PANGAJABKU

0

 PANGAJABKU




Sawarsa wus lumaksana

Titiwanci kang anyar bakal gumanti

Kang lawas tilar ing pungkur

Dadya seksi kridhanya

Hamecaki sadawane risang wektu

Pait-manis kang kapanggya

Yeku bumbune ngaurip


Murih dadya lelimbangan

Saniskara kang huwus denlakoni

Kang ala binuwang semprung

Kang becik ugemana

Kuwi dalan tumuju urip rahayu

Jer kang eling lan waspada

Widada samargi-margi


Hamapag warsa kang anyar

Lelambaran cipta rasa kang suci

Anggayuh panjangka luhur

Marmane kawruhana

Sakeh pitutur nguni kang adiluhung

Mrih tansah nemu raharja

Sing taliti ngati-ati


Kang baku ywa kongsi lirwa

Anggung ngestu pada ngonjuk pepuji

Mring Gusti Kang Maha Luhur

Mrih tansah jinangkunga

Muga urip hayom hayem kang kapangguh

Tebih saking sambekala

Urip tentrem sagung batih

Amin.

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)