WAHANANING DZAT ꦮꦲꦤꦤꦶꦁꦣ꧀ꦗ꦳ꦠ꧀

0

WAHANANING DZAT

ꦮꦲꦤꦤꦶꦁꦣ꧀ꦗ꦳ꦠ꧀

(Saking Sêrat Centhini)









1. CHAYU 

Kang dinging Chayu tegese urip, 

- diarani Chayun tegese panguripan, 

- diarani maneh Chayat tegese anguripi, 

- diarani maneh Chayu Daim tegese urip kang tetep, ananging sejatine iya among sawiji Chayu iku.


2. N U R 

Kang kapindo Nur tegese Cahya, iku sejatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan. 

1) Nur Riyat tegese cahya samar, warnane ireng. 

2) Nur Rani tegese cahyo loro, iya iku cahya kapindo, warnane abang. 

3) Nur Mahdi tegese cahya sumirat, warnane kuning. 

4) Nur Nubuwat tegese cahya kang santosa, warnane ijo. 

5) Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji, warnane putih 

Mungguh grebane kabeh iku, kasebut Nurullah tegese cahyaning Allah. 


3. S I R 

Kang kaping telu Sir tegese rahsa, iku sejatine iya amung siwiji, ananging dinamani dadi nem pasebutan. 

1) Sir Ibtadi tegese rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala. 

2) Sir Kahiri tegese rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura. 

3) Sir Kamali tegese rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida. 

4) Sir Ngaji tegese rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana. 

5) Sir Hakiki tegese rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra. 

6) Sir Wahdi tegese rahsa tunggal, dinamani Sir Gaibi tegese rahsa gaib, iya iku dadi wahyaning asmaragama. 

Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Sirullah tegese rahsaning Allah. 


4. R O H 

Kang kaping pat Roh tegese nyawa utama suksma, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasebutan. 

1) Roh Jasmani tegese nyawaning jasad, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake anggaotaning badan, dingibaratake roh kewani tegese kaupamakake nyawa kang anguripi sato kewa. 

2) Roh Nabati tegese nyawaning tumuwuh, iya iku wewanyanganing nyawa kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane, tumanem dadi uriping budi. 

3) Roh Napsani tegese nyawaning napsu, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake hawananing napsu. 

4) Roh Rochani tegese nyawaning suksma, iya iku wewayangananing nyawa kang anguripake warananing suksma. 

5) Roh Rahmani tegese nyawaning kang sifat murah diarani Roh Rabani tegese nyawaning Pangeran, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake kahananing rahsa. 

6) Roh Nurani tegese nyawaning cahya, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake wahananing cahya. 

7) Roh Idlafi tegese nyawa kang wening diarani Roh Kudus tegese nyawa kang suci, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake ananing atma. 

Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Rachullah tegese nyawaning Allah.


Dene terange wewejanganing Roh iku manawa karujukake karo wsiyate Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, nalika musawaratan ngelmu kadawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mangkene pangandika dalem. 


Sejatine Roh iku sawiji minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa jiwa kasebut aran suksma, prabedane pada amawa tanda sowang-sowang. 

1) Tandaning Roh iku anganakake getih. 

2) Tandaning Nyawa anganakake keketek. 

3) Tandaning Jiwa anganakake napas. 

4) Tandaning Suksma anganakake rasaning jasad. 


Ananging Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine. 

1) Patemone jasad lan napas iku den arani Suksma Wahya tegese suksma lair. 

2) Patemoning napas lan budi iku den arani Suksma Dyatmika tegese suksma batin. 

3) Patemoning budi lan napsu iku den arani Suksma Lana tegese suksma tetep. 

4) Patemoning napsu lan nyawa iku den arani Suksma Mulya tegese suksma mulus. 

5) Patemoning nyawa lan rahsa iku den arani Suksma Jati tegese suksma nyata, den arani maneh Suksma Rasa tegese suksma rahsa. 

6) Patemoning rahsa lan cahya iku den arani Suksma Wisesa tegese suksma wenang. 

7) Patemoning cahya lan urip iku den arani Suksma Kawekas tegese suksma pungkasan. 


Dene patemoning Suksma kabeh iku dadi Suksma Adi Luwih tegese suksma utama,

- yen kumpul dadi Retna Inten Jumanten, iku ngibarating martabat Wachidiyat, 

- campur dadi Sasraludira, 

iku ngibarating martabat Wahdat, 

- sampurna dadi Sotyaludira, 

iku ngibarating martabat Achadiyat, 

- waluya dadi Manik Maya gumilang tanpa wewayangan tegese bali dadi Dzating nukat gaib, mulih marang azali abadi. 


5. N A P S U 

Kang kaping lima Napsu tegese angkara, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi patang pasebutan. 

1) Napsu Luwamah tegese angangsa, darbe hawa amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, hawane ing waduk, wahyane saka lesan kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot ireng, sampurnane anarik leburing wulu kuku. 

2) Napsu Amarah tegese sereng, darbe hawa amarakake angkara, panasten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna (kuping) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot abang, sampurnane anarik leburing kulit getih. 

3) Napsu Sufiyah tegese meles, dinamani napsu Suwiyah tegese adreng, darbe hawa amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik leburing daging otot. 

4) Napsu Mutmainah tegese jinem, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba marang kautaman, kaya ta anglakoni puja brata tapa brata kang kalantur-lantur ora mawa watara, wahanane ing bebalung wahyane saka grana (irung) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik leburing balung sungsum.

 

Dene manawa kapatitisake 

- witing napsu iku saka utek, dumunung ing ati dadi cipta, 

- dumunung ing jantung dadi birahi, 

- wetune saka jantung banjur dadi nupus, 

- katampan ing ati maneh banjur dadi anpas, 

- anunggal lakunimng getih banjur dadi tanapas, 

- angambah marang maras banjur dadi napas, 

- sumarambah ing jasad banjur ametokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta birahi, nupus, anpas, tanapas, napas, swara, iku pada metu saka hawaning napsu kabeh. 


6. A K A L 

Kang kaping nem Akal tegese budi, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan, manawa kaetung dalah kang arangkep nama dadi pitung pasebutan, pada anartani marang ngibarat namaning ati, kadadiyane anunggal pasebutan. 

1) Budi Maknawi, iya ati manakwi tegese wahyaning budi. 

2) Budi Sanubari, iya ati sanubari tegese wahananing budi. 

3) Budi Suweda, iya ati suweda tegese woding ati, dadi ngibarat kahananing budi. 

4) Budi Pu-at, iya ati pu-at tegese woting jajantung, dinamani budi jaki utawa ati jaki tegese ati suci dadi ngibarat pramananing budi. 

5) Budi Siri, iya ati siri tegese rahsaning ati, dinamani budi safi utawa ati safi tegese ati wening dadi ngibarat pangrasaning budi. 


Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, tegese ati lima, iya iku pangawasa kang metu saka rahsaning budi, peperangane dadi telung pangkat pada anglimang pakarti. 

1) Diarani Karmendriya tegese purbaning budi, kayata : paningal, pamiyarsa, pangganda, pamirasa, pangrasa. 

2) Diarani Antarendriya tegese antaraning budi kayata : keketek, napas, kedeping netra, rasaning lidah, kenyaming lambe. 

3) Diarani Jayanendriya tegese wisesaning budi, kayata : karasaning kulit, parji, dubur, asta, sikil. 


7. J A S A D 

Kang kaping pitu Jasad tegese badan, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi rong pasebutan. 

1) Jasad Turab tegese badan kadadiyan saka lebu, dibasakake badan jasmani iya iku badan wadag. 

2) Jasad Latip tegese badan alus, dibasakake badan rochani iya iku badan suksma.




DERAH WAHANANING DZAT

Ing ngisor iki amratelakake urut-urutane Wahananing Dzat kabeh.


Dzat mutlak kang kadim azali abadi


1. Chayu, tegese urip, kasebut atma.

2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.

3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.

4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.

5. Napsu, tegese angkara.

6. Akal, tegese budi.

7. Jasad, tegese badan.


Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna tanpa rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi : ”Kombang angajap ing tawang”, tegese : kombang angleng ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka durung sanyata ing kahanan.


Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sejati, dipralambangi : ”Kusuma anjarah ing tawang”, tegese : kembang tuwuh ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.


Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : ”Tunjung tanpa talaga”, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing dalem martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.


Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Isining wuluh wungwang”, tegese : ora kawistara isen-isening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat kasebut : akyan sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.


Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Tapaking Kuntul anglayang”, tegese : ora mawa labet tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.


Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning sukma sajati, dipralambangi : ”Geni murub ing teleng samudra”, tegese : kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.


Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi : ”Kuda ngerap ing pandengan”, tegese : jaran anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara, surasane pada karo pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem martabat kasebut : akyan maknawiyah, dening sanyata kawedar ing kahanane.


Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para mudah kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan jasmani kabeh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : ”Kodok kinemulan ing leng”, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, eleng ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawajamaning Dzat ing delahan, dipralambangi : ”Kodok angemuli ing leng”, tegese : jasad genti dumunung ana ing jero, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.



DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)


Kodok kinemulan ing Leng —— Kodok angemuli ing Leng



Kahanane ing Dunya —– Kahanane ing Achirat



DZATING GUSTI KANG NGUWASANI ING ATASE TURU TANGI LAN PATINING JASAD KITA

Balik mungguh Dzating Gusti iku kaceke karo kawula dening adanbeni pangawasa, wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.


Kaya upamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, rerem sajroning Bait al makmur, banjur amuntu ing wiwaraning pramana, anglerep saniskaraning pancadriya, mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma anggelar pangrasa, wahanane dadi turu kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming ngimpi, kalaksanan saliring saloh bawa kabeh.


Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar wiwaraning pramana, banjur angredakake hawaning napsu, anuwuhake pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara kang katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan anigasi tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa weruh kang katonton ing alam dunya maneh.


Kaya mangkono uga umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning bbudi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, wisesaning suksma kakukud marang pangawasaning rahsa, banjur luluh manjing ing dalem pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadisajatining Dzat mutlak kang kadin azali abadi, ing kono wahanane diarani matri kahananing jasad kita, ananging satemene ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe langgeng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi : tanggal pisan kapurnaman tegese : durung suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur bisa bali maneh dadi manungsa kang sampurna sarta waskita ing saniskara.



I. ROH SUCI

Duk semono naliko jenengsiro aneng telenging telogo tanjung

Opo kang ono telenging samudro roh suci

Roh suci sopo kang kagungan, kagungane Gusti Ingkang Moho Suci

Siji, loro mulung

Telung sasi rupo

Patang sasi osik

Limang sasi malik

Enem sasi ngetang

Pitung sasi gya ngajun

Wolung sasi ngetang

Sangang sasi gya midjil


Lamun arso midjil ono loro mergane kang siji metu mergo ino, kang siji datan metu mergo ino, kang metu mergo ino roh suci, kang dadi manungso, iku keno pati, kang datan metu mergo ino, ratu jalu klawan estri lamun jabang bayi arso midjil, sopo kang midjil rumuhun, kang midjil rumuhun kawah, kawah jejuluk “sastrojendro” peparap mami, sak wusnyo sastrojendro aneng njobo gyo manguwuh-uwuh kadange anom “he jaji kang lagi aneng guwo garbane ibu”, pangudusaniro sastrojendro, jaji jenengsiro den aglis midjil kadangiro tuwo wus aneng njobo, aneng njobo ono warno-warno kang endah tur edi-edi.

Sanaliko jabang bayi arso metu, pun ibu kroso uwat jabang bayi sanaliko nendro, hayuningrat arso ngupadi kadang tuwo pembarepipun kang peparap sastrojendro ono ing ngendi pandunungane, kadang anom arso ketemu, endi to margoniro ngupoyo bisonyo ketemu, sanaliko hayuningrat uro-uro, “kakang-kakang sastrojendro, kadangiro anom arso ngupadi ono ing ngendi papan pandununganiro, kadangiro anom hayuningrat arso matur kadyo pundi pawartanipun kadangiro anom arso mangerti”, wangsulane sastrojendro, “yo bener kadang ingsun hayuningrat jenengsiro yekti kadang ingsun moro jaji manjuwo dene gupuh ono ngarsanipun kakang, mulo jenengsiro den aglis maturo, “eling den eling, lamun eling sun elingi, lamun lali sun bondo”, hayuningrat matur, ” lamun luput nyuwun pangaksono”, wangsulane sastrojendro, “paweling ingsun kuwi kanggo adege bener, kadang luput yo luput, kadang bener yo bener”.


II. URIP KANG SINEMBAH

1. Sopo kang manggulo wentah ragane manungso iyo urip, kang ngobahake ragane manungso iyo urip, kang muno iyo urip, kang kroso romongso ngrasakake iyo urip, mulo urip kang pinilih sakalir datan liyo kejobo urip, kang sinembah urip, urip kang sinembah sakabehing urip (sedarum), amergom urip kang kagungan, kang amengkoni sakabehing kahanan.

2. Kahanane wujud, wewujudan kang gumelar aneng ngalam dunyo iku kabeh den wengkoni urip, urip kang kagungan purbowaseso, kang nguwasani kabeh kahanan, mulo urip kang gawe gelar gulung ono soko dening urip, datan ono, soko dening urip, urip iku yekti, urip kang mahanani sakabehing kahanan, mulo sesembahan nyoto iyo mung urip, bukti luhur luhuring urip kang sarwo tuwuh manuwuh, kang sarwo sumi menjemi iku yektine urip.

3. Gumelaring jagad anyar saisine pisan, anane mung ringgit purwo, lampahanipun monosuko manunggal, dalangipun bocah soko gunung, herucokro semono, iku kang mandegani pagelaran aneng jagad agung ngalam dunyo, waranggane roso sejati, gamelane dudu gamelan perunggu nanging gamelan lokananta, swarane gumludug, kang dewe-dewe munyo munining urip, ringgit purwanipun woco, elingo purwaning dumadi, purwaning dumadine manungso, tan liyo soko dening roh suci, kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil, nora rampung lungguh aneng jagad anyar ora biso den lakoni bathin, agomo lan ngelmu, tangeh lamun jenengsiro tan mangerti mring kuncinipun iku kuncining gesang. Moho suci sesebutan ingsun, iku tumrap sakabehing manungso urip kang tumitah aneng ngalam dunyo, toging anggo marsudio katone wujud kang anggendong mondong yekti urip, yekti nyoto nyotone nyoto jenengsiro turu binantalan urip, kinemulan urip, kinasuran urip, samobahing ragane soko krentege kalbu opo kang jenengsiro sedyo kudu podo jenengsiro tumekeng wujud, datan ono bedane krenteg kang mahanani yekti podo ono.


III. MUSTIKANING ROSO

1. Mustika mustikaning roso, urip sejatining urip, kang mahanani gelar gulung kang gumelar aneng ngalam dunyo, kang biso mumpuni roso sedarum iku gemblenging roso, mumpuni roso sekalir.

2. Purwaning dumadine manungso tan liyo soko dening roh suci kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo, kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil.

3. Gelar gumelare manungso soko dening manunggaling roso sejati, manunggaling bopo klawan ibu, sakarone podo rebut roso, rangkul rinangkul den podo uwal uwaliro lamun wis podo midjil.

4. Mulo sakabehing poro manungso elingo purwaning dumadi, sun njarwani marganipun naliko jenengsiro kinandut mring ibuniro, ibuniro rino klawan dalu tan kendat anggone meminto mring sihing gustine, pamintonipun ibuniro murih widodo lan dadi tulusing kang kinandut, sangang warso nandang sengsoro, mbenjang mios wanito wiwah kakung amung sipat dermo nompo ingkang kagungan urip.




Imajiner Nuswantoro 




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)