KINANTHI PANGLIPUR DRIYA
Wayahe wus bangun esuk
Ratri wus mungkur ing wuri
Kapyarsa kukila munya
Lwir mutyara bun-bun enjing
Kumilat ing patra-patra
Sengsem rasa jroning kapti
Sesautan ayam jalu
Kadi lagi andhon wasis
Mamerake swara endah
Wangun temen kapiyarsi
Mimbuhi regeng swasana
Rikalane bangun enjing
Kae srengengene muncul
Sumamburat bang nelahi
Jagad padhang tetrawangan
Hamberkahi sagung janmi
Ingkang samekta kekridha
Ngayahi darmaning urip

