MEMAYU HAYUNING BUDI LAN TEKAD (Jayabaya)

0

MEMAYU HAYUNING BUDI LAN TEKAD

Jayabaya

 


Pituduh 164

Yen gelem nalusuri sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang malah kita tampa saka wong-wong gawane nacad lan ora dhemen marang kita, katimbang mitra katruh raket kang tansah ngalembana. Awit panacad bisa nggugah kita nglempengake laku, dene pangalembana kepara bisa nyababake wong kerep dadi lali.

 

Pituduh 165

Manawa kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja kesusu ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake panacad. Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan molak-malik. Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe mburi bisa malíh kok senengi, kepara malah bisa dadi gantungane urípmu.

 

Pituduh 166

Karepe wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake dhewe. Yen sing diajak nyatur wong kemplo, pamrih sing kaya mangkono mesthi katekane. Nanging tumraping wong mursid : “Wong kang ngumbah rereged ing awake sarana migunakake banyu peceren malah saya nuduhake blentonge pambegane”.

 

Pituduh 167

Tembung kang prayoga kang kelair mung marga kadereng dening dayaning hawa napsu iku pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe kang satemah tansah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman sethithik naging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan krasa marem kang gedhe dhewe.

 

Pituduh 168

Siji-sijining dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan kepercayaan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae, tanpa tumandang lan makarya minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene ing pangimpen. Cilakane maneh, yen selagine nganggit-anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi kangelan).

 

Pituduh 169

Ora beda karo rob lan suruding segara, kahanan uriping manungsa iku uga ora bisa uwal saka bungah lan susah. Kang perlu dicilengi ing kene yaiku aja kaselak kebacut kerem kalimput ing kabungahan lan aja kaselak gampang angles yen lagi kapinujon apes. Awit kasusahan iku sok malah bisa ngentas kita saka kaluputan lan kabodhowan, sauger insyap marang dhirine lan ora mupus, apadene tansah percaya marang Kang Kagungan Panguwaos.

 

Pituduh 170

Menangi jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu tumindhak nistha. Ora eling yen sejatining urip ing donya iku ora ngupaya rajabrana bae, nanging uga mangesthi kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat tapa ing satengahing coba. Sapa kang santosa ora bakal tumindak sasar.

Mula tansah ngugemana sebuting pitutur : “Sabegja-begjane kang lali nganti kelu penggawe sasar, isih begja kang panggah eling lan waspada tetep ing panggawe utama”.

 

Pituduh 171

Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka mau, sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa “Aji godhong jati aking”.

 

Pituduh 172

Sapa kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasaan iku sejatine malah dadi sumbering dununging wong lali, gampang lirwa ing kaprayitnan, lan gampang kapilulu ing pakarti dudu.

Awit yen lagi kuwasa, adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka.

Kanggo nggayuh panjangkane, sakehing cara ditempuh. Ora maelu senadyan nganti mentala gawe sangsarane mitra karuh. satemah mung dadi leletheg kang luwih aji uwuh.

 

Pituduh 173

Ilat kuwi sawijining pedhang kang landhep, kang bisa mateni senajan tanpa ngetokake getih.

 

Pituduh 174

Ora ana critane wong kejungkel iku marga kesandhung watu gedhe, sing mesthi merga kesandhung watu sing cilik.Yen tatuwa ya marga saka watu krikil-krikil sing lancip-lancip.

Bab mau aweh pituduh supaya kita aja nyepelekake marang barang sing katone sepele ora mingsra, naging sejatine kepara malah gampang dadi dhadhakane wong njungkel njempalik tiba ing papa.

 

Pituduh 175

Wong sugIh sing lumuh kelangan bandhane nadyan kanggo keperluwane dhewe iku ora liya sababe marga tansah kuwatir yen dheweke tiba ing kemlaratan. Nanging ora ngertiya yen dheweke ing wektu iku sejatine wis padha karo wong mlarat. Uripe kepara luwih sangsara katimbang wong kesrakat, kang batine tansah ora narimakake marang adiling Kang Murbeng Dumadi.

 

Pituduh 176

Dereng nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa rinasa ing nalika kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga kita tansah waspada ngendhaleni dhiri. Dene kang kinaran dereng utawa nafsu seneng pamer kang gampang dineleng lan sineksen dening wong liya iku aran riya kang pratela (cetha), utawa ngedheng. Becik kita singkiri.

Wondene dereng sajroning laku panembah, arang kang disumurupi wong liya. Luwih-luwih yen lagi kapinuju ana ing papan kang sepi. Sok ngonowa elinga, yen Gusti Allah iku tansah ngudaneni.

 

Pituduh 177

Kabeh salakune (tumindake) wong bodho iku esthine nggawe hikmah lan piwulang becík tumraping wong kang ahli budi. Awit saka samubarang kang ora becik kang dilakoni wong bodho dening para ahli budi banjur kari ngemohi lan dadi pandoming urip kang perlu disiriki lan disingkiri. Suwalike wong bodho sungkan nyuplik lelakon becik kang dialami para ahli budi.

Mula ora jeneng aeng yen akeh para bodho sing uripe tetep kasurang – surang lan para ahli budi kang tansah rahayu ing uripe.

 

Pituduh 178

Aja sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing sêmangatmu. Malah prayoga dinarima marang apa kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti Kang Maha Kuwasa.

Awit ngelingana menawa ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwih cacad tinimbang sira, suprandene dheweke babar pisan ora kawetu nutuh marang Gusti Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele imane lan yakin marang kwadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang sakabehing lelakon kang dumadi ing jagad raya iki.

 

Pituduh 179

Ngalembana lan panacad iku padha bae panindake. Lire, tarikane napas padha, kedaling ilat padha lan obahing lambe ya padha. Sok ngonowa najan rekasane utawa gampange padha, nanging oleh-olehane utawa wohe sing ora padha. Ing ngadat kejaba sok adoh sungsate, uga malah sering kosok balen. Sing siji bisa ngraketake paseduluran sijine padha bae karo golek dadakan nandur rasa memungsuhan.

 

Pituduh 180

Aja ndarbeni pepinginan dadi wong kang linuwih kang ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diandela wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae barang rembugira kanthi becik, patitis lan maedahi. Karo maneh tindak tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndhakik-ndhakik nanging kang durung kabukten ana ing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug “Keplok lumah kurepe” karo tindakira.

 

Pituduh 181

Kang kinaran manungsa winasis yaiku wong kang wis kaconggah mbenerake tindak kang mlenceng. Dene asor-asoring budine manungsa iku ora kaya wong kang mlencengake tindak kang wus bener. Adate sipat kaya mangkene iki thukul marga kasurung dening ati drengki srei.

Kamangka sapa kang ngadani ati drengki lan panasten iya ing wektu iku dheweke wiwit nyiksa ing awake dhewe, lan uripe ora bakal bisa tentrem.

 

Pituduh 182

Samangsane kowe diclatu wong kanthi sengak aja kok wales sanalika kanthi tembung (rembug) kang sengak lan atos. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang alus lan sareh. Jer, ya klawan laku kang kaya mangkono iku, kowe bisa ngendhakake watakkang panasbaran, lan bisa ngasorake sipat kang lagi kasinungan iblis.

 

Pituduh 183

Ing ngendi dununge pamarem lan katentreman ? Saking ungele mapanake rasa, nganti meh ora ana wong rumangsa marem lan tentrem uripe. Sabanjure banjur kepiye ? Iya kudu tlaten ngolah budi. Doh ana rasa meri lan drengki amrih gorehing pikir bisa tansah sumingkír.

 

Pituduh 184

Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi obring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih umraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan dak-wenang marang sapepadhane. Sregep mawas dhiri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga wusanane thukul greged ndandani murih apike.

 

Pituduh 185

Kita iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, ana siji engkas darbek kita kang ora kena ginrayang lan ora kasat mata, nanging ajine tan kena kinaya ngapa, yaiku osiking ati kang ajeg ngelikake kita marang lurusing laku samangsa kita ketaman pletiking cipta ala, munggahe katuwuhan krenteg nindakake laku ngiwa. Mula poma-poma, tansah bisowa ngrungokake osiking atimu, awit iku kang ngajak sapari-polahmu tumuju menyang karahayoning uripmu.

 

Pituduh 186

Nggayuh kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur.

Ya dhuwur ing bab lahire, uga ing batine. Lire, sing murakabi kanggo dhiri pribadine, sumrambahe tumrap bebrayan agung. Sapa kang mung mligi nggayuh kaluhuraning lahir bae, ateges mung mburu drajat, semat lan pangkat. Durung aran jejeg uripe. Suprandene sapa kang mung ngemungake kaluhuraning batin, ateges ora nuhoni jejering manungsa ing alam donya, yaiku tumandang ing gawe.

 

Pituduh 187

Akeh wong kang sadurunge nyoba ngayahi pagaweyan wis dipantok dhisik sarana tembung “Ah, aku ora bisa”. Dayaning tembung “Ora bisa” satemah numusi ora bisa temenan. Awit entek-entekane pocap mangkono iku ateges ngapesake awake dhewe. Luwih dene maneh banjur lumuh ing pambudi. Samubarang kang diudi ora bakal dadi. Kang ora diluru tangeh bisane ketemu.

Mula percayaa marang dhiri pribadi. Ciptanen kanthi mantheng ing ati lan enggal makartiya.

Kekuwataning manungsa iku dumunung sajroning cipta, sauger sinartanan pamarsudi klawan temen-temen. Dayaning cipta cetha bakal nekakake sedya.

 

Pituduh 188

Aja sok nggresula !, Wruhana yen pangresula iku sawijining mala, dene panggresah mono agawe bubrah. Yen wis nggresah padatane banjur lali marang kewajibane kang kudu diayahi sarta kemba marang sadhengah pakaryan. Síng sapa esuk-esuk wis sambat ngaru-ara ing bab ngrekasane anggone urip, wong mau presasat mbutoni sumbering pangupa-jiwane dhewe.

Ora trima marang pandum peparinge Pangeran Kang Murbeng Dumadi.

 

Pituduh 189

Yen kowe kepingin mulya uripmu, lakonan apa kang kok gagas-gagas rikalane kowe nandhang sengsara utawa lara. Awit ing mangsa-mangsa kaya mangkono mau manungsa banjur ketuwuhan budine kang murni, yaiku watak kang sarwa kebak welas-asih lan ngerti sepira perlune wong kang tansah ambudi amrih aja nganti nemoni kacingkrangan.

 

Pituduh 190

Wong kang wis kinaran “sukses” iku, yaiku : wong kang wis ngetog kadibdyane, ngudidaya nganti kecandhak gegayuhan lan idham-idhamane laras karo kepinginane.

Tekane “sukses” durúng ateges tamating crita, nanging malah kudu tansah luwih waspada, prayitna lan ngati-ati. Jalaran adhakane wong sing wis “sukses” iku banjur kurang kaprayitnane, sembrana lan gumampang ing sabarang tumindake, kang luput sembire bisa klenggak.

Mula sawijining “sukses” iku anggepan kayadene sawijining pandadaran kanggo lestarining penggayuh becik.

 

Pituduh 191

Saben wong mono pancen nduweni nafsu. Awit tanpa nafsu wong ora bakal duwe krekat kepengin maju. Mung bae wong kudu bisa milah-milahake nafsu endi sing kudu dicandhet, lan nafsu sing kepriye sing kudu diunggar. Nafsu kang bakal nekakake bilahi tumraping awake dhewe lan wong liya kudu bisa dicandhet, dene nafsu kang perlu diunggar yaiku nafsu kang empane tumuju marang karahayoning sapadha-padha.

 

Pituduh 192

Hukum alam wis netepake, sapa kang nandur mesthi ngundhuh. Dene apa kang diundhuh iya manut wijine kang ditandur. Yen sing ditandur winih alang-alang, ing tembe iya aja ngarep-arep yen bisa bakal panen pari, iku genah nyalahi kodrat. Mula mumpung isih esuk, nandura wiji cipta lan penggawe kang becik-becik. Awit elingana, yen akeh sethithik anak putu kita uga bakal katut melu ngrasakake pait getire wong kang bibite ditandur dening wong tuwane.

 

Pituduh 193

Sapa sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung bisa maujud menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan sedya, jangka lan panuwun, iku saumpama wong lelungan mono tumuju papan kang arep diparani utawa dijujug.

Dene kekarepan iku kudu ana kanthine, yaiku nalar utawa pecahing nalar. Jalaran kekarepan kang tanpa nalar iku ora beda karo karepe bocah cilik. Kejaba tanpa teges, uga sok tanpa wasana, satemah ora ana dadine.

 

Pituduh 194

Sebab-sebab kang gawe ciliking ati lan cekleking semangat iku adhakane dumunung ing gegambarane pikiran kang sarwa nguwatirake marang lelakon kang durung kelakon, temahane pikiran dadi peteng, lumuh ihtiyar lan koncadan gregeting makarya. Katimbang nyumelangake barang kang durung bisa ginrayang rak luwih becik aja pegat ing ihtiyar kanthi nenuwun marang sihing Kang Murbeng Kuwasa, jer iya mung Panjenengane kang murbawasesa urip kita iki.

Klawan mangkono istingarah kowe ora bakal ngedhap ngadhepi sakehing lelakon.

 

Pituduh 195

Kerep nggresah lan ngresula iku nuduhake karingkihane tekad. senajan dingresulanan sedina ping pitulikur, ora bisa owah nasibe. Nggresah lan ngresula iku padha karo sambat. Wong sambat iku kena bae, nanging yen isih keduga aja dhemen sambat. Ngresula bisa dadi mala, panggresah bisa gawe bubrah, dene pisambat iku dalane wong kang seneng mlarat, jalaran sakehing gegayuhan kang disangkani sarana sambat mono adate mung gayuk-gayuk tuna, apa kang digayuh tanpa ana kabul wusanane.

 

Pituduh 196

Dhasar premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi santosa.

Sarana ndulu kacamata benggala kang kita alami saben dina, teteg kawegigane pikir bae ora mujudake gaman pamungkas tumrap kasembadaning sedya. Mula yen mung ngendelake marang punjuling nalar lan moncering kawruh bae, tanpa mengkoni ing budi santosa, atine gampang miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak sesongaran sing adhakane sing uwis-uwis banjur kacenthok pancabaya, ubayane banjur mbalenjani.

 

Pituduh 197

Ora ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe, kejaba nindakake pegaweyan kanthi srempeng sing juntrunge mung ngoyak derenge panguwasa, drajad lan bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan marang pitutur becik lan panemune liyan kang wigati, anane mung rasa melik kang nggendhong lali.

 

Pituduh 198

Siji-sijining marga amrih kaleksanane gegayuhan iku ya kudu sarana makarti.

Yen kita mung kandheg marang ngunggar-unggar karep lan nganggit-anggit gagasan bae, tibaning enggon mung kaya ing pangimpen. Luwih-luwih menawa salagine nggagas-nggagas mau kaselak kesusu ngrasakake kanikmatane pengangen-angen, wusana tumus dadi lumuh ing gawe lan wedi ing pakewuh.

 

Pituduh 199

Ngakoni kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora nduweni pikiran iku luwih mlarat.

Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.

 

Pituduh 200

Kang kok kandhakake putih iku durung karuwan putihing (sucining) ati, bisa uga mung wujud putihing pupur sing kandel waratå. Lan sing kok kandhakake abang iku durung tinamtu abanging (kekendelaning) bebener nanging bisa uga mung abange lambe kang keconggah njlomprongake marang jurang kang jero. Dene sing kok kandhakake resik, iku durung mesthi resiking ati, nanging adate mung wujud resiking sandhangan rinengga ing sotya abyor kang bisa mblerengake mripat.

 

Pituduh 201

Ngunggar wetuning kekendelan sing mung kadereng saka dayaning pangojok-ojok iku kerep ora murni. Tandang lan trajange kang akeh banjur mung kabrongot panasbaran.

Wusanane malah sok bakal nunjang palang, bebathene kosok balen karo kang sinedya. Mula minangka gegondhelane kapitayan, kekendelan iku prayoga kadhasarana rasa sumungkem marang Kang Murbeng Dumadi, niyat leladi marang sapepadhane titah. Yen wis mangkono sakehing cak-cakane pakarti mesthi tansah patitis lan mikolehi.

 

Pituduh 202

Teteping rasa kamanungsan iku ora marga saka kawruh lan kapinteran kang wis dianggep luwíh luhur ing salumahe bumi, nanging mung jalar saka kadunungan telesing rasa asih marang sapepadhaning tumitah. Dene rasa asih mau cinipta saka patrap anggone reksa-rumeksa lan sugih ing pangapura sarta tansah kinanthenan pangucap lan pasemon síng bisa gawe resep lan ora natoni atining liyan. Kawruhana, menawa kapinteran kang ora kinanthenan kautaman iku sejatine luwih mbebayani tumraping bebrayan katimbang karo bodho kang linambaran ing budi rahayu.

 

Pituduh 203

Nglengkara wong bisa luwar babar pisan saka panggodha. Sebab, sumbere panggodha iku ora liya iya mung saka awake dhewe. Sing sapa mung nyingkiri panggodha kang kasat mata bae, ora dibedhol tekan oyod-oyode, adhakane bakal ketaman pakewuh lan godha kang luwih gedhe maneh. Sok ngonowa yen wong tlaten lan sareh, kanthi kencenging tekad kang gilig, mesthi bakal bisa mentas saka reridhu. Aja mung mandheg ing panggrantes, nutuh awake dhewe, apa maneh yen nganti nguman-uman marang wong liya.

 

Pituduh 204

Yen ing donya iki manungsane sing sugih uripe ora mbethithil, kepara malah dhemen tetulung marang kang kecingkrangan, dene sing duwe kepinteran adoh saka karep kanggo minteri liyan, kepara malah dadi papan jujugane wong tetakon, genah kahanane donya bakal ayem tentrem, adoh saka reridhu lan kalis saka godha rencana.

 

Pituduh 205

Wong kang lagi karejeken aja kaduk anggone bungah, kosokbaline aja kaduk nelangsa samangsane nemahi reribed lan nandhang susah, gedhene nganti nggetuni barang kang wis kelakon. Awit kaduk bungah mau bakal ngilangi kaprayitnan, kaduk susah njalari ati tansah kemba, lan tangeh lamun bisa uwal yen ora dibudeni sarana tumandang makarya.

 

Pituduh 206

Yen darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana sarana makarti kang madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora ngedhap nadyan mangerti yen dalan kang diambah kebak parang curi. Yen tansah rongeh lan rangu-rangu, ateges mung wani ing gampang, wedi ing pakewuh, samubarang kang sinedya ora bakal ginayuh.

 

Pituduh 207

Manungsa iku bisa kinaranan urip yen isih duwe karep lan pangarep-arep.Nanging yen karep mau mung kandheg ing pangangen-angen lan gagasan bae, ora beda manungsa kang mati sajrone urip. Kosokbaline yen anggone nandangi karepe mau kaselak kesusu nikmati pikolehe kang durung klakon, genah anggone makarti mung angger bae. Kepara bakal mundur yen ngadhepi pakewuh, satemah dadi wong lumuh.

 

Pituduh 208

Wong kang kebak dening pepinginan iku adate banjur ngangsa-angsa, mula lakune uga banjur miyar-miyur. Kepengkok gawe sethithik bae sing digedhekake pangresulane, tundhone atine gampang pepes lan nglokro. Beda karo wong kang wicaksana uripe mesthi mawa tekad lan tujuwan. Bebasan tiba kaping pitu gumregah tangi kaping wolu ngrungkebi tekad lan tujuwane.

 

Pituduh 209

Angger wong wis mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho tekade. Mulane yen darbe karep aja mundur merga luput sepisan pindho bae, prayoga ambalana maneh nganti katekaning sedya. Samubarang pegaweyan menawa kok temeni wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh bageyan lan kauntungan. Apa kang kok sedya bakal tumeka, pituwase lagi ketemu mburi.

 

Pituduh 210

Sarupane pakaryan kang wis kok yakini beciking asile tumuli enggala katindakna, aja ngenteni liya wektu. Jer kekencengan sarta kekarepan iku yen diendhe-endhe ora mundhak kuwate.

Nanging malah mundhak ringkih lan bisa uga ilang dayane. Sipat seneng ngendhe-endhe iku mujudake dalan kang anjog marang watak ora antepan lan kesed, sungkan ing gawe sing tundhone dadi tanpa aji urip ing bebrayan.

 

Pituduh 211

Wong kang sinebut berbudi urip ing bebrayan iku ora mung wong kang rumangsa kasiksa nyumurupi sapepadhane sing nandhang papa, nanging wong kang gampang runtuh welase kang tinumbalan runtuhing barang darbeke lan deduwene kanggo tetulung marang wong sing kacingkrangan lan kasangsaran. Nanging kang kaya ngono mau pancen angel golek-golekane.

Tandha yektine ing alam donya iki ora sethithik wong sing mati marga kuwaregen, lan akeh wong sing mati marga kaliren.

 

Pituduh 212

Wong mono aja mung tumandang angger bares nanging kanthi laku kang ora beres. Dibisa tansah milah-milahake endi sing kenceng lan endi sing nalisír saka paugeran, sarta kulinakna nyirik marang penggawe musyrik, sinung marang watak tulus lan ngukuhi kajujuran.

Kawruhana, menawa ora ana pusaka kang ampuhe ngluwihi kajujuraning ati lan weninging pikir kang sepi ing pamrih. Pamrihe mung sawiji, yaiku mangan karahayoning bebrayan, ngluhurake kamulyaning bangsa lan nagara.

 

Pituduh 213

Pangrasa, pikiran lan kekarepan iku tansah mbudidaya rebut unggel lan rebut panguwasa anggone murba sapari polahe manungsa. Pangrasa emoh diungkuli pikiran.

Pikiran sêmono uga suwalike. Wondene kang moncol dhewe sumedya mbalap ora gelem dipekak yaiku kekarepan. Mula wajibing manungsa kudu bisa ngukuhi sifat manungsane.

Den sranani kanthi nanjakake uripe melu ngrasakake lan memikir marang ombak umbuling jaman. Tumandang ing gawe ngesthi marang rahayuning bebrayan munggahe marang ajuning jaman.

 

Pituduh 214

Selawase urip nglengkara wong bisa uwal babar pisan saka panggodha, jer panggodha iku sumbere ora liya ya saka awake dhewe. Asale tumuwuh saka uwohing pikir kang ngayawara, banjur katarik marang kekarepan ala kang wusanane mbabarake pakarti nistha.

Sapa kang wiwitane enggal tumandang nanggulangi panggodha, bakal mundhak kasampurnane lan patut sinebut wong kang santosa ing budi. Balik kang sapa tansah nguja panggoda semaya nanggulangi, kekuwatan batine saya lungkrah, bakale bubrah dadi leletheging jagad.

 

Pituduh 215

Wong nandur pari iku bakal ngundhuh pari, ora bakal ngundhuh jagung utawa kacang.

Semono uga pikiraning manungsa, ora beda karo mau. Yen pikiran kita tansah kita kulinakake lan kita pigunakake kang becik-becik ya bakal nduweni daya kekuwatan kang becik, satemah bisa aweh pakaryan kang pengaji tumraping bebrayan. Mula katimbang nggagas kang ora-ora lan ngayawara, prayogane nggagasa marang laku utama lan mulya. Lan luwih utama maneh menawa gagasan kang mangkono mau diwedharake dadi pakarti pisan.

 

Pituduh 216

Rasa was sumelang iku nerakane wong sing arep nggayuh kemajuan. Sapa kang wis ketaman rasa iki salawase ora bakal bisa maju. Ing sabarang tandang tanduke sarwa tidha-tidha lan tansah awang-awangen ngadhepi kangelan kang bakal memalangi laku. Kosokbaline tekad iku rasa ciptaning karsa kang wis gembleng. Dadi yen ana kepenak lan orane bakal didhadhagi lan diterjang wani. Kang pinandeng mung bakal tekaning sedya. Nanging tekad mono beda banget karo nekad, jer nekad kuwi uwohing pakarti kang tuwuh saka kajudheganing nalar sing tundhone keconggah tumindak nistha, merga koncadan pepadhang.

 

Pituduh 217

Aboting abot iku ora kaya yen kudu nuruti prentah lan pitutur. Pait lan ngrekasa dikaya ngapa prentah lan pitutur iku prayoga lakonana bae. lng suwalike barang pait mau, kowe mesthi bakal nemu barang legi sing ora klebu ing petunganmu. Pancen luwih prayoga paite dhisík, tinimbang legine. Awit bisane kowe ngrasakake legi iku rak marga kowe wis ngrasakake pait. Bisa nikmati kabungahan marga wis nate ngalami nandhang kasusahan.

 

Pituduh 218

Wong kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang gawe, genah ora sumurup marang kaluputane celatune, sabab celathu mono mung obahing ati kang ana ing lati, dudu obahing tangan sing kanggo tumandang. Nanging yen wis tumandang gawe dhewe, cetha bakal meruhi marang luputing celathune. Mula saiba begjane wong kang bisa celathu klawan enggal-enggal tumandang gawe dhewe.

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)