PATRAPING JAGAD SUWUNG

0

 Patraping Jagad Suwung








Kunjuk Ing Ngarsaning Moho Ji

Humangkoro

Humangroso

Hamungwat trikarso

Hamungwing baskoro

Hamungwing jumantara


Ngadep Gusti

Welasing Gusti

Ingkang Moho Sih


Muliho, muliho, muliho

Muliho mring pancadriyo

Balio mring permono rogo


Mawanti-wanti, angati-ati

Ojo kongsi keri nunggang jung bait agung


Kang dinayung danhyang hambaruyung

Dipandhegani dening poro bathoro

Sinonggo mring poro jawoto


Kinebakan jamno utami

Mulyaning manungso jati

Kang pinilih dening Gusti

Kapilah saking ngalamipun

Awit driyanira mung nyawiji

Kabeh kagungane Gusti


Mulo ojo noleh

Mulo kudu mantheng

Katuto bait agung

Nyuwuno palilahe Hyang Agung

Awit kuwi Kagunganipun


Ojo ninggal trapsilo

Ojo nggugu kersaning pribadi

Ojo dumeh wus katam kitabe

Najan wus apal dongane

Najan wus guntur sujude

Ning durung kaparingan kanugrahan


Mulo dudu rapale, ning atine

Mulo dudu wujude, ning lire

Mulo dudu jlegere, ning urip sejatine


Poma, sindukoro karaning ronsih

Sawunging sworo sawang suwung

Gebyaring gebyur gambyong grambyangan

Rinakit, rinoso, rapito, retyakaning radya


Jung, jung bait agung

Wus tinoto ambaruyung

Lir grimis handaridis

Re-rep pantiarsaning resep

Pindho tilasing atilas tulus


Tlusurono sing tlaten

Anggito gitaning suksmo

Andungkap sunaring padhang

Njingglang ngawang-awang


Hamung sawiji kang kinanthi

Wahyuning Hyang Widhi

Kang pinuji-puji

Wus pupus samubarang kalire



Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)