SEMAR (Kaserat Basa Jawi)
ꦱꦼꦩꦂ (ꦏꦱꦺꦫꦠ꧀ꦧꦱꦗꦮꦶ)
Semar ing jagad pewayangan iku minangka riptan (ciptaan) pujangga Jawa.
Semar duwe wewujudan kang aneh kaya simbule jagad.
Awake bunder kaya sasmitane bumi, papane manungsa saisine.
Semar tansah mesem, nanging netrane ngalentrih (sayu), minangka gegambaran seneng klawan susah.
Pasuryan katon tuwa, nanging rambute kuncung kaya bocah cilik, minangka simbul tuwa lan anom.
Tata lair uga mbingungake amarga kaya Jalu, nanging kasinungan Payudara kayadene wanodya.
Minangka gegambaran jagad kang sarwa ewuh.
Semar minangka panjelmane Dewa kang ngejawantah, namur laku ing ngarcapada minangka simbul antarane panguwasa lan kawula.
Ana ing naskah "SASTRAKANDHA", panguwasa Kayangan sang Nurasa duwe anak cacah 2 :
1. Sangyang Tunggal.
2. Sangyang Wenang.
Sangyang Tunggal rupane elek lan Sangyang Wenang rupane bagus.
Kayangan diwarisake marang Sangyang Wenang banjur tumurun kawarisake marang Bathara Guru (anake sangyang Wenang).
Dene Sangyang Tunggal amung dhapuk minangka Batur (abdi).
Ana ing naskah "PURWAKANDHA" ;
Sangyang Tunggal duwe anak cacah 4 (papat) :
1. Bathara Puguh.
2. Bathara Punggung.
3. Bathara Manan.
4. Bathara Samba.
Sawijining dina ana kabar yen KAYANGAN arep diwarisake marang Bathara Samba. Liyane ora trima, banjur Bathara Samba arep diculik lan dipateni.
Nanging konangan, katelune banjur disumpah (dikutuk) supaya rupane malih elek.
Bathara Puguh disumpah dadi TOGOG.
Bathara Punggung dadi SEMAR.
Bathara Manan oleh ampunan amarga mung ela elu, diwenehi gelar "NARADA", dadi penasehate Bathara Guru.
Ing Naskah "PURWACARITA" , dicritaake yen Sangyang Tunggal duwe Bojo Dewi Rekathawati.
Nalika Dewi nglairake wujude ora Jabang Bayi, nanging wujud "ENDHOG".
Sangyang tunggal nesu, endhog banjur dibanting pecah dadi telu :
1. Wujud Cangkang
2. Wujud putihe endhog.
3. Wujud kuninge endhog.
Katelune malih wujud dadi Lanang kabeh :
1. Dijenengi Antaga.
2. Dijenengi Ismaya.
3. Dijenengi Manikmaya.
Ing sawijining wektu, Antaga padu rebutan warisan Kayangan karo Ismaya.
Adu kasekten MANGAN GUNUNG.
Antaga ora sranta, gunung diuntal sepisan, nanging nemu kacilakan.
Cangkeme suwek mripate Mlolo.
Ismaya olehe mangan gunung, sithik mbaka sithik, gunung kasil pindhah neng wetenge Ismaya nganti bunder kaya gunung.
Ngerti anake loro padha padudon, Sangyang Tunggal Nesu amarga anake loro padha srakah.
Lorone banjur ditundhung lunga saka Kayangan.
Sing cangkeme suwek dijenengke Togog, sing sijine Semar.
Aksara Jawanipun :
꧋ꦱꦼꦩꦂꦆꦁꦗꦒꦣ꧀ꦥꦼꦮꦪꦔꦤ꧀ꦆꦏꦸꦩꦶꦤꦁꦏꦫꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀(ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦄꦤ꧀)ꦥꦸꦗꦁꦒꦗꦮ꧉
꧋ꦱꦼꦩꦂꦣꦸꦮꦺꦮꦼꦮꦸꦗꦸꦣꦤ꧀ꦏꦁꦄꦤꦺꦃꦏꦪꦱꦶꦩ꧀ꦧꦸꦭꦺꦗꦒꦣ꧀꧈
꧋ꦄꦮꦏꦺꦧꦸꦤ꧀ꦝꦺꦂꦏꦪꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦤꦺꦧꦸꦩꦶ꧈ꦥꦥꦤꦺꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦻꦱꦶꦤꦺ꧉
꧋ꦱꦼꦩꦂꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦤꦔꦶꦁꦤꦼꦠꦿꦤꦺꦔꦭꦺꦤ꧀ꦠꦿꦶꦃ(ꦱꦪꦸ)꧈ꦩꦶꦤꦁꦏꦒꦼꦒꦩ꧀ꦧꦫꦤ꧀ꦱꦼꦤꦼꦁꦏ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃ꧉
꧋ꦥꦱꦸꦂꦪꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮ꧈ꦤꦔꦶꦁꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠꦺꦏꦸꦚ꧀ꦕꦸꦁꦏꦪꦧꦺꦴꦕꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦱꦶꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦠꦸꦮꦭꦤ꧀ꦄꦤꦺꦴꦩ꧀꧈
꧋ꦠꦠꦭꦻꦂꦈꦒꦩ꧀ꦧꦶꦔꦸꦔꦏꦺꦄꦩꦂꦒꦏꦪꦗꦭꦸ꧈ꦤꦔꦶꦁꦏꦱꦶꦤꦸꦔꦤ꧀ꦥꦪꦸꦣꦫꦏꦪꦣꦺꦤꦺꦮꦤꦺꦴꦣꦾ꧉
꧋ꦩꦶꦤꦁꦏꦒꦼꦒꦩ꧀ꦧꦫꦤ꧀ꦗꦒꦣ꧀ꦏꦁꦱꦂꦮꦄꦼꦮꦸꦃ꧉
꧋ꦱꦼꦩꦂꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦚ꧀ꦗꦺꦭ꧀ꦩꦤꦺꦣꦺꦮꦏꦁꦔꦼꦗꦮꦤ꧀ꦠꦃ꧈ꦤꦩꦸꦂꦭꦏꦸꦆꦁꦔꦂꦕꦥꦣꦩꦶꦤꦁꦏꦱꦶꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦄꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺꦥꦔꦸꦮꦱꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉
꧋ꦄꦤꦆꦁꦤꦱ꧀ꦏꦃ"ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦏꦤ꧀ꦝ"꧈ꦥꦔꦸꦮꦱꦏꦪꦔꦤ꧀ꦱꦁꦤꦸꦫꦱꦣꦸꦮꦺꦄꦤꦏ꧀ꦕꦕꦃ꧇꧒꧇꧇
꧇꧑꧇꧉ꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀꧈
꧇꧒꧇꧉ꦱꦔꦾꦁꦮꦼꦤꦁ꧉
꧋ꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦫꦸꦥꦤꦺꦄꦼꦊꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦔꦾꦁꦮꦼꦤꦁꦫꦸꦥꦤꦺꦧꦒꦸꦱ꧀꧈
꧋ꦏꦪꦔꦤ꧀ꦝꦶꦮꦫꦶꦱꦏꦺꦩꦫꦁꦱꦔꦾꦁꦮꦼꦤꦁꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦮꦫꦶꦱꦏꦺꦩꦫꦁꦧꦛꦫꦒꦸꦫꦸ(ꦄꦤꦏꦺꦱꦔꦾꦁꦮꦺꦤꦁ)꧉
꧋ꦣꦼꦤꦼꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦄꦩꦸꦁꦣꦥꦸꦏ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦠꦸꦂ(ꦄꦧ꧀ꦝꦶ)꧉
ꦄꦤꦆꦁꦤꦱ꧀ꦏꦃ"ꦥꦸꦂꦮꦏꦤ꧀ꦝ";
꧋ꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦝꦸꦮꦺꦄꦤꦏ꧀ꦕꦕꦃ꧇꧔꧇(ꦥꦥꦠ꧀)꧇
꧇꧑꧇꧉ꦧꦛꦫꦥꦸꦒꦸꦃ꧉
꧇꧒꧇꧉ꦧꦛꦫꦥꦸꦁꦒꦸꦁ꧉
꧇꧓꧇꧉ꦧꦛꦫꦩꦤꦤ꧀꧈
꧇꧔꧇꧉ꦧꦛꦫꦱꦩ꧀ꦧ꧉
꧋ꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦣꦶꦤꦄꦤꦏꦧꦂꦪꦺꦤ꧀ꦏꦪꦔꦤ꧀ꦄꦫꦺꦥ꧀ꦝꦶꦮꦫꦶꦱꦏꦺꦩꦫꦁꦧꦛꦫꦱꦩ꧀ꦧ꧉ꦭꦶꦪꦤꦺꦎꦫꦠꦿꦶꦩ꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦧꦛꦫꦱꦩ꧀ꦧꦄꦫꦺꦥ꧀ꦝꦶꦕꦸꦭꦶꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦶꦥꦠꦺꦤꦶ꧉
꧋ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦔꦤ꧀ꦏꦠꦺꦭꦸꦤꦺꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦣꦶꦱꦸꦩ꧀ꦥꦃ(ꦣꦶꦏꦸꦠꦸꦏ꧀)ꦱꦸꦥꦪꦫꦸꦥꦤꦺꦩꦭꦶꦃꦄꦼꦊꦏ꧀꧈
꧋ꦧꦛꦫꦥꦸꦒꦸꦃꦣꦶꦱꦸꦩ꧀ꦥꦃꦣꦝꦶꦠꦺꦴꦒꦺꦴꦒ꧀꧈
ꦧꦛꦫꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦣꦝꦶꦱꦼꦩꦂ꧉
꧋ꦧꦛꦫꦩꦤꦤ꧀ꦎꦭꦺꦃꦄꦩ꧀ꦥꦸꦤꦤ꧀ꦄꦩꦂꦒꦩꦸꦁꦌꦭꦄꦼꦭꦸ꧈ꦣꦶꦮꦺꦤꦺꦲꦶꦒꦼꦭꦂ"ꦤꦫꦣ"꧈ꦣꦝꦶꦥꦼꦤꦱꦺꦲꦠꦺꦧꦛꦫꦒꦸꦫꦸ꧉
꧋ꦆꦁꦤꦱ꧀ꦏꦃ"ꦥꦸꦂꦮꦕꦫꦶꦠ"꧈ꦣꦶꦕꦿꦶꦠꦄꦏꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦝꦸꦮꦺꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦣꦺꦮꦶꦉꦏꦛꦮꦠꦶ꧉
꧋ꦤꦭꦶꦏꦣꦺꦮꦶꦔ꧀ꦭꦻꦫꦏꦺꦮꦸꦗꦸꦣꦺꦎꦫꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧈ꦤꦔꦶꦁꦮꦸꦗꦸꦣ꧀"ꦌꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀"꧉
꧋ꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦤꦼꦱꦸ꧈ꦄꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦣꦶꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁꦥꦼꦕꦃꦣꦝꦶꦠꦼꦭꦸ꧇
꧇꧑꧇꧉ꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦕꦁꦏꦁ
꧇꧒꧇꧉ꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦥꦸꦠꦶꦲꦺꦄꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀꧈
꧇꧓꧇꧉ꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦏꦸꦤꦶꦔꦺꦄꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀꧈
ꦏꦠꦺꦭꦸꦤꦺꦩꦭꦶꦃꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦝꦣꦶꦭꦤꦁꦏꦧꦺꦃ꧇
꧇꧑꧇꧉ꦣꦶꦗꦺꦤꦺꦔꦶꦄꦤ꧀ꦠꦒ꧉
꧇꧒꧇꧉ꦣꦶꦗꦺꦤꦺꦔꦶꦆꦱ꧀ꦩꦪ꧉
꧇꧓꧇꧉ꦣꦶꦗꦺꦤꦺꦔꦶꦩꦤꦶꦏ꧀ꦩꦪ꧉
꧋ꦆꦁꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸ꧈ꦄꦤ꧀ꦠꦒꦥꦣꦸꦉꦧꦸꦠꦤ꧀ꦮꦫꦶꦱꦤ꧀ꦏꦪꦔꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦆꦱ꧀ꦩꦪ꧉
ꦄꦣꦸꦏꦱꦺꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦒꦸꦤꦸꦁ꧉
꧋ꦄꦤ꧀ꦠꦒꦎꦫꦱꦿꦤ꧀ꦠ꧈ꦒꦸꦤꦸꦁꦣꦶꦈꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦱꦼꦥꦶꦱꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦤꦼꦩꦸꦏꦕꦶꦭꦏꦤ꧀꧈
ꦕꦁꦏꦺꦩꦺꦱꦸꦮꦺꦏ꧀ꦩꦿꦶꦥꦠꦺꦩ꧀ꦭꦺꦴꦭꦺꦴ꧉
꧋ꦆꦱ꧀ꦩꦪꦎꦭꦺꦲꦺꦩꦔꦤ꧀ꦒꦸꦤꦸꦁ꧈ꦱꦶꦛꦶꦏ꧀ꦩ꧀ꦧꦏꦱꦶꦛꦶꦏ꧀ꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦱꦶꦭ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦤꦺꦁꦮꦼꦠꦼꦔꦼꦆꦱ꧀ꦩꦪꦔꦤ꧀ꦠꦶꦧꦸꦤ꧀ꦝꦺꦂꦏꦪꦒꦸꦤꦸꦁ꧉
꧋ꦔꦼꦂꦠꦶꦄꦤꦏꦺꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦣꦥꦣꦸꦣꦺꦴꦤ꧀ꦱꦔꦾꦁꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦤꦼꦱꦸꦄꦩꦂꦒꦄꦤꦏꦺꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦣꦱꦿꦏꦃ꧉
꧋ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦤꦺꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦣꦶꦠꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦭꦸꦔꦱꦏꦏꦪꦔꦤ꧀꧈
꧋ꦱꦶꦁꦕꦁꦏꦺꦩꦺꦱꦸꦮꦺꦏ꧀ꦝꦶꦗꦺꦤꦺꦁꦏꦺꦠꦺꦴꦒꦺꦴꦒ꧀ꦱꦶꦁꦱꦶꦗꦶꦤꦺꦱꦼꦩꦂ꧉
Koleksi Imajiner Nuswantoro
ꦏꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦱꦶꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ