GURIT SARKARA SANGUNE BALI
Ibaraté surya wus lumingsir
Ing bang kulon tepi cakrawala
Wus ngancik tekèng janjiné
Apa wus darbé sangu
Mangsakala dipuntimbali
Resiking pancadriya
Myang sucining kalbu
Tanpa sanggan lumaksana
Maraksowan séba ing ngarsaning Gusti
Bali kamulanira
Pigunakna sisa gesangnèki
Ndhedher wiji kang tuhu utama
Murih becik thukulané
Kudu taberi matun
Mrih asilé tannguciwani
Tebih kèhing memala
Dzikir rabukipun
Temah cedhak lan Kang Yasa
Sru kinasih karasa ing saben ari
Iba bagyaning driya
Awit iku kabèh kang dumadi
Wus ginaris déning Kang Kuwasa
Janma tanluput kodraté
Mula murih katuntun
Anggung bekti tulusing ati
Dhawuhé katindakna
Awisan kasingkur
Amar makruf nahi munkar
Ya mung kuwi kanggo sangunira bali
Manunggal lan Hyang Suksma

