AGEM WIRING PUTIH BIRU ꦄꦒꦺꦩ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦥꦸꦠꦶꦃꦧꦶꦫꦸ

0

 AGEM WIRING PUTIH BIRU

ꦄꦒꦺꦩ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦥꦸꦠꦶꦃꦧꦶꦫꦸ





Bun ing pungkas ratri

nyaresmeni suket teki

sadawane margi kang dak pecaki

Abyur gemblugur swarane sang jalanidhi

Pijer ngirim alun, ngaras gisik edi

Kanjeng Ratu, nuwun sewu

Sineksenan karang payung kang angkuh ing pandulu

Sun larung 

Agem wiring putih biru

Kang cumanthaka ajar nggoreh kalbu

Ngrojeh sewu tatu

Nungka rasa

Banjur getih umup njola -njola

Nyuwun pengadilane pengeran pijer tanpa tidha

Kanjeng Ratu, nuwun sewu

Sineksenan banyu muluk kinasihmu

Sun suntak duhkitaku

Sun larung agem wiring putih biru

Wakil wadag kang nduweni

Wakil roh kang nyengkuyungi

Aku nyuwun pengadilane Gusti

Kanjeng Ratu

Panjenengan sakratonmu

Dadi seksi panyuwunanku


Imajier Nuswantoro


Aksara Jawanipun :

ꦄꦒꦺꦩ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦥꦸꦠꦶꦃꦧꦶꦫꦸ


ꦧꦸꦤ꧀ꦆꦁꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦫꦠꦿꦶ

ꦚꦫꦺꦱ꧀ꦩꦺꦤꦶꦱꦸꦏꦼꦠ꧀ꦠꦼꦏꦶ

ꦱꦣꦮꦤꦺꦩꦂꦒꦶꦏꦁꦣꦏ꧀ꦥꦼꦕꦏꦶ

ꦄꦧꦾꦸꦂꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦒꦸꦂꦱ꧀ꦮꦫꦤꦺꦱꦁꦗꦭꦤꦶꦣꦶ

ꦥꦶꦗꦺꦂꦔꦶꦫꦶꦩ꧀ꦄꦭꦸꦤ꧀‌ꦔꦫꦱ꧀ꦒꦶꦱꦶꦏ꧀ꦄꦼꦣꦶ

ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦠꦸ꧈ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦺꦮꦸ

꧋ꦱꦶꦤꦺꦏ꧀ꦱꦺꦤꦤ꧀ꦏꦫꦁꦥꦪꦸꦁꦏꦁꦄꦁꦏꦸꦃꦆꦁꦥꦤ꧀ꦝꦸꦭꦸ

ꦱꦸꦤ꧀ꦭꦫꦸꦁ

ꦄꦒꦺꦩ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦥꦸꦠꦶꦃꦧꦶꦫꦸ

ꦏꦁꦕꦸꦩꦤ꧀ꦛꦏꦄꦗꦂꦔ꧀ꦒꦺꦴꦫꦺꦃꦏꦭ꧀ꦧꦸ

ꦔꦿꦺꦴꦗꦺꦃꦱꦺꦮꦸꦠꦠꦸ

ꦤꦸꦁꦏꦫꦱ

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦒꦼꦠꦶꦃꦈꦩꦸꦥ꧀ꦚ꧀ꦗꦺꦴꦭꦚ꧀ꦗꦺꦴꦭ

ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦼꦔꦣꦶꦭꦤꦺꦥꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦥꦶꦗꦺꦂꦠꦤ꧀ꦥꦠꦶꦣ

ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦠꦸ꧈ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦺꦮꦸ

ꦱꦶꦤꦺꦏ꧀ꦱꦺꦤꦤ꧀ꦧꦚꦸꦩꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃꦩꦸ

ꦱꦸꦤ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦝꦸꦃꦏꦶꦠꦏꦸ

ꦱꦸꦤ꧀ꦭꦫꦸꦁꦄꦒꦺꦩ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦥꦸꦠꦶꦃꦧꦶꦫꦸ

ꦮꦏꦶꦭ꧀ꦮꦣꦒ꧀ꦏꦁꦤ꧀ꦝꦸꦮꦺꦤꦶ

ꦮꦏꦶꦭ꧀ꦫꦺꦴꦃꦏꦁꦚꦼꦁꦏꦸꦪꦸꦔꦶ

ꦄꦏꦸꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦼꦔꦣꦶꦭꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ

ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦫꦠꦸ

ꦥꦚ꧀ꦗꦺꦤꦺꦔꦤ꧀ꦱꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸ

ꦣꦝꦶꦱꦺꦏ꧀ꦱꦶꦥꦚꦸꦮꦸꦤꦤ꧀ꦏꦸ



ꦆꦩꦗꦶꦪꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)