sing kliru, malah semu ana pamrih jroning kalbu.

Ayat 452

Kathi jujur nulunga aweh pitutur, aja ngejur mandare aweh panglipur, murih subur manungsa ngrasakke makmur.

Rina wengi elinga ngucap sejati, sing diudi pangucap ngresepke ati, tembe mburi murih nemu Badra Santi.

Ayat 453

Ora perlu ngguyubi obrolan saru, kemproh mbluthu crita mrusal dha dipadu, ngono iku nelakke wong ndableg kemplu.

Wong yen gendheng ngomong sejati gak seneng, sing diplendreng ngomongke pratingkah peteng, nlonyor mempeng rumangsane gagah nggantheng.

Ayat 454

Ora perlu nuturi wong kang ngeduyu, awit iku wong ndableg gak butuh maju, sing diluru ilmu klenik omong saru.

Nadyan kandha niyat becik lan mbenerna, tanpa guna ditampa ngenyek lan mada, tiwas ngaya gak digape malah gendra.

 

 

KITAB BADRA SANTI

JEJODHOWAN

1. Yen wong jejodhowan wayuh ora kena, saben dina sing diwayuh kranta-ranta, jare tresna sanyatane ambeg siya.

Sapa wayuh pikire sangsaya kisruh, tambah ewuh anak putu ora patuh, yen wis sepuh kapiran bojo tumambuh.

2. Yen wis jodho pegatan ora kena, mung kejaba yen bojo nglakoni ngiwa, tegel tega ninggal mlantrang garwa putra.

Garwa siji ditresnani tekeng pati, ora ganti nganti tuwek kaki nini, diayomi dening Sang Hyang Kamarathi.

3. Laki rabi padha nganggo tandha ciri, ali-ali ireng polos Badrasanti, manggon driji manis tengen katon asri.

Pratandhane iku wis ana jodhone, aja ngglece nyembranani ngganggu gawe, marakake gendra mirangake.

4. Yen kawinan tan perlu nganggo petungan, pepathokan neptu dina lan pasaran, palintangan wuku jarak kelairan.

Waton tresna wis manteb cocog sembada, ibu bapa ngrujuki paring pandonga, nuli padha prasetya mring Hyang Kadharpa.

5. Sayuk rukun jejodhowan katon kumruyun, padha utun dadi conto anak turun, disesuwun aja nganti nemu getun.

Gotong royong tresnane tansah gumolong, mong-ingemong welas asih ora towong, ora mencong tan mengeng digodha uwong.

6. Duwe garwa aja sleder nabrak godha, aja ngiwa bandrek bedhang laku nistha, ngelingana turune diwadha tangga.

Tingkah sleder kasusilan dadi kecer, temah lemer wirange dieler-eler, kendel nyeser jejodhowan tansah geger.

7. Wong sing mlantrang wis nekad gak duwe wirang, medhot palang ora kena maris barang, kudu glendhang metu ngglonos donya ilang.

Nak anake sing padha ditinggalake, wis wajibe kudu dadi tanggungane, digoleki kirima sandhang pangane.

8. Ora kena ngelos garwa mring wong liya, nadyan kanca bisa nggliyut ing asmara, witing tresna jalaran saka kulina.

Aja tebyan kumpul saomah kekancan, jejagongan wiwitane sesembranan, yen kelenan wani nerak kasusilan.

9. Aja ngaya macak asri ngadi raga, kanggo nglaga murih disawang wong liya, pamer rupa pratandha batine dora.

Sing prayogi ing omah dandan sing edi, nggo nglegani nyenengke garwa pribadi, ora lali putrane ditata asri.

10. Ora kena karo garwa nganti gendra, wuwuh ala yen tambah nganggo milara, luwih wuta gawe pati njabel nyawa.

Aja padu njur padha satru-sinatru, katon saru isih gelem ngajak turu, ora perlu ati cuwa gawe nesu.

11. Ora sae garwa dialem ayune, lan ngandhakke karo wong liya kana kene, padha ngglele kesengsem endah manise.

Kladuk nguja beteke wong kleleb tresna, ngucap nistha sasat ngakon garwa njina, kadung ngiwa nandhang gela nganti tuwa.

12. Aja kelu tembung manis kaya madu, iku palsu wong nggrameh kang ngumbar napsu, ngglenes nggangu arep ngrusak pager ayu.

Den waspada pangungrum asmara tresna, yen sembrana bisa ketliweng panggodha, nggandrung liya ndudut ati ngrusak raga.

13. Para putri yen ngomong lan liyan lali, ngati-ati dipoma aja ngingeti, nyawang rai dalane gonjing ing ati.

Wis jejodhowan mripat aja jlalatan, dadi edan wiwitane mandeng liyan, kang praupan dalan panggodhane setan.

14. Bojo mlantrang digandhuli malah nyingkang, iku terang wis ora kena disawang, becik nggadhang luru ganti sing satimbang.

Kaningaya ditresnani malah ngliya, kranta-ranta luwih becik ditegakna, ganti garwa momong kuwalon yen bisa.

15. Jejodhowan sijine aja ketuwan, sok kagelan kacek umur yen kakehan, mung pulasan tresnane ora tenanan.

Ora macem bojo tuwek nyuda sengsem, nganti gelem iku pikire wong mendem, gawe lingsem temah sleder luru marem.

16. Wigatekna aja dhemen ngumbar mata, purwanira saka mripat weruh rupa, katon godha mlebu ati angleleda.

Mripat weruh sakala atine luluh, gelem wanuh nuli wani ngaruh-aruh, banjur mbubuh nglimpe garwa ora ewuh.

17. Ora kena jejodhowan saka diruda, dipun peksa nurut karepe wong tuwa, sing prayoga simbok bapak mung ngrekakna.

Luwih saru yen geleme gak saestu, batin palsu mung melik bandha mblegedhu, ela-elu ngerog donya nuli mlayu.

18. Ora sae jodhon wong owah akale, tanpa gawe kawin wong rusak lanine, apa dene wong larane saklawase.

Aja nganti jodhon lan wong ngono kuwi, bakal rugi mung tansah nggelakke ati, nyilakani turune cacad ciri.

19. Gak prayoga jodhowan lan wong dursila, wong angkara nesunan sok ndaga-ndaga, luwih tuna mara cangkem mara asta.

Aja nganti kesusu enggal nglanggapi, gak ditliti disumuk king kanan kiri, gawe rugi kanggo apa dilakoni.

20. Aja klakon kawin karo anak kwalon, wong sakkloron aja ngumbar ing kanepson, lanang wadon padha ngguguwa wewaton.

Aja ngglele kawin lan ponakan dhewe, ora sae bakal cures turunane, jalarane sasat kawin anak dhewe.

21. Tanpa guna ngelingi salahe garwa, dadi gela rina wengi nganja- anja, tansah cuwa menyang pikir klara-lara.

Prayogane elinga kabecikane, bisa gawe panglipur kang nyenengake, wekasane gemati dadi ayeme.

22. Ora kena kemata dening wong liya, geger gendra tukar padu karo garwa, luwih nistha yen nganti kawruhan putra.

Becik nyisih sing sepi rembugan lirih, amemurih cocoge karep kekalih, ngarih-arih gawe lejar sabar asih.

23. Kudu lila yen saresmi karo garwa, sing nglegakna kanthi sengsem tur lenggana, aja kemba kemlewa ndadak dipeksa.

Direwangi nggrameh2 gak nglanggati, ngono kuwi gawe gela nggatel ati, disingkiri asihe Hyang Kamarathi.

24. Dhuh wong lanang tan kena sawenang-wenang, menthang malang wong wadon dianggep barang, kaya kembang wis alum nuli dibuwang.

Swarga nunut jare neraka kon ngatut, ora patut wong wadon mung dikon mbuntut, garwa manut wong lanang ya aja mblubut.

25 Sing gemati yen garwane wis nggarbini, aja nganti digawe kagelan ati, ngati- ati kaget nratap nyilakani.

Angglentere rekasa cegeh wetenge, dipremakke aja dipetelke gawe, mesakake eman garwa lan bayine.


Keterangan :

Nomor Kitab Badra Santi tidak urut karena hilang dan rusak, jadi yang ada saja kita upload menjadi artikel Imajiner Nuswantoro.




Imajiner Nuswantoro

ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ




 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)