JANTURAN KAHYANGAN WAYANG PURWO

0

Janturan KaHyangan WAYANG PURWO 

 

 



Swuh rep hening sasanti sakala niskala.


Ana carita mijil saking cipta nirmala

Nir kumaraning prasidha-sidha dadining budaya yekti saking adi wahyu jatmika.

Lumantar tangan-tanganing manungsa wus angukir sejarah mangsa lalu, tuhu menika ingkang sinebut maha-karya budaya agung Wayang Purwa.

Ampak-ampak sumilak pedhut swuh katiyubing samirana.

Sumirat soroting surya pajar kencar-kencar amadhangi cakrawala ambabar cahya bingar.

 

Rajaning rahina amadhangi sagung dumadi. Bumi gumelar langit amayungi hawa paring daya; thukul jamur, lumut, suket, godhong, kayu, nganti wit-witan kang gedhe-gedhe ngrembayah pang miwah godhonge; paring urip sagung kang kumelip, kang rumangkang, kang anggramah, kang bisa kumecap, kang kumrembyah, kang bisa jumangkah sato kewan, tetuwuhan myang kutu-kutu walang ataga.

 

Peksi-peksi samya ngoceh sseautan pating kaleper mabur sumusup telenging mega, mangayu bagya praptaning sang gagat enjang. Saweneh peksi garodha nglayang, kakablak angebar swiwi ngaleyang enggak, yayah angregem-ngregema jagad.

 

Soroting surya sumiwi jarambahing kedhaton kang winangun pandhapa joglo wenang sinebut, bale raras Martyukundhamanik kahyangan Suralaya, Ngondar-andir Bawana, Paparyawarna, Ujung Giri Kaelasa, ya ing Anapurna.

Marma sinebut Suralaya; Sura tegese Dewa; Laya tegese papan. Wus kinodrat dadya sasananing para Dewa-Dewi, Hapsara-Hapsari, Dantwara-Dantwari, Widadara-Widadari, Kinara-Kinari, myang Gandarwa-Gandarwi.

 

Wenang den ucapna sinten ta susuhanning para Dewa anenggih, bebisik Sang Hyang Jagad Giri Nata, ya Sang Hyang Nilakantha, ya Sang Hyang Siwah Budya, ya Siwah Maha Guru, ya Siwah Maha Dewa, ya Siwah Bairawa. Sutaning Sang Hyang Tunggal, wayahing Sang Hyang Wenang, buyuting Sang Hyang Nur Rasa, canggahe Sang Hyang bagindha Sis.

Wus manunggal tetunggalan sarira lawan angganing Sang Hyang Jagad Giri Nata.

Marma kawasa angratoni tri bawana; Suralaya jagading para Dewa, Suranggangkara jagading manungsa, Suradewi jagading jim. Saka agunging panguwasa temah winenangake amangku suwarga Tinjomaya, angungkurake kawah Candradimuka nisbating naraka jahanam, bangkit anyipta wot ogal-agil myang gapura sela-matangkep.

 

Amarengi hari anggara kasih mangsa palguna kepareng pinarak lenggah mungging bale-aras Marcukundhamanik, bebancik sunguning lembu Andini sineba para Dorandara.

Sang Hyang Sambo, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Indra, Sang Hyang Wisnu pepak pasebaning para Dewata myang Dorandara.

Pinandhegan nindyamantri wasesaning Suralaya anenggih jawa ing Makandhipura ya ing Usada Pangudal-udal; Sang Hyang Naradha, ya Sang Hyang Kanekaputra.

 

Amarengi Sang Hyang Siwah Maha Guru kepareng lenggah sinewaka, mriksani badhaya agung ingkang den sarirani dening para hapsari ingkang pinandhagen manthasaning widodari bathari Tilottama.

Para dewa kerem ing kaheningan.

 

 

Mengenal Tokoh Wayang Kulit Purwa





 

Imajiner Nuswantoro

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)