SEKAR DHANDANGGULA DINTEN IBU
Duh Duh Gusti Kang Maha Welas Asih
Hanggeganjar lawan Hangapura
Sagung titah Sedayane
Nem Warsa kang kapungkur
Bu Tumirah Pepunden mami
Tinimbalan Hyang Suksma
Nilar Wayah Sunu
Duh Allah Panyuwun Amba
Mugi Paring Papan Ing Kaswargan Jati
Dadya Umat Muhammad
Kanjeng Ibu Rikalane Urip
Tresna Asih Marang Putra Wayah
Mligi Maring Keng Garwane
Siyang Pantareng Dalu
Lara Lapa Dipun Lampahi
Nggulawenthah Pra Putra
Sung Pitutur Luhur
Siyang Ratri Hameminta
Ngarsa Allah Supadya Pra Putra Putri
Manggiha Bagya Mulya
Kanjeng ibu kang dahat kapundi
Darmanira marang putra Wayah
Dadya pepiling Slamine
Ri mangkya Hari IBU
Putra Wayah Hamung memuji
Amal Darma paduka
Tinampi Hyang Agung
Dosa kalepatan ndika
Gusti Allah kepareng paring Aksami
Kaswargan Nugrahanta

