Suluk Sekar Telon Bab lV
Wejangan Sunan Tembayat
Dene silsilahe Nyai AgengKaliwungu sampek tumeka Prabu Brawijaya V mengkene iki katerangane:
1. Prabu Brawijaya V, peputra;
2. Bathara Katong Ponorogo (+ Nyai Ageng Kaliwungu Sepuh), peputra;
3. Raden Ayu Putri Katong (+ garwane Adipati Unus/ Pangeran SabrangLor Demak), peputra;
4. Sunan Katong Ing Kaliwungu (Protomulyo Kaliwungu Kidul KendalJawa Tengah), peputra;
5. Nyai Ageng Kaliwungu (+ Kanjeng Sunan Tembayat/ Sayyid HasanNawawi)
Dene silsilahe Kanjeng Sunan Tembayat kang kasimpen lan kacathet lawas ana ing keluarga Kanjeng Sunan Tembayat inggih kang dicatet deningPanembahan Kajoran ing tahun 1677 iku, panjenengane trah sangkaKanjeng Sunan Ampel Surabaya.
Dene silsilahe Kanjeng Sunan Tembayat tumeka Kanjeng Sunan Ampel mengkene iki katerangane:
1. Kanjeng Sunan Ampel/ Sayyid Ali Rahmatullah (+ Nyai Karimah bintiKiai Ageng Kembang Kuning Surabaya), peputra;
2. Kanjeng Pangeran Lamongan/ Pangeran Tumapel/ Sayyid MaulanaHamzah, peputra;
3. Kanjeng Sunan Tembayat/ Sayyid Hasan NawawiLiya sangka wejangan patembayatan, ana ing Babad Demak kasebut yenta Kanjeng Sunan Tembayat nalika isih ana ing Semarang uga oleh wejangan “Sangkan Paraning Dumadi ” utawa “Ngelmu Innalillahi Wa InnaIlaihi Rojiun” sangka Kanjeng Sunan Kalijaga.
Wejangan iku katulis mawi Sekar Dhandanggula kaya ing ngisor iki surasane:
Urip iku neng ndonya tan lami
Umpamane jebeng menyang pasar
Tan langgeng neng pasar bae
Tan wurung nuli mantuk
Mring wismane sangkane uni
Ing mengko aja samar
Sangkan paranipun
Ing mengko padha weruha
Yen asale sangkan paran duk ing nguni
Aja nganti kesasar
Yen kongsiho sasar jeroning pati
Dadya tiwas uripe kesasar
Tanpo pencokan sukma-ne
Separan-paran nglangut
Kadya mega katut ing angin
Wekasan dadi udan
Mulih marang banyu
Dadi bali nuting wadag
Ing wajibe sukma tan kena ing pati
Langgeng donya akherat

