SERAT KALATIDHA

0

 SERAT KALATIDHA





Serat Kalatidha iku anggitane Raden Ngabehi Rangga Warsita, saka Kraton Surakarta.

Serat Kalatidha utawa Kalabendu kalebu serat kang kondhang.

Serat Kalatidha uga diarani serat Jaman Edan.

Kalatidha: kala →wektu, tidha →mangu-mangu (ragu-ragu): jaman kang kebak rasa mangu-mangu.

Kalabendu : kala →wektu, bendu(bebendu) → paukuman : jaman nalika negara nampa paukuman / pacoban saka Gusti.

Diarani serat kalabendu, amarga isine nerangake kahanan nalika manungsa wis ora bisa ngendhaleni hawa nepsune.


Serat Kalatidha kalebu serat kondhang amarga :

  • Basane apik tur endah manawa diwaca utawa ditembangake.
  • Isine mentes, tansah cocog yen dadi pasinaon ing saben wektu. Isine filsafat, pitutur, ajaran tumrap manungsa urip ing ngalam donya.
  • Mujudake panjangka/ramalan jaman sing bakal kelakon.


SINOM

1. Amenangi jaman edan,

ewuh aya ing pambudi,

melu edan ora tahan,

yen tan melu anglakoni,

boya kaduman melik,

kaliren wekasanipun,

dilalah karsa Allah,

begja-begjane kang lali,

luwih begja kang eling lawan waspada.


2. Ratune ratu utama,

patihe patih linuwih,

pra nayaka tyas raharja,

panekare becik-becik,

parandene tan dadi,

paliyasing kalabendu,

malah mangkin andadra,

rubeda kang ngreribedi,

beda-beda ardane wong sanegara.


Gancarane:

1. Urip ing jaman edan sarwa pakewuh, arep melu edan ora kepenak ing ati, yen ora melu ombyaking jaman ora oleh apa-apa, wusanane ngelih/kaliren, wis dadi kersane Kang Maha Kuwasa, Sanajan wong kang lali iku bisa seneng/kepenak nanging luwih begja kang tansah eling lan ngati-ati.

2. Ratune apik,Patihe apik, para nayaka praja becik-becik, para warga kang dadi panutan ya becik ,nanging kabeh iku mau ora bisa ndadekake kahanan saya apik. Amarga saka dayane jaman kala bendu. Pacoban/bebendu saya akeh, saben wong beda-beda kekarepan lan panemune.


SERAT KALATIDHA

Salah satu karya besar dari RADEN Mas Ngabehi Ronggowarsito, Serat Kalatidha yang berisi gambaran zaman penjajahan yang disebut "zaman edan".Lahir pada 15 Maret 1802 dengan nama asli Bagus Burham. Ayahnya seorang carik Kadipaten Anom yang bernama Raden Mas Pajangswara. Ibunya Raden Ayu Pajangswara merupakan keturunan ke-9 Sultan Trenggono dari Demak.Pada 24 Desember 1873, meninggal dunia dengan tenteram. Tempat peristirahatan terakhirnya terletak di Palar, sebuah desa kecil di wilayah Klaten.


Mangkya darajating praja

Kawuryan wus sunyaruri

Rurah pangrehing ukara

Karana tanpa palupi

Atilar silastuti

Sujana sarjana kelu

Kalulun kala tida

Tidhem tandhaning dumadi Ratune ratu utama


Keadaan negara waktu sekarang, sudah semakin merosot.

Situasi (keadaan tata negara) telah rusah, karena sudah tak ada yang dapat diikuti lagi.

Sudah banyak yang meninggalkan petuah-petuah/aturan-aturan lama.

Orang cerdik cendekiawan terbawa arus Kala Tidha (jaman yang penuh keragu-raguan).

Suasananya mencekam. Karena dunia penuh dengan kerepotan.


Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Paranedene tan dadi

Paliyasing Kala Bendu

Mandar mangkin andadra

Rubeda angrebedi


Beda-beda ardaning wong saknegara

Sebenarnya rajanya termasuk raja yang baik,

Patihnya juga cerdik, semua anak buah hatinya baik, pemuka-pemuka masyarakat baik,

namun segalanya itu tidak menciptakan kebaikan.

Oleh karena daya jaman Kala Bendu.

Bahkan kerepotan-kerepotan makin menjadi-jadi.

Lain orang lain pikiran dan maksudnya.


Katetangi tangisira

Sira sang paramengkawi

Kawileting tyas duhkita

Katamen ing ren wirangi

Dening upaya sandi

Sumaruna angrawung

Mangimur manuhara

Met pamrih melik pakolih

Temah suka ing karsa tanpa wiweka


Waktu itulah perasaan sang Pujangga menangis, penuh kesedihan,

mendapatkan hinaan dan malu, akibat dari perbuatan seseorang.

Tampaknya orang tersebut memberi harapan menghibur

sehingga sang Pujangga karena gembira hatinya dan tidak waspada.


Dasar karoban pawarta

Bebaratun ujar lamis

Pinudya dadya pangarsa

Wekasan malah kawuri

Yan pinikir sayekti

Mundhak apa aneng ngayun

Andhedher kaluputan

Siniraman banyu lali

Lamun tuwuh dadi kekembanging beka


Persoalannya hanyalah karena kabar angin yang tiada menentu.

Akan ditempatkan sebagai pemuka tetapi akhirnya sama sekali tidak benar,

bahkan tidak mendapat perhatian sama sekali.

Sebenarnya kalah direnungkan, apa sih gunanya menjadi pemuka/pemimpin ?

Hanya akan membuat kesalahan-kesalahan saja.

Lebih-lebih bila ketambahan lupa diri, hasilnya tidak lain hanyalah kerepotan.


Ujaring panitisastra

Awewarah asung peling

Ing jaman keneng musibat

Wong ambeg jatmika kontit

Mengkono yen niteni

Pedah apa amituhu

Pawarta lolawara

Mundhuk angreranta ati

Angurbaya angiket cariteng kuna


Menurut buku Panitisastra (ahli sastra), sebenarnya sudah ada peringatan.

Didalam jaman yang penuh kerepotan dan kebatilan ini, orang yang berbudi tidak terpakai.

Demikianlah jika kita meneliti. Apakah gunanya meyakini kabar angin akibatnya hanya akan menyusahkan hati saja. Lebih baik membuat karya-karya kisah jaman dahulu kala.


Keni kinarta darsana

Panglimbang ala lan becik

Sayekti akeh kewala

Lelakon kang dadi tamsil

Masalahing ngaurip

Wahaninira tinemu

Temahan anarima

Mupus pepesthening takdir

Puluh-Puluh anglakoni kaelokan


Membuat kisah lama ini dapat dipakai kaca benggala,

guna membandingkan perbuatan yang salah dan yang betul.

Sebenarnya banyak sekali contoh -contoh dalam kisah-kisah lama,

mengenai kehidupan yang dapat mendinginkan hati, akhirnya “nrima”

dan menyerahkan diri kepada kehendak Tuhan.

Yah segalanya itu karena sedang mengalami kejadian yang aneh-aneh.


Amenangi jaman edan

Ewuh aya ing pambudi

Milu edan nora tahan

Yen tan milu anglakoni

Boya kaduman melik

Kaliren wekasanipun

Ndilalah karsa Allah

Begja-begjane kang lali

Luwih begja kang eling lawan waspada


Hidup didalam jaman edan, memang repot.

Akan mengikuti tidak sampai hati, tetapi kalau tidak mengikuti geraknya jaman

tidak mendapat apapun juga. Akhirnya dapat menderita kelaparan.

Namun sudah menjadi kehendak Tuhan. Bagaimanapun juga walaupun orang yang lupa itu bahagia namun masih lebih bahagia lagi orang yang senantiasa ingat dan waspada.


Semono iku bebasan

Padu-padune kepengin

Enggih mekoten man Doblang

Bener ingkang angarani

Nanging sajroning batin

Sejatine nyamut-nyamut

Wis tuwa arep apa

Muhung mahas ing asepi

Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma


Segalanya itu sebenarnya dikarenakan keinginan hati. Betul bukan ?

Memang benar kalau ada yang mengatakan demikian.

Namun sebenarnya didalam hati repot juga. Sekarang sudah tua,

apa pula yang dicari. Lebih baik menyepi diri agar mendapat ampunan dari Tuhan.


Beda lan kang wus santosa

Kinarilah ing Hyang Widhi

Satiba malanganeya

Tan susah ngupaya kasil

Saking mangunah prapti

Pangeran paring pitulung

Marga samaning titah

Rupa sabarang pakolih

Parandene maksih taberi ikhtiyar


Lain lagi bagi yang sudah kuat. Mendapat rakhmat Tuhan.

Bagaimanapun nasibnya selalu baik.

Tidak perlu bersusah payah tiba-tiba mendapat anugerah.

Namun demikian masih juga berikhtiar.


Sakadare linakonan

Mung tumindak mara ati

Angger tan dadi prakara

Karana riwayat muni

Ikhtiyar iku yekti

Pamilihing reh rahayu

Sinambi budidaya

Kanthi awas lawan eling

Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma


Apapun dilaksanakan. Hanya membuat kesenangan pokoknya tidak menimbulkan persoalan.

Agaknya ini sesuai dengan petuah yang mengatakan bahwa manusia itu wajib ikhtiar,

hanya harus memilih jalan yang baik.

Bersamaan dengan usaha tersebut juga harus awas dan

waspada agar mendapat rakhmat Tuhan.

Ya Allah ya Rasulullah


Kang sipat murah lan asih

Mugi-mugi aparinga

Pitulung ingkang martani

Ing alam awal akhir

Dumununging gesang ulun

Mangkya sampun awredha

Ing wekasan kadi pundi

Mula mugi wontena pitulung Tuwan


Ya Allah ya Rasulullah, yang bersifat murah dan asih,

mudah-mudahan memberi pertolongan kepada hambamu disaat-saat menjelang akhir ini.

Sekarang kami telah tua, akhirnya nanti bagaimana.

Hanya Tuhanlah yang mampu menolong kami.


Sageda sabar santosa

Mati sajroning ngaurip

Kalis ing reh aruraha

Murka angkara sumingkir

Tarlen meleng malat sih

Sanityaseng tyas mematuh

Badharing sapudhendha

Antuk mayar sawetawis

Borong angga sawarga mesi martaya


Mudah-mudahan kami dapat sabar dan sentosa,

seolah-olah dapat mati didalam hidup.

Lepas dari kerepotan serta jauh dari keangakara murkaan.

Biarkanlah kami hanya memohon karunia pada MU agar mendapat ampunan sekedarnya.

Kemudian kami serahkan jiwa dan raga dan kami.




Berikut Buku Kitab Kolotodo :

 

 Imajiner Nuswantoro


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)