Sasampunipun Sulukan Pathet Nem Ageng, saderengipun Wiwit Ginem ꧋ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭꦸꦏꦤ꧀ꦥꦛꦺꦠ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦄꦒꦺꦁ꧈ꦱꦣꦺꦫꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦒꦶꦤꦺꦩ꧀

0

 Sasampunipun Sulukan Pathet Nem Ageng, saderengipun Wiwit Ginem      

꧋ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭꦸꦏꦤ꧀ꦥꦛꦺꦠ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦄꦒꦺꦁ꧈ꦱꦣꦺꦫꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦒꦶꦤꦺꦩ꧀      



https://syehhakediri.blogspot.com/2024/12/sasampunipun-sulukan-pathet-nem-ageng.html



Lengeng gati nikang hawan sabha-sabha niking Hastina,

Samantara tekeng tegal Kuru nararyya Kresnan laku,

Sirang Parasurama Kanwa Janaka dulur Narada,

Kepanggih irikang tegal milu karyya sang Bhupati.


Aksara Jawanipun :

꧋ꦊꦔꦼꦁꦒꦠꦶꦤꦶꦏꦁꦲꦮꦤ꧀ꦱꦧ꧀ꦲꦱꦧ꧀ꦲꦤꦶꦏꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧈

꧋ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦫꦠꦼꦏꦼꦁꦠꦼꦒꦭ꧀ꦏꦸꦫꦸꦤꦫꦂꦪꦾꦏꦿꦼꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦏꦸ꧈

ꦱꦶꦫꦁꦥꦫꦱꦸꦫꦩꦏꦤ꧀ꦮꦗꦤꦏꦣꦸꦭꦸꦂꦤꦫꦣ꧈

꧋ꦏꦼꦥꦁꦒꦶꦃꦆꦫꦶꦏꦁꦠꦼꦒꦭ꧀ꦩꦶꦭꦸꦏꦂꦪꦾꦱꦁꦧ꧀ꦲꦸꦥꦠꦶ꧉


Tegesipun :

Asri nengsemake kahanane dalan kang ngener tumuju bangsal sarasehan Hastina,

Bareng tindake  Prabu Kresna tekan ing Tegal Kuru,

Panjenengane kepethuk karo Parasurama, Kanwa, Janaka bebarengan tindake karo Narada;

Dewa papat mau padha melu mbiyantu pakaryane Sang Prabhu Kresna.


Katrangan :

Tembang Kakawin ing ndhuwur nyaritakake nalika Prabu Kresna dadi dutane para Pandhawa  tindak ing Hastina, nedya nganteb tekade Duryudhana : Bakal mbalekake negara Indra Prastha kang ditotohake ing kasukan dhadhu lan separone negara Hastina apa milih perang Bharatayudda.




Imajier Nuswantoro 

ꦆꦩꦗꦶꦪꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)