DADI WONG JOWO OJO ILANG JAWANE, KUDU NGERTI MARING SANGKAN PARAN DUMADINE

0

 DADI WONG JOWO OJO ILANG JAWANE, KUDU NGERTI MARING SANGKAN PARAN DUMADINE




Dadi Wong Jowo Ojo Ilang Jawane, Kudu Ngerti Maring Sangkan Paran Dumadine


Wong Jawa ilang jawane diwiwiti saka olah batine kang wis kagerus dening kawruh impor nganti ora ngakoni warisan luhur leluhure, 

Akeh wong Jawa saiki ngasorake malah nistake wewarah luhur jawane. 

Apa maneh babakan basa, 

Roso lan budaya wong Jawa yen ilang jawane mung bakal dadi gemblung bingung nora ngerti sangkan parane (apa dadine yen uwit, godong lan kembang yen ilang Oyote)


Aksara Jawanipun :

꧋ꦣꦝꦶꦮꦺꦴꦁꦗꦺꦴꦮꦺꦴꦎꦗꦺꦴꦆꦭꦁꦗꦮꦤꦺ꧈ꦏꦸꦣꦸꦔꦼꦂꦠꦶꦩꦫꦶꦁꦱꦁꦏꦤ꧀ꦥꦫꦤ꧀ꦝꦸꦩꦣꦶꦤꦺ


꧋ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦆꦭꦁꦗꦮꦤꦺꦣꦶꦮꦶꦮꦶꦠꦶꦱꦏꦎꦭꦃꦧꦠꦶꦤꦺꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦏꦒꦺꦫꦸꦱ꧀ꦝꦼꦤꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦆꦩ꧀ꦥꦺꦴꦂꦔꦤ꧀ꦠꦶꦎꦫꦔꦏꦺꦴꦤꦶꦮꦫꦶꦱꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦊꦭꦸꦲꦸꦫꦺ꧈

꧋ꦄꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦱꦻꦏꦶꦔꦱꦺꦴꦫꦏꦺꦩꦭꦃꦤꦶꦱ꧀ꦠꦏꦺꦮꦼꦮꦫꦃꦭꦸꦲꦸꦂꦗꦮꦤꦺ꧉

ꦄꦥꦩꦤꦺꦃꦧꦧꦏꦤ꧀ꦧꦱ꧈

꧋ꦫꦺꦴꦱꦺꦴꦭꦤ꧀ꦧꦸꦣꦪꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦪꦺꦤ꧀ꦆꦭꦁꦗꦮꦤꦺꦩꦸꦁꦧꦏꦭ꧀ꦝꦣꦶꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦁꦧꦶꦔꦸꦁꦤꦺꦴꦫꦔꦼꦂꦠꦶꦱꦁꦏꦤ꧀ꦥꦫꦤꦺ(ꦄꦥꦣꦝꦶꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦈꦮꦶꦠ꧀‌ꦒꦺꦴꦣꦺꦴꦁꦭꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦪꦺꦤ꧀ꦆꦭꦁꦎꦪꦺꦴꦠꦺ)


Wong Jawa aja ilang Jawane

Wong Jawa aja ilang Jawane

Wong Jawa aja ilang budayane

Wong Jawa aja ilang adate

Jawa digawa ning endi parane


Tiyang Jawi tansah bisa anjawani

Ngagungke laku budi pekerti

Jiwa Jawane manunggal ing rasa

Aja tumindak angkara murka


Iku warisane leluhur bangsa

Diuri-uri karsane lestari

Kudu dirawat ben ora kuwalat

Dijaga, ditata, aja sampe musna


Gusti Hyang Widi, sampun nitipi

Budaya agung ing Tanah Jawi

Kedah disyukuri, aja diilangi

Nguri-uri tradisi, iku jati dhiri kang sejati


Pitara bangsa atirodra

Budaya pusaka anindita

Reksa wiyana westu


Iku warisane leluhur bangsa

Diuri-uri karsane lestari

Kudu dirawat ben ora kuwalat

Dijaga, ditata, aja sampe musna


Gusti Hyang Widi, sampun nitipi

Budaya agung ing Tanah Jawi

Kedah disyukuri, aja diilangi

Nguri-uri tradisi, iku jati dhiri kang sejati


Aksara Jawanipun :

ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦄꦗꦆꦭꦁꦗꦮꦤꦺ

ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦄꦗꦆꦭꦁꦗꦮꦤꦺ

ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦄꦗꦆꦭꦁꦧꦸꦣꦪꦤꦺ

ꦮꦺꦴꦁꦗꦮꦄꦗꦆꦭꦁꦄꦣꦠꦺ

ꦗꦮꦣꦶꦒꦮꦤꦶꦁꦄꦼꦤ꧀ꦝꦶꦥꦫꦤꦺ


ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦧꦶꦱꦄꦚ꧀ꦗꦮꦤꦶ

ꦔꦒꦸꦁꦏꦺꦭꦏꦸꦧꦸꦣꦶꦥꦼꦏꦼꦂꦠꦶ

ꦗꦶꦮꦗꦮꦤꦺꦩꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦆꦁꦫꦱ

ꦄꦗꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦄꦁꦏꦫꦩꦸꦂꦏ


ꦆꦏꦸꦮꦫꦶꦱꦤꦺꦊꦭꦸꦲꦸꦂꦧꦁꦱ

ꦣꦶꦈꦫꦶꦈꦫꦶꦏꦂꦱꦤꦺꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ

ꦏꦸꦣꦸꦣꦶꦫꦮꦠ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦎꦫꦏꦸꦮꦭꦠ꧀

꧋ꦣꦶꦗꦒ꧈ꦣꦶꦠꦠ꧈ꦄꦗꦱꦩ꧀ꦥꦺꦩꦸꦱ꧀ꦤ


ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦾꦁꦮꦶꦣꦶ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦥꦶ

ꦧꦸꦣꦪꦄꦒꦸꦁꦆꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ

ꦏꦼꦣꦃꦣꦶꦱꦾꦸꦏꦸꦫꦶ꧈ꦄꦗꦣꦶꦪꦶꦭꦔꦶ

꧋ꦔꦸꦫꦶꦈꦫꦶꦠꦿꦣꦶꦱꦶ꧈ꦆꦏꦸꦗꦠꦶꦣꦶꦫꦶꦏꦁꦱꦼꦗꦠꦶ


ꦥꦶꦠꦫꦧꦁꦱꦄꦠꦶꦫꦺꦴꦣꦿ

ꦧꦸꦣꦪꦥꦸꦱꦏꦄꦤꦶꦤ꧀ꦝꦶꦠ

ꦉꦏ꧀ꦱꦮꦶꦪꦤꦮꦼꦱ꧀ꦠꦸ


ꦆꦏꦸꦮꦫꦶꦱꦤꦺꦊꦭꦸꦲꦸꦂꦧꦁꦱ

ꦣꦶꦈꦫꦶꦈꦫꦶꦏꦂꦱꦤꦺꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ

ꦏꦸꦣꦸꦣꦶꦫꦮꦠ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦎꦫꦏꦸꦮꦭꦠ꧀

꧋ꦣꦶꦗꦒ꧈ꦣꦶꦠꦠ꧈ꦄꦗꦱꦩ꧀ꦥꦺꦩꦸꦱ꧀ꦤ


ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦾꦁꦮꦶꦣꦶ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦥꦶ

ꦧꦸꦣꦪꦄꦒꦸꦁꦆꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ

ꦏꦼꦣꦃꦣꦶꦱꦾꦸꦏꦸꦫꦶ꧈ꦄꦗꦣꦶꦪꦶꦭꦔꦶ

꧋ꦔꦸꦫꦶꦈꦫꦶꦠꦿꦣꦶꦱꦶ꧈ꦆꦏꦸꦗꦠꦶꦣꦶꦫꦶꦏꦁꦱꦼꦗꦠꦶ


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)