Dawuhe para leluhur : Bondo Dunya Mung Titipan Wenang Musno. Drajat Pangkat mung Sampiran Wenang Minggat. Nyowo mung Gaduhan Wenang Lunga. Ilmu Manfaat Kang Bisa Diberkat Tekan Akherat.

0

 Dawuhe para leluhur :

Bondo Dunya Mung Titipan Wenang Musno.     

Drajat Pangkat mung Sampiran Wenang Minggat.

Nyowo mung Gaduhan Wenang Lunga.  

Ilmu Manfaat Kang Bisa Diberkat Tekan Akherat.


Ilustrasi foto : R. H. Kodrat Samadikoen Al. Sjadjid Sumeh bin R. H. Hamzah Hadiwidjaja bin KH. R. Moesthoalim 


Drajat, pangkat, semat, kadonyan kalebu kabejan kui nora kena dinarayah.

Menungsa mung wenang mbudidaya, lan mbudi sarana, mula becik syukur marang barang pepancen kang wus cetha.

Aja ngempya-empya kumrangsang durga ngangsa-angsa.



Bandha donya isoh lunga,

Drajat isoh oncat,

Pangkat isoh minggat,

Budhi luhur digawa tekan kubur.

Kabeh menungsa ana ngarepe Gusti Allah iku padha, sing mbedakne yaiku amal lan tumindak e.



Wahyu, drajat pangkat kui ora iso diburu, diburu mlayu di kejar bakal buyar.


Tansah Pasrah lan sumarah mring Gusti.

Kabeh amung karono sarono lan nglakoni.

Kabeh pakaryan apik.


Amung piye anggone ngupaya tansah jujur.

welas asih lan wicaksono.


Yen dipekso pekso awit kui dudu hak darbekmu.

Banjure bakal nemahi Ciloko sak turun anak putu.



Ajine manungso iku ora kagowo soko Drajat Pangkat Keturunan Kapinteran lan Kasugian.

Nanging kapurbo soko Budi Pakertine awak dewe.


Kanthi laku Becik nganggo coro sing Apik.

Yo iku Sopan Santun Jujur Lugu Lan Andap Asor.


Mugi-mugi sedoyo di tebihno saking cobo, bilahi.

Antuk Pangayomane Gusti Kang Moho Suci.

Rahayu Wilujeng 


Semoga kita termasuk orang-orang yang membawa berkat sampai akherat, hingga selamat dunia akherat. 

Aamiin Ya Rabbal a'lamin 


Leluhur penulis artikel blogger dipun sareaken wonten katrangan foto wonten mandap mriki :





Hj. Rr. Soekesi saking Sedayu Gresik 

R H. Ridwan Moejono saking Kapu Pagu Kediri 

KH. Badroes Sholeh saking Kapu Pagu Kediri (pompes Puwoasri Kediri)

Rr. Hj. Moeljo Soelistyowati 

Rr. Moeljo Soelistyowati 

R. H. Hamzah Hadiwidjaja saking Pelas/ Ngadiluwih 

R. Ngt. Moetardiati saking Ngadisino kota Kediri 

Hj. Dewi saking Mojo / Sambi



Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)