Prabu Puntadewa (Yudhistira)
Nunggil panggung benten panggenan Nunggal bebalungane lampahan.
Ingkang wonten pundi tho puniko, wonten keraton ngamarta.
Prabu Puntadewa miyos siniwaka lenggah wonten kursi gading dampar kencana, kinepung rubung pisowanipun kadhang taruna.
Bawane Narendra ingkang lagi Nandang kembeng sungkawa, telenging keraton kencana ngamarta sinawang saking mandrawa ketingal surem pinda dewangkara king king.
Yudhistira menika putra Prabu Pandhu Dewanata kaliyan Dewi Kunthi.
Ingkang minangka titisanipun Bhatara Darma (Dewa keadilan).
Yudhistira menika putra pembarep Pandhawa, dados gadhah sedherek inggih menika Werkudara, Arjuna, Nakula, saha Sadewa.
Dasanamanipun Yudhistira inggih menika Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Gunatalikrama, Samiaji, Dwijakangka, lan Ajathasatru.
Nama Yudhistira menika maknanipun inggih menika raja prajurit, dene Puntadewa menika ateges Punjering kaluhuran.
Garwanipun Yudhistira inggih menika Dewi Drupadi inggh menika putrinipun Prabu Drupada, ratu ing Cempala.
Kagungan putra satunggal ingkang nama Pancawala.
Yudhistira menika pinter olah kaprajuritan saha gagah nalikanipun perang.
Yudhistira watakipun sabar, jujur, nrima ing pandum, boten gampil duka mbok bilih boten nate duka, boten nate goroh, wicaksana, adil, bekti mring Gusti, dhemen tetulung; menapa kemawon ingkang dipundarbeki menawi dipunsuwun tiyang sanes mesthi dipunwenehaken, mila Yudhistira menika sinebut manungsa lega donya lila ing pati.
Yudhistira minangka ratu ing Amarta kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringanipun Bathara Darma, wonten ugi Payung kyai Tunggulnaga, tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong, kang dayanipun menawi Puntadewa/Yudhistira duka lan astanipun nyenggol kalung menika, sanalika sariranipun salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthi kulit warni pethak.
Saking Pandhawa menika namung Yudhistira piyambak ingkang saged tumuju swarga, amargi Yudhistira pancen kagungan sipat ingkang sae kaliyan sampurna
Imajiner Nuswantoro
Aksara Jawanipun :
ꦥꦿꦧꦸꦥꦸꦤ꧀ꦠꦣꦺꦮ(ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫ)
꧋ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦁꦒꦸꦁꦧꦼꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦧꦼꦧꦭꦸꦔꦤꦺꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀꧈
꧋ꦆꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦛꦺꦴꦥꦸꦤꦶꦏꦺꦴ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦼꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦩꦂꦠ꧉ꦥꦿꦧꦸꦥꦸꦤ꧀ꦠꦣꦺꦮꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦶꦮꦏꦊꦁꦒꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦸꦂꦱꦶꦒꦣꦶꦁꦣꦩ꧀ꦥꦂꦏꦼꦚ꧀ꦕꦤ꧈ꦏꦶꦤꦼꦥꦸꦁꦫꦸꦧꦸꦁꦥꦶꦱꦺꦴꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦣꦁꦠꦫꦸꦤ꧉
꧋ꦧꦮꦤꦺꦤꦫꦺꦤ꧀ꦝꦿꦆꦁꦏꦁꦭꦒꦶꦤꦤ꧀ꦝꦁꦏꦼꦩ꧀ꦧꦼꦁꦱꦸꦁꦏꦮ꧈ꦠꦼꦊꦔꦶꦁꦏꦼꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦼꦚ꧀ꦕꦤꦔꦩꦂꦠꦱꦶꦤꦮꦁꦱꦏꦶꦁꦩꦤ꧀ꦝꦿꦮꦏꦼꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦸꦫꦺꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦣꦼꦮꦁꦏꦫꦏꦶꦁꦏꦶꦁ꧉
꧋ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦥꦿꦧꦸꦥꦤ꧀ꦝꦸꦣꦼꦮꦤꦠꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦝꦺꦮꦶꦏꦸꦤ꧀ꦛꦶ꧉ꦆꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦠꦶꦠꦶꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧ꧀ꦲꦠꦫꦣꦂꦩ(ꦣꦺꦮꦏꦺꦪꦣꦶꦭꦤ꧀)꧉ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦥꦼꦩ꧀ꦧꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦮ꧈ꦣꦝꦺꦴꦱ꧀ꦒꦣꦃꦱꦼꦣꦼꦉꦏ꧀ꦆꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦮꦼꦂꦏꦸꦣꦫ꧈ꦄꦂꦗꦸꦤ꧈ꦤꦏꦸꦭ꧈ꦱꦲꦱꦣꦺꦮ꧉ꦣꦱꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦆꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦥꦸꦤ꧀ꦠꦣꦺꦮ꧈ꦣꦂꦩꦏꦸꦱꦸꦩ꧈ꦣꦂꦩꦥꦸꦠꦿ꧈ꦣꦂꦩꦫꦗ꧈ꦒꦸꦤꦠꦭꦶꦏꦿꦩ꧈ꦱꦩꦶꦪꦗꦶ꧈ꦣ꧀ꦮꦶꦗꦏꦁꦏ꧈ꦭꦤ꧀ꦄꦗꦛꦱꦠꦿꦸ꧉ꦤꦩꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦩꦏ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦆꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦫꦗꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦣꦼꦤꦼꦥꦸꦤ꧀ꦠꦣꦺꦮꦩꦼꦤꦶꦏꦄꦠꦺꦒꦺꦱ꧀ꦥꦸꦚ꧀ꦗꦺꦫꦶꦁꦏꦭꦸꦲꦸꦫꦤ꧀꧈
꧋ꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦆꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦣꦺꦮꦶꦣꦿꦸꦥꦣꦶꦆꦁꦒ꦳꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦣꦿꦸꦥꦣ꧈ꦫꦠꦸꦆꦁꦕꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧉ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦆꦁꦏꦁꦤꦩꦥꦚ꧀ꦕꦮꦭ꧉ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦺꦂꦎꦭꦃꦏꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦱꦲꦒꦒꦃꦤꦭꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦫꦁ꧉ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦮꦠꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦧꦂ꧈ꦗꦸꦗꦸꦂ꧈ꦤꦿꦶꦩꦆꦁꦥꦤ꧀ꦝꦸꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦝꦸꦏꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦤꦠꦺꦣꦸꦏ꧈ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦤꦠꦺꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃ꧈ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤ꧈ꦄꦣꦶꦭ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦿꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦣꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦸꦭꦸꦁ;ꦩꦼꦤꦥꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦆꦁꦏꦁꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦂꦧꦺꦏꦶꦩꦼꦤꦮꦶꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦺꦱ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦤꦺꦲꦏꦺꦤ꧀ꦩꦶꦭꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦱꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱꦊꦒꦣꦺꦴꦚꦭꦶꦭꦆꦁꦥꦠꦶ꧉
꧋ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦶꦤꦁꦏꦫꦠꦸꦆꦁꦄꦩꦂꦠꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦸꦱꦏꦗꦩꦸꦱ꧀ꦏꦭꦶꦩꦱꦣꦥꦫꦶꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦛꦫꦣꦂꦩ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦈꦒꦶꦥꦪꦸꦁꦏꦾꦻꦠꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦤꦒ꧈ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦾꦻꦏꦫꦮꦺꦭꦁ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦁꦱꦔꦤ꧀ꦫꦺꦴꦧꦾꦺꦴꦁ꧈ꦏꦁꦣꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤꦮꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦣꦺꦮ/ꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦣꦸꦏꦭꦤ꧀ꦄꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦼꦁꦒꦺꦴꦭ꧀ꦏꦭꦸꦁꦩꦼꦤꦶꦏ꧈ꦱꦤꦭꦶꦏꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦶꦤ꧀ꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦝꦣꦶꦧꦿꦲꦭꦈꦠꦮꦧꦸꦠꦏꦁꦒꦼꦣꦼꦤꦼꦱꦒꦸꦤꦸꦁꦄꦤꦏꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦮꦂꦤꦶꦥꦼꦛꦏ꧀꧈
꧋ꦱꦏꦶꦁꦥꦤ꧀ꦝꦮꦩꦼꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦆꦁꦏꦁꦱꦒꦺꦣ꧀ꦠꦸꦩꦸꦗꦸꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦄꦩꦂꦒꦶꦪꦸꦣꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦱꦶꦥꦠ꧀ꦆꦁꦏꦁꦱꦌꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤ
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ
https://syehhakediri.blogspot.com/2024/04/puntadewa-yudhistira-nunggil-panggung.html
BalasHapus