KIDUNG SERAT KUSUMAWICRITRA
Hong
wilaheng sekaring bawana langgeng
1.
Menawi
dumugi ing jaman Kaliyoga, mboten wonten ingkang ngelangkungi tiyang sugih,
boten kocap tiyang ingkang guna, ingkang prawira, utawi pandita putus, sadaya
sami marek anembah dhateng tiyang sugih. (8)
2.
Ing
jaman ngriku bangsaning Pendita sirna, lawan bangsaning ratu melarat
kawelasasih, anak sampun purun di pitenah, para pandita sami ngelampahi dados
nakoda. (9)
3.
Bumi
tansah gonjing, jagad tansah dahuru, Ratu keringan arta tansah pinisungsungan
ing tiyang sugih, sagung ingkang ulah padamelan sami nurut ingepahan, seganten
mili dateng lepen. (10)
4.
Tiyang
beber (darah) asor wangsul dados tiyang luhur, kamurkanipun tiyang saya
anglangkungi, Sang Ratu kalumuhan dhateng sang Pandhita, mboten woten kang
anglampahi panembah. (11)
5.
Kaliyan
wedalanipun kaluhuran saking dipun saranani arta, karanten Sang Ratu kawisesa
dhateng tiyang sugih, tiyang salah dados awet ing damel, tiyang leres dados
ketiwar tiwar, awit saking melarat. (12)
6.
Tiyang
murka sangsaya andadra dados angsal pengenan, tiyang sabar wekasane dados
kirang paramarta, tiyang dursila durjana sami adamel cilakanipun tiyang
sepuhipun. (13)
7.
Sang
Ratu sasat suwita dating sang Pepatih, sagung ingkang andum sami milih,
pratingkahipun sawenang wenang, ical berkating bumi, sami kasrakat, kadosto :
oyod oyotan, gegodhongan, woh wohan sami tanpo guna. (14)
8.
Ingkang
saged, ingkang kewasa, boteng angresepi ing jagad, bangsa Pandita, Satriya,
Waisya miwah bangsa Sudra sami tunggal padamelan, karanten sajagat sami angaken
saged, sami angegung aken diri, mboten wonten ingkang purun kasoran. (15)
9.
Tiyang
ulah sastra tuwin ulah puja Samadhi boten wonteng ingkang anut ing pamardining
Panditha, tanpa damel , sagung japamatra mboten wonten ingkang katarimah, adil
khukum mboten anglabeti, temah dados durgama. (16)
10.
Sami
rebah ing sekar cepaka, hangsoka, hangsana, candhana wungu, kenanga, surastri,
nagasarai, sadaya witipun sirna sami winandungan, tinegoran, tinutuhan,
kaparapalan erining pung secang lawan pilang. (17)
11.
Sakatahing
peksi : merak, banyak, dhangdhang, bango sapanungalanipun sami lebur pinasangan
pikat lajeng sinengkeran, ingkang suko bingah namung : segawon, babi, sami ing
openan, panilala tinuwukan erah kalian daging. (18)
12.
Salebeting
jaman Kaliyoga sakatahing tiyang sami langkung amurka, tansah tukar arebat
kaluhuran, tiyang sajagat sampun mboten uningo dating sanak sadherek, mengsah
ingkang sampun kathah cacatipun rinangkul minangka kanthi. (19)
13.
Wewalering
Dewa tinarajang, sakatahing candhi rinisakaken, kabuyutan mboten wonten
damelipun, sami sumun, sagung sami carios pepakem, kagunan, kasantikan, sami
linebur dening tiyang bodho ingkang murka ing jagad. (20)
14.
Kacarios
ing jaman punika saestunipun sakawan, ingkang wiwitan nama jaman Kretayuga,
Sang Hyang Premana ingkang dados witing agesang, punika wonteng pulunging
galih, saweg tasih siniwi ing Swarga. (1)
15.
Kaping
kalih jaman Tirtayuga, prenah ipun Sang Hyang Premana wonten samdyaning
paningal. Kaping tiga jaman Dwaparayoga prenahipun Sang Hyang Premana wonten
daging kalawan erah. (2)
16.
Kaping
sekawan jaman Kaliyoga, Sang Hyang Premana manggia ing kulit lawan ulu puhung.
Dene yen Jaman Kretayuga yuswa ning Sang Hyang Premana saketi taun. (3)
17.
Ing
Jaman Tirtayuga punika gesangipun Sang Hyang Premana dumugi saleksa taun, Ing
Jaman Dwaparayoga yuswa sewu taun langkung satus taun kalian satuh wulan. (4)
18.
Yen
Jaman Kaliyoga punika yuswanipun enggal enggal, kados upaminipun gebyaring
kilat wonten ing mendhung, Kala ing Jaman Kretayuga, wiwitipun ingkang dados
perang putranipun pandita nama Dewi Nuruki. (5)
19.
Ing
Jaman Tirtayoga, jalarananipun ingkang dados perang ageng nama Dewi Sinta, ing
Jaman Dwaparayoga ingkang dados wiwitaning perang Drupadi, kocap putri linuwih.
(6)
20.
Ing
Jaman Kaliyoga kathah ingkang dados sababing perang ageng, inggih punika
pawestri, siti, miwah rajabrana. Mila kaenget engetan. Sang Sujana sampun pijer
olah arta, amrih dhateng tiyang estri. (7)