SERAT PARAMAYOGA SINOM Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–40)

0

SERAT PARAMAYOGA SINOM

Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–40)

 


Sinom

1. lir ron kamal tumaruna | karaban ngêrêsing riris | kapanduk soroting surya | sumirat ambalêrêngi | yêkti kêna inganti | widada rumêmbenipun | yèku ta Sayid Anwar | dupi wus nyakup ing wangsit | tyas nirmala ngèsthi sidaning ngawirya ||

 

2. sêtya tuhu ing wasita | saksana anglaksanani | sapangrèhing Jajillanat | sasolahnya tan winarni | praptèng pulo Dewani | manjing ring guthaka samun | amêsu tapabrata | cinarita ing Dewani | kang jumênêng nata punika trahing Jan ||

 

3. Marijan purwakanira | pêputra Jan gya sêsiwi | êjin tumuli putranya | nama Prabu Andajali | Sri Dewata bêbisik | arinya Dajali Prabu | Ijajil ugi nama | Sang Jajallanat puniki | kang nurunkên setan bêlis panêluhan ||

 

4. srêmêt dhêmit bêrkasakan | dene Prabu Andajali | Sri Wênus namaning putra | ugi Ăndakara nuli | pêputra awêwangi | nênggih Palija Sang Prabu | wolu likur kadangnya | mung pitu ingkang winarni | Sri Palija yèku kang jumênêng nata ||

 

5. dene ta panênggakira | Patih Prawata matihi | ing rayi Prabu Dewata | ya risang Prabu Rawangin | arinya Sri Rawangin | Natèng Dewani puniku | Nuradi jêjuluknya | Patih Amir kang matihi | yèku arinira Sang Nuradi Nata ||

 

6. nuli Maranis arinya | tumuli Sang Raja Darih | warni yuyu makahyangan | anèng sajroning jaladri | kacatur Sri Dewani | wau Sang Nuradi Prabu | darbe putri satunggal | piningit kaluwih-luwih | nama Dèwi Nurini endah kang warna ||

 

7. kang cahya nuksmèng sasăngka | sasamining pra putri jin | pantês anyèthi pawongan | mring wau sang mindha sasi | kacatur sang ni putri | lagyeca sare ing dalu | supêna ana prapta | kaki-kaki marêpêki | nabda nini jatukramanta wus prapta ||

 

8. mêrtapa sajroning guwa | trah Nabi Adam putra Sis | taliti trahing atapa | Sayid Anwar kang wêwangi | ing têmbe sira nini | sinung nugraha sêsunu | siji priya ing warna | pêkik kang cahya nêlahi | nrahkên Ratu Bênggala lan tanah Jawa ||

 

9. trus trubus nora kasêlan | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan liya trahira nini | sang dyah duk wungu guling | lir rinujit galihipun | jêtung ngungun tan kêna | sinayut brangtaning galih | lir kakênan ing guna turidasmara ||

 

10. enjing umarêk kang rama | ngaturkên anane wangsit | Prabu Nuradi duk myarsa | ature sang raja putri | darbe cipta manawi | tuhu supênaning sunu | gya nimbali patihnya | Patih Amir wus sumiwi | winartanan salir supênaning putra ||

 

11. sang patih ngungun miyarsa | gya dhinawuhan ngulati | matur sandika wus mêsat | nèng tawang tansah manoni | keblat sêkawan nanging | tan wontên ingkang kadulu | amung sukuning arga | wontên tejanya nêlahi | patih niyup duk praptèng gon teja sirna ||

 

12. lawang guwa kang katingal | saksana manjing mangèksi | wontên janma kang martapa | nèng sela gêgilang linggih | sidhakêp suku tunggil | cahyanya mindha sitèngsu | sêdhêng sidi purnama | sang patih tumundhuk nuli | sang atapa mudhar asta tata lênggah ||

 

13. mangkana patih turira | tigas kawuryan sang pêkik | ing pundi ingkang pinăngka | lan sintên ingkang wêwangi | kapati mangun tèki | pratisthèng guthaka samun | Sayid Anwar lon nabda | nuturakên kang wêwangi | myang pinăngka patih datan suka myarsa ||

 

14. dene tuhu kang kacêtha | ing supênanya sang putri | nulya matur dhuh pamanta | punika anggèr tinuding | ing ramanta sang aji | inggih Sang Nuradi Prabu | kang satuhu wibawa | bawani Dewani nagri | animbali anggèr dhumatêng panduka ||

 

15. dene kawula punika | patihnya ramanta aji | milanggèr ywa wancakdriya | rama pandukarsa kardi | raharja mring sang pêkik | Sayid Anwar lon umatur | kula botên suwala | tinimbalan sri bupati | sampun malih paman kang pinurih arja ||

 

16. sênadyan pinêjahana | paran gèn ulun tan apti | ing rèh narendra sanyata | gagêntining Hyang Kang Luwih | murba misesèng bumi | sang patih suka duk ngrungu | saksana kalihira | saking guthaka umijil | angambara tan dangu praptèng jro pura ||

 

17. Sang Prabu Nuradi kagyat | mèksi warnanya kang prapti | pêkik cahyanya gumilang | yayah wimbaning sitèngsi | dinangu matur bilih | Nabi Sis ingkang sêsunu | langkung suka sang nata | inggaling carita nuli | Sayid Anwar dhinaupkên lan sang rêtna ||

 

18. karon sih apêpasihan | anèng jroning kênyapuri | sadpada mangrurah sêkar | kongas kang slaga kawingkis | kokal wêkêran kengis | bramara angingsêp madu | srira suh kontra klêsah | kasok trêsnanya sang putri | tan cinatur rênggan langêning asmara ||

 

19. Sayid Anwar kang winarna | dènnya wau palakrami | andungkap ing jaman kitrah | yeka mèh jamaning Nabi | Musa kalamollahi | samana kang garwa sampun | garbini praptèng măngsa | babar jalu warna pêkik | ponang cahya pama wimbaning sasăngka ||

 

20. sinung nama Hyang Nurasa | ramèbu kang eyang sami | sangêt ing sih trêsnanira | diwasanira sang pêkik | karêm amangun tèki | myang guna kasaktènipun | tan pae ingkang rama | têtêp wus badan rokhani | ingkang ibu jinis jin lan kang sudarma ||

 

21. badan alus kawimbuhan | krama angsal putrining jin | padha nora kêna lena | nanging Hyang Nurasa maksih | mêminta saking tapi | ywa kongsi kêna ing lampus | alus sawadhagira | Prabu Nuradi winarni | nyèlèhakên kêprabon mring mantonira ||

 

22. para wadya jin sadaya | sayuk sumuyut jrih asih | mring sang nêmbe madêg nata | dene Sang Prabu Nuradi | mêgawan amurwani | kadhaton nèng graning gunung | Patih Amir samana | maksih lêstari matihi | Sayid Anwar gya jêjuluk Hyang Nurcahya ||

 

23. ing ratri nis saking pura | tan matur ing rama bibi | lêlana jajah wanarga | guwa jurang siluk rumpil | tanbuh sinêdyèng galih | dupi wau lampahipun | praptèng pulo Dewata | gya rèrèn mratapèng wukir | kunêng ingkang winarna prajèng Dewata ||

 

24. ugi kang wus kocap ngarsa | ratu jin Prabu Rawangin | kagungan putri satunggal | diwasa dèrèng akrami | langkung endah kang warni | Dyah Rawati namanipun | duk ing ratri sang rêtna | nèng pasaryan dèrèng guling | ana kaki-kaki prapta saking wiyat ||

 

25. manabda nini wruhanta | jatukramanta wus prapti | mratapèng pucaking arga | kusumèng jin trah Nabi Sis | Hyang Nurasa kang nami | lan ing têmbe sira antuk | nugraha putra priya | loro pêkik ingkang warni | anêrahkên sagunge para narendra ||

 

26. Banggala myang tanah Jawa | kaki tuwa wusnya mangsit | mêsat mukswa mring ngawiyat | sang dyah sru ngungun ing galih | enjingira tur uning | dhumatêng sudarmanipun | sru ngungun duk miyarsa | nulya nimbali pêpatih | patih kadang sêpuh nama Sang Parwata ||

 

27. praptèng pura sinung wikan | salir aturnya sang putri | sawangsite kaki tuwa | Patih Parwata turnya ris | yèn makatên prayogi | kula pribadi kang ngruruh | bokmanawi punika | tuduhing Hyang ujwaladi | sung nugraha jatukramane putranta ||

 

28. Prabu Rawangin ngandika | ya kakang mangkata nuli | sang kinèn saksana mêdal | ngambara wus tan kaèksi | nèng wiyat amanoni | sakèh pucakirèng gunung | tlatahing praja wera | sinatmata nanging sêpi | mung lor pura pucaking wukir Dewata ||

 

29. wontên tejanira muncar | Patih Parwata mêrpêki | teja sirna katingalan | wontên ingkang tapa guling | anèng sapucak wukir | langkung pêkik warnanipun | nèng sela sumayana | prabaning cahya nêlahi | lir ngilangkên langên rêsminirèng donya ||

 

30. sang patih eram tumingal | wau ingkang tapa guling | wungu pungun-pungun lênggah | wruh yèn wontên ingkang prapti | nèng ngarsanira nuli | sang patih miwiti muwus | gèr kula nilakrama | sintên ta sinambat ing sih | pinangkanta ing pundi jinis punapa ||

 

31. dene langkung dèrèng măngsa | subrata amati ragi | luwih saking pra pandhita | yoga brangtanta sang pêkik | Sang Nurasa duk myarsi | prasaja wangsulanipun | yèn putra Sang Nurcahya | kang wayah dening Nabi Sis | saha jinising jin saking ibunira ||

 

32. putrining Nuradi Nata | ratu jin prajèng Dewani | alêlana tanpa sêdya | mung anut pakoning ati | patih dupi miyarsi | gupuh sang tapi rinangkul | nabda dhuh wayah ingwang | kula punika sayêkti | kadangipun eyangta Natèng Dewata ||

 

33. dene eyangta Dewata | rakanya Prabu Nuradi | prasami pêpatih kadang | pamatahipun sudarmi | eyangta ing Dewani | yayi Amir patihipun | dhuh anggèr lampah kula | ngulati dhatêng sang pêkik | tuhu lamun dinutèng eyang panduka ||

 

34. Sri Rawangin kang misesa | sagunging para wadya jin | kinèn nimbali panduka | tuduhing Hyang ujwaladi | garwanta wus pinêsthi | putrinya eyangta prabu | kang warna punjul ing rat | Sang Hyang Nurasa mangsuli | lah ta inggih kawula dhèrèk sakarsa ||

 

35. sang patih suka miyarsa | Sang Hyang Nurasa gya kèrit | mudhun saking graning arga | datan winarna ing margi | lampahe sampun prapti | ing pura marêk sang prabu | lênggah nèng palataran | eram myat dhatêng sang prapti | bagus anom wimbuh kang cahya gumilang ||

 

36. mangkana Patih Parwata | umatur èstuning wangsit | lah punika wayahira | Nabi Sis kang mangun tèki | wontên pucaking wukir | jinising jin saking ibu | putrane pulunanta | pribadi Dèwi Nurini | ing Dewani kagarwa ing Hyang Nurcahya ||

 

37. Jêng Nabi Sis kang pêputra | amung patutan satunggil | inggih punika wayahnya | Sang Nurasa kang wêwangi | Sri Rawangin duk myarsi | suka kang wayah rinangkul | nêbda kalinganea | tunggak rone angalingi | sira iku kulup wayah sun pribadya ||

 

38. atmajane kadangingwang | Sri Nuradi ing Dewani | kulup dèn têtêp tyasira | kene prajanta pribadi | mangkana tyasiraji | anut ing sawangsitipun | kaki tuwa saksana | Hyang Nurasa lan sang putri | pinanggihkên anèng salêbêting pura ||

 

39. dupi wus antara lama | sira Sang Prabu Rawangin | linggar mawiku mring arga | karaton Dewata nagri | myang ing rèh prajaniti | sinrahkên mring putra mantu | samana Hyang Nurasa | madêg narendra ngrênggani | ing Dewata kang rama ngadhaton arga ||

 

40. dene Sang Patih Parwata | tinilar maksih matihi | wadyabala jin sadaya | ajrih sumuyut trêsna sih | dene ratunya pêkik | ambêg santa sih ing wadu | giyarkên tata darma | mêmayu ayuning nagri | trahing nabi nora mungkur mawèh dana ||

 

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)