GURIT GAMBUH ESUK UMUN-UMUN
(Esuk Uthuk-uthuk)
Ing esuk umun-umun
Wanci bun-bun enjing lan lalawun
Adhem kekes sumusup tumekeng ati
Wegah ninggalke tilamrum
Kepengin nendra kemawon
Kapyarsa jago kluruk
Sesautan munya melang-melung
Wus ceceker ngupadi sisaning pari
Uga cecruweting manuk
Gegojegan ing kekayon
Kledhang-kledhang ing pungkur
Biyung Amie menyang kali pancur
Umbah-umbah kalawan reresik dhiri
Sinambi hangindhit ejun
Tirta sinuntak ing genthong
Wus pakulinanipun
Saben esuk lah-olah ing dhapur
Acecawis boga tumrap sagung batih
Linakon suka ing semu
Kepara hangrasa bombong

