Ki Juru Mertani
(Kaserat Basa Jawi)
Sak derenge bahas Babagan carios Ki Juru Martani penulis artikel bahas Babagan carios Ki Ageng Mangir Wanabaya Pralaya.
Punapa leres sedanipun Ki Ageng Mangir punika dipunperjaya Panembahan Senapati Ing Mentaram ?
Sakathahing babad lan criyos kathah ingkang ngandharaken bilih Ki Ageng Mangir pralaya ing astanipun Panembahan Senapati Ing Mentaram, kanthi cara dipunbentusaken mustakanipun wonten watu gilang. Ananging kula nate mireng ugi bilih kathah para pandhemen sujarah ingkang ganggam lelampahan punika, malah wonten praduga bilih Ki Ageng Mangir punika sajatosipun pralaya wonten astanipun Raden Rangga, setunggaling putra Panembahan Senapati ingkang kondhang digdaya ananging kagungan patrap mbeling.
Nut criyosipun namung Panembahan Senapati piyambak, lan Ki Juru Mertani ingkang saged ngedhak patrapipun Raden Rangga ingkang kala mangsa ugal-ugalan anggenipun dadar ngelmu srana prang tandhing lawan sinten kewala. Inggih kranan patrap remen dadar ngelmu punika tuwuh praduga bilih Raden Rangga ingkang sampun merjaya Ki Ageng Mangir. Mbok bilih kranan Raden Rangga mireng bilih Ki Ageng Mangir punika saugi kondhang digdaya, ingkang dadosaken piyambakipun katanting kangge nyobi kadigdayanipun. Ananging kirang gamblang ugi kados pundi laku tandhing kasebat ingkang andadosaken Ki Ageng Mangir tumekaning pati. Punika namung praduga kemawon ingkang dereng tamtu leres lelampahan criyosipun.
Wangsul ing pirembagan utami, punapa leres Ki Ageng Mangir dipunsedani dening Panembahan Senapati kanthi cara dipun-bentusaken mustakanipun wonten watu gilang ?
Mangga kita cobi nlesih kanthi nalar.
Ringkesing criyos, punika kedadosan nalika Panembahan Senapati sinedya bangun kekiyatan praja Mentaram kangge miyaraken panguwaosipun mligi kangge nelukaken kadipaten-kadipaten ing brang wetan supados teluk ing pangwasaning Mentaram utawi Mataram. Pramila kangge nyembadani pikajengipun, Mentaram kedah bangun kekiyatan ingkang langkung ageng, nadyan ing jaman puniku kekiyatan Metaram sampun ageng, awit sampun nguwasani wewengkon-wewengkon ingkang rumiyin dados andhahanipun Demak lan Pajang. Pranyata tasih wonten setunggal wewengkon ingkang dereng saged karengkuh ing panguwasanipun Mentaram inggih punika Mangir.
Ing lelampahaning wekdal panci Ki Ageng Mangir Wanabaya rumaos bilih perdikan Mangir punika setunggaling wewengkon ingkang merdika lan boten wonten gegayutanipun kalawan Mentaram, awit perdikan punika madeg srana pikantuk pikukuh saking praja Majapahit duking uni. Lan Perdikan Mangir sampun madeg nalika Mentaram tasih wujud wana kaaran Alas Mentaok. Pramila sekedik kemawon Ki Ageng Mangir boten badhe kersa teluk dados andhahanpun Mentaram.
Ananging tumrap Panembahan Senapati, wontenipun perdikan Mangir saged andadosaken klilip anggenipun badhe nuhoni gegayuhanpun. Punapa malih bilih Mangir pranyata langkung cundhuk sabela kadipaten-kadipaten brang wetan kanthi pemanggih sami-sami ngugemi pinangka nate dados andhahanipun Majapahit. Punika ingkang dadosaken Panembahan Senapati kemedah kedah ngrengkuh Mangir kanthi cara punapa kemawon.
Namung awt pamrayogi lan eguh-pratikel saking Ki Patih Mandaraka (Ki Juru Mertani), Panembahan Senapati kasuwun supados nelukaken Mangir kanthi cara alus, ateges boten lumatar kekiyatan jurit utawi perang. Ing pamanggihipun Ki Juru, bilih Mentaram saged nelukaken Mangir lumantar paprangan, Mentaram ugi badhe nampi kapitunan ingkang ageng. Awit panci boten gampil nelukaken Mangir, sawiji perdikan ingkang kapetung kiyat, punapa malih Ki Ageng Mangir Wanabaya pinangka pangarsanipun saugi digdaya tanpa tandhing, ugi kagungan sipat kandel ingkang ngedab-edabi awujud tombak kaaran Kyai Baru.
Keplasing criyos Ki Juru Mertani kagungan gagasan badhe nelukaken Mangir kanthi cara "Kawin Politik". Awit bilih punika kasembadan tamtu Mentaram boten prelu ngedalaken beya ageng kangge nelukaken Mangir, boten prelu ngawontenaken paprangan ingkang nelasaken brana tuwin nyawa satuhu ageng ingkang wusananipun damel kapitunan.
Ki Juru Mertani mangertosi bilih Ki Ageng Mangir punika yuswanipun tasih kalebet mudha lan dereng palakrama. Kaleresan Panembahan Senapati ugi kagungan putri ingkang sulistya rupa sesilih Sekar Pembayun, pramila Ki Juru kagungan pikajeng manggihaken kakalihipun, ing pangajab saged tuwuh tresna mligi saking Ki Ageng Mangir dhateng Sekar Pembayun.
Ing setunggal wekdal kanthi cara nyaru dados rombongan ambarang tayub, kakalihipun saged pepanggihan, lan pranyata Ki Ageng Mangir kasengsem endahing wewujudan Rara Sekar Pembayun pinangka setunggaling wanodya ingkang sulistya rupa.
Keplasing cariyos Ki Ageng Mangir lan Sekar Pembayun gesang sinisihan, ngentas pitulus lan bebojowan. Ananging lampahing wekdal salajengipun Ki Ageng Mangir kuciwa, saha winga-winga nalika wusana mangertosi bilih Sekar Pembayun putrinipun Panembahan Senapati Ing Mentaram. Ananging kranan rasa sih tresnanipun marang Sekar Pembayun ingkang pinangka garwa, punapa malih sampun garbini, pramila Ki Ageng Mangir dados luluh lan saged ngendhak hawa, ugi kepara sagah sowan marasepuhipun, boten sanes Panembahan Senapati ingkang sajatosipun satru tumrap Ki Ageng Mangir.
Kanthi kadadosan punika Ki Ageng Mangir sumadya teluk dhateng Mataram lan kersa sungkem pinangka putra mantu Panembahan Senapati tanpa paprangan, kosok wangsulipun lumantar kakrabatan.
Pitakenanipun :
1. Punapa boten mokal Panembahan Senapati ngrisak gagasanipun piyambak, nadyan eguh-pratikel saking Ki Juru Mertan, ingkang sampun kasembadan nelukaken Mangir tanpa perang, lajeng merjaya Ki Ageng Mangir nalika sungkem ?
2. Awit merjaya Ki Ageng Mangir lumantar cara julig, punapa Panembahan Senapati boten kagungan petangan bilih punika saged andasosaken andhahanipun Ki Ageng Mangir murina, lajeng mbalela lan saged nuwuhaken paprangan?. Kamangka Mentaram kawiwitan boten kagungan rantaman perang lawan Mangir, ingkang dipunpetang damel kapituna.
3. Bilih merjaya Ki Ageng Mangir, punapa Panembahan Senapati boten kagungan raos welas dhateng putrinipun? Inggij punika Sekar Pembayun ingkang tundhonipun badhe nglampahi dados randha? Kamangka Panembahan Senapati ngertos bilih Sekar Pembayun sampun garbini.
Ing wasana kanthi tintingan punika bokbilih saged dipunkira-kira, punapa leres Ki Ageng Mangir pralaya ing astanipun Panembahan Senapati kanthi dipunbentusaken mustakanipun wonten watu gilang nalika sungkem.
Ki Juru Mertani
Ki Ageng Henis, utawi Ki Ageng Ngenis saking Sèla punika kalebet salah setunggal guru saking sakathahing gurunipun Mas Karebet, utawi asring dipuntepangi kanthi asma Jaka Tingkir. Tlatah Sela ingkang dipunpikajengaken ingkang mapan wonten laladan kabupatèn Grobogan (jaman sapunika). Pramila nalika Mas Karebet madeg dados Adipati Pajang, Ki Ageng Ngenis kapacak dados paran para, utawi "penasehat" pribadi Adipati Adiwijaya (Mas Karebet).
Inggih awit saking punika para brayat Sela saking kulawarga ageng Ki Ageng Ngenis sami jengkar lan netep wonten Pajang. Punapa malih wayah Ki Ageng Ngenis, inggih punika Bagus Srubut, putra saking Raden Bagus Kacung dipun-pupu dados putra angkat Adipati Pajang wekdal puniku. Bagus Srubut lajeng pikantuk asma Danang Sutawijaya.
Saking sakathahing sumber sujarah, Ki Ageng Ngenis pinaringan pikukuh papan perdikan ingkang samangké kasebat Laweyan, mapan wonten sisih wétan kasultanan Pajang. Dene Raden Bagus Kacung pikantuk pikukuh perdikan ingkang samangké kasebat tlatah Manahan, mapan sakleripun Kasultanan Pajang, saking mriki Bagus Kacung lajeng kagungan jejuluk Ki Ageng Pemanahan.
Inggih awit wontening Ki Ageng Ngenis, saha Ki Ageng Pemanahan punika, andadosaken Ki Juru Mertani, saha Ki Penjawi kalajeng nyawiji ugi lan suwita wonten kadipaten Pajang. Punapa malih ing antawis tiga-tiganipun kalebet sedherek saugi sasami maguru dhateng Sunan Kalijaga.
Kridha Ki Juru Mertani kawiwitan nalika dumadosipun rebut panguwaos saking kulawarga kedhaton Demak sasampun sédanipun Sultan Trenggana. Keplasing cariyos asring kadadosan raja pati, lumantar paten pinaten antawisipun trah Pangeran Kinkin (Sekar Seda Lèpèn) lumawan trah Sultan Trenggana.
Pangeran Kinkin tiwas kaperjaya dening Raden Bagus Mukmin, ing lampahing wekdal putra Pangèran Kinkin, Raden Arya Penangsang (Adipati Jipang) boten trimah kalajeng asung piwales lumantar prajurit Surengpati Jipang, satemah Raden Bagus Mukmin tiwas, lan tumpes sakgarwanipun.
Manut cariyos sakathahing sumber, patrap Raden Arya Penangsang punika kaladuk-laduk, awit rumaos paling sah nyepeng panguwaosing Demak, kalajeng kagungan sedya numpes para putra lan mantu sawargi Sultan Trenggana. Wusananipun kulawarga Ratu Retna Kencana ingkang langkung dipuntepangi Ratu Kalinyamat dados bêbantên. Kadadosanipun nalika Ratu Kalinyamat ingkang dipundherekaken Pangeran Hadiri (garwanipun), sowan Sunan Kudus saprelu nyuwun pengadhilan bab tiwasipun Raden Bagus Mukmin ing astaning Arya Jipang. Sakonduripun saking Kudusan, Ratu Kalinyamat sapangombyong dipuncegat prajurit Utami saking Jipang, nadyan Ratu Kalinyamat kalis saking bebaya, ananging garwa kinasihipun aran Pangeran Hadiri tumuli pralaya. Bab punika tuhu andadosaken pingget manahipun Kalinyamat têmah muwusaken nadar badhe mertapi ing Danaraja, lan boten badhe pungkas menawi dereng kasembadan jejamas ranipun Arya Penangsang.
Ing setunggal wekdal, Arya Jipang kacariyos ugi utusan prajurit Sureng kanggé merjaya Adipati Adiwijaya wonten Pajang. Bokbilih nadyan Raden Adiwijaya namung putra mantu Sultan Trenggana, ananing saged andadosaken klilip anggenipun ngrebat panguwaosing Demak. Ananging kridha kalawau boten sinêdya, kosok wangsulipun prajurit Sureng saking Jipang karangket ing astanipun Adipati Pajang ingkang kondhang digdaya. Pusaka Kyai Brongot Setan Kober pinangka gegamanipun kêpara karêbat ing astanipun Adipati Pajang.
Awit saking sakathahing kadadosan ingkang nglarapaken bêbantên kalawau, Ratu Kali Nyamat ingkang pinangka paling sepuh saking putra-putri Sultan Trenggana kalajeng muwusaken pikajeng, bilih Adiwijaya saged nelukaken lan merjaya Arya Jipang, ing mriku sedaya kawibawane Demak tumuli kapasrahaken wonten astanipun Adipati Adiwijaya. Awit miturut Kalinyamat, boten wonten ingkang saged nandhingi kadigdayan Arya Jipang kajawi namung adipati Adiwijaya saking Pajang. Saking mriki kacariyos kridha ageng Ki Juru Mertani kawiwitan.
Prelu dipunmangertosi bilih Ki Juru Mertani punika muridipun Sunan Kalijaga, semanten ugi Adipati Adiwijaya.
Punapa ingkang badhe dipunkridhani Ki Juru Mertani ?
Ringkesing cariyos, Adipati Adiwijaya nyaguhi punapa ingkang dados pikajengipun Ratu Kalinyamat, kanggé ngrabasa dhateng Jipang saperlu merangi Arya Penangsang. Ananging sadereng titah Adipati Adiwijaya supados para senapati hanyamektakaken gelar prajurit, dumadakan Ki Juru Mertani sowan wonten ngarsanipun Adipati Adiwijaya, boten pinangka priagung lan kawula, ananging pinangka sasami cantrik kanthi pawadan ngemban dhawuh njeng Sunan Kalijaga.
"Apa kang wigati dene kakang juru kemudu ketemu marang ingsun srana pribadi?"
"Punten dalem sewu dhimas Adipati, dene kula sampun kumawani nggempil kamardikan penggalih panjenengan, boten sanes kula Hamung mundhi dhawuh saking kanjeng Sunan"
Keplasing pangandikan pranyata dhawuh saking Sunan Kalijaga lumantar Ki Juru Mertani supados Adipati Adiwijaya ngendhak pikajeng anggenipun badhe ngawontenaken perang lawan Jipang. Awit bilih kadadosan tamtu sedaya saged jangkepi ajuripun kawibawan Demak, satemah bakal musna tanpa sisa. Punapa malih antawisipun Arya Jipang saha Adiwijaya kakalihipun ugi kalebet siswanipun Sunan Kudus, tamtu bilih berik tunggal guru andadosaken swasana ingkang kirang prayogi, pramila perkawis punika kedah dipunrampungi kanthi cara nyingkrih saking adu kekiyatan jurit, punapa dene perang tandhing antawis Arya Panangsang lan Adiwijaya.
"Dene tanpa srana kekuwatan perang, apa ana cara liya kanggo nelukake Jipang, kakang Juru?"
"Tamtu wontên adhimas, boten sanes namung ngembari cara anggenipun Arya Penangsang nglarapaken raja pati miwah sédanipun Raden Bagus Mukmin, saha Pangeran Hadiri"
"Nabok nyilih tangan mengkono?"
"Nuwun sewu adhimas, nadyan pikajengipun sairip, ananging punapa ingkang kula aturaken langkung mirungga, lan boten ateges angon patrap giris"
Kados punapa ingkang sampun kadadosan, panci Raden Bagus Mukmin saha Pangerane Hadiri pralaya boten srana astanipun Arya Penangsang, ananging lumantar utusan ingkang kaaran Surengpati, salah setunggal kekiyatan kaprajuritan Jipang ingkang mirungga. Pramila Adipati Adiwijaya prayogi ngginakaken cara ingkang sami. Ingkang salajengipun medal dhawuh sayembara saking Adipati Adiwijaya, dene sinten kemawon ingkang saguh nelukaken Jipang, badhe kaparingan tanah perdikan bumi Pati lan Alas Mentaok.
Pranyata boten wonten setunggal nayaka praja, senapati, saha para petinggi Pajang ingkang wantun nampi sayembara ingkang sampun dipungelar Adipati Adiwijaya. Awit tiyang-tiyang Pajang tamtu ngertos sinten ingkang sinebat Arya Penangsang? Adipati Jipang ingkang kasektenipun boten saged dipunjajagi, bebasan boten wonten setunggal gaman, utawi pusaka ingkang sumbut nembus badanipun.
Kahanan punika boten dipunlirwakaken Ki Juru Mertani kalajeng dhesek Ki Ageng Pemanahan, saha Ki Penjawi ndherek saembara punika. Ananging sami kalihan para nayaka praja Pajang sanèsipun, kakalihipun ganggam, lan boten kagungan kapitadosan saged merjaya Arya Jipang.
"Kakang Juru mesthine wis pirsa, sepira kabisane Pemanahan, uga adi Penjawi, mula mokal dene aku kudu mundhi sayembara iku"
"Geneya sliramu nglokro adhi Pemanahan? Ing jagad iki satêmêne dudu mung kasekten sing bisa dadi dalan mukti"
"Ananging sayembara kuwi ngudokake perang tandhing, kudu adu arep lawan Adipati Jipang"
"Pancen bener kandhamu adhi, nanging dene sliramu, lan adhi Penjawi saguh, mesthi ana dalan kanggo gayuh dalan kamukten kuwi"
"Karepe kakang Juru?"
"Karepku sliramu lan adhi Penjawi saguh, lan wani, sakliyane iku dimen dadi perkaraku"
Mekaten Ki Juru Mertani kados dene mameksa supados Ki Ageng Pemanahan saha Ki Penjawi kedah ndherek titah sayembara saking Adipati Adiwijaya.
"Ananging nadyan aku lan adhi Penjawi bebarengan lawan Adipati Jipang, sengara bisa nelukake piyambake"
"Dudu sliramu sing perang tandhing adhi, ananging Jebeng Sutawijaya"
"Kakang Juru geguyonan?"
"Aku ora geguyonan adhi, mula iku sing baku sliramu lan adhi Penjawi saguh, satemah enggal sowan adipati Adiwijaya kanggo mundhi dhawuh melu sayembara, sakliyane iku dimen dadi perkaraku"
Nuhoni eguh pratikel Ki Juru Mertani, wusananipun Ki Ageng Pemanahan sarta Ki Panjawi sowan wonten ngarsanipun Adipati Pajang, saprelu ngaturaken niyat ndherek titah sayembara ingkang sampun kapikukuhaken. Ananging Adipati Adiwijaya dumadakan mangu-mangu penggalihipun lantaran Danang Sutawijaya ingkang tasih kapetang bocah, pranyata kagungan tekad ageng badhe ndherekaken ramanipun anggenipun badhe hangayahi kridha ingkang bebayani kasebat.
Tamtu kemawon Adipati Adiwijaya sumelang miwah keslametan putra angkatipun ingkang kinasih kasebat. Ananging Adipati mangertos bilih patrap putra angkatipun kasebat kukuh ing manah bilih sampun anggadhahi sedya, pramila nadyan wonten raos awrat, Adipati Hadiwijaya nglilakaken Danang Sutawijaya ndherekaken Ki Ageng Pemanahan saha Ki Panjawi bidhal dhatêng Jipang. Namung kangge ngawekani samudayanipun, kanggé jagi keslametan dhiri, Danang Sutawijaya dipuncepengi salah setunggal pusaka utami awujud tumbak kang aran Kyai Plèrèt, sinartan prajurit sagelar sepapan kanggé jampangi lampahipun Danang Sutawijaya. Kanthi mekaten ateges bidhalipun Ki Ageng Pemanahan sarta Ki Penjawi, boten namung dipunombyongi brayat saking Sèla, ananging ugi kairing prajurit sagelar sepapan saking Pajang, mligi kanggé jampangi kaslametan ipun Danang Sutawijaya.
Sajatosipun sedaya kalawau inggih awit karsanipun Ki Juru Mertani, bilih wontenipun Danang Sutawijaya tamtu andadosaken Adipati Adiwijaya boten mentala nglepas lare kasebat, satemah paring piyandel punapa kemawon kanggé jagi kaslametanipun Sutawijaya, saged arupi sipat kandel, punapa dene prajurit. Lan petangan kalawau kabukti dene Sutawijaya dipuncepengi tumbak Kyai Plèrèt Saugi dipunkantheni sabregada prajurit.
Ing petanganipun Juru Mertani, wontenipun kakiyatan prajurit Pajang sanget-sanget dipunperlokaken samangsa nemahi kahanan ingkang bebayani. Awit nadyan tunggul panantang sipatipun perang tandhing, boten mokal bilih wusananipun Jipang badhe nglarapaken sakathahing prajurit, nalika junjunganipun ketaman bebaya. Pramila ing rancangan sakathahing prajurit Pajang mangkenipun badhe kasingidaken wonten papang ingkang mligi lan badhe kaginakaken nalika prelu.
Sedaya rancangan sampun kaandharaken, dhateng Ki Ageng Pemanahan, Ki Panjawi, sarta para pangombyong ingkang sampun nyepeng tugas sowang-sowang miturut pigunanipun. Pramila bilih sampun titi mangsa wekdal ingkang tinemtu, rombongan saking Pajang kalawau kalajeng bidhal tumuju Jipang Panolan.
"Apa kakang Juru wis mantep tenan dene kudu nindakake pakaryan iki?" Mekaten aturipun Ki Ageng Pemanahan ingkang tasih ganggam anggenipun nglampahi kridha sayembara kasebat.
"Kabeh wus takpetungake kanthi permati, adhi. Ora ana wektu liya kajaba wektu-wektu saiki, dene ora, sengara sliramu bisa kasil nelukake Arya Jipang"
Setunggal ingkang boten dipunmangertosi Ki Ageng Pemanahan, bilih yektosipun Ki Juru Mertani sampun kagungan sasmita bilih ing wekdal samangke, Arya Penangsang nembe ketaman pengapesan, sinartan daya kêkiyatanipun kadidene lampus salami sekawan dasa dinten. Pramila bilih boten wekdal sapunika, sinten kemawon sengara saged nelukaken Arya Penangsang ingkang sekti mandraguna kasebat.
Sampun karancang sedaya siyasat saha paniti priksa kang muwus saking olah lantip salebeting pamikir Ki Juru, satemah muwus kalih cara ingkang sajatosipun saged kawastanan julig. Ananging tumrap Ki Juru Mertani, ing salebeting perang, cara utawi siyasat punapa kemawon boten saged kawastanan urik, awit perang betah siyasat, pripun supados unggul ing salebeting paprangan. Pramila nadyan ing pamulat rumaos kawon babagan kadigdayan, kekiyatan, tamtu sinten kemawon saugi saged ginakaken siasat jitu supados mimpang. Wonten kalih pada ingkang sampun karancang, inggih punika,
Pada setunggal: cara supados Arya Penangsang katanting nepsu, têmah nuhoni perang tandhing tanpa rowang.
Pada kalih: bilih jago tandhing saking Pajang nemahi bebaya, sanalika Arya Penangsang kedah dipunkrubut sesarengan, awit Ki Juru Mertani sampun nggraita, dene pikantuk tunggul panantang tanpa rowang, tamtu Arya Penangsang boten ngeparengaken para prajuritipun midherekaken. Dene saupami Patih Mentahun weweka ngerit prajurit, tamtu jejarak tebih saking palagan, têmah badhe telat dene badhe asing pitulungan.
Ki Juru Mertani ugi mangertosi bilih Arya Penangsang kagungan patrap getapan, pramila piyambakipun budidaya supados Adipati Jipang punika kalungan bramantya, dipunyasa supados manahipun tansah muntab. Mila kados sampun dipunrancang, ingkang badhe ngadhepi Arya Penangsang mangkenipun sanes Ki Ageng Pemanahan sarta Ki Panjawi, ananging Danang Sutawijaya, bocah ingkang mekas mawon nembe badhe ngancik dewasa.
Ki Juru pitados, mesthi kemawon Arya Penangsang bakal muntab awit rumaos dipunanggep sepele, kedah perang tandhing lumawan bocah ingkang bebasan bocah wingi sonten. Danang Sutawijaya Saugi sampun kaparingan pratikel, pripun mangkenipun anggenipun ngadhepi Arya Penangsang ingkang nut awu kaprenah pamanipun kasebat.
Keplasing wekdal, rombongan saking Pajang kalawau sampun dumugi Jipang, lan wonten satengahing gumuk alit mrangguli salah setunggal pekathik ingkang ketingal nembe ngarit pados pakan kanggé turangga. Sasampun kulak warta adol prungu, rombongan saking Pajang ingkang dipunsepuhi Ki Juru Mertani mangertos, bilih tiyang ngarit punika pekathik saking Jipang, malah kêpara setunggaling abdi ingkang kagungan tanggel jawab ngrumat turangga pribadi Arya Penangsang, ingkang kondhang kasebat Gagak Rimang.
Api-api Ki Juru Mertani, sarombongan taken-taken marang pekathik kasebat, ananging dumadakan pekathik kalawau kaget, nalika Ki Juru sampun ngunus lading kalajeng ngiris talinganipun pekathik têmah dados perung. Sanalika pekathik kasebat bengok lan sambat awit raos sakit wontening talinganipun ingkang sampun tigas.
"Sapa kowe..!! Dene apa luputku ngati kupingku toktigas kaya ngene?" Clathunipun pekathik kasebat.
"Wis ora sah kakehan takon!! Enggal baliya wae anêng Jipang, matura bendaramu dene pikantuk salam saka wong Pajang" wangsulipun Ki juru Mertani lajeng maringi lembaran ron tal ingkang sampun tinulis nawala tunggul panantang, katenger saking Adiwijaya, Adipati Pajang. Awit bilih namung katenger saking Pemanahan, utawi Panjawi, tamtu kemawon Arya Penangsang boten badhe ngrawuhi, kajawi namung utusan andhahanipun kados dene Mentahun, Toh Pati lan lintunipun. Pramila kangge nanting manahipun Panangsang, nawala kasebat kedah katenger saking Hadiwijaya.
"Hé, Penangsang..!! nyata sira lanang, payo perang tandhing lawan ingsun..!! Dakantu tekamu tanpa rowang ing sakulone bengawan tapal wates, wigatekna!! Tanpa rowang!! Dene ora wani, nyata sira blegering wandu kang nemba rupa. Ingsun Adiwijaya saka Pajang, wus tan kena suwe kudu nigas janggamu !
Bilih mekaten kinten-kinten ungelipun tunggul panantang ingkang kalarapaken dhateng Arya Penangsang lumantar pekathik ipun.
JURU MERTANI kondhang JULIG
Tembung julig punika bilih sakleraman karaosaken kados kagungan pikajeng ingkang boten prayogi.
Mbokbilih julig punika ing basa Indonesia sami kalihan "licik".
Tamtu kemawon tembung julig punika ateges patrap ingkang boten nengenaken kaprawiran, mila bilih ing babagan lelumban, adu tandhing, patrap julig punika kedah dipunsingkiri supados bilih mimpang anggenipun lelumban utawi adu tandhing tansah kinanthenan watak satriya.
Namung punika ing wewengkon pribadi-pribadi, utawi kridha ingkang sambung raket klawan dhiri, lan boten nyengguh tiyang kathah,
Benten ing madyaning PERANG.
(punika nitik tuladha perang jaman ratu nggih)
Perang ingkang nyengguh sakathahing prajurit sagelar sepapan utawi langkung, tamtu badhe dipunwangun setunggal gelar utawi siasat perang supados mimpang.
Perang ing madyaning jurit punika benten kalihan perang tandhing (ijen padha ijen).
Pramila para paraga perang saking pamurbaning prajurit ngantos para senapati tansah budidaya supados mimpang kanthi cara punapa kemawon sinaosa kawastanan julig utawi "licik". Lan punika sah ing jagading paprangan.
Setunggal senapati prang sengara badhe blaka dhateng lawanipun dene prajuritipun badhe migunakaken setunggal gelar perang punapa?.
Awit wontening gelar perang punika sinten ingkang langkung julig badhe nemahi kawijayan utawi mimpang.
Pramila tumrap setunggal tokoh ing cariyos babad tanah Jawi kados Ki Juru Mertani punika nadyan kasebat julig, sajatosipun piyambakipun kalebet "ahli siasat perang".
Awit racakipun setunggal praja ingkang dipunsengkuyung piyambakipun tansah nemahi kawijayan.
Tuladha :
- Jipang kawon lawan Pajang
(nalika Ki Juru Mertani sabela Pajang)
- Pajang kawon lawan Mataram
(nalika Ki Juru Mertani sabela Mataram)
Kaserat dening : Imajier Nuswantoro