PUJINE NAPSU PATANG PRAKARA

0

PUJINE NAPSU PATANG PRAKARA

 

 




 

1. Lawwammah,  iku  af’aling  urip, rupane  ireng, plawangane cangkem, dununge ing waduk, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, iku sapurnaning cipta lan ripta.

 

2.  Amarah, iku asmaning urip rupane kuning, plawangane ing kuping, dununge ing jantung, pujine ; ” Ilah…Ilah “, iku sampurnaning sir lan angen-angen.

 

3. Supiyah, iku sifating urip rupane ijo, plawangane ing irung, dununge ing amperu, pujine ; ” Imanahu …Imanahu “, iku sampurnaning osik lan meneng.

 

4. Muthmainah, iku  Dzating  urip,  rupane   putih, plawangane ing mata, dununge ing pepusuh, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, iku sampurnaning budi lan rasa.



Aksara Jawanipun :

ꦥꦸꦗꦶꦤꦺꦤꦥ꧀ꦱꦸꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫ


꧋꧇꧑꧇꧉ꦭꦮ꧀ꦮꦩ꧀ꦩꦃ꧈ꦆꦏꦸꦄꦥ꦳꧀’ꦄꦭꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀‌ꦫꦸꦥꦤꦺꦆꦫꦺꦁ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦕꦁꦏꦺꦩ꧀‌ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦮꦣꦸꦏ꧀‌ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦪꦲꦸ…ꦪꦲꦸ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠꦭꦤ꧀ꦫꦶꦥ꧀ꦠ꧉


꧋꧇꧒꧇꧉ꦄꦩꦫꦃ꧈ꦆꦏꦸꦄꦱ꧀ꦩꦤꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦸꦤꦶꦁ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦆꦁꦏꦸꦥꦶꦁ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦆꦭꦃ…ꦆꦭꦃ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦱꦶꦂꦭꦤ꧀ꦄꦔꦺꦤ꧀ꦄꦔꦺꦤ꧀꧈


꧋꧇꧓꧇꧉ꦱꦸꦥꦶꦪꦃ꧈ꦆꦏꦸꦱꦶꦥ꦳ꦠꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦫꦸꦥꦤꦺꦆꦗꦺꦴ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦆꦁꦆꦫꦸꦁ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦄꦩ꧀ꦥꦺꦫꦸ꧈ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦆꦩꦤꦲꦸ…ꦆꦩꦤꦲꦸ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦎꦱꦶꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦼꦤꦼꦁ꧉


꧋꧇꧔꧇꧉ꦩꦸꦛ꧀ꦩꦻꦤꦃ꧈ꦆꦏꦸꦣ꧀ꦗ꦳ꦠꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀‌ꦫꦸꦥꦤꦺꦥꦸꦠꦶꦃ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦆꦁꦩꦠ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦥꦼꦥꦸꦱꦸꦃ꧈ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦲꦸ…ꦲꦸ…ꦲꦸ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦧꦸꦣꦶꦭꦤ꧀ꦫꦱ꧉





Imajiner Nuswantoro

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)