Katresnan Gusti

0

 Katresnan Gusti




Sawangen eseming sang Bagaskoro

Kasulak sabubaring rino

Rasakno angeting suryo

kang sumlawe bareng puceting condro


Rasakno panasing agni

Kang murub tan kendat ing pamuji

Lan gambaran sawiji

Kang kebak keduwunging ati


Sawangen biruning langit

lan cumloroting lintang

Sawangen endahing kluwung

kanggo piranti mbangun kaduwung


Sawangen ijoning argo

kang cinipto edi peni

Sawangen ijoning godhong

Kang bingah rumesep ing ati


Sawangen ilining banyu

Kang adem tan kendat mati

Rasakno sumiliring bayu

Kang ngidung lan  tansah memuji


Sawangenjembaring samodro

Kang nggambarake lan pratondo

Gusti kang murbeng dumadi tansah tresno

Marang kawulo kang cinondro namung duksino



Tulisan aksara Jawanipun :

ꦏꦠꦿꦺꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ


ꦱꦮꦔꦺꦤ꧀ꦄꦼꦱꦼꦩꦶꦁꦱꦁꦧꦒꦱ꧀ꦏꦺꦴꦫꦺꦴ

ꦏꦱꦸꦭꦏ꧀ꦱꦧꦸꦧꦫꦶꦁꦫꦶꦤꦺꦴ

ꦫꦱꦏ꧀ꦤꦺꦴꦄꦔꦺꦠꦶꦁꦱꦸꦂꦪꦺꦴ

ꦏꦁꦱꦸꦩ꧀ꦭꦮꦺꦧꦉꦁꦥꦸꦕꦺꦠꦶꦁꦕꦺꦴꦤ꧀ꦝꦿꦺꦴ


ꦫꦱꦏ꧀ꦤꦺꦴꦥꦤꦱꦶꦁꦄꦒ꧀ꦤꦶ

ꦏꦁꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦆꦁꦥꦩꦸꦗꦶ

ꦭꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦫꦤ꧀ꦱꦮꦶꦗꦶ

ꦏꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦏꦼꦣꦸꦮꦸꦔꦶꦁꦄꦠꦶ


ꦱꦮꦔꦺꦤ꧀ꦧꦶꦫꦸꦤꦶꦁꦭꦔꦶꦠ꧀

ꦭꦤ꧀ꦕꦸꦩ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦶꦁꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁ

ꦱꦮꦔꦺꦤ꧀ꦄꦼꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁꦏ꧀ꦭꦸꦮꦸꦁ

ꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦏꦣꦸꦮꦸꦁ


ꦱꦮꦔꦺꦤ꧀ꦆꦗꦺꦴꦤꦶꦁꦄꦂꦒꦺꦴ

ꦏꦁꦕꦶꦤꦶꦥ꧀ꦠꦺꦴꦄꦼꦣꦶꦥꦺꦤꦶ

ꦱꦮꦔꦺꦤ꧀ꦆꦗꦺꦴꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦣꦺꦴꦁ

ꦏꦁꦧꦶꦔꦃꦫꦸꦩꦺꦱꦺꦥ꧀ꦆꦁꦄꦠꦶ


ꦱꦮꦔꦺꦤ꧀ꦆꦭꦶꦤꦶꦁꦧꦚꦸ

ꦏꦁꦄꦣꦼꦩ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦩꦠꦶ

ꦫꦱꦏ꧀ꦤꦺꦴꦱꦸꦩꦶꦭꦶꦫꦶꦁꦧꦪꦸ

ꦏꦁꦔꦶꦣꦸꦁꦭꦤ꧀ ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦼꦩꦸꦗꦶ


ꦱꦮꦔꦺꦚ꧀ꦗꦺꦩ꧀ꦧꦫꦶꦁꦱꦩꦺꦴꦣꦿꦺꦴ

ꦏꦁꦔ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦫꦏꦺꦭꦤ꧀ꦥꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦩꦸꦂꦧꦺꦁꦣꦸꦩꦣꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦿꦼꦱ꧀ꦤꦺꦴ

ꦩꦫꦁꦏꦮꦸꦭꦺꦴꦏꦁꦕꦶꦤꦺꦴꦤ꧀ꦝꦿꦺꦴꦤꦩꦸꦁꦣꦸꦏ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴ



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)