GARWA PADMI LAN GARWA SELIR PRABU BRAWIJAYA V SING NURUNAKE RATU-RATU ING TANAH JAWA
꧋ꦒꦂꦮꦥꦣ꧀ꦩꦶꦭꦤ꧀ꦒꦂꦮꦱꦼꦭꦶꦂꦥꦿꦧꦸꦧꦿꦮꦶꦗꦪ꧇꧕꧇ꦱꦶꦁꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦺꦫꦠꦸꦫꦠꦸꦆꦁꦠꦤꦃꦗꦮ
(PERANGAN 1)
Ana ing kitab Negara Kertagama dicritakake menawa Raja Majapahit ya Ratu Suhita seda nalika tahun 1447, amarga Ratu Suhita ora kagungan putra, mula sing diwisuda nglingsir keprabon dadi Raja Majapahit ya kuwi Kertawijaya (1447-1451)
Kertawijaya kuwi adhine Ratu Suhita sing wuragil kang miwiti ngagem asma BRAWIJAYA, kanggo pengeling- eling yen sing ngedegake Majapahit kuwi Raden Wijaya.
Sakbanjure thukul asma Bhre Kertabumi utawa Brawijaya V, sawijining pengageng sing diyakini dadi Raja Majapahit sing pungkasan.
Asma Brawijaya lagi kacathet ana ing “karya sastra” sing awujud babad lan serat kayata Babad Tanah Jawi, Serat Kandha, serat Darmagandhul lan sumber crita rakyat liyane.
Bhre Kertabumi kagungan garwa 3 cacahe sing kabeh sulistya ing warni, kang nurunake raja2 ing tanah Jawa.
( PERANGAN 2 )
Garwa Padmi utawa Prameswari sing asma Putri Champa, asmane sing asli Amarawati, puteri Prabu Kauthara saka negara Champa.
Ramane Prabu Kauthara keturunan Cina sing asmane Bon Tek Keng dene kanjeng ibune puteri Maharaja Champa kang peparab Prabu Indrawarman, asli saka negari Champa (Indochina)
Amarga asale saka negari Champa, Amarawati dingerteni dening rakyat Majapahit kanthi sebatan Putri Cempo.
Putri Cempo utawa Amarawati dadi garwa Prameswari Bhre Kertabumi nalika panjenengane isih dadi ratu Keling, salah sawijining negara bagiyane Majapahit.
Putri Cempo dening rakyat Majapahit uga kasebat Dewi Amarawati.
Putri Cempo utawa Dewi Amarawati kuwi duwe sedulur tuwa sing asmane Chandrawati. Candrawati kuwi ibune Sunan Ampel (sing ngedegake Majelis Wali Sanga), dadi Sunan Ampel kuwi kapernah keponakane Putri Cempo utawa Dewi Amarawati garwa Prameswari Bhre Kertabumi.
Putri Cempo kagungan putra putri kang peparab Retna Pembayun utawa Putri Pembayun.
Putri Pembayun dipundhut garwa dening Pangeran Andayaningrat panguwaos ing Pengging lan uga kagungan asma Ki Ageng Pengging Sepuh.
Pangeran Andayaningrat lan Putri Pembayun kagungan putra sing aran Ki Kebo Kenanga ( yen ana ing crita Nagasasra lan Sabukinten Ki Kebo Kenanga duwe adhi sing aran Ki Kebo Kanigara).
Ki Kebo Kenanga (Ki Ageng Pengging) kagungan putra sing aran Mas Karebet kaprah sinebat Jaka Tingkir.
Putrane Ki Kebo Kenanga iki sing sakbanjure ngedegake Kasultanan Pajang, sakwise mundhut garwa Ratu Mas Cempaka putri wuragile Sultan Trenggana ing Demak Bintara.
Ya Mas Karebet utawa Jaka Tingkir iki sing ngalahake Adipati Jipang Panolan ya Arya Penangsang kanthi lantaran Danang Sutawijaya.
Dadi Amarawati/ Putri Cempo/ Dewi Amarawati kuwi eyang buyute Mas Karebet ya Jaka Tingkir ya Sultan Hadiwijaya.
(PERANGAN 3)
Garwane Prabu Brawijaya V sing angka 2 (garwa selir) ya kuwi kang asma Siu Ban Ci, utawa ana ing cathetan liya kasebat Tan Eng Kian, putrane Tan Go Hwat saka negara Cina.
Ramane Tan Eng Kian kuwi sawijining saudagar ya uga ulama bangsa Tionghoa sing uga kagungan peparab Syekh Bentong.
Syekh Bentong kuwi putrane Syekh Quro ulama sing nyebarake agama Islam ing tanah Pasundan.
Dene Syekh Quro kuwi putrane Syekh Yusuf Siddik bin Syekh Jamaludin Akbar al Husein.
Sakwise Tan Ek Kian dipundhut garwa selir Bhre Kertabumi sing wektu iku isih dadi Raja Keling Majapahit, Tan Ek Kian dingerteni karo rakyat Majapahit kanthi sebutan Putri Cina.
Tan Ek Kian kuwi kanjeng ibune Raden Patah sing ngedegake Kesultanan Demak Bintara, ya Putri Cina iku leluhure raja2 ing Kesultanan Demak Bintara.
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ
Imajiner NUswantoro

