SEKAR MACAPAT MIJIL NGLANGUT
Saya suwe saya krasa tintrim
Ngadhepi lelakon
Kapan baya sirna pagebluk lan paceklik
Bisa pulih kadi wingi uni
Temah sagung janmi
Ngrasa sukeng kalbu
Rep sirepa pagebluk lan paceklik
Dimen kabeh mak plong
Hangayahi karya kwajibane
Ngupaboga kanggo sagung batih
Ngupadi rejeki
Tanpa rasa rangu
Waton kabeh gelem angugemi
Manut mring wewaton
Paugeran kang murih becike
Mrih luputa sakehing bilai
Luput king pepati
Satemah rahayu
Aja ngeyel nut karsaning dhiri
Ngguguk nguthawaton
Elinga maring sanak-kadange
Mrih rahayu kluwarga kinasih
Nora nenulari
Mula kudu manut
Ariyadi ora bisa bali
Atine ngendhelong
Datan bisa kumpul kluwargane
Wus sawarsa nggennya nganti-anti
Jugar tanpa dadi
Satemah pinupus
Sagung janmi sanitya anganti
Babaring lelakon
Muga enggal oncat pagebluk lan paceklik
Bali mring kamulanira kaki
Mrih titah sabumi
Hamanggih rahayu
Yen ta iki pepelinge Gusti
Mring sira lan ingong
Murih padha eling kwajibane
Kang tinitah mapan ana bumi
Anggunga ngabekti
Satulusing kalbu
Mung pamuji mring Kang Maha Suci
Gusti Sang Hyang Manon
Apuranta sadaya dosane
Sagung janmi myang dosa wakmami
Paringa aksami
Mring titah sadarum

