SEKAR DHANDANGGULA WULANGREH
(Anggitanipun : Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV Senapati Ing Ngalaga, Ngabdurahman Sayidin Panatagama ing Surakarta Hadiningrat)
NGUMBAR GAGASAN
Heneng hening prabawaning ati.
Mung pangrasa tuwuh rasa samar.
Baya ta kawusanane
Nepus dirganing dalu.
Kadi peksi angebar swiwi
Mencok gigiring mega
Angulat tumurun
Saiba bungahing nala
Akekancan edhum cahya wulandari
Pinangka mitra nendra
Rikalane anendra kepati
Panggya dasih pepujaning nala
Sayekti bagya driyane
Lawas tannate pangguh
Sapejagong sapartineki
Nyata bombong karasa
Lengleng jroning kalbu
Rarasmara nyuntak kapang
Sineksenan lindri-lindri risang tari
Bagya tanpa upama
Cinarita kang lagya karonsih
Andum rasa tekeng gagatenjang
Nora kelingan wancine
Bareng wancine wungu
Gagap-gagap sarwi ngupadi
Risang pepujan nala
Kekasihing kalbu
Dheleg-dheleg ngunandika
Ana ngendi dunungmu sira wong manis
Oh ...
Jebul mung nyupena
Gladhen negesi Wasita Adi, ing serat wulangreh Dhandanggula
Anggitanipun :
Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV Senapati Ing Ngalaga, Ngabdurahman Sayidin Panatagama ing Surakarta Hadiningrat.
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Jarwanipun
■pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
■medhar sabda = sesorah, pidato.
■wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
■cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
■dahat = banget, sangat.
■mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
■ginunggung = gunggung + in = dibombong,
■angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.
■kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.
■katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine. rinuruh = ruruh + in
■pasuryan kang semu dhungkluk ririh= lirih, alon, pelan.
■sasmita = sandi, pratandha, isyarat

