PUJINE NAFAS PATANG PRAKARA

0

PUJINE NAFAS PATANG PRAKARA

 

 


 

1. Napas, iku tetalining urip, iya tetalining ruh, rupane ireng, plawangane Af’alullah, dununge ing lesan, pujine ; ” Laa ilaha ilallaah “, iku sampurnaning kulit daging.

 

2. Tanapas,  iku  pamiyarsaning ruh, rupane kuning, plawangane Asma’ullah, dununge ing kuping, pujine ; ” Allahu… Allahu “, iku sampurnaning balung lan otot.

 

3. Anpas, iku panggonaning ruh, rupane ijo, plawangane Sifatullah, dununge ing gigir, pujine ; ” Allah…Allah “, iya iku sampurnaning geting lan sumsum.

 

4. Nupus, iku paningaling ruh, rupane putih, plawangane Dzatullah, dununge ing netra, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, iku sampurnaning pangawasa lan napsu.



Aksara Jawanipun :

ꦥꦸꦗꦶꦤꦺꦤꦥ꦳ꦱ꧀ꦥꦠꦁꦥꦿꦏꦫ


꧋꧇꧑꧇꧉ꦤꦥꦱ꧀‌ꦆꦏꦸꦠꦼꦠꦭꦶꦤꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀‌ꦆꦪꦠꦼꦠꦭꦶꦤꦶꦁꦫꦸꦃ꧈ꦫꦸꦥꦤꦺꦆꦫꦺꦁ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦄꦥ꦳꧀’ꦄꦭꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦭꦺꦱꦤ꧀‌ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦭꦄꦆꦭꦲꦆꦭꦭ꧀ꦭꦄꦃ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦝꦒꦶꦁ꧉


꧋꧇꧒꧇꧉ꦠꦤꦥꦱ꧀‌ꦆꦏꦸꦥꦩꦶꦪꦂꦱꦤꦶꦁꦫꦸꦃ꧈ꦫꦸꦥꦤꦺꦏꦸꦤꦶꦁ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦄꦱ꧀ꦩ’ꦈꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦏꦸꦥꦶꦁ꧈ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦄꦭ꧀ꦭꦲꦸ…ꦄꦭ꧀ꦭꦲꦸ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦧꦭꦸꦁꦭꦤ꧀ꦎꦠꦺꦴꦠ꧀꧈


꧋꧇꧓꧇꧉ꦄꦤ꧀ꦥꦱ꧀‌ꦆꦏꦸꦥꦁꦒꦺꦴꦤꦤꦶꦁꦫꦸꦃ꧈ꦫꦸꦥꦤꦺꦆꦗꦺꦴ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦱꦶꦥ꦳ꦠꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦒꦶꦒꦶꦂ꧈ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦄꦭ꧀ꦭꦃ…ꦄꦭ꧀ꦭꦃ“꧈ꦆꦪꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦒꦼꦠꦶꦁꦭꦤ꧀ꦱꦸꦩ꧀ꦱꦸꦩ꧀꧈


꧋꧇꧔꧇꧉ꦤꦸꦥꦸꦱ꧀‌ꦆꦏꦸꦥꦤꦶꦔꦭꦶꦁꦫꦸꦃ꧈ꦫꦸꦥꦤꦺꦥꦸꦠꦶꦃ꧈ꦥ꧀ꦭꦮꦔꦤꦺꦣ꧀ꦗ꦳ꦠꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦣꦸꦤꦸꦔꦺꦆꦁꦤꦼꦠꦿ꧈ꦥꦸꦗꦶꦤꦺ;”ꦪꦲꦸ…ꦪꦲꦸ“꧈ꦆꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁꦥꦔꦮꦱꦭꦤ꧀ꦤꦥ꧀ꦱꦸ꧉




Imajiner Nuswantoro




 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)