SERAT PARAMAYOGA DHANDHANGGULA BAB 2
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–36)
Dhandhanggula
1. rum-arume Dyah Rêkathawati | kacarita ing ratri sang rêtna | anuju sakeca sare | supêna myat wong pikun | kang tumurun saking wiyati | mangkana awêwarah | nini wruhanamu | samêngko jatukramanta | nuting sêdya lêlana jroning jêladri | bagus maksih taruna ||
2. tus kusuma jin trahing Nabi Sis | Sang Hyang Tunggal iku pêparapnya | sira sinungan ing têmbe | atmaja loro jalu | nurunakên para narpati | ing Jawa lan Banggala | wong pikun ing ngriku | wusing mangsit nuli mukswa | sang kusuma sawungunira aguling | tyas brăngta kalênglêngan ||
3. linali-lali tan kêna lali | nora liya mung supênanira | kang kaèsthi jroning tyase | wangsite kaki pikun | kang sru mawèh trênyuh ing ati | sang dyah marak ing rama | sru pamothahipun | sawangsite kaki tuwa | sadaya ingaturakên mring sudarmi | ature lan karuna ||
4. ingkang rama sru ngungun duk myarsi | nabda babo atma jiwaningwang | ywa susah mungguh praptane | kusuma bakal mantu | yêkti gampang kewala nini | sun têdhane lan puja | tan susah rinuruh | mêsthi yèn prapta priyăngga | wis mênênga sira muliha dèn aglis | mring pamondhokanira ||
5. yuyu raja saksana umanjing | maring ing sanggar pamujanira | dahat pinêsu ciptane | praptane bakal mantu | tinêdha mring Hyang Ujwaladi | kang nama Sang Hyang Tunggal | manawa satuhu | jatukramanirèng putra | winursita wau kang jajah jaladri | sayah kapati nendra ||
6. anèng sela lir pinulung dening | ujwaladi dhinawahkên marang | ing sanggar pamidikane | Rêkathatama Prabu | Hyang Tunggal lir daru tumitis | yuyu raja saksana | nayut pujanipun | nuli winungu kang nendra | sawungunya dahat pangunguning galih | tan wrin darunanira ||
7. dene tibèng pamujan lan mèksi | yuyu agênge kagila-gila | Sri Rêkathatama linge | dhuh anggèr sang binagus | sintên tuwan dene aprapti | ing pamidikan kula | saha jinisipun | êjin punapa manungsa | pinangkanta ing pundi tuwin punapi | ingkang sinêdyèng driya ||
8. Sang Hyang Tunggal sru ngungun duk myarsi | ana yuyu bisa tata jalma | manuhara lon dêlinge | saksana wangsul muwus | tuhu lamun jinisirèng jin | trah Nabi Sis mulanya |tuwin ingkang ibu | Dèwi Saoti putrinya | Prabu Ari ratuning jin prajèng Kêling | tinuturkên sadaya ||
9. lan kang eyang-eyang dènnya sami | kamantu dening Natèng Dewata | tuwin Dewani wus dene | dènira nis ing dangu | amalaya jajah wanardi | jajah jroning sagara | sare anèng watu | duk samana Sang Hyang Tunggal | malih nabda hèh yuyu dene sirèki | bisa ngucap lir janma ||
10. kang sinabdan saksana mangsuli | dhuh sang bagus kawula punika | sajinis lan pandukanggèr | pan taksih gotrahipun | eyang tuwan Natèng Dewani | tuwin Natèng Dewata | kawula trahipun | arine eyang panduka | Raja Darih pandoning Hyang Ujwaladi | saturun-turunira ||
11. kongsi praptanira ulun maksih | warni yuyu kahyangan samodra | angratoni sakathahe | titah kang băngsa yuyu | eyang tuwan Sang Prabu Ari | punika maksih darah | ugi lawan ulun | samangke amba tur wikan | prasajanya milanggèr dhawah ing ngriki | krana panuwun kula ||
12. tinurutan dening ujwaladi | kang supênèng sutamba wanodya | Rêkathawati namane | winangsit ing wong pikun | wus pinêsthi kang jatukrami | anggèr lawan panduka | saha têmbenipun | sinung nugraha pêputra | kalih priya pêkik-pêkik ingkang warni | nurunkên para raja ||
13. ing Banggala tuwin tanah Jawi | kasor prabawa isining jagad | ngidhêp mring putranta anggèr | mèsêm Hyang Tunggal muwus | yuyu raja sihmu mring mami | bangêt ingsun tarima | sêdya ngambil mantu | marang panjênêngan ingwang | cuwanira sathithik dene sun mangkin | durung arsa akrama ||
14. maksih sênêng nut sêdyaning kapti | tapabrata malayèng bawana | nadyan rabia ing têmbe | mokal yèn ingsun dhaup | lan rajungan tuwin kapithing | pira-pira jin raja | kang wus padha atur | putri mring sariraningwang | siji bae tan ana ingsun tampani | tur ayu warnanira ||
15. aja manèh kang rupa kapithing | sun arêpa sira yuyu raja | tan olèh dhirimu dene | kaliwat nora patut | ngêndi ana bangsaning janmi | angrabèni pongpongan | nistha warnanipun | saru sor-soring tumitah | yuyu raja mèsêm nauri suwawi | rumiyin kapriksaa ||
16. warnanira pun Rêkathawati | yèn tan dados panujuning karsa | wontên punapaa dene | kamayangan kalamun | paduka gèr condhong ing galih | mila kang ulun sêdya | yuyu raja gupuh | anuduh yuyu pawongan | animbali putra Dyah Rêkathawati | yuyu cèthi gya mêsat ||
17. praptèng pura marêk ing sang dèwi | gènnya matur gusti tinimbalan | ing rama paduka kinèn | amanggihi têtamu | lah suwawi gusti suwawi | tamunipun jêjaka | pêkik warnanipun | kakuwunge mêksih wêtah | wartosipun kusuma jin saking Kêling | anama Sang Hyang Tunggal ||
18. sang lir rêtna myarsa turing cèthi | pama panjang putra tibèng sela | sumyur kumêpyur galihe | ginagas baya iku | nugrahaning kang jatukrami | ingkang wus kasupêna | wangsiting wong pikun | sang dyah gya kèring pawongan | praptanirèng pamujan marêk sudarmi | tumungkul dènnya lênggah ||
19. èsmu merang mulat ing têtami | Sang Hyang Tunggal ngungun duk tumingal | ing sang lir rêtna warnane | tan andimpe kalamun | sutèng yuyu punjul sabumi | putri jin lan manungsa | kasor warnanipun | rurus pasariranira | ingkang carma gumêbyar pindha sitèngsi | sumèh manis kang netya ||
20. Sang Hyang Tunggal kaprajayèng liring | trus tumêmpuh ing prana sakala | yayah rinacut bayune | dahat gêtun miduwung | dene wau sangêt anampik | Prabu Rêkathatama | gya nabda mring sunu | nini age sêsajia | tamu iki kusumèng jin saking Kêling | lan kadangmu priyăngga ||
21. Sang Hyang Wênang wastaning sudarmi | Dyah Saoti iku ibunira | dene kadangira kiye | Hyang Tunggal namanipun | sayah mêntas jajah jaladri | dyah mundur palarasan | kang rama gumuyu | sarywangling lah gèr punika | warnanipun rayinta kidhung nglangkungi | wêdalan ing samodra ||
22. rare ugungan kêpati-pati | wangsul mangke lir paran karsanta | sênêng utawi botêne | dhatêng rayinta wau | kang sinung ngling dhêku nauri | dhuh prabu aksamanta | dene wau ulun | tumampik ing sih paduka | kang wus têrang tuduhing Hyang Ujwaladi | nugraha jatukrama ||
23. mangkya amba tan suwalèng kapti | dhuh sang nata mugi wuningaa | pindhaning tyas ulun mangke | kêmbêl ing tasik madu | kajugrugan parwata sari | karoban găndawida | kasturi rum-arum | rumasuk ring tung-tunging tyas | anaratas tumitis jantung lir rujit | jinjang cakraning driya ||
24. yuyu raja suka duk miyarsi | inggaling carita Sang Hyang Tunggal | tumuli dhinaupake | lan sang kusumèng ayu | dupyantara lama garbini | babar warni antiga | kang rama sru ngungun | ponang antiga cinandhak | dyan binanting umêsat dhatêng wiyati | saksana Sang Hyang Tunggal ||
25. mêsat maring tawang anututi | saparane wau kang antiga | ananging kandhêg wit dene | antiga tan kadulu | Sang Hyang Tunggal sangêt prihatin | kacarita dènira | ngruruh putranipun | kongsi praptèng pulo dawa | wontên ngriku manungku puja sêmadi | nêgês karsaning Suksma ||
26. datan dangu dènira sêmèdi | Sang Hyang Wênang prapta sanalika | wêwarah marang putrane | sadaya kawruhipun | saka eyang-eyangnya nguni | sawarnining pusaka | saking eyangipun | cupu manik Asthagina | saha sotya Rêtna Dumilah prituwin | kang lata maosadya ||
27. sadayanya sampun dèn tampèni | mring Hyang Tunggal Sang Hyang Wênang nulya | anunggal ing kaanane | nênggih mring putranipun | lir satu lan rimbagan pami | myang roroning atunggal | tunggal jatinipun | Hyang Wênang uga Hyang Tunggal | kadyangganing sarkara rupa lan manis | tan kenging pinisaha ||
28. nahên kang wus anunggal kajatin | ana cumalorot saking wiyat | angkara-kara cahyane | tumuju ngarsanipun | Sang Hyang Tunggal garjitèng galih | anuli tinadhahan | ing asta satuhu | lamun awarni antiga | Sang Hyang Tunggal tan samar yeka ing nguni | antiga putranira ||
29. kang antiga pêcah nulya kèksi | rare kalih ngadêg nèng ngarsanya | sumirat-sirat cahyane | irêng sajuganipun | kang satunggal cahyane putih | sami tan wruh ing asal | kodhêng manahipun | Sang Hyang Tunggal duk samana | nora kasat mata nanging ngudanèni | kodhênging tyas putranya ||
30. putra kalih gya dèn andikani | sira iku yêkti putraningwang | kang sinung sabda sru kagèt | rèh swara ora wujud | têmah mrêntul graitèng ati | yèn puniku kang murba | nuli sami sujud | sami sêsanti mangkana | dhuh kang murba misesa amba puniki | tuhu yèn titah tuwan ||
31. Sang Hyang Tunggal angandika aris | bênêr iku mungguh panyananta | sira sutèngsun yêktine | kang cahya irêng iku | saka putihing dhog kang dadi | sun arani Bathara | Maya sutaningsun | kang cahya putih aslinya | kuninging dhog arane Bathara Manik | lan padha naksènana ||
32. lamun ingsun kaanan ta kaki | dene sirèku kaananingwang | nora pisah salawase | ngêndi bae karêpmu | iku dadi panggonan mami | nanging ta ingsun uga | ana ingkang mêngku | kawêngku mring jênêng ingwang | Sang Bathara Manikmaya anaksèni | ing tuduhing sudarma ||
33. asarana sujud angawruhi | keblat sakawan pangèsthinira | mastuti ing sudarmane | Hyang Maya dènnya sujud | gèsèh patrap lawan kang rayi | umadhêp marang keblat | cacahe sapuluh | wiwit purwa iku wetan | nuli narasonya lor wetan kang arti | tumuli mring utara ||
34. êlor bênêr pardikanya nuli | ing nurwitri lor kulon anulya | prawisa kulon wardine | gya ganeya puniku | kidul kulon tumuli maring | raksira kidul lirnya | gya byabya tinuju | yèku arah kidul wetan | nulya nênga mring gêgana iku nginggil | pratala iku ngandhap ||
35. dènira sujud Bathara Manik | muhung madhêp keblat sangang pêrnah | purwa nurwitri wus dene | marang utara laju | narasonya pracima nuli | mring gyaning yaraksika | byabya sanganipun | yèku sujud ngèsthi madya | kang ingaran madya gonira pribadi | Bathara Maya nabda ||
36. atêtanya marang ingkang rayi | hèh ta Manik apa sababira | tinêngèng dhuwur wus dene | marang ngisor tumungkul | ingkang rayi tanggap mangsuli | kawêngku anèng madya | saksana ing ngriku | kêkalihnya adarêdah | rêbat lêrês kang rama ngandikèng siwi | arum wijiling sabda ||