SING SAPA NGAYOMI LIYAN PRASASAT NGAYOMI PRIBADINE
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)
Rawuhipun Resi Mistriya wonten ing puraya agung negari Hastina damel bingahe saisinine praja, gupuh prabu Duryudana mangayubagya rawuhipun sang resi tumuli dipun acarani satatane tamu agung. Sasampunipun jenak anggenipun sami bage binage sang resi medal ingkang sabda tama :
Mistriya : " Kulup kaki prabu Duryudana, tekaku ing kene bakal amedharake rasa welas asih muga bisa diagem kabeh saisine praja. Asih sasamine tumitah ambeg welasan gelem tetulung kanthi tanpa pamrih kang mikolehake marang awake dhewe.
Mung wae perlu dielingake sanajan ta becik pisan menawa kurang wicaksana anggone ngetrapake, wahanane malah dadi kosokbalen. Welas asih kanthi wicaksana iku welas marang saksopoa kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mangkono iku dadine welas kang tanpa alis(welas satemah lalis). Samono uga ngenani tulung tinulung manawa ora ngerti cakcakane malah ngapitunani sing ditulung. Dadi kabeh mau kudu dilandhesi kawicaksanan.
Kaya lekasi prabu Ramawijaya kang tumandhuk marang Resi Subali lan Rahwana. Kawicaksanan kang mamrih rahayune bawana nganti pantok tekan Tegel. Ngrampungi para kang tumindak dur, ora karana rasa sengit utawa gething , nanging karana rasa welas asih. Yen ta ora enggal disirnakake, kajaba sing ngawaki saya gedhe durhakane, kahanan jagad uga banjur ora bakal leren anggone gosreh marga saka daya angkarane mau.
Tumindak kang tanpa kendat alelambaran kawicaksanan dayane mesti tumimbal balik lire : sing sapa ngayomi liyan prasasat ngayomi pribadine. Tabet ora ana liya kajaba mung kabecikan lan bebrayan. Kebecikan kang tinindakake nalika meger2 ing alam rame iki tundhane bakal jalari dadi pepadhang ing delahan. Sabab tumindak kabecikan iku kuwawa ameper lakune napsu kang tuwuh saka krekating sipat kadagingan. Yaiku bisa mranata bekane urip lahir lan bekane urip batin kang tuwuh saka ubaling napsu patang prakara.
Napsu patang prakara sarta pakartining panca indriya iku samangsa ora dikendaleni , lire diuja ing tumindak salonggar- longgare wahane tumrap salira pribadi mahanani mbabar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi lan watak dora cidra, dhemen pitenah nganiaya, sarta umbar-umbaran nguja ubaling napsu, dadi dhemen tumindak crobo tanpa ukuran, laku nistha ambeg deksura, keset lan sungkanan sarta lumuh marang laku tarakbrata iku kabeh wujud sambegananing laku lahir lan batin.
Kaki prabu Duryudana, manawa wus bisa ngeker pakartining panca indriya, temah bisa mranata jiwane, sarta ora wigig ngadepi goda rencana maneka warna sarta wasis nyabili saperlune. Yen wus mangkono mesthi ora bakal kasamaran samangsa kudu ngadhepi pati, karana jroning uripe ora ninggal bibinget apa-apa. Bapa jaluk jabelen ukumane pandawa ing alas Kamiya 12 tahun lawase."
Dupi midhanget sabdane resi Mistriya babagan kinen jabel prajanji kang wus tinapak astani, sang prabu Duryudana nerocos kecohe sarwi ngepuk-epuk pupu ingkang kereng. Minangka sasmita bilih sabda pandita ratu datan kena wola wali tan ana jamak lumrahe ana idu dinilat maneh, anggenipun ngepuk2 pupu minangka sasmita pandawa taksih kulit daging piyambak nak sanak kenyer-kenyer sing kepiye wae tetep dipupu ora di sikut. Ananging salah panampi resi Mistriya angedalaken sora supata :
Mistriya : " Iya Duryudana, aja gumedhe nggonmu ambeg piyakuh ora gelem nganggo pitutur utama, eling2en besok yen tumapak perang baratayuda apesmu ana pupumu kiwa ."
Prabu Duryudana datan ngemu duka malahan suka renaning penggalih dene kesinungan kasekten tan bisa apes lamun datan kapupuh pupune kang kiwa, ing pangajap sang Duryudana manawi perang tansah mundhi gadha sabab gadha amung diparengaken ngengingi dada manginggil ing mustaka.
Ngungun sang resi Mistriya tansah dipun puja-puja dening para kurawa ingkang datan ngemu runtiking panggalih, nuli sang resi pamit kundhur ing pertapan.
Wonten tengahing margi sang resi midhanget swarane kawula dasih bilih sadaya kawula tresna asih mring prabu Duryudana jalaran ngangkat drajat2ing kamanungsa kados anak kusir kreta bisa dadi senapati, nini Drati amung lamaking sudra bisa diangkat dadi brahmana, jalaran nini Drati maringi toya dhateng tiyang ingkang kasatan tuwin kaluwen kauningan dening prabu Duryudana, tumuli dipun sungkemi dening prabu Duryudana sarta nyabda bilih kabeh ibu2 sanegara Hastina dadi ibune Duryudana ora usah wigih ringa2 manawa ketemu prabu Duryudana. Jroning batin resi Mistriya ngudarasa sakala-alane tumitah mesthi ana becike sabab kabeh purbane Kawasa.
Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri , kula nyuwun agunging pangaksakmi.
Catetan : carios Pandawa wonten ing alas Narayansrama.