PEPANGGIHAN PUNIKA NUGRAHANING GUSTI

0

 PEPANGGIHAN PUNIKA NUGRAHANING GUSTI




Saupami sedaya kadang saged ngresepi bilih kita sedaya saged pepanggihan ing ngriki punika  amargi kersanipun Gusti, temtu kita badhe ngrerengga kekadangan puniki kanthi permati suprih saged lestari  sadangunipun gesang ing alam donya dumugi puputing yuswa.


Tansah njagi pocapan lan solah bawa,  ngendhani tumindak ingkang saged  adamel runtiking penggalihipun asanes.

Awit tatuning manah punika boten saged dipun-usadani kanthi panyuwunan tembung pangksama.


Mumpung padhang rembulane  lan jembar kalangane, mangga kula dherekaken samya gladhi dhiri mulat sarira, mamangun karyenak tyasing sesami. 

Kanthi tansah amog raos, silih ngajeni antawis setunggal lan setuggal sanesipun, kersa nglenggana menawi lepat sarta ngemut-emut sedaya kesanenan ingkang nate dipun-paringaken dhateng kita tinimbang metani kekirangan lan ka-awonanipun asanes.


Mugi rahayu ingkang samya pinanggih

Rahayu Rahayu Rahayu Sagung Dumadi


Kabeh Kersane Gusti Pengeran Kang Akarya Jagad

Kabeh Kersane Gusti Allah


Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)