SASMITANING PATI

0

SASMITANING PATI



 

SEPISAN

Mungguh kang dadi tonda tandaning sasmitaning pati iku mangkene :

Ing sakawit yen sira tangi turu, duwe pangrasa rasaning pikir lan atimu, ora tetep seneng, duwe pangrasa kang during tau ngalami serta rasaning lakuning napas ora kaya adat saben, tegese wis kurang lancar. Yaiku tanda yen wis ana utusan saka Pangeran bakal mati kurang 20 dina. Iku nyatane sastratjeta tjarakan mau.

Ing kono sira wayahe masrahake jiwa lan raga marang Gusti Allah, mantrane mangkene : Ingsun masrahake kang dadi panguwasaning Pangeran wolung prakara, yaiku Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa, Pamiarsa, Paningal lan Panggonda. 

Muga pada muliha marang asalika saka kodrat Ingsun.

 

Yen wis masrahake mangkono wajib sira ngurangi kareping wolung prakara iku, kaya kang kasebu ing ngisor iki :

1.     Roh,  napase roh kudu disirnakake, umpama maune sadurunge tompa sasmita karem banget ngumpuli marang wanita, sakiki banjur ora ngumpuli  wanita maneh.

2.     Napas,  napsuning napas kudu disirnakake, tegese umpama kepetuk mungsuh ora  kena sengit, ora kena napsu marang sapa bae, atine kudu digawe sabar, pulatan kudu sumeh, yen rumongsa duwe dosa marang sapa bar, inggal jaluk panggapura, rasane sing nganti kandas ing lahir batin.

3.     Budi,  ilangana krentenging budi kang ora iklas-lila sanajan duwe bonda mayuta juta regane, anak bojo kang kinasih kabeh iku lilakna =  iklasna, paribasane samendang pinara sewu wis ora bakal dieman neh.

4.     Iman,  sampurnakna imanmu, tegese kabeh tindak lakumu kang sarwa pasrah lan  sabar mung gumolong meleng sawiji tumuju marang sediyamu kang sejati, bali marang asal mula mulanira.

5.     Pangrasa,  golongan tekatmu, aja duwe pangrasa kang ora becik, sanajan sira  krungu wong omong kang ora tata, umpamane sira dipisuhi, iku tampanen kanti pangrasa kang becik, aja nganti obah atimu, duwe  pangira marang liya kang ora becik, iku uga ora kena. Cekake kabeh  kedaden ing alam donya iki becik kabeh, dadi pangrasamu mung nrima (  nompo kabeh kahanan kang ala lan becik digawe pada ).

6.     Pamiarsa,  napsuning pangrungu kudu disirnakake, tegese aja ngrasakake suwara  kang sarwa nikmat lan nyenengake utawa gawe bungahing atimu. Dadi  karepe aja nganti trima marang sakwernaning suwara kang ana ing alam  donya.

7.     Paningal,  sirnakna napsuning paningal, tegese aja nganti duwe (weruh) marang  rerupan apa bae kang asal saka alam donya.

8.     Panggonda  , pangambu sirnakna, tegese aja nganti kena panggandaning pangambu,  gonad sedep arum wangi aha nganti manjing ing sanubarimu,kang kudu  diesti mung gandane diri pribadi.

 

KANG KAPINDO : 

Yen wis ngrasa bisa nguwasani lahir lan batin, tegese wis bisa kasembadan apa kang dadi sediyane, hananging ing kono isih apa rasa bungah lan susah. 

Manawa bungah rasane luwih bungah banget, yen susah uga mangkono rasane nganti kandas ing batin. 

Paribasane nganti ora kena diukur susahe.uga banjur krungu suwara kang selawase durung tau krungu, lan ora katon sapa kang nyuwara mau lan uga mambu gonda kang durung nate gonda, kaya mambu gandane bayi kang nembe lahir saka biyunge. 

Yen weruh rerupan ya rupa kang sarwa elok ya iku tanda yen utusan mau lagi poncakara (perang) iku tegese wis kurang 15 dina maneh bakal tilar donya. Ya iki buktine : Dha, ta, sa, wa, la.

 

Yen wis ana tanda mangkono, ya iku wis tutuk wayahe masrahake gawa kang asal saka Bapa lang Biyung, mantrane mangkene :

 

Ingsun masrahake kang dadi panguwasane Bapa lan Biyung wolung bab, yaiku : kang asal saka Bapa, getih, daging, kulit, uteg, dene kang saka Biyung : balung, sungsum, urat, jeroan, pada muliha marang asal ira saka kodrat Ingsun.

 

Yen wis masrahake mangkone iki, sira tumuli semadi kaya wulangan bab semadi kang sapisan ing ngarep. Manawa tata carane semadi mau wis dilakoni kabeh, sira mujia mangkene : “Ashadu tibaning rasa Allah, patemone Rasullulla, sampurnane iya Rasullullah”.

 

Puji iki di ucapke yen wayah arep turu lang tangi turu. Nanging yen arep turu kudu moca uncine mangkene : “Niat Ingsun turu, badan gumuling atiku eling, roh madep imanku tetep”. Dene yen tangi turu wacane mangkene : “Sirrullah kang mati, dattullah kang urip.”

 

 

KANG KATELU

Manawa pikiran wis krasa ora ajeg, tegese nggrambyang utawa cat eling cat lali, lan ambuning napas uga wis beda karo adat sabene, iku tetepi sasmita mratandani kurang 7 dina maneh tumeka ing pati, yaiku nyatane Pa, da, dja, ya, nya.

 

Ing kono wektune neguhake utawa golongake pikiran, was sumelang kudu disirnakake, aja kuwatir apa apa, mung kang esti rasa lila legawa. Lila marang kabeh donya branane, wis wancine didumake marang ahliwarise, yen duwe kawruh (ilmu) apa bae uga wajib lang inggal di tampakake (diwejangake) marang sapa bae kang pantes lan bisa nompa.

 

Legwa masrahake jiwa ragane marang Gusti Allah, rasaning ati nganti lega (iklas) wus ora ana barang sawiji kang den akoni. Ing kono kari rasa sucining batin kang ana. Yen duwe welas (welingan marang anak putu apa sadulur lan liyane, inggal tuturana (kahirna) perlune supaya yen wis tumeka wancine muling ing alam baka, wis ora ragu ragu apa mandek tumulih dadi bisa gawe  padang dalane dewe.

 


KANG KAPING PAPAT

Manawa sira wis krasa arep turu bae, (tansah ngantuk) iku pratanda yen kekuwataning paningal wis kumpul ana ing uteg, iku tegese wis mlebu wayah tinggal donya yaiku Ma ga ba tha nga.

 

Ing kono sira kudu ngatur lan jaga, aja nganti ana rasa owah gingsir, sanajan mung samendang pinara sewu. Kang ana mung awas lan eling marang isi sarine kawruh kang wis sira rungkebi, kumpul gumolong dadi siji ana ing agen agenmu tumuju marang kang sira sediya.

 

Yaiku retine Ha lan Nga kang hamengku lan murbawasesa kabeh kang dumadi.

 

AUM AWIGNAM NASTU NAMAS SIDDAN




Koleksi Artikel Imajiner Nuswantoro

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)