SINOM KADIRI

0

 SINOM KADIRI




Leluhur kita sedaya

Ingkang wonten ing Kadiri

Nenggih sang prabu Erlangga

Ibu Dewi Kilisuci

Sang Jayabaya ugi

Raja kang gagah tur luhur

Ugi buta Locaya

Kang wonten ing kulon kali

Tunggul wulung mapan ing wetan bengawan


Sarta pra leluhur samya

Kang datan sinebut nami

Sadaya nggemblengken tekad

Saiyeg saeka kapti

Harumeksa Kadiri

Murih adil subur makmur

Tan na kang cecengilan

Luhur ing budi pakarti

Ayem tentrem guyub rukun tepaslira


Awit ing jaman menika

Tan tepung budi pakarti

Pra pangarsa keh kang lena

Tan ngrasuk budi pakerti

Mangka budaya jawi

Budaya kang adi luhung

Adi ateges endah

Luhung dhuwur drajat neki

Keh wong manca kang angudi kawruh Jawa


Ingkang kathah sapunika

Sugih kendel bandha wani

Datan ajrih ing pidana

Dikunjara ora wedi

Sing penting oleh bathi

Tan etung sanak sedulur

Sanadyan kanca rowang

Datan mikir dina mburi

Tan perduli iku kalal apa karam


Patilasan purbakala

Dipun anggep papaning jim

Wong sing sok saba ing kana

Dipun anggep tiyang musrik

Dikira nyembah Gusti

Pandakwa ingkang keliru

Yen tan weruh takona

Marang wong kang mangerteni

Kang sinembah Gusti ingkang Maha Kuasa


Mekaten atur kawula

Kawontenan jaman mangkin

Mugiya paduka karsa

Mbantu donga dhateng Gusti

Murih enggala bukti

Owah tingkah lakunipun

Ngerteni budaya

Warisan leluhur sami

Tingkah laku landhesan budaya Jawa

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)