SERAT TAJUSALATIN (Bagian III)
Pupuh XV
1.
Tegessé iku apa tih, ratu nedya kabecikkan
ginnantungngan ganjaranné, lagi ing dunya kéwala, semonno parmanning Hyang,
méndah-méndah bésuk embuh, bacik padha amikirra.
2.
Nedya apanggawé becik Kyana Patih matur nembah, witné
Gusti Papatihé, Maha Prabu Bahrun Kasan langkung saking prasetya, Patih sabitah
rannipun setyéng Gusti prawiréng prang.
3.
Sang Prabu Bahrun Kasanni, laminné datan puputra,
malah kasép ing pangantén ing wayah pan sampun tiga, tetep boten puputra, ing
lahir samana sampun pratéla gabug ing terka.
4.
Wonten garwanné satunggil sinnarénnan mung sapisan
nanging ta garwa pangrembé, punnika lajeng awawrat katur marang Sang Natha,
pinnai[186]don mring Sang Prabu, pan ingsun nora puputra.
5.
Iya ingsun
anyarénni, marang ing sira sapisan nanging dadinné mangkénné, pan
ingsun uwis pratéla, nora metonni ing
wang, iku dudu antuk ingsun baya ta gonnira jinna.
6.
Annimballi Kyana Patih, garwa kang bobot punnika,
kinén bekta mring wismanné, nuli kinnén mejahana, mungéng ing kapatiyan dosanné
anjinna iku, sanget dukanné Sang Natha.
7.
Garwa wus binekta mijil sapraptanning kapatiyan sinung
kekiwa prennahé, Ki Patih anggung tatanya, yektinné kang wawrattan garwa dalem
sahurripun pan ingsun ora angrasa.
8.
Liya saking Sri Bupathi, réwang ingsun sacumbana,
durung dulu wong wawennéh. Pinnindi kongsi ping tiga, malah kaping sadasa,
sanadyan prapta ing lampus nora sédhéng urip pejah.
9.
Émeng tyassira apatih, mokal yén kakilappan, dénné
Sang Prabu kinnaot éwa mangkana mannawa, Sang Prabu kennéng coba, sapisan
wataranningsun sayogya ngong sabarrênna.
10. Lawan kapindhonné
iki, ing patinné durung esah, dénné ana wetengnganné, mannawa sun dinnanguwa,
sun ningerranné basa, nora dosa mrih rahayu, wennangnging dora sembada.
11. Yén iku kongsiya
mati, kale durung kabennerran ingukum tibéng patinné, Sang Natha misih
manungsa, sayekti sipat ngaral dadya punnika kinurung, apan ora pinnejahan.
12. Kyana Patih wus
salami, darbé cethi dosa pejah, nulya pinnejahan nagé, kang katur marang
Naréndra, céthi kinarya semang, Kyana Patih Nulya gupuh, kalannangnganné
tinnigas,
13. Pinundhes tannana
kéri, mung kéri konthol kéwala, dadiya éwuh patutté, mémper wong wadon pan ora,
kantaka Kyana Patya, wus sami waluyannipun dénnya sakit pipingittan,
14. Mangakaha
lami-lami, Kyana Patih pinnariksa, mung sakit letet aturré, wau garwanné Sang
Natha, wawrattanné wus mongsa, babar putra miyos jalu, apekik kadya Sang Natha.
15. Pupukirranné
angalih, annyithak marang kang putra, akalis doh laranné, ing lama-lama diwasa,
apan suka Ki Patya, saya katon warnannipun angebleggi Sri Naréndra.
16. Lir dinussing
bannyu gelis sampun sinnaossan emban
kalih welas ing cacahé, kabéh manungsa pipiliyan karsanné Kiya Patya, ing
bénjing yén madeg Prabu, dadiya prabu utama.
17. Dénné emban kang
rumiyin amuruk ing ngélmu tékad wong urip mati
wekassé, apan ginantungngan pejah, ngélmu ingkang prannyata, kang
patitis parannipun dunungnging pati punnika.
18. Marma ginnawé
rumiyin sabab wong bakal utama, annyinggahi piawon emban ping kalih punnika,
amuruk tatakrama, saré[188]ngat ing tegessipun titi trapsilanning gesang.
19. Solahé lumaku
linggih, angucap kang tibéng mongsa, ngedohkenna kanisthanné, marêkkenna kang
ngutama, sarta kalawan tepa, ondhé-ondhé misilliku, dénné emban kaping tiga.
20. Amurukking ngélmu
sekti, keras aberring turongga, rinnéh tan éwuh sanderré, tarampilling wong
memadhang, kalawan amamannah, sagung gagaman prang pupuh, sawiji tannana
kéwran,
21. Kang bisa amedhang
gusi, medhang untu medhang ilat lambénné nora karémpét kang bisa amannah ika,
manuk miber kang liwat sagungnging tingkah pinunjul iku angon-nanggon raja.
22. Emban kaping pat
punniki, muruk anglangi ing toya, bangawan myang samodranné, wruh jaba jronning
kang toya, isén-nisén samodra, mannawa n a prangnging laut aywa kongsi dangu
bala.
23. Pasang surudding
ngudadi, myang rumpil lawan kawalan dhangngan dénné emban kaping limanné,
amuruk ing ngélmu palak tegessé ngélmu palak wruh patutting langittiku, lan
patutting bumi ika.
24. Péncol kepunning
kang langngit punniku kang kinnawruhan apan lonjong kadi endhog myang ngisinné
kinnawruhan miwah lampahing wulan lan lakunning surya iku, kagebag ing ngélmu
palak,
25. Sendhet rêncang
dén kawruhi, lampahing songka baskara, tuwin mawi grahannanné, isinning langit
sadaya, miwah bumi isinnya, kéh udan lan kirangngipun karana mongnging sajagad,
26. Emban kaping nem
punniki, amuruk ing ngélmu ditya, ing ngaprang sugih gelarré, miwah lirring
kamandaka, trap pantes ana ora, yénna prang kapir kang mungsuh, kalakuhan
kamandaka.
27. Yén kapirré
wangtan kenni, yén alaku kamandaka, dénné emban ping pitunné, muruk iladunni
badan karana jronning ngaprang, pannora
kenna dén lambung, myang ginnitik saking wuntat,
28. Emban kaping wolu
nenggih, amuruk wetunning ngarta, kang nora rêkasa saréh, dudu arta saking
bala, saking nagara liya, dénné emban ping sapuluh, muruk piyapat pirasat,
29. Yén ratu akarya
mantri, sayekti ngélmu pirasat nora ginggang saking konno, dénné emban ping
sawelas mruhken bangsanning setya, supaya aywa kaliru, dénné emban kaping
rolas,
30. Iku kang amuruk
ngadil tetep sabarang karyan kang adoh maring nisthanné, kunneng wau Kiya
Patya, dénnya mong raja putra, wusnya geng kalawun-lawun pekik sangsaya
kawang-wang.
31. Wus winulang
ngélmu titi, prawiranné madeg raja, sadaya sampun ingisén wau Kangjeng Sri Naréndra, gerah tyas
wirandhungngan angekes munggeng kadhatun datan kenni sinniwaka.
32. Kyana Patih
manjing puri, tinimballan prapténg ngarsa, Maha Prabu ngandika lon marmanné
ingsun sungkawa, iya dénné wis tuwa, ora duwé putra jalu, kaya paran solah ing
wang.
33. Sapa yogya gumatya
Ji, iku susahé tyassing wang, Kyana Patih lon aturré, punnika inggih sawala, yénning menggah kawula, kalamun
paduka tuhu, susah dénning tan puputra.
34. Suwawi kula turri,
manjingnging sawiji prennah, kang tebih saking wong ngakéh, kawula matur ing
ngrika, sigra wau Naréndra, tedhak Kyana Patih tumut marang gedhong pasamunnan,
35. Sapraptannira
kakalih, Kiya Patih sigra wuda, kinnatonnaken uratté, munggéng ngarsanning Sang
Natha, Sang Natha langkung jola, pagénné Si Patih iku, angajak ngiwa wuwuda.
36. Anjenger Sri
Narapathi, mulat Ki Patih tannana, gatranning kalannangnganné, angunandikéng
wardaya, Sang Prabu lon ngandika, tingkah kang mengkonno iku, Patih paran
karsannira.
37. Kyana Patih matur
aris purwa myang madya wusana, Kiya Patih satingkahé, mangkana wusnya miyarsa,
Jeng Sultan Bahrun Kasan Ki Patih rinnangkul gapyuk asru dénnira ngandika.
38. Kaliwat tarima
mami, mengkonno prasetyannira, mengko sapira wayahé, anakkira kaki putra, Kyana
Patih turrira, sampun gangsal welas taun wignya salir pangawikan, inggih kawula
saossi, emban jangkep kalih welas ingkang juru pamulangngé, sang Natha alon
ngandika, kaliwat sukurring Hyang sira sunnaku sadulur, ing dunnya prapténg
ngantaka.
39. Kanugrahanning
Hyang Widdhi, duwé Patih Kaya sira, tur mashur pammariksanné, arjanning praja
kalawan luhur karatonning wang, iku
pratingkahiréku, sarta wahyunning Pangéran.
40. Éh Patih paréntah
mami, rahséki aywa kawedhar, misih apingittan baé, dénné iku kaki putra,
ngulpulna rare sira, ingkang padha wayahipun iya teka kawan dasa.
41. Warnanné kang
pekik pekik padhannén sabusannya, lan pulasarannev kabéh, tunggallenna kaki
putra, bésuk sawijinné dinna, ingsun ameng-ngameng metu, kaki putra saossenna.
42. Sarta rare kawan
dési, Kyana Patih nembah medal sapraptaniréng dalemmé, antu rare kawan dasa,
busana sinnasama, samya sami wayahipun myang pekik-pekik sadaya.
43. Kunneng wus
samekténg Patih, ing dalem sawiji dinna, yata wuwusen Sang Kathong,
angundhangngi bala kuswa, mijil Sri Maharaja, ameng ngameng lan wadya gung,
marang sajawinning kitha.
44. Annyebar dunnya
Narpathi, ya udhikkan dinnar, pinadha tiduk wedallé, miwah wastra pira-pira,
dinnar gili sinnarad anutuk suka Sang Prabu, mangkana Rêkyana Patya.
45. Marêkking Sri
Narapathi, ngirid rare kawan dasa, prapta ing ngarsa Sang Kathong, putra
malajeng anembah, angaras padéng rama, cinandhak sigra rinnangkul mastaka
kinuswa-kuswa.
46. Sukéng tyang
marwata siwi, Sang Natha mulatting
putra, sigra kondur angadhaton kéndel munggéng pannangkillan pra niyaka
ngandikan miwah Kayai Pangulu, Ki Mubakda Ki Mubakdan,
47. Ngandika Sri
Narapathi, kang pangulu éstrén nana, miwah pra niyaka kabéh, lamun iku
putranning wang, sun adeggaken raja, ingsun adhongkol dhudhukuh, amomong ing
putranning wang.
48. Anjaganni suker
batin andodonga ing Hyang Suksma, karahayonning jennengngé, mugita mangkya
mulyaha, wus samya ingéstrénnan bisikkannira Sang Prabu, Maha Prabu Jénnal
Ngalam,
49. Sang Prabu Bahrun
Kasanni, dhudhukuh jawinning kitha, pan wus tilar karatonné, anutuggaken
ibadah, wus dadi pinnanditha, sidik panningngallé terus nadyan kathaha
pandhitha.
50. Mongsa
nimbangngana yekti, kadya Sultan Barun Kasan kinnasihanning Hyang Manon pan
sampun angraga suksma, lulungsuran Naréndra, saking Bumintara kasub paguronning
para raja.
51. Putranné kang
gumantya Ji, pan Rêkyana Patih lama, kang maksih kinnén amomong, ratunné wus
ingaturran marêk marang kang rama, pan sarwi nunuwun wuruk dhateng Sang
Pandhitha rama.
52. Dénnira akarya
mantri, kang rama alon ngandika, éh putranningsun Sang Kathong, sarat tingkah
kang wus kocap wong karya mantri nyawa, pitulikur prakaréku arêp tetep lampahenna.
53. Dénné tingkah kang
rumiyin mantri iku arêppan, kang luwih ing ngibadatté, lawan ingkang
pinnaréhtah, pan mantri wong utama, yén kariya parêkkipun iya kang mungguh ing
Suksma.
54. Apan kang mungguh
Narpathi, yén lawan kang pinnaréntah, yékti aparêk mantrinné, mengkonno mungguh
maring Hyang, iya aywa kasorran sabarang pakaryannipun arêppana luwihira.
55. Dénné ingkang
kaping kalih, arêppan mantri iya, muji sukurring nimatté, saking ratunné
punnika, mongka jalarranning Hyang, yén ana malarattipun myang coba bilainnira.
56. Dén karasa lamun
sisip kang terussingtekdirrolah, sarat kaping tiganné, mantri iku arêppan,
amikir kaluhuran karatonné ratunnipun lawan karêksanning bala.
57. Undhakké dunnya
Narpathi, aja lawan siya-siya, dén dadi kalawan saréh, iku kang ginnawé
ngreksa, pikukuhing nagara, ingonné prajurit agung, aywa kongsi kukurangngan,
58. Sarat kaping pat
anunggil para mantri nekakenna, isinning gedhong Sang Kathong, dén patitis
amrih nalar, mongka wedalling arta, sarat kaping gangsallipun mantri arsa
ngulattana.
59. Barang dandannan
kang dadi, ingisékken jronning pura,
ingkang adoh pinnangkanné, lirring dandannaning kuda, liman miwah sanjata,
miwah dhaharran punniku, kang annéh ana ing jaba.
60. Lan sarat kaping
nem mantri, arêp kang sarwa élingngan darapon aja tumpangso, barang karyanning
Naréndra, dén wruh ing kukum ngadat lan
kukum saréngattipun iku purwéng kabecikkan,
61. Sarat kaping pitu
mantri, tatkala ningalli iya, ratunné owah karsanné annerekka kukum sarak dén
énggal aturrana, kakembang rêngka prajéku, para mantri géndhollana.
62. Lawan luhurrana
pikir, aywa miris bok dinukan iku mantri nistha baé, wedi mati wedi lara, dudu
mantri utama, mantri kang angéman ratu, wanni géndholli prakara.
63. Umatur atalang
pati, aywa kongsi tibéng nistha, iya gusthi pratingkahé, yén nistha kakembang
rusak sinnandhang wong sajagad kocap mamannissing ngélmu, lan sasepuhing
ngagama.
64. Sarat kaping wolu
mantri, aywa tungkul annungkulna, kaprayitnan mring ratunné, aywa na ngugung
kéwala, annélakaken gagah, prakosanné ratunnipun iku tondha karusakkan,
65. Sarat kaping sanga
mantri, arêp amikir dén prpata, undhakking arta balanné, miwah pakanning
sanjata, becikké kang gegaman myang praptanning turongga gung, kabéh
busannaning aprang.
66. Karana
prajéng Narpathi, enggonné bilahi
pitnah, kang tan karuwan sangkanné, praja gagedhénning bala, mantri
pakaryannira, pamicara aywa tungkul mring arta be]cikki bala.
67. Karan nengnging
artéki, sandyan iya praptaha, sakethi ing sadinnanné kéwala, nora agawé bala,
tan wurung tiwan prajéku, lamun wus anandhang tiwas.
68. Tinebusna
artanéki, dén wuwuh tikel sayuta, nora bisa mulihaké, kasusakkanning nagara,
kasép sabarang karya, tinugurran sétanniku, ingkang ngajak-ajak rusak,
69. Wus sah kang para
musanni[ yén nana keketting ngarta, sétan kang duwé panggawé, adoh saking malaékat
dénné panggawé loma, marêk maring ing Hyang ngagung, arta kang dadi dandannan,
70. Yén nora ngéman
artéki, apan dadi siya-siya, barana datanpa gawé, pan wus kocap jronning kitab
ratu maéka bala, utama ingkang angélmu, bérbudi alul micara.
71. Wong jail aja
kinnathik pan niku bangsanning sétan tegessé kurang ngélmunné, wong pekik-pekik dén kathah, sarta
lobannen arta pan wus ana batannipun para ratu ahlul kikmat,
72. Lamaliku
birrajili, walarijalun punnika, lapal mengkonno tegessé, nora ana ratu uga, anging kalawan iya, lalannangnging
nagaréku, lawan ta malih kang lapal,
73. Larijalul pil
baladi, illabil mali punnika, tegessé salapal mengkonno, tan nana lalannang
praja, anging kalawan arta, mongka ta wajibbing ratu, miwah lan nayakannira.
74. Wajib amicara ugi,
ing prajurit lawan arta, pikukuhing sayektinné, arta nguwattaken ning prang,
sarat kaping sadasa, mantri wajib karya iku, juru wong ngangnglang nagara.
75. Wruha pakéwuh ing
marga, ing praja martanning baya, miwah yén mungsuh dhatengngi, dénné sarat
ping sawelas mantri dipun rumeksa, wong miskin jro nagaréku, mannawi
kinnanniaya.
76. Iya marang wong
ngasugih, miwah wong ngasor punnika, bok kinnanniaya dénné, wong kang
luhur-luhurrika, mantri arêp prayitna, darapon Hyang Maha Luhur, angreksaha
ratunnira.
77. Yén
tannangrukténni mantri, wong langip sajronning kitha, milu amrih karasanné,
aywa tiggal wismannira, myang ngalih nagri liya, tiwassing ratu punniku, agawé
mantru urakkan,
78. Kang wus kocap
jronning kadis agawéya kabecikkan ing wong kang ngasor kulanné, dadi Hyang
Suksma rumeksa, maring panganniaya, kang luhur saking siréku, winnales pan
tikel sira.
79. Sarat kaping rolas
mantri, barang nindakkaken karya, dén sarta lawan ngélmunné, sarat kaping tiga
welas mantri punniku yogya, wruha wiwittanning laku, kalawan ingkang wekasan,
80. Sarat ping pat
belas mantri, arêp abawa leksana, anjorring barang karyanné, sarat kang kaping
limalas mantri punniku arsa, nedya kaprawirannipun pasaja sabarang karya.
81. Ing pikir aja
annyingngid wong bakicik iku sétan sarat kaping nem belassé mantri arêp
ambobotta, sagung abdinning raja, bekti lahir batinnipun ingkang pantes
kinnanthiya.
Pupuh XVI
KINANTHI
1.
Dénné sarat kapingngipun pitulas lakunning mantri,
yénnana wong sapocappan durung tutug dén sambungngi, annalabung sarawungngan
nuli élingna dénnaglis,
2.
Kabutuh kapatuh rusuh, néng paséban jejemberri, karya
nisthanning nagara, lamun nora kenna mari, sayogya bilaén nana, yén cinnegah
nora mari.
3.
Jro kitab adabul muluk wong saru srawungngan angling,
iku sajus lawan iya, wong ngilang-ngilang prakawis wennang uga sinniasat
darapon kenna amari.
4.
Kalawan sarowangngipun ajana tiru sawiji, dénné sarat ping walulas arsana
lakunning mantri, pépéka barang pakarya, mungguh pakéwuhing bumi.
5.
Miwah ing
pangayun-nayun wahyu Risang Maha Sukci, mantri punniku élingnga, ing
siyang kalawan latri, dén wruh gung-gungnging karatyan punniku saking Hyang
Widdhi.
6.
Miluwa duwé panjaluk prihatin arjanning bumi, dénné
sarat ping sangalas mantri punniku dén wingit dén kencengnging bebennerran
putus barang pakartinning dasih, apikir wekassing tingkah, aywa tinutuh ing
wuri, terangna sarta pariksa, mannawa atumpang titih.
7.
Dénné sarat ping rong puluh, karana lakunning mantri,
arsana angluwihana, mring bala barang pakarti, tuwin luwih pamicara, alembut
arum amannis,
8.
Kang benner pratingkahipun kalakuwan kang ngabecik
ngadohna panggawé ala, marêkna panggawé becik anniti-nitiya ing bab kumpul
pisahing prakawis,
9.
Dénné sarat ping salikur, kang mungguh wajibbing
mantri, yén mulatting ratunnira, owah panggawé sawiji, kang ora lawan mupangat
mantri dén énggal ngaturri.
10. Aywa kongsi nemu
dudu, mungguh ing Hyang Maha Luwih, mantri dén banget amalang, umatur lan atur
mannis ngaturna sagung sannépa, ondhé-ondhé lan upami.
11. Mangsanné génnira
matur, ing ngenggon ingkang asepi, dén annemen aywa taha, iku ngéman amrih
becik dadi sesepuhing iman géndholli ratu kalempit.
12. Sarat kaping kalih
likur, arêp bau rêksa mantri, ing ratu nerak kanisthan miwah sembrana lan
vstri, kang ngedohaken sembrana, wuwuh darajattiréki.
13. Ratu récéh tanpa
usul gawé malarat wong cilik kang wennang récéh ing raja, ngénnakki wadya
prajurit apan kahannanning raja, dadi wujudding Hyang Widdhi, arêp gawé
siya-siya, maring badanné pribadi, apa
lumuh dadi raja, nannampik sihing Hyang Widdhi.
14. Sarat kaping tiga
likur, karana wajibbing mantri, aywa pépéka ing tingkah, aywa lali gawé becik
pariksa inganniyaya, tutulungnga dipun aglis,
15. Karana manpangat
agung, pakolihing Narapathi, ngéman kawulanning ngalah, amrih tetepping
Narpathi, dénnya pinnaring kagungngan kamulyan déra Hyang Widdhi.
16. Dén énggal dénnira
tulung, pariksa mring wong prihatin asih
ing pekir kasiyan apan sakathahing pekir, asring kinnarya warana, pameléh mring
para aji.
17. Wonten kojah ratu
agung, Jeng Sultan kaonna énni, nagarinira Turkiyan sinembah para Narpathi,
wonten Séh Jalal sring prapta, aséba marang jro puri.
18. Tinnannya mring
mantri tungguk apa karyanné mring puri, Séh sumahur tanpa karya, dadya sagung
para mantri, tan ana wanni ngaturna, Ki Séh Jalal nulya mulih.
19. Prapta malih pendhak ésuk tinnannyan tan ana kardi, dadya
Séh wangsul kéwala, prapta malih pendhak énjing, kongsi jangkep ping sakawan
ping gangsal kaping nem prapti.
20. Salin gilir
mantrinipun jro pura kang jaga kori, marêk Ki Séh Jalal prpata, mantri ika
anningngalli, maring Séh ulattépethak semunné sanget prihatin,
21. Ingancaran nulya
lungguh, munggéng pipinning kang kori, Ki Séh Jalal alon mojar, annak mantri
réyang mriki, wus karêm mannira prapta, wontenning kori ing ngriki.
22. Ing mangké amit
katéngsun inggih anak arsa mulih, mantri sawiji lingngira, Ki Séh sampun agé
mulih, kawula atur uningnga, ing Gusti Sri Narapathi.
23. Mantri sawiji
lumebu, prapténg byantara Narpathi, umatur atur unningnga, wonten Séh Jalal
sring prapti, ing semu kaprihatinnan Sang natha kagyat nimballi.
24. Prapténg
ngarsannira Prabu, ngandika Sri Narapathi, Ki Séh mannira miyarsa, kang sarira
asring prapta, punnapi lampahan dika, kasil kang mungguhing mami.
25. Ki Séh Jalal
aturripun asil marang wong sabumi, wonten Maharaja Jembat sungappan angalih
margi, yén kongsi kalampahan, musakat bala pasisir.
26. Kawulandheg
toyannipun taksih meksa kudu ngalih, punnika bubuhan tuwan tobatta maring Hyang
Widdhi, yén mungguh kang ardi gempal
miwah ingkang kali ngalih.
27. Ratunné doséng
Hyang Ngagung, Jeng Sultan kaonnang énni, angungun dénnya miyarsa, adres
waspannira mijil Ki Séh amba tulungngana, nennedha marang Hyang Widdhi.
28. Ki Séh Jalal
aturripun bok wonten karaos galih, ciptanné manah paduka, annimpang saking
agami, duwé niyat anniyaya, maring samanning ngaurip,
29. Sang Natha émutting
kalbu, inggih Ki Séh bok mannawi, wonten nagri sami Islam kaosar inggih
mannawi, punnika kadarbé atmaja, pawéstri ayu linuwih.
30. Pan arsa kulambil
mantu, Rajéng Kaosar tan apti, rêmbagging mantri sadaya, misésa ginnitik jurit
panganjur sampun lumampah, ambahak ing tepis iring.
31. Lawan kaping
kalihipun mantri kawula satunggil punnika kula warongka, awit saking turring
mantri ingkang pra samya uningnga, punnika anjajailli.
32. Matur maring yayai
prabu , Kaosar pan kinnén nampik marang ing nganak mannira, mila kula bilaénni,
Séh Jalal gumujeng suka, tuwan ratu kurang titi.
33. Pundi mantri kang
wawadul kang sami sagah udanni, mring mantri kang kawarongka, asaba Kaosar
nenggih, mantri papat ingandikan prapta ing ngarsannira Ji.
34. Saksana ngandika
asru, Jeng Sultan Kaonna Énni, payo padha umaturra, sira waweruh pribadu,
mumpung garsanning pandhitha, aywa umatur silit,
35. Mantri sun
warongka iku , apa sira wruh pribadi, temu lan rajéng Kaosar, mantri papat tan
bisa ngling, cangkemmé dén wor sadaya, ilatté sami amuntir.
36. Suntan konnén
nihan dulu, mantrinné ilatté muntir, delolé tiba ing pundhak Sang Pandhitha dén
sungkemmi, tuwanku hamba tedhakna, apura maring Hyang Widdhi.
37. Dé hamba anutting
wadul aturré mantri kang jail ingkang nibakaken konca, tetep hamba kurang titi,
mantri ngalakaken konca, sayekti kuthanning ngéblis,
38. Séh Jalal alon
amuwus duk kawula manjing puri, kongsi jangkep ping sakawan ping sapta ping
wolu prapti, panuju mantri punnika, ingkang ajaga ing kori.
39. Tan purun matur
Sang Prabu, jer sampun ginnéndang ngéblis dupi salin kang ajaga, mila katurring
Narpathi, kapat sampun cinnengkalak mantri kang winnarongka glis,
40. Mantri kawarongka
sampun linuwarran dén timballi, prapténg jro ngarsa Naréndra, pinundhut
apuranéki, kalih wus jinujung lenggah, lan mantri kang tur upaksi.
41. Duk lebetté
pandhithéku, kakalih wuwuh kang linggih, dénné mantri kang lumampah, mukul
Kaosar nagari, ingundurraken sadaya, saha gagamanning jurit,
42. Séh Jalal alon
turripun punnika gambarring wukir, ingkang ngarsa gempil ika, lawan kali kang
angalih, punnika tuwan corékka, sarta tobatting Hyang Luwih.
43. Dén taha mangsulli
luput réhning kalipattulahi, nulya cinnorék kang gambar, Sang Pandhitha
angéstrénni, sampun tinariméng tobat Jeng Sultan Kaonna Énni.
44. Mantri jail
ukummipun pinnenthang tengahing margi, ilat misih tibéng pundhak
pangéwan-néwanning margi, prapténg kawan dasa dinna, cahyanné wus mindha éblis,
45. Sarat kaping kawan
likur, karana lakunning mantri, ngulattana kabecikkan kang dadi luhurriréki,
ratunné dunnya ngakérat annyukakenna wadya lit,
46. Darapon teteppa
iku, nongga karyanning Narpathi, suka asih wismannira, miwah kebon-kebonnéki,
béda kukupungnging praja, wong tetep sih ing wisméki.
47. Miwah ngénakkén
tyassipun marang kang para prajurit
supaya kuwatting karya, bisa muwuhi upekti, wuwuh kagungnganning raja, yén
prajurit becik-becik,
48. Wuwuh kamulyanning
ratu, yén sugih wong becik-becik nebus wong arim punnika, lan asih ing pekir
miskin wong becik iku pan nyata, sukanné agawé becik,
49. Sarat kaping
gangsallikur, mantri wajib angulatti, réwang kang putussing wéka, kang sidik
ingkang bérbudi, kang wruh ing praja, wruh awekassanning kardi.
50. Sarat kang kaping
nemlikur, mantri iku arêp éling, aja agawé kiyannat niala ya ngapus-apussi,
gawé musakatting bala, tan ana sih mung prihatin,
51. Yén ana mengkonno
laku, mantri dén trappenna aglis supaya kabéh wediya, wong karya sebutting
budi, talutuh bangetting praja, yén gawé kiyannat mantri.
52. Sarat kaping
pitulikur, yén ana mantri kinathik wedinnen sarta lon coba, mannawa niayéng
dasih, arda ing arta pangulah, nulak niyaya ling-ngaling.
53. Tan kenna amara
culu, ing ngarsannira Narpathi, sarattana tetanggungngan ing prakara barang
kardi, mantri ingkang wus sinetyan amindiya ingkang kari.
54. Aywa na kang
tumpang surup ing ngarsa Jeng Narapathi, dén aturut barang karya,
talajukkanniku éblis kunéng pasal ping sadasa, ping sawelas lumastari.
55. Panggawé ingkang
kawuwus nenggih pakartinning carik karana andikanning Hyang, kang kocap
jronning dalil nawal kalamuhwama, yastarunna tegesnéki.
56. Nawa punniku iwak
enun nenggih kang anongga bumi, marma barang kang sinurat ana lahir ana gaib
dadya sagungnging rarasan ana lahir ana batin,
57. Rong prakara kang
winengku, anut andikanning widdhi, kadhang dhawuh pra ambiya, ingkang ngagal
saking ngunni, ingkang lembut saking serat miwah maring para Nabi.
58. Wonten dalil
ingkang dhawuh, ikram warabbuka nenggih, kalkalamulladi ngalam biannakkalama
yekti, insana malamyak-elam tegessé dhawuhing Gusthi.
59. Rasul kadhawuhan
muwus ucapna Pangranniréki, pamuruk sarta kalam sira wurukkena malih.
60. Maring
ingumattéréku, dén sarta kalawan tulis barang tan pantes kawedhar, sayekti
kamotting tulis walahu awaluhema, kullikallahul kalammi.
61. Wiwit kinnarya
rumuhun dénné Hyang Kang Maha Tinggi, apanta yekti mung kalam iku kang ginnawé
dhingin karana adegging jagad lan adegging bumi-bumi.
62. Nora ngadeg
adeggipun wiwit wekasannéki, yén ora kelawan kalam lumaku sarta lan tulis
barang nora kinnawruhan amung sarta lawan tulis,
63. Jro kitan iksan
sinnebut panggawé dunnya punniki, barang saliring pakarya, ngadeg lan kalih
prakawis miwah ugerring Naréndra, kang jumenneng rong prakawis,
64. Yén tan ana roro
iku, nora madeg Narapathi, dénné kang kariyin kalam pedhang ingkang kaping
kalih, dén agung pamulasara, aja lirwa rong prakawis,
65. Sayekti dandannan
terus pauger adegging bumi, dudu karya tundha béma, prajurit kalawan carik
rusak arjanning nagara, mung rong prakara ngawakki.
66. Carik kang agawé
laku, prajurit kang anglakonni, yén ora mengkonno batal nora dadi barang kardi,
wus kaennas jronning kitab panggawé rong prakara kang pasthi.
67. Kanisthan
kamulyannipun mungguh adegging Narpathi, sayekti kang rong prakara, tiwas begja
angawakki, tiwassé karo kinnarya, tiwas saking narapathi,
68. Ing prajurit
tiwassipun kaungkullan danannéki, tiwassing carik punnika, kurang pracayannira
Ji, aja sak barang pakarya, caruik wujudding Narpathi.
69. Para ratu ingkang
mashur, ngatassangin bawah angin kang samyantuk kaluhurran pinunjul samanning
Ngaji, kang prawira sugih wadya, samya wit kang dén ugemmi.
70. Adab saking kitab
taju, salatin bustan salatin pipitu salatin muwah, lawan min ajusalatin sirl
mulkan barul mulkan miwah itlakul muksinnin,
71. Mila sagung
ratu-ratu, wajib angilingngi-lingngi sagung kang kocap punnika, winnacaha
sabennari, yén tan arsa maca dhawakkongkonnan dasihiréki.
72. Sarat padha dhangngir
wahyu, annyiram mring taru semi, kang benggang lawan punnika, wus tetep
tiwassing bumi, tan arsa angunnandika, amrih rahmatting Hyang Widdhi.
73. Rong prakara ratu
agung, kang norannana nimbangngi, mung Kangjeng Nabi Suléman Suléman ratunning bumi, kalawan Prabu
Iskandar, Iskandar Dulkarnaénni.
74. Prandénné
wasiyattipun mring para ratu kang kari, sapa ratu ingkang arsa, luhur
karatonnira di, aywa ucul saking adab salatin bustam salatin,
75. Tan sampurna ratu
iku, angnging lan bustam salatin laku kang wus kannyatahan wit saking kang Maha
Sukci, ginnantyan para ambiya, para wali lan narpathi.
76. Sultan Iskandar
lingngipun Iskandar Dulkarnaénni, apan lalakonning jagad sayekti mung rong
prakawis wajib uga binnecikkan carik kalawan prajurit,
77. Kang sapa doh
saking iku, sapolahé tanpa dadi, batal sarta siya-siya, pan nora jumenneng
yekti, yén adoh kalawan pedhang, nora mamaéssi bumi.
78. Sing sapa
gujengngan tuhu, liya ing kalih prakawis mongka barang solahira, nemu
kamulyanning dasih, minulya samanning raja, karana kang rong prakawis,
79. Pusakanning
ratu-ratu, kukum amranata bumi, myang sagungngé ing kahannan sajronning dunnya
punniki, tan ucul sing rong prakara, luhur kalawan basuki.
80. Jro kitab iksan sinnebut nenggih pakaryanning carik iku
sajus lawan raja, mungguh karatonniréki, barang sarta lalampahan ingucap
kalawan lathi,
81. Sakéhé rahsanning
ratu, kenna nahurri nampanni, kang nora kalawan lésan punniku rahsanning carik
lawan sagungnging prakara, wajib kinnawruhan carik,
82. Liyanning
panuruttipun sarat samya angawruhi, darapon dadi sampurna, sampurna barang
pakarti, ingkang réh obahing jagad iku kawruhana yekti.
83. Ing ngenggon
wetunning bannyu, jero céthék dennira mrih, wruha becikking talaga, miwah ta
becikking kali, lan bisa akira-kira, lakunning rinna lan wengngi.
84. Lan arêp wruha
punniku, ing solah tulungis samsi, tegessé wektunné miwah, lakunné doh
parêknéki, mungguh ingkang diwangkara, lan wulan mengkonno malih.
85. Sendhetté lan
rikattipun eurupping suryya lan sasi, kalawan kathahing lintang, karyanné
sawiji-wiji, myang wiwilangnganning dinna, taun sarta lawan sasi.
86. Lan arêp wruha
punniku, budi saking amranni, kang teka ing dalem jihad pangarah-arah ing
kardi, supaya kang dadi kasab kacandhak wekassing kardi.
87. Lan sarat alussing
tembung, wicaksana améngetti, sampurnéng pétung élingngan wruh ala lakonning
ngélmi, lalakonning ngélmu ika, kinnarya sendhon mrih tartip,
88. Rahabba micara
ngélmu, sawungngen kalawan gendhing, lan sarat bisa karyo cap mungguh kang
kocapping tapsir, tapsir Ibnu Ngabas nama, yuda kennakanning dalil,
Pupuh XVII
DHANDHANGGULA
1.
Miwah mannissing wadana, sedhep luwes lemes
amarananni, lapallé kaol winuwus nenggih onni olkiya, lawan ila kitabin tulis,
2.
Saking Jeng Nabi Suléman serat mulya tembungngé luwes
mannis dénné iku ratu agung, ngréh saisinning jagad paran dénné jronning surat
tembungngipun aluwes andudut mannah, angesor sedhep prak ati.
3.
Arum aruruh jro layang, layang medhun mengkénné
tembung néki, wiryanné gawé kilayu, marma kang raja-raja, wajib ugi gugulang
tembung kang ngarum ruruh jetmika wilettan datan kongsi annyan-nyengit,
4.
Karana Alat tangala, yén utusan panggawé rada wingngit
malaékat kang ingutus kinnén amalih warni, kang abagus sarta kang alussing
tembung, kang ririh sedhep norraga, ngasih rum amannis,
5.
Lapal turabul kitaba, painnahu rabba mubarakuni,
tegessé lamun wus tutug mungguha wong nunurat layang iber séléhna bumi rumuhun
mengko ta nuli cappana, yén wus sinnéléh ing bumi.
6.
Sarwi amaca salawat kaping tiga jinupuk saking bumi,
séléhna malih ping telu, iku nuli paringna, maring ingkang anggawa layang
punniku, Adabul kutub wus kocap carik yén sampun nunulis,
7.
Sarat nulis dén wacaha, dén lalarra manawa kalempitlan
sarat tulissan iku, arêp nedhik lapalnya, ingkang kathah maknanné lan malihipun
aywa amindhonni basa, lawan aywa na udanni.
8.
Ing ngobahé kalammira, yén wong ngarab andulu wong
nunulis wruh obahing kalammipun yékti wruh kang sinurat saunninné kacandhak pan
nora luput mila yén layang iberran sinurat ing ngenggén sepi.
9.
Yén wong Ngajam nora bisa, saturutté lamun wong Bawah
angin tinulis saha du bathuk yén tan mulat sastranya nora bisa wruh unninné
tulis iku, wong Ngarab obahing kalam
unninné pasthi udanni.
10. Milanné sami
angiwa, lamun nyerat wadi layang kikirim malah dadi wajibbipun mungguhing jam
Arab nulis kiwa layang kirim para ratu, nora wennang liya karya wruh sastra
layang kikirim,
11. Pasal Kaping
Rowelas nyatakaken utussan kang para Ji jronning kitab wus kawuwus sipatu
mursalinna, lakunning kang kongkonnan pangucap puguh, aywa ta angungkak ing
sawewelingnging Gusti.
12. Aywa jrih bok
pinniala, mring kang kadhawuhan pangandika Ji, kadya dutanning Hyang Ngagung
wajibbing duta raja, nanging ana uga
kautamannipun tembung alus awilettan manis sedhep amrak ati.
13. Arum aruruh
mradapa, lawan malih saratting cara kaji, warnanné ingkang abagus lésanné kang pasékat miwah akéh sagungnging
ngibarattipun lan saréh takwillé ika, kang budiman ngélmu néki.
14. Kang bijaksanéng
wicara, ingkang becik barang pakartinnéki, ing ngagama teguh tuhu, karana kang
caraka, yekti lésanning Narpathi.
15. Sayogya duténg
naréndra, bebecikké saking antaranéki, pinnilih saking wadya gung, supaya
angajérna, tyassing rat awéh tuwungnging wadya gung, adabus rusul wos kocap
rong prakara ing Narpathi.
16. Kang amimbuhi
darajat angimbuhi kamulyanning Narpathi,
lakunning duta linnuhung kapindhonné idayat ratu ingkang jatmikan teng cipta
terus, samya ngundhaka luhurran mung kalawan cara kaji.
17. Cinnarita kang wus
kocap kitab taréh nengguh Prabu Ardana Sir, ngandika mring Patihipun patih kang
luwih ala, prakara kang panggawénning para ratu, ingkang angrusak nagara,
lakunning caraka sisib,
18. Miwah kang agawé
aprang, iya iku kongkonnan angimbuhi, marmanné wajibbing ratu, amiliha
kongkonnan nora kenna sipat uwong baé iku, mulanné Sultan Iskandar, Iskandar
Dulkarnaénni.
19. Nali karsa gitik
praja, nandukkakenlayang pangantep jangji, awake dhéwé lumaku, namur ngaku
kongkonnan bok manawa angadonni kang ingutus miwah warnanning gagaman bok suda
ngundhakken warti.
20. Karuwan
binobotting prang, aja kongsi kurang kadukken nenggih, anggawa prajurittipun
apan Sultan Iskandar, ababala para ratu satus éwu, punggawa tanpa wilangngan
luwih saking satus kethi.
21. Sajronning tapsir
wus kocap lamun Sulta Iskandar Durkarnénni, lalannangnging bumi tuhu, duwénni
paparêngngan sinniwaka ing nalika wuktu subuh, néng wekassing jagad
wétanlamunning wektu maherib,
22. Sinniwakéng para
raja, néng watessing jagad kulon syekti, nora paparêngannipun purwanné sok
annamar, ngaku-aku dadi kongkonnanning
ratu, anggawa layang pennantang, ratunné sarirannéki.
23. Duk arsaha
papenneddan lawan raja; dara; namanniréki, angutus mring mantrinnipun kang nama
Kadarriyan binnektannan serattira ingkang dhawuh, ing Sri Naranathéng Dara,
ambekta wawangsul néki.
24. Katurring Sultan
Iskandar, wangsullanné ing Dara Sri Bupathi, winnaos sinukméng kalbu, annamung
kalih kecap, langkungganjel Sultan Iskandar tyassipun andangngu marang utussan
sira wus ngrungu sayekti.
25. Iki saking Raja
Dara, ya pagénné ana mangkénné iki, wanni atur basa saru, marangnging
jenengnging wang,mantri matur tan wonten purwakannipun lajeng makaten kéwala, tan wonten ingkang miwitti.
26. Awit saking prapta
amaba boten saréh amba myarsa pribadi, Sultan Iskandar lingnya iya sira muliha,
arérénna gonnira mentas lalaku, utussan tur sembah medal Sultan Iskandar
nimballi.
27. Mring sagung
nayakannira, para natha praptandé ing ngasra Ji, pangandikannira arum Sultan
Iskandar, lah pikirrén Raja Dara wuwussipun kang kagawa ing caraka, Si
Kadarriyan kang prapti.
28. Surat gantya
anupiksa, samya matur sumongga ing Narpathi, Sultan Iskandar sru muwus payo
pikirên uga, matur nembah nayaka kang pinnisepuh, nama Prabu Sahirriyan pukulun
Sri Narapathi.
29. Dénné saking raja
Dara, wawangunnan andadékkaken jurit adén-nadénning wawadul katawis ing
ngukara, boten awit saking Raja Dara tuhu, malah talarapping basa, cocorakkan
saking ngriki.
30. Mokal yén Sang
Raja Dara, purun-purun dhateng ing
paduka Ji, arsa ngabekti satuhu, apan ta wonten
adat ratu karya dora sasamanning ratu, karatonné sampun ical lan malih menggah watawis,
31. Punnapa kang
pinurunnan, étung bala siji tandhing sakethi, myang luhurring bangsannipun
sayekti luhur tuwan bongsa Nabi pun Raja Dara punniku, pan bong sa wali kéwala,
darajatté andhap inggil,
32. Lan ngunni wus
atur surut ing padukaén katampénnan ngabdi,
ngalap manpangat satuhu, pan arsa wruh ing rasa, anunggilla ing
ngamparan Sang Ngaprabu.
33. Aturring
nayakannira, angandika iya ingsun
nujonni, kaya pikirrira iku, nanging teka saossa, sarta bala
sabusananning prang pupuh, panggawé kang mau ika, ingsun dhéwé kang ngawakki.
34. Wus pato padha
bubarran nembah mijil sagungnging nayaka Ji, Sultan Iskandar agupuh, ngrasuk
busana kumpra, wus anganggo cara carakanning ratu, mesat sarwi ninggal surat
anbamur lampahé prapti.
35. Surat katur Raja
Dara, duk winaos Raja Dara tanpaksi, yén Sultan Iskandar iku, ingkang mindha
caraka, duk miyarsa jronning surat tembungngipun annangis Sang Prabu Dara, suratté dipun sungkemmi,
36. Éh duta Prabu
Iskandar, umaturra iya ing Kangjeng Gusti, Iskandar ratunning ratu, langkung
kagét kalintang, dénné salin tembung atur kawuléku, yén ya kirangnga pariksa,
pun dasih ngaturken pati.
37. Mesat amit kang
mimindha, tan kacatur ing marga sampun prapti, ing prajannira Sang Prabu, mijil
ing pannangkillan animballi ing nayaka para ratu, miwah Sultan Sahirriyan
pinnisepuh nayaka Ji.
38. Miwah mantri
Kadarriyan kang ingutus mring Raja dara ngunni, wus munggéng ngarsa Sang Prabu, sigra dénnya ngandika, Kangjeng
Sultan Iskandar mring nayaka gung, éh sagungnging pra nayaka, ingsun
kalipattullahi.
39. Wajib ing
pakaryanning wang, rumeks ri isinning jagad iki amrih karahayonnipun wennang
ngingsun anniksa, mring wong amrih karusakkanning wadya gung, lah iku Si
Kadarriyan kang amrih rusakking bumi.
40. Ingsun kang dé
prih perangnga, lawan Raja Dara Raméya jurit mung pikirré dhéwé iku, mamak
luwih niyaya, maring kawulanning Allah para ratu, kang padha dipun prih rusak
myang manungsa alit-talit,
41.
42. Cekellen Si
Kadarriyan lan tigassen ilatté saking wuri, dén enték saking mokkipud saksana
wus rumagang, Kadarriyan tinnigas ilatté sampun ngundhangngi wong sanagara,
winneruhaken prasami.
43. Mring dosanné
Kadarriyan nedya gawé karusakkanning bumi, sasat sétan akukuwu, amrih rusakking
bala, wus mangkana Sultan Iskandar maha
gung, wisyatting raja-raja, dén padha apik abecik,
44. Milih dadi kang
dinuta, singgahenna sagungnging mantri jail aywa parêk jro kadhatun tan wus
angrusak jagad kuneng wonten winuwus Prabu
ing Mayun ing nalika aputussan mring Sang Ngaprabu Karsanni.
45. Sarwi ngaturraken
serat awit saking Sang Prabu ing Karsanni, amundhut pan narsa weruh, mring
kalakuhannira, pratingkahé ngréh praja Prabu ing Mayun sawusnya maos kang surat
tatannya mring duta mantri.
46. Tegessé Sang Prabu
Karsan wus ngawruhi kabéh kang munni tulis kalakuhanné ing Mayun kaot
sajronning surat pan dangunné anonndha kang dipun utus tuhunné kalawan cidra,
dénné mantrinné kang kari.
47. Raja ing
Mayun punnika, arinnira mring Prabu ing
Karsanni, Sultan Karsanni amuwus mantri payo tuturra, sakabéhé ing tingkahé
ratunniréku, mantri caraka tur sembah, pukulun Sri Narapathi.
48. Inggih rayi Jeng
Naréndra, kang dénnirib yén Alah amaréngngi, yén arsa mangun prang pupuh,
ngirit Sultan Iskandar, kang dén aben ing prang mring rayi pukulun tan wonten
kang ngéman nyawa, nedya mati jronning jurit,
49. Sawab punnika kang
wadya, pan ginula wenthah kinulit daging, jronning panangkillan agung, kathah
pethetan swarga, ingkang awoh busannan dah marbuk arum miwah sagung dhadhaharan
kang ngaraos-raos samo.
50. Ing nalika
sinniwaka, warna mijil kadya samudra mutik anglimputti ing sakayun wadya tan
nana kurang, ginnelarken ing wadya sasukannipun menuhi buja busana, myang
ngandika anrang gendhis,
51. Sakadar bobotting
praja, cinnithak Iskandar Dulkarnaénni, amulang kinnén angrungu, sagung mantri
satriya, myang punggawa prajurit sadayannipun rayi dalem maos kojah, saking min
ajuslatin,
52. Myang sipatusalatinna,
sakathahé kang wit panggawé becik kekembang panggawé luhur, adoh saking
kannisthan ingucapken satengahiréng wadya gung, lah payo padha tuntunnan sakéhé
kawula mami.
53. Ingsun tinnitah
Naréndra, wajib ngreksa rahayunnira sami, sarta sacukuppiréku, apa kang dadi
suka, ingsun darmi simpen kamurahan nagung, amarissaken ing sira, kinnén
sarta lawan adil,
54. Bok ana
kalempitting wang, kurang saking pratingkahing Narpathi, padha maturan satuhu,
réhning agogotongngan sira annak pan ningsun ginnawé tiyung, dénné mungguh kaya
sira, yén luput lakunniréki.
55. Aywa sak kenna
patrappan ingsun darma ing kitab iki munni, sapangkat-pangkat tinnemu
angon-nanggon kawula, lawan iya
anggon-anggon para ratu, pan uwis sinung bubuhan kawula kalawan Gusti.
56. Makaten rayi
paduka, mila wadya sumungkem lahir batin wadya kurang budinnipun yén saking
pannangkillan dadya wuwuh dhengnger ingkang kumprung-kumprung, kang jail-jaillé
ilang, jrih siyasatting Narpathi.
57. Kang jejerrih ing
ngayuda, dadya purun saking sok srah Sang Ngaji, lamun wonten wadyannipun
angawonnaken konca, yén tan tobat dinnohaken ing alas gung, mila abdinipun
samya, kantunning kang becik-becik,
58. Kang rémpeg asih
kakancan saréh budi salamet sarta ngélmi, yén masang ngadil pukulun nenggih
rayi paduka, kang dén irib Prabu Nusirwan Madayun yén angupaya ing wadya, kang
samya nandhang prihatin,
59. Ngirib Jeng
Bagéndha Ngumar, anjalimet mayeng jro praja wengngi, yén niyasat wong wawadul
angalakaken rowang kang dén irib nenggih lalampahannipun anninggahaken rêncana, amarêkken saréh budi.
60. Anyithah kang
lalampahan Sultan Kbir Mukminnin Sayid Ngali, kalawan pratingkahipun Sri Maha
Prabu Ngesam Kangjeng Sultan Malikul
Saléh punniku, mila lila maring dunnya, mirib Sultan Ngabdul Ngajid.
61. Suka miyarsa
Naréndra, Prabu Karsan mring lakonné kang rayi, iya uwis téga ingsun mésem
sarwi ngandika, tampan nana séwu ing pangganjarringsun lan pangadeg rong
busana, lawanningsun tannya malih.
62. Ing labetté
ratunnira, dénnya mangké ngulah panggawé becik saben-saben para ratu, yén manut
kang mangkana, nedya becik ana rahmanning Hyang Ngagung, punnang utussan
turrira, inggih sampun anglebetti,
63. Ngunni Jeng Ari
Naréndra, amung tampi bulu bekti sakethi, saking parmanning Hyang Ngagung,
dénnira nedya lila, pan wus kocap wong nedya lila punniku, nora garantessing
sunnya, Hyang Suksma malah muwuhi.
64. Mangkya Jeng rayi
Naréndra, tampi bulu bekti mindhak rong kethi, ratu nedya angguguru, kapéngin
kalakuhannipun rayi paduka darajat luhur, tan purun amagut yuda, jring ing
tingkah nungkul aris,
65. Dénnya kongkullan
susila, mila éring tan nana magut jurit malah samya angguguru, suka Sang
Prabu karsan layangngingsun aturna
gustinniréku, tampi serat nembah mesat ing marga datan winarni
66. Prapta mring praja
gustinnya, lajeng matur surat wangsulannéki, yata Sang Prabu ing Mayun tampi
serat sinukma, layangingsun katurra ing Yayi Prabu, ing Mayun kang ambek mulya,
lulussa dénnya utami.
67. Iku matri
dutannira, tuhu weca malah kurang kang warti, kéh jronné langangiréku, unggahna
dipun énggal Kangjeng Sultan Iskandar
lamun angutus yén becik nuli ginanjar,
yén ala sinniksa nuli.
68. Kang mengkono
mantri duta, panten marang sgung para
Narpathi, yén saru bisa angimur, yén becik nora wewah, dénné sira pangrungu
ngong yayi prabu, prawira ulah wicara, kautaman kohanteppi.
69. Mung kari siji
kéwala, kandellira marang Hyang Maha Luwih, yén pinnaringngan sampun ngélmu
karatonnira, yén wus sidik pangucap panningngal terus yén wus benner
ciptannira, ngélmu karaton wus kinna.
70. Kuneng Pasal kalih
welas kaping tiga welas ingkang lumaris annyatakaken punniku, saratting mantri
tama, pratingkahé mantri kang parêkking
ratu, saseliranning manusa, ing ngantara agung ngalit,
71. Sarat amriha
kamulyan kaluhuran myang pirang- pirang warni, ing prakara kang wus mashur,
kanggé ing pra raja, angrumeksa iya kaluputtannipun tarikken amrih raharja,
kaluhurran saking mannis.
Pupuh XVIII
DHANDHANGGULA
Sarat
weruh luhurring Narpathi kamulyanning kalawan
kagungngan wruha yén nana kang gawé, Kang Maha Sukci Luhur, ingkang
paring kamulyan nadi, mring sagungnging kawula, kang tinnitah ratu, ingkang
sinungan nugraha, maréntahken sagung kalipattullahi, ngadil miwah kukumah.
Nora
suke karaton kang ngadil mungguhing ratu tan kawajibban liyanné saking
ngadillé, punniku parlunnipun dénné sarat kaping kalih, kautamannipun adoha
maring kanisthan mulyakkenna barang satingkah mrih becik wuwuhé kang darajad,
Katokenna
becikking napathi, darapon kang sami amiyarsa, wuwuha ing pamujinné, lan
agungenna iku, ing jenengngé ratunniréki, tuwin paparingngira, nugrahanning
ratu, walessen sampékan daya, dénné sarat ingkang kaping tiga nenggih, wong
parêkking Naréndra.
Rumeksaha
mring kawula alit maring pitnah myang asiya-siya, mring Sang Ngaprabu wadyanné,
angaling ngana iku, kaluputtanning wong akedhik aywa amrih midosa, iku datan
arus agawé rêntengnging jagad nora ngéman ing jenengngé ratunéki,
yéku akondhang sétan,
Kitab
taréh kang sampun ginupit Raja Mahmut lawan Dewi Ambar, nalika kasamarranné,
garwa lit bangsannipun pan kinnarya luhur déraji, sring dadi tembang rasan
mring wadya bala gung, miwah satriya punggawa, pangucappé tiwas temen Sri
Bupathi, sengsem garwa wong ala.
Apa
gunnané bok Ambarriki, dénné kanggo maring Sri Naréndra, dénné wong asor
bangsanné, malah sadalu-dalu, wong rarasan tan mari-mari, lannang wadon angucap
nutug ratunnipun dénné kang weruh wekassan pangungunné paran karsanné Sang
Ngaji, kulina ing ngapapa.
Kang
ngamuwus wus karsanning Widdhi, apan nana kojah jronning dunnya, papat kang sih
sinnisihanné, mongsa bodho Sang Prabu, bok manawa ana pinnethik ing kunna ana
warta, nenggih Nabi Yusup asih mrih Déwi Jaléka, tannah Arab Séh Majenun
langkung asih, mring garwa Nimbok léla.
Ratu
agung tannah Ajam siji, raja kasru sanget sih sinnisihan Déwi Osirin
garwanné,lah iki ingkang wadya, nenggih
Raja Mahmut jalu éstri sami ngucap agung alit nayaka satriya mantri, samya
sengit sadaya.
Malah
kabéh sami andrengkénni, Raja Mahmut nanging déréng ginggang, maring Ni Ambar
asihé, ing kitab taréh sampun kocap amung kawan prakawis brai binnaraénnan sami
kalihipun mashur kang dadi wicara, Nabu Yusup kalawan Jaléka putri, Séh Majun
lan Bok Lela.
Raja
Kasru lan Déwi Osirin Raja Mahmut lawan Nimbok Ambar, malah dadi prihatinné,
wadyanné Raja Mahmut mulat marang Prabunniréki, ingaran kasamarran tyas
kennaring tuju, satemah punggawa ngucap apa kurang gusti wannodya kang adi,
luwih saking Bok Ambar.
Sarta
lawan luhur bongsanéki, angungkulli bangsanné Bok Ambar, kang satemah pangucappé, wus lagi gustinningsun nora katon
Bok Ambarriki, katon cahyanning wulan asalin pandulu, kang satengah ana ngucap
noran nana ratu kasamaran nenggih marang kawulannira.
Tangngéh
lamun ucappenna sami, pangucapping punggawa sadaya, mantri samya pangucappé,
mangkana kang winnuwus nalikanné mongsa
rêngngi, nuju sawiji dinna, sagung punggawa gung, samya ngandikan mring
pura, Sri Bupathi winnarêk munggéng patanni, kalawan Nik Ambar.
Wonten
nayaka siji ngaturri, timun watang anulya sinnigar, sasigar dhinnahar dhéwé,
dénné sasigarripun pinnaringken Bok Ambar nuli, lawan kinnén ngedumma, marang
punggawa gung, kang samya munggéng ngayunnan Raj Mahmud dhinnahar timunné pait
agédhég gebres-gebres,
Raja
Mahmud sigra tatannya ris nayaka gung payo rasakkenna, ing konno apa rasanné,
punggawa gung wot santun pandummanné samya binukti, timun sajuwing ngika,
rainné jangkerut marêbut agebres-gebres matur nembah gusthi langkung saking
pait lerês paduka natha.
Ana
lagya andilat sathithik gebres-gebres sinneléhken sigra, sarwi tur sembah
aturré, nuwun duka pukulun amba
datan ambukti malih inggih datan kawasa,
langkung paittipun Naranatha angandika, payo Ambar pangannen timunnéréki, apa
baya padhaha.
Déwi
ambar sandika wot sari, dyan dhinnahar timunné punnika, sajuwing kang
bubuhanné, sawusnya dhahar timun sarwi
matur subkannalahi, sang Natha angandika, apa mulannipun sira maca subkannalah,
Déwi Ambar umatur sarwi wot sari, dénné kalangkung nikmat,
Paparing
dalem timun sjuwing, langkung alegi gurih kalintang, asedhep sarta mannissé,
punggawa samya ngrungu, gumarumung ngujar ujarri, éh baddah sira Ambar, cidra
nora muput ing ngarsanné Sr Naréndra, timu pait sira dhéwé matur legi, tuhu wong nora layak,
Awit
saking papa sira ugi, bongsa andhap linnuhurken sira, teko dora pamalessé,
destun wong nora patut dhasar kabéh punggawa sengngit anuli antuk babah,
milanné gumrumung, dénné kaol kang
satengngah, malah-malah punggawa sami nudingngi, marang Ni Déwi Ambar.
Raja
Mahmud angandika aris kaya apa Ambar
artinnira, punggawa ngong kabéh kiyé, kang padha mangan timun nyata pait pan
ora legi, mung sira dhéwé iya, legi timu iku, payo mara jarwannana, apa lire
ing kayunnira punniki, Déwi Ambar tur sembah.
Ta
tuwanku kang asih ing dasih, inggih lerês sagungnging punggawa, kang samya
matur paitté, dénné amba pukulun boten kénging maturra pait kawula wit wong
papa, andhap bongsa ulun dénné ta sagung punggawa, bongsa luhur lan awit saking
bérbudi, mila dadya punggawa.
Lan
karyanné bot répotting nagri, annanggulang sagung satru tuwan mila matur
salerêssé, dénné amba pukulun wit wong papa ginnawé becik awit tur bongsa
andhap pan kinarya luhur saking geng pasihan tuwan ngitik itik paduka
sangkanning ngalit mangké malah diwasa.
Pasihan
dalem sampun alami, kannikmatan sagung papangannan kawula angraossaké, kang
legi gurih sampun sedhep mannis kula ngraossi, sagung kang tuwan dhahar, kawula
pan tumut wruh raossé sedaya, nunten mangké tuwan paparing sajuwing, yé kula
umaturra.
Pait
inggih raossé punniki, dadossipun ical
sadayannya, paring dalem salaminné, wennang bubuktinnipun ingkang pait sapisan kedhik
yekti inggih kalingngan kang agung karuhun paparing dalem punnika, mannis arum
legi gurih wuus salami, punnapa pracumaha.
Yén
kawula umaturra pait dadi pracumah
inggih sih tuwan kang wus tetep salaminné, punnapa ta pukulun nénélakken cacad
sang ngaji, boten annyimpen amba, ing lingsem Sang Prabu, yén amba matur
punnika, legi gurih wuwuh manpangatting dasih, males sih barkat tuwan.
Gumujeng
suka Sri Narapathi, samya tumungkul sagung punggawa, mirsa Bok Ambar aturré,
ngandika Raja Mahmud bésuk késuk Rekyana
Patih, miwah sagung punggawa, pepekka dén agung, gedhé cilik, pr Dipatya,
lannang wadon ibnu sati pekir muiskin
sun arsa nyebar dinnar.
Miwah
sosotya nila widuri, inten mirah jumerut ngong sebar, padha dén rêbutta ngakéh,
pan ingsun arsa weruh, bekja tegessipun kang tan antuk nora begja, ingkang
antuk sathithik bekjanné kedhik iku gonningsun nondha.
Tur
sandika Rêkyana Apatih, miwah sagung nayaka punggawa, wot sekar sarêng wedallé,
kunnéng warnannen asuk Raja Mahmud paréntah maring, juru gedhong sakawan kinnén
bedhah sampun isi dinnar lan sosotya,
myang busana wus samya ingusung mijil mara ing panangkillan,
Sampun
naglar wadya ponconiti, sagungnging kang nayaka satriya, sarayat sakucumbinné,
lanang wadon akumpul sanagara tan nana kari, Sang Natha arsa dadar, ring wadya
lit agung, mijil Sang Sri Maharaja, kerig kabéh kawula sajronning puri, jejel
ing panangkillan,
Déwi
Ambar milwa datan kari, para putra garwa kinnén samya, angrebutta sasebarré,
ngandika Sang Ngaprabu, marang sira Rêkyana Patih, apata uwis pepak iya
wadyanningsun sajro nagara kéwala, nembah matur Kyana Patih inggih Sang Ngaji,
Sang Natha aparéntah.
Mantri
satus kang kinnén Sang Ngaji, payo mantri padha sawurrênna. Dinnar dirham iku
kabéh, dimén padha rinnebut myang sosotya busana sami, mantri sigra anyandhak
annawurraken sampun sagungnging wong arêbuttan abusekkan tan étung gedhé lan
cilik awor arêrêbuttan,
Ramé
uleng-ulsngngan wadya Ji, satemah ing wong lagya rêbuttan Sang Natha nitih
kudanné, nyander nyongklang Sang Prabutilar bala Bok Ambar unning, Sang Natha
nitih kuda, Déwi Ambar gupuh tilar dénnya ngrebutdunnya, anututti lampahé Sri
Naranatha, nyandhak ambuntut kuda.
Sarêng
noléh kagyat Narapathi, anningalli marang Nimbok Ambar, ambuntut ing
turanganné, ngandika Sang Ngaprabu, ya pagénné sira punniki, tan milu
rarêbuttan maring dadarringsun dadi ora
duwé begja, sigra kondur Sang Natha mring poncaniti, sampun tedhak alenggah.
Munggéng
ngamparran ing mutyara di, wadya gung kang samya rêrêbuttan sirêp telas
sasebarré, gumerah samya ngumpul pra dipatya sajalu éstri, wadya lit meksih
samya, munggéng ngalun-nalun gumerah samya pocappan ingsun begja akéh oléh-oléh
mami, rêtna lawan sosotya.
Umung
samya ngitung antuknéki, Sang Ngaprabu alon angandika, ana ta kang ora oléh,
sagung punggawa matur, mung satunggil inggih Sang Ngaji, kang boten katémpéllan
ing begja pukulun inggih amung Déwi Ambar boten antuk rêtna sosotya satunggil, miwah dirham lan dinnar.
Myang
busana tan antukka sawiji, tandhannipun punnika cilaka, tuhu tan wonten
bekjanné, ngandika Sang Ngaprabu, kaya apa Ambar siréki, tan milu dhik-udhikkan
doh begjanniréku, tur sembah Ni Déwi Ambar pan kawula kang ngantuk begja sayekti, luwih saking wong kathah.
Angandika
Sang Bumi Palaris kaya apa artinné ta sira, ngaku antuk begja dhéwé, Déwi Ambar
wot santun Alah dunnya barana sami, inggih wongngé kang angsal sadaya punniku,
pan dados darbék kawula, Alah dunnya dénné manusanné sami, kadarbé ing kawula.
Wau
mangsanné rêbattan sami, nunten paduka nitih turongga, annander tilar wadya
kéh, kawula sinung émut ing grahita amba pribadi, satemah dhik-udhikkan tuwan
nander mamprung, tuwan dadya dhik-udhikkan ing tegessé sami la kawula tututti,
nyandhak turongga tuwan,
Dadya
gumujeng Sri Narapathi, amiyarsa aturré Bok Ambar, punggawa tumungkul kabéh,
lingsem ping kalihipun kaungkullan sabdanniréki, kondur Sang Nganaréndra,
tumaméng kadhatun tulus dénnira kagarwa, Déwi Ambar mring Sultan Kabir
Mahmuddin kunneng gantya winarna.
Ratu
Ngajam gung karatonnéki, wus sinebut
saking bumintara, luwih sasolah bawanné, sih palimarmaéng wadu,
angungkulli ing para Aji, paguron para raja, nenggih raja kawruh, sanget asih
maring garwa, kang anama Sang Rêtna Siti Wasirin punjul saking lokking ngrat,
Jronning
kitab rikul ulummi, Déwi Wasirin
cahyannira pan apindha wulan gebyarré, nastiti jrih ing kakung, muri-muri johral karimi, binti
Jeng Raullullah, Pathimah linuhung, mangkana Sri Maha Rêtdya, ing nalika
pinnarêk lawan kang rayi, munggéng madélangennan,
Wonten
wadya ngaturri upaksi, abdi pamancingngan tur ken ulam pan punjul saking
sabenné, ingandikan lumebu, prapténg ngarsa kagyat narpathi, dénné dingarén
sira, antuk iwak agung, saben-sabenné majana, wus ginnanjar dinnar patang éwuh
nenggih, dénnya sukéng tyas mulat.
Pun
pancing mundur awot sari, Déwi Wasirin matur tur sembah, sakedhik wonten
salahé, pan damel tuwan luput anggaganjar mring wong pamancing, kaya ganjar
punggawa, dinnar kawan éwukang taté angnglar jajahan dadossipun saben ganjar
wong sawiji, pan patang éwu dinnar.
Dénné
angganjar mring wong pamancing, ya semonno pangiranning wadya, Sri Narapathi
delingngé, benner lingngira iku, nanging uwis kaliwat ugi, para ratu nora
kenna, mindhonnana wuwus Siti Wasirin turrira, tuwan kéndel kawula kang
maékanni, darapon kalingngan.
Ing
pakarya tuwan narapathi tan katémpél aming kalih sabda, mangké amba pariksanné,
ing lanang wadonnipun lamun inggih sumahur éstri, amba mundhut kang lannang,
dadya dinnar wangsul, dénné kaliru ing karsa, lamun ngaken lannang kula mundhut
éstri, yekti tuwan kalingngan,
Wangsulling
dinnar tan anglabetti, saking owah pangandika tuwan mésem Narpathi wuwussé, iya karsanniréku, sigra kinnén
nimballi malih, juru pamancing prapta, ing ngarsa Sang Prabu, Déwi Wasirin
tatannya, éh pamancing iwak kang katur Sang Ngaji wadon atawa lannang.
Ki
pamancing matur wot sari,ulam kang katur raka paduka, punnika pan ulam annéh,
panninggih baga purus dédé jaler pan dédé éstri, Sri Bupathi miyarsa, gumujeng
anggungguk Déwi Wasirin kasorran risaksana pamancing ginanjar malih, séwu pan
réyal emas,
Manggul
kanthong mundur awot sari, nulya wonten dirham siji rêntah, marojol
saking kanthongngé, Ki Pamancingan luru, dirham ingkang runtuh satunggil
prasamya tinningallan dénnira ang Prabu, myang Rêtna Wasirin mulat matur nembah
tingkahé pun Juru Mancing, langkung akarya nistha.
Wong
wus tampi dirham séwu nenggih, lawan iya patang éwu dinnar, runtuh siji paran
dénné, ingupaya kalangkung, janggilengngan anganan ngéring, iku destun wong
ngala, arda budinnipun karya nisthanning nagara, kang mengkonno tan arus
ngambah nagari, tan niyat karya dana.
Natha
ngandika undangngen malih, prapténg ngarsa Wasirin ngandika, sarwi tumuding
astanné, éh Pamancing siréku, liwat karya nisthanning bumi, cacak wus
pinnaringngan réyal emas séwu, lawan patang ngéwu dinnar, runtuh siji kapati
gonmu ngulatti, pan sira tanpa nalar.
Jer
kobaya wijilling ngadulit mata dinnar rênda tanpa ngrasa, yén wus sugih maksih
akéh, duwékkira kang kantun cicir siji kapati-pati, kekembang ngrusak praja,
ngapessaken ratu pantes wong winnesi asat Juru Mancing umatur saha wot sari
nuwun duga ratu mas,
Mila
dirham kang rêntah satunggil sakalangkung gén kula ngupaya inggih tan saking
émanné, kadita temah tuwuk barkattipun raka Sang Ngaji, mongsa kongsi telassa,
prapténg anak putu, milamba sanget ngupaya, dirham rêntah punnika ingkang
sasisih, kaciri asma Alah.
Dénné
ingkang sasisih aciri, namannipun raka padukéndra, mannawi pinnidak dénné abdi
tuwan pukulun dénné rêntah wontenning margi, upama kapidakka, namanning Hyang
Ngagung, satemah damel duraka, yén midakka namanning raka Sang Ngaji, satemah
siya-siya.
Datan
ngurmattiratu sayekti, réhanning punnika kalipattullah, pasthi wajib
kinnabektén duk miyarsa Sang Prabu, ngakak sarwi angembat wentis kinnén mundhut
réyal mas prapta tigang ngéwu, lawan tigang ngéwu dinnar,
Wus
ginnanjar Ki Juru Pamancing, tinnampannan pan patang gotongngan saha nimballi
carikké, Sri Maharaja Kasru ing sakéthéngngipun kinnén angundhangken samya,
bendhé mubeng lan teteg barkattan saking, Kangjeng Sultan Iskandar.
Kendhang
Iskandar Dulkarnaénni, yén kongsi mijil
ginnawé undhang, yekti panggawéyan gedhé, undhangngé Sang Ngaprabu, aywa
na kang gugu pawéstri, barang lirring prakara, apes kenna siku, upama nedya
angéman réyal siji wekasan kalong kakalih,
dénnya messing darajad,
Ngéman
roro papat ilang néki, ngéman séwu rong éwu kang ilang, saleksa ing pangémanné,
rong leksa ilangngipun nadyan ngéman ingkang sakethi, rong kethi ingkang ilang,
sadaya misuwur, sawadyanniréng jro praja, undhang medal mring sagung monca
nagari, sanget undhang naréndra.
Wadonniku
tinnitahken nenggih apan dadi ganjarran kéwala, nora kenna dadi gawé, kaennas para jamhur, ingkang nerak
arang basuki, wit saking Nabi Adam
amanggih bebendu, ingudhunken saking wiyat purwéng garwa saturutté déréng
kenni, sabakda rasullollah.
Malah
enték ing rinna lan wengi, nora kenna yén iku tinnerak nedya bilahi aranné,
akéh pandhitha wurung, kuwalanné saking pawéstri, wong nedya wicaksana,
atemahan kumprung, nedya wirya temah rusak kang anedya rahayu temah bilahi,
kaduduk wuluhira.
Pupuh XIX
DUDUK WULUH
Wonten
umat sawiji amandeng wahyu, saking sanget dénnya miskin tatapa wus patang taun
antuk laélatul kadri, nuli tutur mring kang wadon,
Laélatul
kadri rupa watu telu, sasmita kang kapiyarsi, watu tetelu punniku, dén umbulna
genti-genti, apa karêppé ing konno.
Pan
tinekan paran kang sinnedyéng kalbu, apan nora mindho kardi, jalukka sagunung
emas sosotya pan dadi, tinekan sedyanning konno.
Lan
rabinné sedyanné arêbut dhucung, kang wadon nedya sugih, ingkang lannang
karêppipun dén sugih sarta Bupathi, duwé nagri sugih gedhong.
Ingkang
wadon jaluk nagara tan rêmbug nganggur baé dén asugih, maras mennék kinnawayuh
payo jaluk sugih-sugih duwéya mas pitung gedhong.
Sadangunné
pradondi durung arêmbug watunné tinninggil tinggil arsa dén umbullaken iku,
anjalug duwé nagari, sarta dén asugih gedhong.
Méh
dén umbullaken kang wadon angrebut ywa jaluk dadi priyayi, dadi sugih baé
nganggur, bupathi sugih kuwatir, énnak nganggur baé ing ngong.
Ingkang
lannang saurré sarwi asendhu, becik wong duwé nagari, sarta kang sugih
kalangkung, anggréh wong rainna wengngi, sugih emas kongkon uwong.
Ingkang
éstri nyentak aja anjajaluk sugih sarta duwé nagri, sugiha balaka iku, duwé
gedhong séwu sami, kang lannang meksa ambekos,
Amucisil
sarwi ngumbullaken watu, lagi watunné sawiji, unninné pan knothol séwu,
katlisut nyenthak kang ngéstri, nuli awake bak konthol,
Knothol
séwu jejel anéng awakkipun arêbut enggon apipit anéng maka wolulikur, ga
janggut bathuk pipi, ambiyet kebak ing kokonthol,
Sarandunning
awak jejel sungsun-sungsun ambented tindhih-ti[233]ndih, gumeder pating
garandul ingkang ngéstri annangissi, kang lannang gagetun jomblah.
Mau-mau
angguguwa rêmbag ingsun, sayektinné nuli sugih, ngarêppaken gedhong séwu, isi
mas barana adi, ujer kowen dhéwé wangkot,
Annaurri
kang lannang mennengnga iku, watu kari loro iki, kang siji ngong karya jaluk
ilangngé saking wak mami, kabéh sarupanning konthol,
Dénné
siji ngéngéyan ngong karya jaluk nurut sira jaluk sugih, aduwéya gedhong séwu,
ngumbullaken watu malih, sarya sru dénnya miraos,
Konthol
kabéh lungngaha saking wakkingsun nora nganggo dén walerri, konthollé kang
lawas katut pating barêsat tan kari, konthol lawas milu coplok,
Pan
sumubrung tekan dakarré Ki Layu, sawablaélatul kadri, dadi sapangucappipun
kalalén konthollé lami, karayut kenna wiraos,
Dén
gagappi konthollé dhéwé wus suwung, tekan daharré malencing anniba gumulung
ngadhuh, adhuh laé konthol mami, rinnapu maring kang wadon,
Wis
mennengnga pan dilalah durung ontung, noro kudu sugah sugih, muliha baé
kontholmu, watu iku kari siji, gawénnen angundang konthol,
Dyan
ngumbulken watunné kang siji kantun
konthollé kang kinnén bali, tan asuwé nuli wangsul tetep néng enggonné lami,
béniyatta tan kalakon,
Lah
punniku lepiyan panggawé luput alanning sih maring rabi, teka dadk tutur-tutur,
yén aja tuturra pasthi, sasedyanné pan kalakon,
Mila
Sultan Iskandar wasiyattipun kang sapa nutting pawéstri, apanta sajus punniku,
ambuka lawang bilahi, andhandhang darajat asor.
Ingsun
iki madeg kalipattullahu, babala ratu
sakethi, Prabu Iskandar kinnasub Iskandar Dulkarnaénni, yén anutta mring wong
wadon,
Yekti
kalong balanningsun para ratu, sayuta punggawa mami, arupak jajahanningsun apes
labetting pawéstri, kaya pagagan mengkonno.
Wonten
malih caritanning para ratu, nagaranné Bahedanni, nama Ngaliburhan Prabu,
langkung sih marangnging rabi, Déwi Tahrin kinnaot,
Putranné
kang patuttannira Sang Prabu, sakawan kang sami éstri, satunggil sepuh kang
jalu, Radén Karsat namanéki, Kamidolah pekik annom,
Nanging
sanget kaugungnging rama ibu, Karsat Kamidolah nenggih, arusuh pambekkannipun
nguwus uwus barang kapti, dénnya putranné Sang Kathong.
Ingkang
saking garwa pangrembé tetelu, punnika jalu prasami, sadaya kawelas sayun nora
pati dén rawatti, sawab ibu sami asor.
Radén
Marjan Sasi lawan Radén Markum Radén Drika Asatunggil dénné ka[235]dangngé kang
sepuh, nenggih Radén Marjan Sasi, alus ambekkira alon,
Nora
antuk papan sawab ibunnipun tan kanggé ing rama aji, Karsat Kamidolah iku,
ibunné mengku jro puri, sasuka-suka kalakon,
Akarya
sak marang punggawa gung ngagung, apan nora anneteppi, sacara caranning ratu,
kalih welas emabnnéki, Karsat Kamidolah towong.
Dadya
Aum sagung punggawa gung ngagung, umarêk Rêkyana Patih, umatur kuwatirripun
dénné karsanné Sang Ngaji, adil rinusak ing wadon,
Dé
karsanné Karsat Kamidolah iku, tinurut sakarsannéki, ibunné samya agungung,
bésuk madegga Narpathi, cacah sucah paréntah wong.
Dénnya
sanget pangugungngé garwannipun miwah mring putranniréki, apa baya karsannipun
wau Rêkyana Apatih, susah ing tyas langkung ngéwoh.
Dé
putranné Sang Natha ingkang katelu, rinneksa mring Kyana Patih, sandhang sarta
pangannipun Sang Natha tan angrawatti, susahé sakathahing wong.
Samya
rêmbag sagung nayaka gung ngagung, samya késah maring wukir, marêk Sang
pandhitha Werdun Pandhitha wus prapténg gaib angraga suksma di kaot,
Wus
pratéla luhur Sang Pandhitha Werdun
anéng wukir Rabunsari, karilan sasolahipun méngo kawiryan alami, tata
pasangkanning ngannom,
Pupuh XX
SINOM
Lampahé
Rêkyana Patya, miwah sagungnging Dipathi, sampun prapta wukir radya, ing dhépok
Sang Maha Yekti, ngancala Rabunsari, manggih Sang Pandhitha Werdun umatur
Kiyapatya, mring Pandhitha sarwi nangngis dhuh tuwanku paduka atutulungnga.
Badhé
rêngkanning nagara, susahé wong saprajéki, dénné mangké Sri Naréndra, datan
arsa angopénni, nagari Baédanni, ngamungngaken garwannipun kalawan raja putra,
Karsat Kamidolah nenggih, sasolahé tan patut amumpangkara.
Arêmen
pakarti nistha, méngo barang réh utami, yén punnika kalakonna, bénjing madeg
narapathi, karya rusakking bumi, lalabettan kirang wuruk awit ugung ngugungngan
lah tuwan sungngana ugi, rahayunné ing bahedanni nagara.
Wenang
tuwan anulakka, kang badhé niayéng bumi, Sang Pandhitha alon mojar, putranné
Sri Narapathi, apa tannana malih, ingkang liya saking iku, Si Karsat Kamidolah,
tannarsa panggawé becik annak karam nora pantes dadi raja.
Éwa
mangkana mannira, arsa papanggih pribadi, lawan Sultan Ngaliburhan apa tan
dipun walerri solahing garwa siwi, pratingkah karam dén ugung, sira padha
kariya, sakedhap sun nuli bali, lawan endi putranné Sri Naranatha.
Liya
Karsat Kamidolah, Rêkyana Patih wotsari, pan inggih kawula bekta, nama radén
Marjan Sasi, nanging punnika inggih, garwa pangrembé bunnipun Sang Pandhitha
duk mulat ing warnanné Marjan Sasi, iya pantes yén iku madegga raja.
Ayemmé
kataréng ngulat wus sah ing Bustam Salatin ulatna rajulalattan barang pakarya
patitis lumuh panggawé drengki, wong palayon ulattipun iku pakuwon sétan niaya
agawé drengki, nora patut kasandhangngan kukumolah.
Aywa
sira pedhak-pedhak lungguh lan mata mucicil niaya drengki kiyannat balik amriha
kang lindri, liyep iku basuki, sanadyan agawé ratu, aja kang julalatan nora
mantep doyan drengki, wong malolo pan iku jinnissing sétan,
Apan
nora agagampang, kocapping Bustan Salatin ratu pan erohing jagad marmanné dén
ngatiyati, iya mennengngan dhingngin Sang pandhitha tedhak sampun amung
sakedhep netra, wus prapta sjronning puri, panggih lawan Sri Narndra Ngaliburhan,
Pandhitha
ngling mring Sang Natha, anata sira tannadil sahurré wallahu Allam sakarsa
tuwan ngaranni, Sang Pandhitha udanni, ing karsanné Sang Prabu, méngo kawiryan
dunnya, uluk salam sigra pamit mesat saking jro pura prapténg ngaldaka.
Panggih
lan Rêkyana Patya, miwah Radén Marjan Sasi, tuwin nayaka kang samya, [238]
milwa ing Rêkyana Patih, Sang pandhitha lingnya ris ratu Ngali Burhanniku,
méngo pakarti dunnya, mila tannarsa ngopénni, mring solahé kang garwa lawan
tannaya.
Wus
payo padha mungkurra, kalilan sadinna iki, apan iki dinna akat dhawuh
babendunning Widdhi, sigra Sang Maha Yekti, madhep marang kéblattipun dénnya
angekep napas cinnipta duk nukat gaib anasirré bumi angin genni toya.
Prapta
risang bayu bajra, memes gora awor riris pra samya ambedhol arga, éwon aleksan
kang wukir, ngebyukki Baedanni, gégér sanagara kuwur, dénning praptanning
ngarga, tanpa sangkan angebekki, tumpes kang wong jro kutha kang lakuala.
Dénné
wau jronning pura, wukir satus kang
dhatengngi, Sang Ngaprabu Ngali Burhan pinnarêk lan garwa sami, myang
putrannira aglis Karsat Kamidolah rawuh, ing ngarsanné kang rama, tur unningnga
lamun wukir, kathah prapta yayah arsa mecah kutha.
Mésem
natha Ngaliburhan sira iku annak mami,
iya Karsat Kamidolah, nanging karam sira iki, ing tingkah nora yekti, balasar digung kumlungkung, lah
mengkono iku nyawa, dhawuh bebendunning Widdhi, nora kenna mengko
aling-ingalingngan,
Iya
pan ungkur-rungkurran miwah ta ibunnéréki, sun mardika sowang-sowang, apan
pratingkah ngaurip ya tinemu pribadi, ala lawan becik iku, tan tutug angandika,
gunung séwu prapta nuli, ingkang satus anubruk ing raja putra.
Mesat
dgamparré Sang Natha, tan kenna tinubruk wukir, amung garwa miwah putra, mung
sirahé ingkang maksih, annangngis anjrit anjrit sambat sambat Sang Ngaprabu,
sangsaya gung kang prapta, wukir; nanging Sri Bupathi, dhadhamparré sinunggi
maring ngaldaka.
Muwuh
Sang Sri Ngaliburhan mring garwa miwah putréki, sinung wruh sangkanning dosa,
pan iki Si Marjan Sasi, tinulung ing Hyang Widdhi, saking niyayanniréku, kang
padha junjung iya, punggawa kang sak ing galih, kang prihatin wit saking
niayannira.
Garwa
putra duk miyarsa, sambat marang Marjan sami, kabéh ingkang kaluputtan dénning
nora angrawatti, nagara Baedanni, ri nengkuh
dhéwé nagri, murka sida tutug rusak siya-siya.
Wus
prapta sajronning pura, mendhukul kebekking wukir, Radén Karsat Kamidolah,
nangngis katindhihan wukir, lawan ibunniréki, samya katindhihan gunung, gesang
mung waket jongga, annangis angolang ngaling, kawuwussa kang medhun saking
ngaldaka.
Kang
ingadeggaken raja, marangnging Sang Maha Yekti, ingiring Rêkyana Patya, Bupati
ana sapalih, prapta jronning nagari, anglayatting rama prabu, lawan anuwun
prennah, menggah kang dén kadhatonni, prapténg pura lama kang dadi aldaka.
Panggih
rama nuwu[240]n prennah, kang badhén dén kadhatonni, sarta enggonné kang rama,
winnangun padhukuhnéki, dadya pucakking wukir, Karsat Kamidolah sampun
dhinudhuk saking ngarga, mring Narpathi Marjan Sasi, yata lawan ibu pra samya
ingentas,
Tinunggilken
lan kang rama, dhudhukuh pucukking wukir, Radén Karsat Kamidolah, wurung
kasatriyannéki, sabennenjing annenggih, pakaryanné ngon wedhus ibunné matun
gaga, tetep Prabu Marjan Sasi, karatonné ing Baedanni nagara.
Kunneng
kang wus linnepiyan dosa gung para narpathi,
nanging babakalli raja, nenggih kang winuwus malih, kang pinnarêk Sang
Ngaji, sarat ping sakawannipun anaha paliwara, kang ngasih panggawé becik kang
pariksa wruh nistha madya utama.
Meruha
ing pamicara, ngarsa arsa sih ing Widdhi, wuwuha ingkang kagungngan kamulyan
rahmatting Widdhi, wonten ratu sawiji, asih ing kawulannipun apan tan kenna
pisah, lan Sang Prabu siyang latri, lagya saré Sang Natha tinnilar salat,
Dupi
wungu Sultan Jahar, anningalli mring kakasih, tannana ing pacawissan dukanné
yayah sinnipi, lah lunga maring ngendi, Si Munna datan kadulu, dangu tannana
prapta, kasok lalu ing panganti, Sultan Jahar jaja bang prapta kang duka.
Praptanné
mantri Munnada, sangsaya tan kenna lilih, nulya kinnén annyengkalak nanging
sanget turriréki, tan purun dén talénni, dénné dudu ukummipun apa tuwan niaya,
dédé bangsanning Narpathi, bongsa andhap paduka madeg Naréndra.
Lamun
bongsa luhur tuwan yekti wruh ing ngala becik apan amba wau késah, nglampahi
karya kakalih, Gusthi ingkang kakiki, lan Gusthi majaji iku, singnga kang dén
tilarra, sayekti bonda kalanni, padha-padha karo-karo kasaitta.
Sang
Natha asru ngandika, lamun ennengna sayekti, akéh-akéh amicara, Sr Bupathi
angedhohi, nuli cekellen naglis lirwa ing timballan ningsun payo cekellen
énggal Mantri Munnada annangis iya Allah tuwan kang murah ing jagad,
Mugi
tuwan ngadillana, mring ratu kang kirang titi, tannarsa titi pariksa, angukum
kang datan sisip tinnariméng Hyang Widdhi, Munnada pandongannipun sigra ing
sanalika, dhawuh bebendunning Widdhi, kumarasak angin geng annempuh pura.
Gapuranning
jro pura, taterussan tamansari, bedhol sarta tannira, amukul dalem narpathi,
pandhapa dén tibanni, gograg ajur rêmak rempu, Sultan Jahar anniba, ing siti
tobatting Widdhi, datannarsa malih akarya niaya.
Dén
prayitna para raja, kang mengkonno tegesnéki, misih rinneksa dénning Hyang,
kang nora dinukan nenggih, agawé ala waris iku jatinning panglulu, ibon-nibon
kéwala, dinukannan wus babar Ji, marmannipun déné aget kang para raja.
Dénné
sarat kang kaping lima, kang kinathik nata pathi, arêp takwa ing Hyang Suksma,
nalangsakkenna dén wanti, nedhakna apuréki, ing dosanné ratunnipun sarat kaping
nem arsa, kang parêk Sri Narapathi, nampurnakna barang karsanné Sang Natha.
Pakarti dunnya ngakérat sarat kaping pitu nenggih, arêppana paliwara, lamun
nuju anningalli, ratunné salah kardi, dén énggal dénnira matur, parapon
mangartiya, ing nistha sikara lalis nora pantes tanwun kenna wawalessan,
Dosanné
wong parêk raja, yén salan tindak Sang Ngaji, pasthi milu kenna siksa, kang
kinnathik ing narpathi, yén nora angaturri, ing liputté ratunnipun dénné yén
nora kenna, aja sira anunggonni, tanpa gawé milu gagedhénning dosa.
Sarat
kaping walu ika, ywa matur Sang Ngaji, ngalem luwih ing manungsa, yén nora
weruh pribadi, aja kenna mamannis yén cidra milu katempuh, kapisan ing
narendra, kapindho maring Hyang Widdhi, nora kenna sélak duméh dudu awak,
Déné
sarat kaping sanga, kang parêk ing Sri Bupathi, dénnangon sagung wadyandra,
kang susah miwah prihatin dén wruh solahing dasih, sanagara dén kacakup
dénnagung sarta lila, pariksa welassing miskin supayanné dadi adillé Sang
natha.
Dé
sarat kaping sadasa, kang paliwaréng Narpathi, yén tinnari ing Sang Natha, dén
arja tyassira kadi, munthika munggéng warih, kolur sartaning ngingkalbu, miwah
sarirannira, dén rêsik lawan wawangi,
dimén néling sabarang karyotama.
Dénné
sarat ping sawelas kang pinarêk ing Sang Ngaji, yén nalika tinimballan dén
néling ing nukat gaib amrih aywa nekanni, sagungnging pangawé saru, adoh saking
piala, nyegah bebendunning Gusthi, iku saru ratu akerêp duduka.
Sarat
kaping welas kang pinnarêkken Sang Ngaji, ngedohna pangawé mamak drengki open
pati angling, dén nanteng aywa edir, iku kang angrusak laku, yén Prabu
angandika, mring liyan tambuha ugi,
amung wruha sabarang kang winnicara.
Nangnging
yén ratu ngandika, kang dinnangu tan naurri, lali gugup ing ngayunnan nuli
saurrana aglis yén sira tan naurri, nyandhak pandangunning ratu, pan sira milu
cacad padha lawan ningkang lami, milu mati tyassira tan nana mengnga.
Sarat
kaping tiga welas kang pinnarêk ing Sang Ngaji, aja rongéh aja umbag aja kebat
nuli angling, ing pasamuwan ugi, dipun arang cacalathu, aja amegat tindak
annyelanni wicaréki, aja larannatén aja puputungngan,
Aja
lengngus amicara, ing gawé pan nora kasil aja nglalabetti solah, kang parêkking
Sri Bupathi, aja nanacat maring, saréwangngira pu[244]nniku, yekti angrusak
praja, wong nannacad koncanéki, ing dadinné wong ngingu amrih duduka.
Yén
ratu akerêp duka, ilang kajetmikannéki, yén ratu nora jetmika, pasthi yén
angrusak bumi, kocap ing kitab tambih, angrusak nagara iku, yén ratu
angangikka, wong drengki jail pan néblis cekak budi wong drengki datanpa nalar.
Nalarré
kaworran sétan sarat kawan welas nenggih, yén nana parêk Sang Natha, miyarsa
wawarti wingit durung pati patitis aywa umaturring ratu, bok amiroga tompa,
anusahaken wong cilik barang tingkah
aywa watak wawadullan,
Sarat
kaping limalas kang kinnathik ing Narpathi, arêp sidik ing pangucap atinné kang
ajajail barang pangucapnéki, dén ta lanjer dénna dhapur, dén jaman dénna makam
aja kongsi nglalabetti, ing tegessé manusa kang wruh ngutama.
Sarat
kaping nembelas kang kinnathik ing Narpathi, yén nana wong amicara, angngundhakki angurangngi, punniku
dadi silib yén wong kang ngalem mring ratu, miwah kang amemada, sabennerré
dipun naglis yén kawahyon bok wong benner dadi salah.
Sarat
kaping pitulas kang parêk Sri Narapathi, dén narima ing pasiyan sihing Gusthi
dén kaéksi, barang kang dén lakonni, wawennangngé Sang Prabu, terusna tingngallira,
ratu kalipattullahi, wong duraka ing ratu durakéng Suksma.
Sarat
kaping walulas kang pinnarêk ing Sang Ngaji, élingnga marang sarira, ala becik
saking takdir, andhap luhurriréki, aywa nguring-uring ratu, wruha yénniku
darma, kang dadi jalarranning sih, amrih ayem tyassira aywa angrungsang.
Kalamun
tyassa angrungsung, kang kinnathik ing Narpathi, kenna panggawé éblis satemah
ambarang wadul dadi rêngkanning praja, ratunné kang dén prih runtik wong
mengkono dohenna patang bedahab,
Sarat
kang kaping sangalas kang kaparêk ing Sang Ngaji, yén nana gagaman pélag kang
yogya dandannan jurit lawan wong kang ngabecik kang ngatecik tékaddipun tur
ulah pamicara, sarta wandanné kang becik pirasatté nuli aturna Sang Natha.
Sarat
kaping kalih dasa, wong kaparêk narapathi, kalamun jinunjung ngannyar, aywa
kagungngan semudir, lwngngus duméh antuk sih, nuli katon cacaddipun dudukanning
Hyang Suksma, tan lila paparingnéki, ingkang mijil jalarranning wakillira.
Dilalah
énggal pugutnya, sihing Sang Sri Narapathi, lamun darungna wong salah, wong ala
solahiréki, yekti anglabetti, karya kannisthanning ratu, lamun pagawé sasar,
tan kenna parêk Ngaji, tanpa tékad tan pantes saba jro pura.
Sarat
kaping salikur, kang kaparêk narapathi, lamun nana wong kadukan undangngen
wismanniréki, ajakken padha bukti, konnen sabar sarta maklum rapunnen
pannarima, yén akéh wong aja sandhing, yén sepi wong jujutten tyassé dén kenna.
Kaprihatinné
ilangnga, sarta dénnariméng takdir, dadi tyassé nora ngrungsang, ayem sangkanning
ngapidih, pangunneg-unneg mari, sarat kaping kalih likur, yén nana wong dinukan
yén netep salahiréki, ngularrana dandannan ingkang utama.
Kang
longka jronning nagara akokna kancaniréki, katurra ing Sri Naréndra, sira
kang ngamriha lilih, ing pasamuan nenggih,
aywa sira sandhing lungguh, kontap pitulungngira, nora mandi mambu angin kang
utama tutulung aja kawruhan,
Kaping
tiga likur sarat kang kaparêkking Narpathi, dén mituhu barang karya, malah
dadiya palupi, mring sagung bangkat kardi, aja léléda ing laku, nanging
wawalerrana, kang kilap lawan saréngi,
kukuhana yén ana ambedhah sarak,
Sarat
kaping salawé prah, kang kaparêkking Sri Bupathi, amujiya annebutta, ing nganma Maha Succi, lan asmanning Sang Ngaji,
luhurré ratunniréku, simpennen kang santosa, celanné ratunniréki, apan wajib
amrih atinnaken jagad,
Karêksa
tindakking praja, awit sujana bérbudi, sarat ping salawé arsa kang kaparêk Sri
Bupati, wediya dosa cilik miwah ingkang dosa agung, dén mundhak betinnira,
supaya terahing nagri lan maksudda bapa
babunnira.
Ratu
kekasihing suksma, lamun sira dé kasihi, mring ratu yekti terusna, mungguh
ingkang Maha Succi, pan iku dadi wakil wawayangnganning Hyang Ngagung, prihen
terahing raja, duryatté kang kari-kari, saupanné kang nedya yu mrih raharja.
Sarat
kaping salawé katam wong kaparêk n Sri Bupathi,
asiya marang sadaya, kawulannira Narpathi, lan sihing Narapathi, dén
tétéla ing wadya gung, aywa nora
prayoga, dalemok cung pamdumming sih, yén noradil talanjukkan tyassing wadya,
Bakuhing
adil pinnongka, kaluhurranning Narpathi, kamulyanning kang nagara, punnika tan kenna gingsir, ratu
amindhonni ngling, ara-uru jagaddipun kawur ingkang darajad mangunnah sampun dén ambil amung kari darung panglalu
kéwala.
Pasal
kaping kawan welas annyatakaken pakarti,
amulasara ing nganak karana andika Nabi, Mustapa kang sinnelir,
nayakanning ngrat pinunjul sagungnging umatting wang, kang padha amongnging
siwi, kinnekahan yén wus umur pitung
dinna.
Cinukur
pendhak nem dinna, awéh pangan pekir miskin nalika ngumur nem warsa,
winurukking tata krami, ngumurré pitung warsa, pinnisah paturonnipun ngumur
telulas warsa, pinukul atinggal krami, ing nalika ngumur gangsal welas warsa.
Pannari
kramakken nulya, milih bongsa kang abecik cinnekel astanné nulya, sarwi alonna
déra ngling, lah mengko annak mami, mari sun rêksa siréku, ing tékad luputtira,
sira titippanning Widdhi, mengko samya anglindhung karsanning suksma.
Jro
kitab adabul ada, kaol Jeng Imam Bukari, annak punniku titippan iya saking
kakkullahi, bapa punniku wajib rumeksa rahayunnipun suker sucinné ika, kaya
ratu lawan dasih, ratu wajib ngreksa rahayunning bala.
Kalawan
wajib miliha, bapa maring kang nusonni, kang wennang pinnilih ika, kang becik
pakartinnéki, nora anglabetti, kalamun rare anusu, tan wurung katularran
sawatekké kang nusonni, wus muktamat sagungnging wong Ahli adab,
Wong
innya punniku wennang, mumukul amrih ing krami, marmanné arêp miliha, innya
kang rahayu budi, kang becik barang kardi, saréh kalakuwannipun pasthinné
kalabettan wawatk barang pakarti, lamun prapta ngumur kawan welas warsa.
Srahenna
mring wong ngulama, kang wasi micara ngélmi, yén ngumur pitulas warsa, srahenna
wong Ahli jurit kang mantep purba titih, kang ageng wirangngannipun ajeg
sabarang karya, nora watak aming kalih, nglabettana wawatak ingkang utama.
Lan
wajibbé babu bapa, annannacadda wong sisip ing ngarêppé annakkira, ngalem wong
benner patitis darapon rare iki, laketta maring wong putus éwaha mring wong
nasar, lan bapa wajibbé malih, anggunggungnga mring ngulama myang sujana.
Ing
ngarêppé sutannira, sengngitta maring wong jail darapon putra méngowa, mring
wong bodho cekak budi, gethingnga mring wong jail dhemen panggawé rahayu,
karana rare uga, kang dadi utamanéki, duk rarénné nyinggahi sagung piala.
Tuwané
dadi utama, rahayu barang pakarti, sabar muwuhi darajad kerêng puniku
nglongnglongngi lan aja adoh saking, bérbudi sangkanning timur, darapon
amurugna, ing krama tindakking bumi, asor unggul pamurwatting gula drawa.
Pupuh XXI
DHANDHANGGULA
Pasal
kaping gangsal welas nenggih, sayogyanné bapa maring annak amerdi kalakuwanné,
solah linggih lumaku, ana nistha madya utami, lan tepa ing sarira, purwa dadi
luhur, norraga witting utama, sabar maklum anjunjung darajad adi, trus terahing
tumitah.
Cinnarita
Amiril Mukminnin Ngumar Paruk nalika sinnéba, mring punggawa sakabatté,
ngandikéng mantrinnipun élingnga mring awakkiréki, aja agawé cacad mring
awakkiréku, balikkan gawéya mulya, awallakir; matur sabat para mantri, Gusti
kadi punnapa.
Dhawuhipun
pangandika nenggih, tegessipun agawé kang cacad lawan akarya mulyanné, ngandika Ngumar Paruk wong tan gawé
cacad punniki, sabarang linnakonnan ingkang sarwa patut kalawan budi wicara,
ingkang lawan pakarti kalawan ngélmi, mungguhing jaman makam,
Apa
dénné kang para Narpathi, upamanné émutté santosa, béda lan manungsa kabéh,
ratu iku rahayu, ora kena ngarti sisip amrihaprécéttan yekti dudu ratu, rêngka
prajanné sangsaya, kang wus kocap ing kitab sipatulsaltin Kangjeng Sultan
Iskandar.
Iskandar
Awaldunnal Kasanni, kala sinnéba ing para raja, agung ngagung punggawanné,
wonten prihatinnipun nulya prapta Kaliluskakim pandhitha wicaksana, wus sinnebut punjul prapta lajeng
uluk salam angandika nalika Kaliluskakim paran prihatin tuwan,
Sultan
Iskandar alon naurri, inggih Ki Séh milanné mannira, duka cipta sayektinné,
dénné karaton ulun ngawulakken para narpathi, agung kaliwat-liwat ing karaton
ulun teka ing dunnya kéwala, nora kénna ing bénjing ginnawa mati, sagung
kagungnganning wang.
Kamulyanning
dunnya luwih iki, déné nora lawas nuli rusak dunnya tan dawa nguburré, punniku
susah ingsun angandika Kaliyuskakim lerês graita tuwan rusak dunnya iku, yén
luput pratikellira, dadi satru ing dunnya sajronning pati, pan boten dadi
réwang.
Nanging
lamun sabar ngati-ati, ing kalipah nora kalaputtan dénnya ngréh ing wadya
kabéh, adil ajegging kukum sapisan tannana kang sisip punniku wonten kojah,
karaton dunnyéku, sapira kamukténnira, maksih luhur karaton sajronning pati,
langgeng tan kenna owah.
Miwah
dipun amrih aja sisip darapon tulus nugrahanning Hyang, ing dunnya prapténg
kapatén langgeng karatonnipun aywa ngathik mantri kang jail lan aja
annya-nyambat ing manusa iku, ratu lamun
ana karsa, nennedhaha pribadi maring Hyang Widdhi, sayekti tinnarima.
Yén
tumemen maring Hyang Widdhi, réhning inggih kinnarya kalipah, temen iku tan
salédér, maring adil lan kukum tegessipun
punggawa jail ikupakonning sétan iya kang tinurut mangkana Sultan
Iskandar, amiyarsa kojahé Kaliluskakim ilang prihatinnira.
Pan
sajati-jatinning pakarti, ratu ingkang nedhakken ngapura, mring sagung wadya
balanné, durakanning Hyang Ngagung, sampurnanné dadi basuki, nenggih ratu
welassa ing bala wadya gung, yén uga kapatiraga, kadi rayat kang ana sajronning
puri, anggung pinulsara.
Kawruhing
wong sami angulatti, ing kagungngan kalawan kamulyan iku kanggo ing sakabéh,
amung jennengnging ratu, nora kenna ngulatti pokil amungta ngulattana, ajegging
kang kukum lawan adil palimarma, ing wadya kéh pangupa jiwéng narpathi, imah
lan kabecikkan,
Wonten
ratu sawiji aparing, maring bala limangatus dinnar, Jeng Sultan Narum Rasiddé, saben mijil Sang
Prabu, apa paring maring mantri, pan
limangatus dinnar éwu, sapungawannipun mantri Yahya turri sarat angejéppi
kondurré maring jro puri, Yahyayagé ingandikan,
Prapténg
ngarsa ngandika narpathi, apa lire mau kejéppira, mantri Yahya lon aturré,
pukulun Sang Ngaprabu, amba mirêng yén ratu nenggih, tan kénging annebutta,
kirang saking séwu, lan sarat maringngibala, ajeng wonten inggih kasabbé
pribadi, nadyan saparatussan,
Ajinning
saking dinnar sawiji, dadi sarat kancing kabecikkan dadya Hyang Gung pamalessé,
mantri Yahya rinangkul ngandika lon Sri Harun Rasid mung sira mantrinning wang,
kang ngéman maringsun punniku ratu tinula, ing nugraha jro kitab sipatul mulki,
raja Saturwa Siyat,
Mring
kang putra Sri Kabir Mahmudin annakkingsun sira madeg natha, aja kaliru ing
gawé, yén sira rêmen iku, laku dagang kang amrih bathi, nuli karatonnira,
srahenna punniku, iya maring ngarinnira, Tartunada; yén sira remenna grami, aja
ngiras naréndra.
Yén
arêmen sira dadi aji, aja angiras laku sudagar, pan iku larangngan gedhé, ing
kinna ana ratu, laku dagang Sultan Armanni, dupi wus kapiyarsa, marang
ratu-ratu, ing ngantep tinnonjok ing srat ratu patang ngéwu samya ngirit baris
ngepung Prabu Arasman,
Sultan
Arasman amapag tulis marang sagung ratu kang angepang, mapag padu jro suratté,
marmanné dagangngingsun iya dénné amrih basuki, marang kawulanning wang, aywa
kongsi mundhut sabarang karêp mannira, aja kongsi dadi gawénning wong cilik iku
milanné dagang.
Dadya
ratu kawannéwu sami, amungsulli layangngira prapta, Sultan Arasmanni agé, tampi
srat kawan éwu, tembungngipun kang ponang tulis éh Sang Ratu Arasman tetep sira
iku, dadi satruning nagara, lan satrunné sagung kang para narpathi, sira
angrusak jagad,
Pakennira
angawakki grami, nora nganggo juru pisan-pisan dudu ratu sayektinné, angrusak
sira iku, ing Jennengngé para narpathi,
yén sira laku dagang, misih madeg prabu, sapa kang dadi sudagar, ratu dagang
pasthi nora angumanni, mring wong kang laku dagang.
Dadi
sira diayéng nagari, angrusak upa jiwanning kathah, niaya sira jatinné, yén tan
tobat siréku, aja sambat pasthi sun gitik sun ukummaken sira, saukumming ratu,
nulya Jeng Sultan Arasman atur tobat mring sagung para narpathi, kang samya
ngirid bala.
Dadya
ratu kawan éwu sami, prapta ing kithanné Sang Prabu Arasman pan sampun dén
ukummaké, ing saukumming ratu, dénné datan sabarring budi, apanta sampun kannas
cipta kang pinunjul cipta nora kawoworran apan niya mung ciptanné kang para Ji,
madhep maring utama.
Mila
kokum Arasman narpathi, dénné ciptanné asaléwéngngan angrusak ing karatonné,
lali marang Hyang Ngagung, dénnya dagang annyipta bathi, kunneng malih
winnarna, ratu sabar maklum ing Mesir dénnya kukutha, bisikkannya Maha Prabu
Ngabdul karim nalika akikirab,
Angiderri
nagariniréki, sarta ingiring sagung dipatya, kalawan sagagamanné, nuju kendel
Sang Prabu munggéng kursi tepinning margi, wonten annakking rondha, punniku
cinneluk maring biyungngé punnika, annakkipun aran Jaka Ngabdul Karim éh Dul
karim muliha.
Aja
parêk Sri Bupathi lagi, ameng-ngameng kéndel pinggir marga, saya sru ing
pangundangngé, annakké tan sumaur, kapiyarsa déra narpathi, éh juru gedhong
énggal mundhut dinnar séwu, paringna wong wadonnika, iya ingkang annebut ing
nama mami, sigra wonten tur sembah.
Dhuh
pukulun punnika Sang Ngaji, boten annebutting nama tuwan tiyang angundang
annakké, Dul Karim namannipun annya-nyami nama Sang Ngaji, Sang Natha
angandika, nadyan mangkonnéku, jer annebut namanning wang lah dén énggal dinnar
séwu paringna glis aja akéh micara.
Apanningsun
tinnitahken sugih, pinrih éling mring sagung kawula, kang padha kaprihatinné,
wajib marékken ningsun milannéku anakké nenggih, namanné pinna padha, lawan
namanningsun amrih aja kamlarattan wuwuhana iya dinnar séwu malih, payo lah
paringngenna.
Dinnar
kalih éwu wus ingambil pinnaringken marang nini rondha, ingkang Dul Karim
annakké, kalangkung sukannipun kunneng wonten kawuwus malih, Pasal kaping nem
belas punnika cinnatur, ing kaol toréh
kitabnya, annyatakken kaol kalawan bérbudi, karo punniku nama.
Apan
wonten kang kocapping dalil patakulla ayaolil albab lapal punniku tegessé,
padha jriha siréku, sagungnging kang samo bérbudi, marang Kang Maha Mulya, pan
siréku sinung, akal karana nugraha, basa Ngarab Ngakal punniku pan budi,
akéh-akéh ingaran,
Anging
kang mashur ngakal pan ugi, iya saking sakéh ingkang ngaran mungguh kang ngélmu
tegessé, ngakal punniku kukuh, barang ana bennerring budi, yén ana
kaluputtan durung budinipun lagi ngakal
bubuwuhan karana Jeng Rasul sampun anjarwanni, marang sagung sakabat,
Makala
kayalail ngakelling, tegessipun; barang kang kinnarya, déning Hyang kang
dhingngin dhéwé, ngakal ingkang rumuhun sawussira ngakal kang dadi, Hyang
Suksma angandika, mring ngakal punniku, éh budi sira lungaha, wusnya obah
punniku ingaran budi, késah nulya ngandikan,
Éh
ya budi marénéya malih, budi prapta Hyang Suksma ngandika, éh budi
wruhanniréka, andadékaken ningsun kang sun karya gedhé pribadi, tan nana kaya
sira, gagawéyanningsun kang luwih sakingnging sira, nora nana mung budi luhur
pribadi, gedhé datan patimbang.
Luwih
mulya anannira iki, bésuk ana siksa lan ganjarran wit saking sira karonné, ala
lan becik iku, saking budi enggonné mijil pakon lawan pannyegah, budi gon
tartamtu, begja lawan cilaka, yén baimah ana antaranning budi, bédanné lan
manungsa.
Jronning
kitab sipatul ngukléki, tandhanning wong tan kirang budinya, ana pratandha
ngawakké, solah pangucappipun kang kanggénnan tulénning budi, ana ngalanni ika,
mring sarirannipun pan winales binecikkan sarta nyukakaken marangnging sasami,
wong luput ingapura.
Nenggih
purwa kapalanning budi, kaping kalih idhep mantep marang, ingkang becikki
awake, lan wruh sarirannipun yén kang luhur dipun andhappi, nora na pala cidra, ing wong sannakkipun dénné tondha
kaping tiga, iya rêmen wong ngiku agawé becik nyimpang panggawé ala.
Tondha
kaping pat jatmika ririh, momot ujar tondha kaping lima, ngucap barang
pangucappé, sarta kalawan ngélmu, tondha ping nem akerêp dhikir, kerêp astagpirrullah,
kaping pitu kalamun nandhang prihatin panrimanning nugraha.
Nuli
ilang dénnira prihatin dénné linnimputting pannarima, sarta lus andhap ambekké,
wus jangkep kaping pitu, budi ala ginnonjing ngéblis iya pitung prakara, dénné
kang rumuhun karêmenné nganniaya, yén angucap punniku adoh lan ngélmi, sembrana
amrih cacad,
Kapindho
dir gumungnging dhiri, nora montra gelem pawong sannak angrasa kasor kulanné,
dénné kang kaping telu, tatakrama dén orak arik dénné kang kaping pat akerêng alengngus ping lima jail wadullan
kaping nemmé nyunyuwé pengawaé becik dénnv kang kaping sapta.
Nora
sabar marangnging bilahi, wusnya jangkep kasapta winnarna, wonten Naréndra
dibyanné, prawirambeg rahayu, wus sinnembah ing para Aji, jro sipatungukala,
kitan kang amuwus Sang Prabu Dildaritama, amumuruk ing putra kang madeg Aji,
apan nagari Ngimbran,
Raha
Kasru puputrannira Ji, lingnya Prabu marang putrannira, éh annakkingsun lirring
réh, rêksannen sadayéku, bala tantrannira kang [258] becik darapon karêksaha,
budinnira iku, kang tulén tan kawoworran awit saking runtikkira sring mring
dasih, yéku békanning raja.
Yén
tan suka kang sira ratonni, ing nagara wongngé akéh susah, ratu kang ilang
budinné, nora wekassan luhur, asor nistha karatonnéki, wong bérbudi tan nana,
karasan néng ngriku, dadi nagri siya-siya, pan saéstu sagungnging bérbudi
pikir, ing wekassanning mulya.
Lamun
akéh suka jro projaki, kadi karêksa budinning raja, nagri luhur wekasanné,
karana sira kukum apan ana carita ngunni, ing jamannira raja, Nusirwan Ngadilun
anata kukum satunggal mashur sagung para kakim kirim tulis mring Sri Ngadil
Nusirwan,
Tembungnging
srat sagung pandhitéki, éh Sang Prabu kang pinaring mulya, angadilli ing
jagaddé, Pandhita Samo Agung, anjurungngi palal Hyang Widdhi, utawi budinnira, wruhanta
Sang Prabu, ana awakking manungsa, iya budi lirring srengngéngé punniki, anéng luhur ngawiyat,
Amdhangngi
ing jagad sakalir, iya sabab prabanning baskara, nora kaliwattan kabéh watara
padhangngipun kadi warna abang lan putih, irêng sarta lan pita, pan nyata
punniku, saking cahyanning baskara, mongka sagung ala becikking prajéki, papa
kalawan arja.
Awit
pangréhing wong kang bérbudi, mila wajib sagung [259] para raja, amulyakna ing
prajanné, darapon sampurnéku, anglabetti praja basuki, riwusnya maos surat
Nusirwan Ngadil amangsulli sih pracaya, pannarima ing sagung palimarméki,
marang para pandhita.
Entyarsannira
Nusirwan Ngadil anggung kurmat pangabektinnira, mring pandhita salaminné, sigra
nimballi sagung, wadyannira ingkang bérbudi, sinung pawarta samya dénnira Sang
Prabu, angrojongngi pra pandhita, samya sira ngaturna ing pangabekti, wantuwa
ing pandonga.
Ngandika
lon Sri Nusirwan Ngadil nor kenna yén sira adoha, iya saking pagéstunné,
pandhita agung-ngagung, wit sirahing sagung
bérbudi, sira ingkang minongka, paéssing praja Yu, upama sagung
pandhita, kayu agung pakantuk yén dén naubbi, wohé seger pinangngan,
Iku
nora nana bisa methik miwah ngajak ajak angaubba, lamun dudu bérbudinné, norana
bisa ngaub nora nana kang bisa methik yén tan nana nuntunna, norannantuk ngaub
miwah amriha kaharjan mangan uwon tan bisa methik pribadi, yén nora lawan sira.
Léléjemmé
nagara yén sepi, wong bérbudi lir kakayon gurda, ragas tan nana godhongngé, apa
sillé punniku, pinrih aub nor ngaubbi pinrih wohé pinnangan tan énnak punniku,
norana kayungyun mulat tanpa ga[260]wé nyenyengit annennesekki, akéh kudu
negorra.
Pandulunné
ing manungsa yekti, kakayon kang tan kenna ngaubban tan énnak pinangan wohé,
apa gawénné iku, mung sawiji dén go metengngi, sapalé tanpa karya, nistha
sajeggipun nuli awekassan rusak iku lire yén praja agung bérbudi, angrengga ing
kaharjan,
Praja
suwung ing pakarti becik iku awit bérbudi tan nana, sangsaya praja tindakké,
ratunné dadi kojur, noran nana kang mamalangngi, gugubras sarta nistha, rusak
temahipun karana kang pra pandhita, suminggahé emar mring praja kang sepi, kang
tan nana budiman,
Dadi
akéh angathik wong jail ngalamatté praja siya-siya, kéh wawadul ing ratunné,
amrih alanning batur, iya iku kanggo pribadi, yéku sétan nyuriga, mrih mrih
tindak anguthuh, bérbudi adoh angiwa, mung kang ana kang nora wruh ing sayekti, nora sampé utama.
Nulwa
wau Sri Nusirwan Ngadil angaturri marang gurunnira, Kakimbi jamjahurranné,
punniku pandhita gung, ingaturran déra narpathi, sami angraossika, surat ingkang
rawuh, kang saking para pandhita, sung kaharjan imbuh sukanning bérbudi,
pangrojongnging pandhita.
Kakimbu
Jarjamhur matur aris kalih prakawis
inggih Sang Natha, kang ngénnak rinnaossaké, wonten bérbudi matur,
ingkang éwet pundi Kiyai, Bujarjamhur ngandika, yén nana wong iku, liwat saking
amicara, nanging kang dén ucap adoh lawan budi, éwa tanpa pédaha.
Tegessé
budi iku sayekti, barang gawé kang nedya raharja, kang tan nedya rahayunné,
dudu budi punniku, sétan katon anganggo arit rêrêgedding nagara, talutuh
aletuh, latah-alatah awéh prennah, géndéng éblis dén ajak pikara maring,
manungsa nganniaya.
Nora
ana ing ngalam donnyéki, luwih gedhé
miwah luwih mulya, mung budi kang ngagung dhéwé, mangkana Bujarjamhur,
pituturring ngarsa Narpathi, wong bérbudi utama, damar ingkang murub anéng
sajronning kaluwat ora ana prihatin sabab lan kardi, ing ngréh kang siya-siya.
Karan
wus ngandika Jeng Nabi, utawi Hyang aparing nugraha, mring sagung kawula kabéh,
budi nugraha agung, naning ana bedanné kedhik
mung nugrahanning raja, kathah warninnipun tumpa-tumpanning nugraha,
sawab ratu sinungngan kinnarya wakil angréh saprajannira.
Angadilli
angukum ukummi, dénné kang wong nora dadi raja, nglakokaken polah wadya lit
marmannipun tan kenna, iya ratu iku, yén kurangnga budinnira, nora kenna yén
anganggo cekak budi, tan darbé pangapura.
Jro
sipatul ngukalakitabin ana sawiji mantri utama, Nusirwan Ngadil kang darbé,
mongka papatihipun kadi lintang cahyanniréki, saking tan nana kéwran barang
prakara wus dén epak anéng tyassira, iya saking tyas kadi musthika mannik
dénnya mrih kautaman,
Katon
sagung pakaryanning budi, kabéh sadurungngé linampahan Patih Yunnan
pangésthinné, karêm panggawé ayu, kuneng Prabu Nusirwan Ngadil ngandika mring
gurunya, Kakimbu Jarjamhur, éh bapa sabab punnapa, ing kakasih kathah dadi
satrunnéki, arang tulus becikka.
Satruha
arang kang dadya kakasih, Kakimbu Jarjamhur aturrira, éh Sang Prabu upamanné,
enggén kang ramé iku, yekti kenna rusakka aglis dénné gon dhasar rusak arang
kenninnipun yénta dadiya raharja, pan makaten ing ngunni caritanéki, Kangjeng
Sultan Iskandar.
Langkung
bekti ing ramébunnéki, lawan bekti ing guru Sang Natha, luwih saking wong
tuwanné, ageng bektinning guru, wonten mantri kapracayéng sih, umatur paran
marma, tuwan sihing guru, anglangkungngi saking rama, Kangjeng Sultan Iskandar
Dulkarnaénni, alon dénnya ngandika.
Iya
ingsun bekti rama kalih, sabab iya kaurippan ningwang, saking rama ing
purwanné, dénné ta guru iku, ambukaken dadalan pati, mring jaman kalanggengngan
manpangatting guru, nora kenna tinimbangngan nadyan gunung sagara ing Mesir
iki, kabéh dadi emas,
Nora
timbang guru sayekti, iya ingkang asung karaharjan ing jaman tanpa wangenné,
kalawan malihipun aja gempil sihé ring mami, bapa kenna ngapura, wong durakéng
guru, norana kang ngapura, lan malihé pratingkahé donnya punniki, witté nglmu
kababar.
Iya
saking para pandhitéki, purwanné ana nistha utama, pandhita anggelarraké, dadi
wajib siréku, kabéh mantrinningsun bérbudi, wajib padha ambapa, mring pandhita
gung, marmanné ana sujana, lan ngulama pandhita ingkang jarwanni, kadya
upamannira.
Pandhita
sotya sira liya li, yén sosotya tan mawi embannan nora pira digdayanné, miwah
embannanniku, lamun datan mawi sotyéki, apan uwis tétéla, tan nana jinnipun Alngulama
olkukuma, iya ing wasiyat andikanning Nabi, ngulama lan sujana.
Iya
iku pusakanning bumi, marma sagung para raja-raja, sungnga wewennangngé kabéh,
marang wawengkonnipun kang wus kocap jronning kitabbin ing sipatul ngukala,
wujud manungséku, dadi upama nagara, ingkang ramé kang mongka ratunning budi,
dénné mantri utama.
Suku
bau pangucap punniki, angujarken ngalang ngakennika, tulis mongka utusanné,
yekti wajib ginugu, tulis iku apurwa beci[264]k Kangjeng Bukari iman ing
wasiyattipun pasal kang kaping pitulas nyatakaken saratting karatonadi, pan
sapupuh praka.
Lamun
nana sagung kang para Ji, angliwatti ingkang sarat punika, siya-siya karatonné,
miwah ngurangngi iku, dadi pitnah kang karatonnéki, kang kocap sajronning kang,
ing sipatul muluk élingnga maring sarira, yénna sisip barang kang dhawuh ing dasih, kukum angira-ira.
Supayanné
annarima nenggih, kang katimbang adillé Sang Natha, aja luwih saking kadté,
tepa-tepa punniku, yén ginnadhang pati upami, aja malah nalongsa, annibanni
kukum iku ngadilling Naréndra, kaping kalih sarat arêppa Sang Aji , mengnga
lawang binuka.
Ing
pintunné Sang Sri Narapathi, karanané sakathahing umat aywa mamang pakéwuhé,
aywa kadharran wadul aturring wong enggonné drengki, iku agawé salah, graitanni
ratu, ratu kang nedya ngapura, lagi
niyat ganjarran wus dén tulissi, padha adegging salat,
Kaol
Nabi iblaku sururin wikanmi mukminnin kérun ika, yuwaji akmalalanné, min
ngibadatti iku, sakalaén tegessé nenggih, Jeng Rasul angandika,
amanjingken-ningsun kasukanning jro punnika, ing ngatinné wong mukmin kang
luwih becik saking salatté ika.
Manungsa
bodho lan salatting jim salat kaping tiga arêppa[265]na, para ratu pratingkahé,
pratingkah kang tinurut saking ratu ing nguni-unni, kang tulus tur budiman kang
mannising tembung, legawa kang pari marma, piyangkuhé kang sedhep amerak ati,
aja nganggo sarwa mas,
Karana
duk amiril mukminnin Sayi Ngali Sultan Kabirring Rat Mahmudin ning wadya kabéh,
ing nalika kautus sinnéwaka ing para mantri, sakabat munggéng ngarsa, ngulama
dibya nung, anganggé rasukkan luwas kulu-kulu tan montra busannéng ngaji, sabat
samya turrira.
Mila
Gusti Jeng Nabi Mukminnin abusana tan pantes Naréndra, keluwuk saru tingallé,
boten pantes punniku, ing busana kalipah ugi, pan papantessing kompra,
nganggéya punniku, paduka kalipattullah, angandika Jeng Sultan Kabir Mahmudin
éh sabat wruhannira.
Marmanningsun iki andhinginni, nganggé kulambi kang
lulungsettan darapon punggawa kabéh, aywa lingsem punniku, nganggé lungset
pratondha succi, amung satengahing prang, punggawa gung ngagung, sadaya mantri
prawira, anganggowa abra murub sarta rukmi, mubyar kang igemassan,
Miwah
papangannan kang apait kang sepet sengel kang ngingsun dhahar, darapon punggawa
kabéh, aja na kang kumlungkung, angéronni budi lestari, yén anrappaken karya,
mring wadya bala gung, aywa arêget maring ing tyas bokmenawa nibanni kang karya
sisip tumada sinursila.
Karana
kang tumindak prajéki, nistha sedheng kalawan utama, awit saking punggawanné,
kurang luwihing laku, ratu iku darma neksénni, nalika nrapken karya, ing wadya
lit agung, dén prayitna kang nayaka, ing tibanné aja kongsi kurang luwih,
bobotting wawangennan,
Barang
karya sajronning prajéki, kang pinnongka papaés punnika, punggawa ing pakaryanné, dadi seratting ratu, yén
nagara patutté becik rêseppa kang angambah, dadi misillipun kaluhurranning
Naréndra, luhur iku aparêk kalawan adil pan ana jronning kitab,
Akbarul
Muluk kang améngetti, subkannahu ingkang kinasiyan ratu kang asih prajanné,
asih ing praja iku, ambecikki sarta lan kitri, rêseppa dén karasan kang awisma
iku, aywa tinggal pakebonnan yén wus becik prajanné isinnen malih, bau
rêksannen samya.
Ratu
ingkang asih mring wadya lit kinnasiyan marang kang amurba, tinnarima
ngalamatté, yén kalipattullahu, wakaérun ngankumulladin waummayakitunna,
yukibun nanakum sarrun ngankumulladinna,
yabgilunnanakum ing jarwanniréki, kang luwih becik ika.
Para
ratu kang asih ing dasih, kinnalulut ing wadya samuha, dénné kang luwih alanné,
kang para ratu-ratu, siya-siya maring wadya lit tangéh lamun dadiya, kautamannipun
nistha kaol mantala bawaril wanallahi, éwa pakatanaswa.
Waraliyallahu
nganhu nenggih, waarlanasa nganhu punnika, punnika pan sadayanné, kang para
ratu-ratu, ingkang amrih rilanning Widdhi, yekti padha rilaha, mring wadyanning
réku, assakiyu kabibullah, walbakilu ngaduwullah tegesnéki, para ratu
kang loma.
Lahir
batin kakasihing Widdhi, para ratu kang kumet punnika, satrunning Hyang
sayektinné, éh sagung ratu-ratu, kaol saking Imam Bukari, aywa na tinggal nama,
ing karatonnipun ratu wakilling Hyang Suksma, ingkang dadi panulakking kang
pamuji, ratu kumetting arta.
Sakéhing
pamuji tanpa dadi, nadyan ana pandhita saleksa yén asih maring ngartanné, loma
iku nununtun pujinning wong tinekan sami, katamanning utama, pinuji pinunjul sanggyanning
kang para raja, ingkang loma nang bumi tegessé éling, lamun dadi kalipah.
Kinén
andum murah ing Hyang Widdhi, n andum murah ing Hyang Widdhi, yén nana ratu
ciptanné murah, nagara benner tatanné, wonten ratu kawuwus kitab sitrul muluk
naméki, nama Jeng Sultan Bahram ing Ngajam prajqa gung, méh sédannira wasiyat
maring putra kang badhé madeg narpathi, éh bésuk putranning wang.
Lamun
sira madeg narapathi dén angrasa
katempuhing wadya, kang sira ratonni kabéh, sandhang lan pangan iku, kawruhana saben wong siji, yén wus asimpen dinnar,
salawé punniku, mari dadi gawénnara,yén ta durung sira kang wajib ngingonni,
yén sira atambuha.
Liwat
duraka maring Hyang Luwih, angur sira ra dadi naréndra, nora gégéndhong
dosanné, wong sanagara iku, lamun misih sira ratonni, lan becik angapura, ing
bala kang luput dénnawas namakken karya, witting gempil wahyunné keraton ugi,
tiwas namakken karya,
Dairul
muluk kitab méngetti, telung prakara luwih sangetnya, ing praja kacacaddanné,
kang para ratu-ratu, karusakkan kaprabonnéki, dhingin ratu kakéyan
pangandikannipun kaping kaliyé anggugat ing wawadul wong jail angrusak bumi,
lawan ratu yén mimba.
Saking
ing jro kitha maring jawi, nora nganggo pusakanning praja, apan kang dadi
cacaddé, apa adatting ratu, lamun tannah ing ngatassangin lamun ratu cangkrama,
barang karsannipun yén nora nganggo makutha, nora kenna iku sinebut narpathi,
darajatté wus sirna.
Lamun
ratu-ratu bawah angin ana babadhong ana jajamang, kang wus tambuh ing tuwuhé,
barang pratandhanipun ingkang dadi kaprabon
aji, kunneng wonten naréndra, abibisik Kangjeng Sultan Munnurasin ing
nalika sinnéba.
Yata
wonten abdinné satunggil gawéng dosa mejahi
manungsa, katurring prabu dosanné, kinnén annyekel gupuh, sadhérékké
kang dadi mantri, kadangngé kinnén késah, minggat ngilang nglangut kadangngé
mantri katempah, wus cinnekel katur ing Jeng Narapathi, wus kinnén amarongka.
Antaranning
tri ratri anuli, ingucullan katur ing naréndra, katempuh nora praptanné,
kadangngé kang dosa gung, nora bisa dénnya ngulatti, tita dénnya ngupaya, katur
ing Sang Prabu, mantri kang munggéng
warongka, badhé katrap katempuh kinnén mejahi, nambelli kadangngira.
Sinnaossaken
ngabah annuli, mantri ika kinnén angaturna, mring Sang Narpathi aturré, kawula
arsa ngujung, nuhun pamit ing Sri Bupathi, sigra dénnira bekta, ing ngarsa Sang
Prabu nulya dénnira ngandika, Sri Naréndra lah apa kayunniréki, kedah prapténg
ngarséng wang.
Matur
nembah pukulun narpathi, amba punnika ngaturken kojah, ing tuwan kula yektinné,
punnapa tuwan sampun pinnaringngan dénning Hyang Widdhi, ing kukum tatambellan
anambelli lampus amung pamirsa kawula,
ingkang sampun kesah paduka tampénni,
sagung kawulanning Hyang.
Sanagara
paduka adilli, ing satuhu lawan ukummolah, kang dosa pati pinnatén liyan saking
punniku, amba déréng myarsa sayekti, dhawuhipun kang ngayat saking Hyang Kang
Agung, kawula miyarsa ayat kadi-kadi kalintu paduka aji, kukum tuwan kalipah.
Latajiru
wajiratu nenggih, wijra ukraha pan kang punnika, tan kenna nambelli ing réh,
menggah tanggung tinanggung, tutunggangngan liya jesmanni, yén tuwan
angetrapna, ing ngamba pukulun punnapa boten duraka, sru gumujeng Jeng Sultan
Makmunurrasid si kojah luwarrana.
Mila
kang sagung para narpathi wajib akarya jaksa prawira, luwe mannis wicaranné, darapon
para padu aja esak katiban adil sarat kang kaping lima, ratu aja bendu,
anrappaken kukum sarak aja kongsi angliwatti anglaranni, sajronning patang
dinna.
Lamun
katrap-katrappa tumuli, lamun nora nuli linuwarran sajronning patang dinnanné,
sarat kaping nemmipun ratu wajib ngilangna
aglis sagung kang nganniaya, nganniaya atur iku talutuhing praja, wong pannastén pati
opén iku jail rêrêgedding nagara.
Kitab
palailus sayatinni, saben-saben Hyng Suksma annitah, ing para ratu sakéhé, ala
lan becikkipun saben ari ngaturken tulis sagung kang malaékat juru kutubatun
miwah wongngé juru karya, para raja kang kinnén namakken kardi sadaya
sinurattan,
Lirring
ratu musthikanning bumi, yén abecik; yén rati niaya, sirah ingkang dosa gedhé
miwah punggawannipun kang nurutti panggawé lalis iya sirah ing dosa, miwah kang
nununtun mring ratu mrih kabecikkan iya iku punggawa munpangat dadi, sirahing
kabecikkan,
Cincacahken
kang dipun ratonni, lamun kang akéh kang ala kuala, kedhik kang becik lakunné, iku tiwassing ratu, ginnéndhongngan
durakanéki, yén arang wong duraka, ratu kang ginunggung, mila ratu kuwajibban
anglaranni matvnni marang wong drengki, mring kang laku dursila.
Karanannv
sagungnging wadya lit kang kalebu ing karatonnira, kang akéh salah lakunné,
sagungnging para ratu, wawalessé mélu nampanni, yén ala melu ala, ya ing
kukummipun yvn becik ya mélu tompa, ganjarranné agung tan kenna winilis lan
turun kawirêjan,
Sarat
kapitu ingkang para ji, angsungnga wennan mring pra pandhitha, andhatengngaken
kojahé, lawan winnennangngipun ing satata gonné alinggih, welassa ngurmattan,
sagung para ratu, marang pandhitha ngulama, iku ingkang karya sampurnanning
bumi, wonten ratu kinonndha.
Nagri
Karsan Jeng Sultan Ismangil saben-saben tamiyan pandhitha, yén pamit angeterraké,
ing pitung kaki wangsul wus mangkana kuthanné arsa dén nambil mring para ratu
liya.
Kinnarubut
arsa dén perangngi, kinnepung wakul nagarannira samya ratu gedhé-gedhé, tur
ratu punjul-punjul nora bedhah Karsan Nagari, wadya sjronning kitha, tan nana
kang metu, wong siji tan nana owah, sinung ngayen tan nana ingkang kuwatir,
nglawan saking kutha.
Mungsuhira Sultan Ngabdul Majid pangedhénné
pan Sultan Bukahar, tampa wilangngan balanné, samya kaku tyassipun dénné
mungsuh nora ngladénni, maksih angéca-éca, munggéng jro kithéku, lawan sagung
balannira, nulya ratu panggadhé ingkang kakalih, nenedha ing Hyang Suksma.
Kasorrênna
nagri Karsanniki, Sultan Ismangil nuli
telukka, wonten swara kang saking éb éh wurungngenna iku, sira mungkuk
Karsan nagari, mongsa kenaa kalah, nagri Karsanniku, Sultan Ismangil katrima,
turun pitu tan kenna yén dén selanni, karaton nagri Karsan,
Iya
dénning Sang Prabu Ismangil kurmat asih mring para pandhitha, iya iku
pamalessé, nulya ngundhangngi gupuh, ratu ingkang panggedhé kalih,
ambubarrakenbala, kebut kang angepung,
samya mundur séséwangngan kang mengkona mila para ratu wajib sih mélu
mring ngulama.
Déné
wenangna satata alinggih, aywa kadi punggawa amonca, ngulama saselirranné,
mungguh kang Maha Luhur, iku sor-sorranné para ji, sabab ginnawé mulya, déra
Hyang Kang Ngagung, mangkona malih kinnojah, ing ngakirré turassé Sultan Ismangil
wusnya turun kasapta.
Nagrinnira
wus kenna dén nambil mring turunné Sultan Abu Bakar ing turun pitu kennanné,
nagri Karsan punniku, dénné Sultan Ngabdullah Tahir, lami dénnira aprang,
karana punniku, Sultan Bubakar ing kinna, annenedha ing Hyang kennaa angngambil
ambuwah nagri Karsan,
Nalika
Jeng Sultan Ngabdul tahir, antuk karan nagari Karsan mantrinné sumuyud kabéh,
suméwa sadaya wus agung ngalit Karsan Nagari, amung ta wong papat kang,
tannarsa punniku, aséba ing Sultan annyar, mantri roro lawan ulama kakalih,
tannarsa papanggihan,
Sultan
Ngabdul Tahir sinniwi, angandika mring mantri panuwa, sapa wong kénné aranné,
kang durung sumiwéng sun kang dinnangngu matur wotsari, inggih amung sakawan
ingkang déréng rawuh, ing ngarsa paduka natha, mantri kalih lawan pandhita
kakalih, maksih kéndel kéwala.
Angandika
Sultan Ngadul Tahir, lamun mantri sira timballana, yén ulama sakarsanné, ingsun
manggihi bésuk mring wismanné apan ta wajib kurmat asih pandhitha, sagung
ratu-ragu, nanging mantrinné kéwala, timballana praptaa ing ngarsa mami, pan
ingsun arsa mulat,
Tinnimballan
mantri loro prapti, Nawir Katib lawan Darisalam sungkawa pasang semunné,
ngandika Sang Ngaprabu, é pagénné mantri kakalih, sira tannarsa séba, mring ngayunnanning
sun mengko sira iku prapta, sun timballu ulatmu banget prihatin lah apa
karannira.
Nora
ngimannaken sira iki, iya marang ingkang
karatonning wang, mantri kalih aturré, mila tan prapta ulun dédé tuwan kang
damel mantri, ingkang amulasara, ing kawiryan nagung, pan inggih ratu kawula,
saturunné inggih Jeng Sultan Ismangit kasor prang saking tuwan,
Nagri
Karsan paduka kang ngambil yén kawula nuli sumawita, ing tuwan dadi munnapék
kawula pan déréng wruh, inggih tuwan
déréng becikki, dhateng ngawak kawula, milanné pukulun yén amba
sumawitaha, punnapa ta ilang wong agawé becik pan ratu anom Karsan.

.jpg%202.jpg%203.jpg)