Sêkar Undur-Undur Kajongan
ꦱꦼꦏꦂꦈꦤ꧀ꦝꦸꦂꦈꦤ꧀ꦝꦸꦂꦏꦗꦺꦴꦔꦤ꧀
Sêkar Undur-undur Kajongan
1. Gusti blêndok sela (mur) turôngga linêgan karsa (diuja) kangjêng | murwèng gita winêdhar nèng langênarja dara | kawulane nyuwun gungan ||
2. Gusti pêksi mendra (kalangan) suyasa bêntar jro pura (panggung) kangjêng | kalangênan lan manggung srimpi badhaya dara | kawulane nyuwun gungan ||
3. Gusti sarpa krêsna (ula dumung) natèng Pêngging kaping tiga (Pôncadriya) kangjêng | mung ngupaya enggaring driya asmara dara | kawulane nyuwun gungan ||
4. Gusti titi krêsna (padhang bulan) sela wiyar ing narmada (lètèr) kangjêng | padhang bulan nèng latar nuju purnama dara | kawulane nyuwun gungan ||
5. Gusti pathi kisma (watu) mandira kang tlutuh wisa(ingas) kangjêng | nyêpêng sela sinèrèkkên gênti ngasta dara | kawulane nyuwun gungan ||
6. Gusti tanya dhustha (nyapa) paluntur godhi nèng wisma (ura-ura) kangjêng | sapa sapa tômpa dhênggung ura-ura dara | kawulane nyuwun gungan ||
7. Gusti mardi beya (mupu) gada panangkising astra (dhêndha) kangjêng | yèn mopoa dhinêndha mêtêki pada dara | kawulane nyuwun gungan ||
8. Gusti kôndha purwa (lakon) atmajendra Gêndrayana (Prabu Jayabaya) kangjêng | kalakona baya akèh kang murina dara | kawulane nyuwun gungan ||
9. Gusti putri Endra (Tara) sutèng Bima sing pratala (Ôntarêja) kangjêng | tan katara ing batin tur ngônta-ônta dara | kawulane nyuwun gungan ||
10. Gusti purwa desa (cakal bakal) jawata sigit kang warna (Bathara Asmara) kangjêng | bakal akèh kang nyidra asmaratôntra dara | kawulane nyuwun gungan ||
11. Gusti niring sura(wêdi) nata baya kêdhung surya (bau paksa) kangjêng | nanging wêdi marang ingkang baurêksa dara | kawulane nyuwun gungan ||
12. Gusti lalêr wana (cêpiplès) pandaya nuduhkên môngsa (bêncèt) kangjêng | yèn kaplêsit padha binêncèt asmara dara | kawulane nyuwun gungan ||
13. Gusti buratmuka (pupur) pathine bôngsa sarkara (gula) kangjêng | titi purna gula ganthi langênarja dara | kawulane nyuwun gungan ||
14. Gusti Durgaputra (Bathara Kala) dasa namaning dipôngga (èsthi) kangjêng | kang sangkala gati datan ngèsthi warna dara kawulane nyuwun gungan ||
Lakon Undur-undur Kajongan (Dening Ki Sugino Siswocarito)
Lakon Undur-undur kajongan utawi Janaka Werkudara Kependut niki seri Bratayuda sing serine onten antarane Antasena Gugur kalih Abimanyu Gugur. Empun dangu nggih gole nyrantos. Lah tekade sing adol kaset esih onten ikih nggih. Kaset sing kula saged angsal niki jan tesih anyar cling, stereo, kepenak gole ngonvert. Tapi ngaplode angel jalaran bandwidth kula jan sempit banget. Ngapunten gole ngenteni kesuwen.
Raden Arjuna lan Raden Werkudara methukaken senapati enggal saking Astina nggih niku Kertipeya lan Windandini |
Penjenengan sedaya mestine tesih kengetan lakon Antasena Gugur sing seri sederenge seri niki nggih? Nggiiih. Niku wektu majune senapati kaping kalih nggih niku trio saking negari Turilaya nggih niku Prabu Bogadenta, Dewi Murdaningsih kalih gajah Murdaningkung.
Sekawit jane Prabu Duryudana jan yakin banget kalih trio sekti niku. Sebabe napa, ketigane niku gadhah ajian sing peribasane mboten kenging pepati. Awit angger sing siji mati ning kalihe teksih urip, sing mati saged urip malih. Tesih kelingan mbokan nggih nalikane Raden Arjuna ngantos kedharang dharang nglurug negara Turilaya pados pengapesane trio Turilaya?
Mulane sareng Prabu Duryudana mireng palapuran saking Pendita Drona angger senapati sekti niku tewas dening para Pandawa, jan getune mboten telas-telas. Nyalahena kabeh para paranpara Negara. Malah putege pikire, Prabu Duryudana ajeng mbubaraken mawon niku Perang Bratayudane.
Saking pertimbangane Prabu Salya, antawise mpun kathah bebanten lan botoh Ngastina tesih sanggup nerusaken perang, Bratayuda diterusaken. Senapati anyar ditimbali, nggih niku Prabu Kertipeya lan Windandini. Kalih-kalihe tesih sedulur Kurawa sing nalikane onten lakon Genjotan.
Pancen nggih niku para Kurawa sing kebuncang tebih seking Astina malah sekti sekti. Tapine meksa tandhing kalih satriya Pendhawa, Werkudara kalih Janaka, kekalihe kasoran lan ngangge kertisampeka sing asal mula akal-akalan saking Pendhita Durna. Kertipeya sing gadhah tumbak Jalumabaya saged damel lemah dados lendut lan Arjuna kalih Werkudara diajak perang oyak-oyakan
Raden Windandini tandhing kaliyan Raden Arjuna. Windandini kasoran lan nitih Gajah. Raden Werkudara waringuten lajeng gajah katendang. Wusana Windandini keplajar |
Senajana Pandawa niku dibotohi kalih Kresna kalih Semar Badranaya sing angger cara pagelaran Dalang Gino disebut Wisnu kalih Ismaya, tapi saking teledhore botoh Werkudara lan Janaka saged mlebet teng lendut.
Gara-gara teng lakon niki mung ana Bawor, Gareng kalih Petruk. Biasa nggih Ki Gino angger gara gara dimulai kalih pathet sanga wantah sing angger dirungoken jan nglangut banget. Niki cakepane sing nyritaken Kayu Purwasejati :
Kayune Puwasejati
Pangira jagad godhong kinarya sumambe
Aprada kang kekuwung
Kembang Lintang talaga langit
Woh surya lan tengsun
Kasirat mbun lan udan
Pucak angkasa bumi bengkah pratiwi
Oyode bayu bajra.
Aksara Jawanipun :
ꦏꦪꦸꦤꦺꦥꦸꦮꦱꦺꦗꦠꦶ
ꦥꦔꦶꦫꦗꦒꦣ꧀ꦒꦺꦴꦣꦺꦴꦁꦏꦶꦤꦂꦪꦱꦸꦩꦩ꧀ꦧꦺ
ꦄꦥꦿꦣꦏꦁꦏꦼꦏꦸꦮꦸꦁ
ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦠꦭꦒꦭꦔꦶꦠ꧀
ꦮꦺꦴꦃꦱꦸꦂꦪꦭꦤ꧀ꦠꦼꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦏꦱꦶꦫꦠ꧀ꦩ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦈꦣꦤ꧀
ꦥꦸꦕꦏ꧀ꦄꦁꦏꦱꦧꦸꦩꦶꦧꦼꦁꦏꦃꦥꦿꦠꦶꦮꦶ
ꦎꦪꦺꦴꦣꦺꦧꦪꦸꦧꦗꦿ꧉
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ