SEKAR GAMBUH
Hyang Surya katon rengu
Baya apa darunane niku
Bangun enjing sang Pratanggapati kingkin
Wiyati katingal suntrut
Sajak lagi nandhang kagol
Aras-arasen wungu
Mancal kemul bali mapan turu
Hawit pancen hawane atis kepati
Tanpantara lama krungu
Kang bali kule wus ngorok
Ing njaba udan tumurun
Amambengi mring titah sadarum
Nggennya arsa tumuli badhe makardi
Densamya siyaga payung
Muga kinayom Hyang Manon

