Sepi ing pangangkah kebak ing panembah ꦱꦼꦥꦶꦆꦁꦥꦔꦁꦏꦃꦏꦼꦧꦏ꧀ꦆꦁꦥꦤꦺꦩ꧀ꦧꦃ

0

Sepi ing pangangkah kebak ing panembah

 ꦱꦼꦥꦶꦆꦁꦥꦔꦁꦏꦃꦏꦼꦧꦏ꧀ꦆꦁꦥꦤꦺꦩ꧀ꦧꦃ


 


 

Ing bawarasa kang kaping IV iki, Sri Kresna nedya mbabaraké wejangan bab panembah manut piwulang kuna, kang satemené uga tinemu ing wulang agama-agama kang pada kita rungkepi ing saiki, mung carané enggoné medaraké baé kang béda, mawa tetembungan lan pepindan kang ora gampang tinampa lamba.

꧋ꦆꦁꦧꦮꦫꦱꦏꦁꦏꦥꦶꦁ꧇꧔꧇ꦆꦏꦶ꧈ꦱꦿꦶꦏꦿꦼꦱ꧀ꦤꦤꦼꦣꦾꦩ꧀ꦧꦧꦫꦏꦺꦮꦼꦗꦔꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦤꦺꦩ꧀ꦧꦃꦩꦤꦸꦠ꧀ꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦏꦸꦤ꧈ꦏꦁꦱꦠꦺꦩꦺꦤꦺꦈꦒꦠꦶꦤꦼꦩꦸꦆꦁꦮꦸꦭꦁꦄꦒꦩꦄꦒꦩꦏꦁꦥꦣꦏꦶꦠꦫꦸꦁꦏꦺꦥꦶꦆꦁꦱꦻꦏꦶ꧈ꦩꦸꦁꦕꦫꦤꦺꦄꦼꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦼꦣꦫꦏꦺꦧꦌꦏꦁꦧꦺꦣ꧈ꦩꦮꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦼꦥꦶꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦏꦁꦎꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦭꦩ꧀ꦧ꧉

 

 

Pangandikané Sri Kresna minangka bebukané :

Kang sun-warahaké marang sira samengko iki, ora ana bédané karo piwulang panunggal ing jaman kuna, awit sira marek lan ingsun, utawa manjing mitraningsun, sajatiné iku wewadi kang luhur déwé.

Wondéné wejangan bab panembah manut piwulang kuna mau, isih nedya nerangaké panembah kang rong rupa, yaiku sarana makarti lan ora sarana makarti. Sarana tumindak ngrampungaké panggawé lan ora sarana tumindak nindakaké sawijining panggawé, kasebut ing pada 16 tumekané 20 :

ꦥꦔꦤ꧀ꦝꦶꦏꦤꦺꦱꦿꦶꦏꦿꦼꦱ꧀ꦤꦩꦶꦤꦁꦏꦧꦼꦧꦸꦏꦤꦺ꧇

꧋ꦏꦁꦱꦸꦤ꧀ꦮꦫꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦱꦩꦺꦁꦏꦺꦴꦆꦏꦶ꧈ꦎꦫꦄꦤꦧꦺꦣꦤꦺꦏꦫꦺꦴꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦆꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦸꦤ꧈ꦄꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦫꦩꦫꦺꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦈꦠꦮꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦩꦶꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀‌ꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦆꦏꦸꦮꦼꦮꦣꦶꦏꦁꦭꦸꦲꦸꦂꦣꦺꦮꦺ꧉

 

III - 16

Endi kang ingaran panggawé, lan endi kang diarani nindaki panggawé, sanadyan para winasis, pada bingung panampané bab iku, mulané ingsun nedya nerangaké panggawé marang sira, sarana meruhi iku, sira bakal ruwat saka piala.

꧋ꦄꦼꦤ꧀ꦝꦶꦏꦁꦆꦔꦫꦤ꧀ꦥꦁꦒꦮꦺ꧈ꦭꦤ꧀ꦄꦼꦤ꧀ꦝꦶꦏꦁꦣꦶꦪꦫꦤꦶꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦶꦥꦁꦒꦮꦺ꧈ꦱꦤꦣꦾꦤ꧀ꦥꦫꦮꦶꦤꦱꦶꦱ꧀ꦥꦣꦧꦶꦔꦸꦁꦥꦤꦩ꧀ꦥꦤꦺꦧꦧ꧀ꦆꦏꦸ꧈ꦩꦸꦭꦤꦺꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦼꦣꦾꦤꦼꦫꦔꦏꦺꦥꦁꦒꦮꦺꦩꦫꦁꦱꦶꦫ꧈ꦱꦫꦤꦩꦼꦫꦸꦲꦶꦆꦏꦸ꧈ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦫꦸꦮꦠ꧀ꦱꦏꦥꦶꦪꦭ꧉

Artinya :

Demikianlah sebab terjadinya perputaran roda, (dan) ia yang tak ikut dalam perputarannya itu berbuat jahat, selalu berusaha memenuhi nafsu indranya, sesungguhnya ia hidup dalam sia-sia, wahai Pàrtha.

 

III - 17

Sabab panggawé kudu disumurupi bédané, panggawé kang dudu, uga kudu wineruhan bédané, apa déné ora anindakake panggawé iya kudu diweruhi bédané, angél sinau nyumurupi lakuning panggawé.

꧋ꦱꦧꦧ꧀ꦥꦁꦒꦮꦺꦏꦸꦣꦸꦣꦶꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥꦶꦧꦺꦣꦤꦺ꧈ꦥꦁꦒꦮꦺꦏꦁꦣꦸꦣꦸ꧈ꦈꦒꦏꦸꦣꦸꦮꦶꦤꦺꦫꦸꦲꦤ꧀ꦧꦺꦣꦤꦺ꧈ꦄꦥꦣꦺꦤꦺꦎꦫꦄꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦏꦺꦥꦁꦒꦮꦺꦆꦪꦏꦸꦣꦸꦣꦶꦮꦺꦫꦸꦲꦶꦧꦺꦣꦤꦺ꧈ꦄꦔꦺꦭ꧀ꦱꦶꦤꦻꦴꦚꦸꦩꦸꦫꦸꦥꦶꦭꦏꦸꦤꦶꦁꦥꦁꦒꦮꦺ꧉

Artinya :

Ia yang bersenang hati pada sang Diri, terpuaskan dengan sang Diri, dan terpusatkan pada sang Diri-nya itu, sesungguhnya baginya tidak ada kewajiban yang harus dilakukannya.

 

III - 18

Sing sapa sumurup bab panggawé kang tanpa agawé, - lan kang tanpa gawé, - lan kang tanpa gawé, nanging nyambut gawé, - iku wong wicaksana, iku wus ngumpul dadi siji, sanadyan déwéké anindakaké sadéngah panggawé.

꧋ꦱꦶꦁꦱꦥꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦁꦒꦮꦺꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦄꦒꦮꦺ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦒꦮꦺ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦒꦮꦺ꧈ꦤꦔꦶꦁꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺ꧈ꦆꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤ꧈ꦆꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦝꦣꦶꦱꦶꦗꦶ꧈ꦱꦤꦣꦾꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦺꦄꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦏꦺꦱꦣꦺꦔꦃꦥꦁꦒꦮꦺ꧉

 

Artinya :

Baginya di dunia ini tak ada tujuan yang dicari dengan melakukan kegiatan kerja, ataupun merasa rugi karena tidak bekerja; ataupun tak merasa tergantung lagi pada siapapun juga.

 

III - 19

Sing sapa sakéhing lekasé panggawéné wus sepi ing kamélikan, sing sapa panggawéné tinunu ing geni kawicaksanan, para sarjana angarani; iku wong wicaksana.

꧋ꦱꦶꦁꦱꦥꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦊꦏꦱꦺꦥꦁꦒꦮꦺꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦱꦼꦥꦶꦆꦁꦏꦩꦺꦭꦶꦏꦤ꧀ꦱꦶꦁꦱꦥꦥꦁꦒꦮꦺꦤꦺꦠꦶꦤꦸꦤꦸꦆꦁꦒꦼꦤꦶꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀‌ꦥꦫꦱꦂꦗꦤꦄꦔꦫꦤꦶ;ꦆꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤ꧉

Artinya :

Oleh karena itu, laksanakanlah segala kerja sebagai kewajiban tanpa terikat (pada akibatnya), sebab dengan melakukan kegiatan kerja yang bebas dari keterikatan, orang itu sesungguhnya akan mencapai yang utama.

 

III - 20

Sawusé ora mélik marang wohing panggawé lan tansah narima sarta ora nedya ngupaya pangayoman liya, iku déwéké ora manggawé, sanadyana nambut gawéa.

꧋ꦱꦮꦸꦱꦺꦎꦫꦩꦺꦭꦶꦏ꧀ꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦮꦺꦭꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦤꦫꦶꦩꦱꦂꦠꦎꦫꦤꦼꦣꦾꦔꦸꦥꦪꦥꦔꦪꦺꦴꦩꦤ꧀ꦭꦶꦪ꧈ꦆꦏꦸꦣꦺꦮꦺꦏꦺꦎꦫꦩꦁꦒꦮꦺ꧈ꦱꦤꦣꦾꦤꦤꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺꦪ꧉

Artinya :

Sesungguhnya dengan kerja itu saja, prabu Janaka dan lainnya mencapai kesempumaan. Terpeliharanya dunia sesungguhnya demikian juga, engkau hendaknya memperhatikan dalam melakukannya.

 

 

Nyata saka tetembungan ing kidung kasebut ing nduwur, yén ta ora banget-banget enggon kita ngudi amrih bisané mangerti, angél tinemuné saripathiné wejangan kang sejati.

 

 

Mungguh karepé yén dijarwakaké ing tetembungan prasaja baé, wossé : panembah manut kawruh jaman kuna kang diwedaraké déning Sri Kresna iku, jinisé ana rong warna, kang siji katoné kaya ora makarti, nanging luguné nindakaké panembah, sijiné manéh katoné kaya-kaya makarti, nanging nyatané ora nindakaké panembah.

 

Pepindané wong kang meneng, nindakaké semédi, katoné gak ora obah, ora magawé, nanging nyatané jiwané nuju meleng sawiji, manembah marang sesembahané. Wong kang mangkéné iki klebu magawé kang tan agawé, manembah kang sarana ora makartékaké badan wadagé, kang makarti mung badan alusé.

Kosok baliné, wong kang katoné manembah sarana nindakaké kurban, asung bebanten ing nalika ana upacara panembah, - nanging yén atiné ora mélu manembah, mung anggagas prakara liyané, - kang mengkono mau kena disebut magawé kang tanpa gawé. Manembah kang ora manembah, marga isih kalimput déning kekarepan liya-liya kang ngambra-ambra.

 

Pepindané manéh, wong kang nuju muja semédi, ngeningaké cipta, katoné kaya temen-temen, manembah ing Gusti, nanging yén tujuwané ora mligi manembah, mung nedya nyenyuwun apa ta apa kanggo kaperluwané déwé, wong kang mangkéné iki ora kena diarani magawé kang tan agawé, nanging magawé kang tanpa gawé. Marga isih ndarbéni kamélikan, nduwéni pangangkah.

 

Tuladané liya, wong kang nindakaké sawijining pakaryan kanggo kaperluwaning babrayan, yén ta enggoné nyambutgawé mau mligi kanggo kabecikan minangka panembah marang Pangéran, kanthi sucining ati minangka amal jariyah, - wong kang mengkéné iki nadyan wujudé ora semédi, ora asung kurban, - nanging wus klebu éwoning panembah, magawé kang agawé.

 

Dadi sanjatané, yén ana sawénéhing wong kang nindakaké tapa ana ing guwa, adoh saka alam karaméyan, durung mesthi yén nyata-nyata nindakaké panembah, marga bisa uga enggoné martapa mau mung marga saka ndarbéni pangangkah kepéngin munggah drajad, kepéngin antuk pakurmatan, kepéngin misuwur jenengé, utawa mung kanggo show baé, lan sapituruté sabangsané pepénginan kadonyan.

 

 

Diterangaké manéh déning Sri Kresna wujudé panembah kang nyata-nyata panembah, ana ing kidung 21 nganti 23, saterusé :


III - 21

Yé batiné ora ngarep-arep, amambeng kekarepané déwé, sarta sawusé anglilakaké sadéngah kang migunani awaké, sanadyan badané nindaki panggawé iku wus kalis ing dosa.

꧋ꦪꦺꦧꦠꦶꦤꦺꦎꦫꦔꦫꦺꦥ꧀ꦄꦫꦺꦥ꧀ꦄꦩꦩ꧀ꦧꦺꦁꦏꦼꦏꦫꦺꦥꦤꦺꦣꦺꦮꦺ꧈ꦱꦂꦠꦱꦮꦸꦱꦺꦄꦁꦭꦶꦭꦏꦏꦺꦱꦣꦺꦔꦃꦏꦁꦩꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦄꦮꦏꦺ꧈ꦱꦤꦣꦾꦤ꧀ꦧꦣꦤꦺꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦶꦥꦁꦒꦮꦺꦆꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦭꦶꦱ꧀ꦆꦁꦣꦺꦴꦱ꧉

Artinya :

Apapun juga kebiasaan yang baik itu dilakukan, orang lain juga akan me-ngikutinya. Teladan apapun yang dilakukannya, dunia akan mengikutinya. 

 

III - 22

Panarima kang tinemuné sarana kang mangkono mau, lan wus ora duwé sisihan kang kosok bali, ora drengki, lan wus nganggep begja utawa cilaka: pada baé, - déwéké iku sanadyan nindaki panggawé: wus ora kabanda.

꧋ꦥꦤꦫꦶꦩꦏꦁꦠꦶꦤꦺꦩꦸꦤꦺꦱꦫꦤꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦻꦴ꧈ꦭꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦎꦫꦣꦸꦮꦺꦱꦶꦱꦶꦲꦤ꧀ꦏꦁꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦭꦶ꧈ꦎꦫꦣꦿꦼꦁꦏꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦔꦁꦒꦺꦥ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦈꦠꦮꦕꦶꦭꦏ꧇ꦥꦣꦧꦌ꧈ꦣꦺꦮꦺꦏꦺꦆꦏꦸꦱꦤꦣꦾꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦶꦥꦁꦒꦮꦺ꧇ꦮꦸꦱ꧀ꦎꦫꦏꦧꦤ꧀ꦝ꧉

 

Artinya :

Tak ada pekerjaan yang harus kukerjakan diketiga dunia ini, atau yang belum Aku capai, wahai Arjuna, tetapi aku tetap sibuk dalam kegiatan kerja.

 

III - 23

Sadéngaha baé, sing sapa karemé wus sirna, iya iku kang mardika, sing sapa atiné wus ora kendo pangiketé marang kawicaksanan, iya iku kang ingaran mindeng pangudiné, déwéké ruwat saka sagunging panggawé.

꧋ꦱꦣꦺꦔꦲꦧꦌ꧈ꦱꦶꦁꦱꦥꦏꦫꦺꦩꦺꦮꦸꦱ꧀ꦱꦶꦂꦤ꧈ꦆꦪꦆꦏꦸꦏꦁꦩꦂꦣꦶꦏ꧈ꦱꦶꦁꦱꦥꦄꦠꦶꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦎꦫꦏꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦥꦔꦶꦏꦺꦠꦺꦩꦫꦁꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦆꦪꦆꦏꦸꦏꦁꦆꦔꦫꦤ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦝꦺꦁꦥꦔꦸꦣꦶꦤꦺ꧈ꦣꦺꦮꦺꦏꦺꦫꦸꦮꦠ꧀ꦱꦏꦱꦒꦸꦔꦶꦁꦥꦁꦒꦮꦺ꧉

Artinya :

Sebab kalau Aku tidak selalu bekerja tanpa henti-hentinya, orang takakan mengikuti jalan-Ku itu dalam segala bidang apapun juga.

 


Dadi wossé baé : lagi aran panembah, yén sepi ing pangangkah, kebak ing panembah. Sepi ing panyuwunan kanggo kaperluwaning diri pribadi, nanging mligi mung nedya mangastuti ing padaning Gusti. Sepi ing pepénginan kanggo kaperluwaning déwé utawa kulawargané, nanging temen-temen mung kara Sang Hyang Widhi, karana pangéran, manembah mung mligi manembah tanpa suprih-pamrih, tanpa kamélikan, mligi umarak ing ngarsaning Kang Wajib Sinembah.

 

Ing pada kang kaping 23 (kang wekasan) ing nduwur iku disebutaké, yén sing sapa karemé wis sirna, iku kang wis mardika. Mardika tegesé wis ora dijajah déning pancéndriyané, ora kaeréh déning watak-watak kang asor, lan iya ora dadi baturé kekarepan-kekarepan lan pikiran-pikiran kang ngambra-ambra, kang mung nedya golék énak-kepénak kang ora langgeng.

 

Wong kang wis bisa merangi Kurawa-né déwé kang dumunung ana ing sajroning badané, kang awujud ubaling pancéndriya lan lumébéring hawanepsu, - iku kang dikarepaké wong mardika. Sapa baé kang wis bisa menang perangé mungsuh Kurawa kang dianggep kaya seduluré déwé, disihi kaya wong kang ditresnani, - kang awujud pakareman lan kasenengan kadonyan, - wong kang menang mau, aran mardika.

 

Mardika, marga wis ora kabanda déning ubaling pancéndriya, ora kabanda déning hawanepsu, ora kabanda déning pepénginan egoisme lan kekarepan kang sasar.

 

 

Sri Kresna banjur nerangaké bab kurban kang ditindakaké déning wong kang nindakaké upacara-upacara panembah, kang sejatiné durung mesthi yén bakal mikoléhi tumrap kang nindakaké. Asung kurban utawa bebanten kang wujud apa baé, sejatiné kang permati dudu saka apa wujudé kang dikurbanaké, nanging saka niyaté lan saka atiné kang nindaki, kasebut ing pada 32 nganti 39 :

 

IV - 32

Mangkono sarananing kurban kang sinajékaké marang Brahma, kawruhana manawa sagunging kurban iku jalaran panggawé, yén sira weruhi iku mau, sira bakal antuk pamudaran/moksa.

꧋ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦱꦫꦤꦤꦶꦁꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦏꦁꦱꦶꦤꦗꦺꦏꦏꦺꦩꦫꦁꦧꦿꦃꦩ꧈ꦏꦮꦿꦸꦲꦤꦩꦤꦮꦱꦒꦸꦔꦶꦁꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦆꦏꦸꦗꦭꦫꦤ꧀ꦥꦁꦒꦮꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦼꦫꦸꦲꦶꦆꦏꦸꦩꦻꦴ꧈ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦄꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦩꦸꦣꦫꦤ꧀/ꦩꦺꦴꦏ꧀ꦱ꧉

Artinya :

Banyak dan beraneka warna persembahan yajña bhakti dihaturkan kepada Brahman, semuanya itu berasal dari kerja; mengetahui ini, engkau akan mencapai moksa.

 

 

 

 

 

 

 

IV - 33

Kang luwih prayoga saka kurban samubarang kang mawujud, iya iku kurban kawicaksanan, ora nganggo pinilah salwiring panggawé, iku bisa ruwat ing dalem kawicaksanan.

꧋ꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦱꦏꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦁꦩꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦆꦪꦆꦏꦸꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀‌ꦎꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦥꦶꦤꦶꦭꦃꦱꦭ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦥꦁꦒꦮꦺ꧈ꦆꦏꦸꦧꦶꦱꦫꦸꦮꦠ꧀ꦆꦁꦣꦊꦩ꧀ꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀꧈

Artinya :

Persembahan berupa ilmu pengetahuan, wahai Arjuna, lebih mulia dari pada persembahan materi; dalam keseluruhannya semua kerja ini akan mendapatkan apa yang diinginkan dalam ilmu pengetahuan, wahai Pàrtha.

 

IV - 34

Angudiya kawruh mau kang kongsi katemu, sarana sinau, sarana neniténi utawa anglakoni, - para wicaksana kang wus ora kasamaran bakal awéh pituduh kawicaksanan ing sira.

꧋ꦄꦔꦸꦣꦶꦪꦏꦮꦿꦸꦃꦩꦻꦴꦏꦁꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦏꦠꦺꦩꦸ꧈ꦱꦫꦤꦱꦶꦤꦻꦴ꧈ꦱꦫꦤꦤꦺꦤꦶꦠꦺꦤꦶꦈꦠꦮꦄꦁꦭꦏꦺꦴꦤꦶ꧈ꦥꦫꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦎꦫꦏꦱꦩꦫꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦄꦮꦺꦃꦥꦶꦠꦸꦣꦸꦃꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦆꦁꦱꦶꦫ꧉

Artinya :

Pelajarilah itu dengan sujud disiplin, dengan bertanya dan dengan pelayanan; orang bijaksana, yang melihat kebenaran, akan mengajarkan kepadamu pengetahuan itu.

 

IV - 35

Yén sira meruhi iku, sira ora bisa kasasar manéh, héh Pandutanaya, - sarana mau, sira bakal weruh sagunging dumadi ing dalem Sukma, utawa sarana Sukma sira bakal meruhi kahananingsun.

꧋ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩꦼꦫꦸꦲꦶꦆꦏꦸ꧈ꦱꦶꦫꦎꦫꦧꦶꦱꦏꦱꦱꦂꦩꦤꦺꦃ꧈ꦲꦺꦃꦥꦤ꧀ꦝꦸꦠꦤꦪ꧈ꦱꦫꦤꦩꦻꦴ꧈ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦱꦒꦸꦔꦶꦁꦣꦸꦩꦣꦶꦆꦁꦣꦊꦩ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈ꦈꦠꦮꦱꦫꦤꦱꦸꦏ꧀ꦩꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦩꦼꦫꦸꦲꦶꦏꦲꦤꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈

Artinya :

Setelah mengetahui segalanya ini, engkau tak kebingungan lagi, wahai Pàóðava, dengan demikian engkau melihat, tanpa kecuali, segala ciptaan dalam àtmanmu, kemudian dalam Aku.

 

IV - 36

Sanadyan pidosanira ngungkuli sarupaning wong kang nandang dosa, asarana kawicaksanan, sira bakal bisa nempuh angliwati samodraning piala.

꧋ꦱꦤꦣꦾꦤ꧀ꦥꦶꦣꦺꦴꦱꦤꦶꦫꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦱꦫꦸꦥꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦤꦤ꧀ꦝꦁꦣꦺꦴꦱ꧈ꦄꦱꦫꦤꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦱꦶꦫꦧꦏꦭ꧀ꦧꦶꦱꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃꦄꦁꦭꦶꦮꦠꦶꦱꦩꦺꦴꦣꦿꦤꦶꦁꦥꦶꦪꦭ꧉

Artinya :

Walau seandainya engkau paling berdosa diantara manusia yang memikul dosa, dengan perahu ilmu pengetahuan ini, lautan dosa akan engkau seberangi.

 

IV - 37

Kaya déné geni angobong kayu nganti dadi awu, - héh Arjuna, - mangkono geni kawicaksanan ambrastha sakéhing panggawé.

꧋ꦏꦪꦣꦺꦤꦺꦒꦼꦤꦶꦄꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦏꦪꦸꦔꦤ꧀ꦠꦶꦣꦝꦶꦄꦮꦸ꧈ꦲꦺꦃꦄꦂꦗꦸꦤ꧈ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦒꦼꦤꦶꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦄꦩ꧀ꦧꦿꦱ꧀ꦛꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦮꦺ꧉

Artinya :

Bagaikan api menyala, wahai Arjuna yang membakar kayu api menjadi abu, demikian pula api ilmu pengetahuan membakar segala karma menjadi abu.

 

IV - 38

Karana ing kéné wus ora ana manéh kang utamané ngungkuli kawicaksanan, sawusé anglakoni panunggal kongsi samekta, ing kono bakal tinemu déwé : sasana ing dalem Sukma.

꧋ꦏꦫꦤꦆꦁꦏꦺꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦎꦫꦄꦤꦩꦤꦺꦃꦏꦁꦈꦠꦩꦤꦺꦔꦸꦁꦏꦸꦭꦶꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦱꦮꦸꦱꦺꦄꦁꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦱꦩꦺꦏ꧀ꦠ꧈ꦆꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦧꦏꦭ꧀ꦠꦶꦤꦼꦩꦸꦣꦺꦮꦺ꧇ꦱꦱꦤꦆꦁꦣꦊꦩ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧉

Artinya :

Tak ada sesuatupun di dunia ini yang dapat menyamai kesucian ilmu pengetahuan; mereka yang sempurna dalam yoga akan memenuhi dirinya sendiri dalam jiwanya pada waktunya.

 

IV - 39

Sing sapa darbé piyandel, sing sapa nganggep luhur déwé, lan sing sapa nyegah kekarepané, bakal antuk kawicaksanan, yén déwéké wus anduwéni kawicaksanan, ora antara suwé bisa tekan ing kantentreman kang linuhung.

꧋ꦱꦶꦁꦱꦥꦣꦂꦧꦺꦥꦶꦪꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦱꦶꦁꦱꦥꦔꦁꦒꦺꦥ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦣꦺꦮꦺ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦱꦥꦚꦼꦒꦃꦏꦺꦏꦫꦺꦥꦤꦺ꧈ꦧꦏꦭ꧀ꦄꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦏꦺꦮꦸꦱ꧀ꦄꦤ꧀ꦝꦸꦮꦺꦤꦶꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀‌ꦎꦫꦄꦤ꧀ꦠꦫꦱꦸꦮꦺꦧꦶꦱꦠꦼꦏꦤ꧀ꦆꦁꦏꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦠꦿꦺꦩꦤ꧀ꦏꦁꦭꦶꦤꦸꦲꦸꦁ꧉

Artinya :

Ia yang memiliki kepercayaan, pengabdi dan menguasai pañca indranya, memperoleh ilmu pengetahuan; dengan memiliki ilmu pengetahuan ia menemui kedamaian abadi.

 

 

Kurban utawa bebanten iku pisungsung lahir marang Sesembahan. Wujudé rupa-rupa, manut kapiyandelané kang nindakaké. Pisungsung lahir minangka upacara pakurmatan kang kudu sinartan pisungsung batin kang mijil saka ati kang suci. Yén ta kurban mau mung ditindakaké kadidéné pisungsung lumrah kaya panindak marang wong sapada-padaning urip kang dikurmati, - sejatiné penggawé mangkono mau ora ndarbéni wigati kang pengaji.

 

Kurban kang arupa barang, kuduné mung sawijining tanda yekti minangka panembahing ati, panembahing keyakinan kang tuwuh saka niyat mligi nedya nembah karana Gusti, tanpa kamélikan, tanpa suprih-pamrih.

 

Manut Sri Kresna, ing antarané kurban kang luhur, ora ana liya kejabané kurban kawicaksanan. Liré, pisungsung kang arupa pakarti kang temen-temen sepi ing pangangkah, pisungsung kang awujud penembah kang temen-temen mligi akarana Gusti, tanpa kasisipan ing kamélikan sethithik-thithika.

 

Yén wis kaya mangkono sipaté, wis temen-temen sepi ing pangangkah tumrap badané déwé, nanging kebak ing panembah, - wong kang mangkono yén puput yuswa, bakal tekan ing katentreman kang linuhung. Tembungé liya, bakal bisa sasana ing ndalem Sukma, yaiku bisa manggon “saomah” kumpul karo Sukma, yén ing agama Islam ditembungaké : bali marang rahmating Allah, yén ing agama Kristen ditembungaké : bali umarak marang pangayunaning Gusti.

 

Manut falsafah Hindu kang diwejangaké déning Sri Kresna iki, ukara sasana ing ndalem Sukma mau, tegesé ora bakal bali linahiraké ing ndonya manéh, donya kang dianggep kebak sangsara lan kudu ngrasakaké bungah lan susah nandang apa baé kang sarwa ora langgeng.

 

 

 

Imajiner Nuswantoro





Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)