GURIT SEKAR KINANTHI
Kinanthi panglipur wuyung
Wuyung marang sihing Gusti
Gustikula sunsumewa
Sumewa tulus ngabekti
Bekti konjuk mring Paduka
Kawlasana awakmami
Dhuh pujanta kusumarum
Ruming ganda sekar mlathi
Mlathi suci jroning Taman
Kataman ing warastrasih
Asihing Hyang Maha Nasa
Rinasa ing saben ari
AsihNya tansah lumintu
Tumrap titah kang ngabekti
Bekti satulusing driya
Driyasmara maring Gusti
Gusti sanitya anjampang
Panguripanira kaki

