KETAWANG PUSPAWARNA WANGSALAN JRONING GERONGAN

0

KETAWANG PUSPAWARNA

WANGSALAN JRONING GERONGAN




Kembang kencur, kacaryan anggung cinatur

Sedhet kang sarira, gandhes ing wiraga

Kewes yen ngendika, hanganganyut jiwa


Kembang blimbing, pinethik bali ing tebing

Maya-maya sira, wong pindha musthika

Ratuning kusuma. Pathining wanodya


Kembang duren, sinawang sinambi leren

Ndalongop kang warna, sumeh semunira

Luwes pamicara, hangangayut driya


Kembang aren, tumungkul aneng pang duren

Sadangune kula, mulat ing paduka

Hanganggit puspita, temahan wiyaga


Kembang gedhang, manglung maripit balumbang

Patute wong ika, tedhaking awirya

Semune jatmika, solahe prasaja


Kembang jati, sinebar ngubengi panti

Hanjanggleng kawula, ngentosi paduka

Sewu datan nyana, lamun nimbangana


Kembang jambe, megar ngambar wayah sore

Kemayangan kula, tamuwan paduka

Pangajabing karsa, paringa nugraha


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)