MIJIL
Bangun enjing wetan katon abrit
Surya trontong-trontong
Sumamburat jenar kang warnane
Sagung titah gya sengkud makardi
Hangayahi gati
Kuwajibanipun
Ingkang maksih kulene kepati
Kuwi mangsa borong
Wong merdika mung sakepenake
Nora mikir kudu enggal tangi
Sapenake ati
Tan prelu kesusu
Apamaneh wus nora makardi
Akeh wektu kothong
Tandang gawe muhung satitahe
Pangsiyunan ngepenakke dhiri
Lelangen pribadhi
Kanggo ngrabuk umur
Yen kepengin lelangen pribadhi
Nora mokal klakon
Waton ngreti apa kabisane
Sapa ngreti bisa migunani
Dhiri lan sasami
Maksih tiba lowung
Nging yen weteng kepengin diisi
Kepeksa nyang pawon
Klithah-klithih njur tumandang gawe
Kopi manis lan salembar roti (utawi jajanan gorengan)
Mirasa ing lathi
Sokur mring Hyang Agung

