SEKAR KINANTI KANCILEN
Nalikanira ing dalu
Swasanane samun sepi
Mung swara walang ataga
Kapyarsi samya ngalisik
Kala-kala sinelingan
Swarane canthuka muni
Layap-layaping aluyup
Angen mambarèng wiyati
Tuhu bawéra merdika
Miber sarwi amiyati
Éndahé yasaning Suksma
Yekti tanna kang nandhingi
Sumunar padhang Sitangsu
Kinanthi mayutan tari
Samya gumyak sesekaran
Sesendhonan nglipur ati
Roncen maneka puspita
Gya ginita sukèng kapti
Baya sapa datan ngungun
Sesawangan madyaratri
Sumiliring samirana
Sengsem resep hananduki
Pradapa rasa asmara
Soksapa kang nandhang brangti
Dhuh Gusti Kang Maha Agung
Mring Paduka sunmemuji
Mugi anggung jinangkunga
Gesangwang ing saben ari
Honjuksokur kang tinampa
Darana hanampi pesthi

