SAJATINING URIP / NGELMU URIP
KAPING SEKAWAN = 4
Ngelmu Urip = 4
Menawa manungsa urip ijen, sejatine ora butuh ilmu lan ngelmu.
Cukup naluri alamiahe wae.
Nanging nalika urip bebarengan karo manungsa liyane lan karo titah dumadi liyane dibutuhake ilmu lan ngelmu.
Dadine, ngelmu urip iku lumakune kanggo nuntun manungsa nglakoni urip bebarengan ing ngalam donya.
Ilmu iku ngoperasionalake nalar utawa cipta, dene ngelmu sing dioperasionalake cipta-rasa-karsa.
Mula ya beda tatacarane ngudi antarane ilmu lan ngelmu.
Menawa ngudi ilmu iku lumrahe saka sekolahan lan pawiyatan-pawiyatan, dene ngudi ngelmu ora cukup semono, nanging kudu disranani laku murih bisa manjing ing sajroning batin.
Ana ing khasanah Jawa kang luwih diudi iku ‘ngelmu', mulane kadhang kala lumrahe wong Jawa iku sok diarani ‘bodho' ana ing ‘ilmu pengetahuan'.
Keladuking panganggep, Jawa iku kakehan klenik lan gugon tuhon.
Rumit, mbulet, angel dinalar, lan ora duwe ‘greget' pepinginan marang kemajuwan.
Sing diudi mung kasekten lan tapa brata.
Panganggep sing mangkono iku pancene ana alasane.
Contone, bisa gawe candhi Borobudur apadene Prambanan sing cetha butuh ilmu pengetahuan werna-werna tingkat tinggi, nanging kanyatane ora marisake ilmu matematika, ilmu fisika, mekanika, lan ilmu pengetahuan liyane.
Kamangka lagi milih panggonan kanggo ngedegake candhi-cndhi iku wae wis kabukten pener banget.
Uga ing babagan kalender (almanak) sing njlimet nganti bisa nemtokake wektu kang akurasine luar biasa, nanging kok ora ana tinggalan bab angka-angka pangetunge.
Manut ngendikane para pakar, menawa ing bab petungan (ping, para, lan, suda, kuwadrat, lan sak panunggalane) wong Jawa nganggo cara ‘awangan'.
Panemu mangkene iki bisa uga pancen bener.
Jalaran operasionale ‘cipta-rasa-karsa' iku mapan manggon ing ‘daya spiritual' kang diduweni manungsa.
Ora bisa ditulis kayadene ilmu-ilmune wong Barat.
Ora beda karo ilmu nalar, ngelmu ‘cipta-rasa-karsa' uga ana tataran cendhek lan dhuwure.
Ana manungsa kang nalare dhedhel sing bodhone ora karu-karuwan, pijer nunggak sing sekolah.
Semono uga ing bab ngelmu ‘cipta-rasa-karsa' ya ana sing maju lan ana singsendhet ora mundhak babar bisan senajan wis meguru neng pirang-pirang para sepuh.
Malah-malah wis nglakoni laku pirang-pirang werna uga ora ana kaundhakane.
Akeh-akehe padha nganggep menawa ngudi ngelmu ‘cipta-rasa-karsa' iku padha karo wong ngudi ilmu pengetahuan.
Bakune karep sing kenceng thok. Kamangka banget bedane.
Menawa ngudi ilmu sing dibutuhake pancen ‘kekarepan' utawa ‘cita-cita' (semangat).
Dene ngudi ngelmu sing dibutuhake malah menebake ‘kekarepan' murih bisa ‘ênêng' lan ‘êning'.
Bisane ‘ênêng' lan ‘êning' iku disranani ‘laku' lan butuh ‘kas kang nyantosani setya budya pangekesing dur angkara' (niat kang mantep nduweni budi luhur).
Dadine, kang luwih dhisik kudu diduweni kanggo ngudi ngelmu iku ‘budi luhur'.
Ngudi ngelmu ora bisa menawa mung kanggo ‘pelarian' jalaran semplah kelangan semangat ngadhepi urip.Upamane, rekasa golek pegaweyan (golek sandhang pangan) njur nekuni ‘ngelmu kebatinan'.
Panganggepe, nek wis nglakoni ‘lakubrata' werna-werna njur gampang entuk pegaweyan utawa gampang rejekine.
Modhel pelarian sing kaya mangkene iki akeh banget tinemu ing tengahing bebrayan.
Salah kaprah panemu liyane, ‘ngelmu' iku bisa kanggo mrantasi pirang-pirang perkara.
Ing antarane kanggo nylametake dhiri saka tumindak salah lan ala.
Upamane, murih ora kena ‘jerat hukum' sawise korupsi njur nglakoni ‘lakubrata' utawa golek ‘backing spiritual' marang ‘sesepuh' mBok menawa wae pancen ana kasekten-kasekten sing bisa kanggo kepentingan kang mangkono.
Nanging kasekten kang mangkono iku dudu ‘ngelmu urip' kang ‘bener-becik-pener'.
Ana ing Wedhatama, kasekten jinis mangkono iku diarani ‘ngelmu karang'.
Kekerane (kekuwatane) saka asile kekarangan (bersekutu) karo bangsaning gaib.
Ora rumasuk jroning daging (ora manjing ing jroning batin).
Ngibarate mung manggon ing kulit kayadene boreh (wedhak pupur) alias apus-apus utawa palsu.
Mula ora bisa diandelake kanggo nglakoni urip kang ‘bener-becik-pener'.
Ewa semono, kanyatane ing tengahing bebrayan akeh pawongan kang bebudene seneng golek gampang.
Samubarang apa wae dianggep bisa diprantasi nganggo kekuwatan spiritual silihan saka bangsaning gaib mau.