SANDITAMA SININGIT

0

 

SANDITAMA SININGIT

Saking : Sanggar wayang gogon Surakarta

 


Seri 1

"Hahaha...hanakku lanang teka tenan kanthi sumunar cahyamu, Indrajit....ha ha ha..katon bagus bregas anggonmu bali marang paprangan, endi.....endi NDASE Ramawijaya, ha ha ha.....,"pangucape Prabu Dasamuka kanthi bungah nyumurupi praptane Raden Megananda kang sejatine amung ana pengangen-angen.

"Jiiiiid.....enggal matura marang pun bapak, senopati Ngalengka anakku lanang Indrajid ora bakal gawe kuciwane wong tuwa, Jiiid....ha ha ha. Pancen anakku siji iki pancen sekti mandraguna, aja maneh Ramawijaya para dewa wae asor tandhing yuda klawan kowe bocah bagus, katitik jaman nalika samana rong windhu lawase kowe lan bapak ngluruk marang kadewatan, kowe bisa ngasorake para dewa Bathara Indra, mula sangking tresnane Bathara Indra marang jenengsira nganti sliramu di wengku anak karo Bathara Indra banjur di paringi tetenger Raden Indrajid. Ha ha....ing atase dewa wae asor, apa meneh mung wedus Rama sak munyuk-munyuke kabeh, ha ha...dasare wor-worane Ramawijaya amung karo para kewan. Jiiiiid....enggal matura marang pun bapak, aja mung meneng wae,"pangucape Prabu Dasamuka kanthi ngelus-elus rambute keng putra nenggih Raden Megananda.

"Jid, kelingan jaman semana nalika kowe isih bayi, sak temene pancen aku ngerti, ngerti menawa kowe kuwi dudu anake bapak, nanging katresnanku marang kowe ngungkuli tresnaku marang awakku dewe. Jid, kasektenmu jagad iki ora ana kang tandhing, jagad iki kagulung dening kesektenmu bakal lebur dadi awu, apa maneh amung munyuk, sewu banding siji, gelut karo kowe tak paribasakne singo mungsuh kucing, singane kowe kucinge Rama. Tandhing yuda karo kowe paribasane gajah mungsuh pitik, gajahe kowe pitike munyuke Ramawijaya. Perang karo kowe paribasane duren mungsung timun, durene kowe timune wedus Rama, timun ketiban duren mesthi moncrot ndase Rama, ha ha ha. Indrajid anakku lanang,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Matura marang pun bapak ngger anakku, Indrajid. Kang mapan ana Negara Ngalengka kene amung bapakmu klawan kowe, maragage matura marang bapak, endi ndase Ramawijaya?"pitakone Prabu Dasamuka.

Seri 2

"Jiiiiid.......endi NDASE Ramawijaya bangsat kae, aja mung meneng wae Ndo Megananda,"pangucape Prabu Dasamuka kang rada mutung.

"Si si sinuwun.....,"pangucape Emban kang ngewel nyumurupi apa kang di alami dening ratu gustine.

"Sinuwun keng abdi kepareng matur, sinuwun,"pangucape Emban.

"Emban, arep matur apa, iki lagi rembugan wigati aja nggangu!!"pangucape Prabu Dasamuka.

"Sinuwun, wonten ing sitinggil menika namung wonten paduka sinuwun sesembahan kula, kalian kula mbok emban kekalih menika ingkang ingkang mapan wonten ing mriki. Nyadong duka ingkang kathah sinuwun,"pangucape Emban.

"Piyeeeeee.....!!!!!!!, Apa tok anggep aku ngomong dewe ngono po piye, apa tok anggep Dasamuka wong edan ngono po piye, buwangsat....!!!!,"pambengoke Prabu Dasamuka.

"Sinuwuuun.....,"pangucape Emban.

"Piyeeeeee.....!!!!!!,"pambengoke Prabu Dasamuka saya banter.

"Kula aturi emut sinuwun,"pangucape Emban.

"Buwaaatjing......, Malah ngarani ratu ora eling keparat, njaluk tak tugel gulumu, hayooo minggat. Ora minggat rantas ndasmu,"pangucape Prabu Dasamuka agawe jirihing para Emban, mbanjur para Emban sami lumajar mandhap saking sitinggil kraton Ngalengkadiraja.

"Dudu karepe dewe, Dasamuka malah di arani edan mung karo ndrajate abdi, keparat. Ora minggat ilang nyawamu, anggepe apa ratu di arani ora eling, keparat. Rak ya ngono ta Jid........Jid,.....Jiiiid .... Ndrajiiiiid.....Jiiiiiiiid.....neng ngendi kowe Jid, Jiiiiiiid............!!!!!!!!!,"pambengoke Prabu Dasamuka kang di tinggal Emban lan nggoleki Raden Megananda kang kasunyatane wis ora ana lan ora mapan ana sitinggil Kraton Ngalengka.

"Jiiiiiiidddd,,......!!!!!!!!,"mbengok sak bantere nenggih Prabu Dasamuka agawe gograking cagak-cagak kraton Ngalengka.

Seri 3

Mencereng netrane nenggih Prabu Dasamuka ya Prabu Rahwanaraja, mencorong tejane astane anggregem cagake kraton Ngalengkadiraja, karemen cagaking kraton ambrol dadi sewalang-walang, tangi gregah anggone sare dene nyumpena ingkang putra nenggih Raden Megananda marak sowan ananging di dangu amung mendhel kemawon, kang kasunyatane amung jroning pangimpen. Daleweran kringete Prabu Dasamuka, anggenya bibar wungu sare, kadadak nampi pisowanipun Dityakala Kridoyaksa repepeh-repepeh nggenya marang sowan kanthi daleweran rah kang tumetes ing sitinggil.

"Sinuwun, kula ingkang marak sowan sinuwun, kula ingkang abdi pun Dityakala Kridoyakso,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Kridoyakso,"pandangunge Prabu Dasamuka.

"Inggih sinuwun, lepat kula diagung pangaksami,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Ana wigati apa dene kowe marak sowan ora nganti karo putraku Megananda?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Duh sinuwun, ketiwasan sinuwun, sedaya para senopati Ngalengka sedaya sampun gugur wonten madyaning paprangan, kalebet putra paduka pun Raden Megananda ugi gugur wonten rananggana sinuwun,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Piyeeeee.....!!!!!,"pambengoke Prabu Dasamuka dupi nampi aturipun Dityakala Kridoyakso.

"Keparat dudu karepe dewe, bangsat Ramawijaya, putraku ora bakal asor klawan Ramawijaya sak munyuk-munyuke yen ora ana dom sumusuping banyu, lagi wae aku ngimpi anakku Indrajid lagi wae sowan ana pangarepanku, ewadewe tak celuki ora sumaur, iki apa tandane anakku Indrajid gugur ana madyaning paprangan, Kridoyaksoooo!!!!!"pangucape Prabu Dasamuka.

"Inggih sinuwun, kepareng matur, sedaya para prajurit Ngalengka sampun gusis mboten wonten ingkang kasisa kajawi amung kula, sak menika sampun telas wadyabala reseksa kang wonten ing Negari Ngalengka sinuwun,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Bagus, bagus.......Kridoyakso,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Wonten dawuh,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Piye prasetyane dadi prajurit?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Inggih kula mangertos sinuwun,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Piya surasane?"pitakone Prabu Dasamuka.

Seri 4

"Prasetyanipun cacah wonten gangsal,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Kang angka siji apa?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Ingkang sepindah, prajurit kedah setya dhumateng negara Ngalengkadiraja,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Sing angka loro?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Angka kalih mituhu dhumateng ukum  negari Ngalengkadiraja lan ugi kedah prasetya dados prajurit, lan ingkang kaping tiganipun kedah tuhu bekti dhumateng ratu mboten angsal mbantah prentahing ratu,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Bagus, sak banjure?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Ingkang kaping sekawan, kedah nglampahi ingkang dados kewajibanipun prajurit kanthi rasa tanggel jawab mbentengi Negara Ngalengkadiraja,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Sing pungkasan apa?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Dene ingkang pungkasan, kedah nyimpen wadinipun Negari Ngalengkadiraja, menika sinuwun prasetyanipun dados prajurit,"pangucape Dityakala Kridoyakso.

"Durung jangkep, isih kurang siji,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Lha menapa menika?"pitakone Dityakala Kridoyakso.

"Sing pungkasan lan kang luwih wigati, yen ana payo-payo, yen ana mungsuh negara, dadi satriya kudu nduwe jiwa kasatriyan, ora bakal bali yen durung bisa ngundurne mungsuh, ora bakal bali yen durung nyangking NDASE Ramawijaya, yen nganti bali tanpo nyangking sirah, ateges sirahe prajurit kang dadi ijole,"pangucape Prabu Dasamuka kanthi teges lan mencereng netrane.

"Pejah gesang kula sumanggaken paduka sinuwun Prabu Dasamuka, kula ulungaken jangga kula minangka lintunipun sirahipun mengsah,"pangucape Dityakala Kridoyakso kanthi tumungkul sirahe kaaturne marang ratu gustine nenggih Prabu Dasamuka.



Seri 5

Katigas janggane Dityakala Kridoyakso dening Prabu Dasamuka kanthi namakne pedang Mentawa, tugel thel gumlundhung wonten sitinggil kraton Negara Ngalengkadiraja. Angambar arum gandane rah kang mbaleber ing sitinggil, mertandani katarima gesangipun Dityakala Kridoyakso kang dadi prajurit netepi jiwaning kasatriyan.

Sedaya para senapati Ngalengkadiraja sami mapan ana ing alam kelanggengan manggon ing kaswargan jati, kawiwitan saking Dewi Sarpokenaka ing sakmangke dados widodari ing kaswargan, Dityakala Poncokolo sedulur kang cacah lima mapan ing alam kelanggengan lan antuk kanugrahan mapan ing kraton Mertani, patih Prahasta lan sak garwa lan para putra-putrane ugi mapan ing alam kang kebak kamulyan lan katentreman, para putra Pangleburgangsa ugi nyawiji dados setunggal mapan kang kebak kabagyan lan sedaya para prajurit kang wis gugur wonten madyaning paprangan, amung Raden Kumbokarno ing sak mangke taksih kadya dene sukma kang kleyang kabur kanginan, maksih nengga titiwancinipun nusul marang para putra-putrane kang mapan ing alam kelanggengan.

Kocap kacarita nalika Prabu Dasamuka anyampar sirahe Dityakala Kridoyakso, sigra minggah manjing ing papan palereman, meminta sih nugrahaning jawata semedi maladi sedakep saluku juga nutupi babahan nawa sanga, mandheng pucuking grana kang kaesthi amung sirnane Prabu Ramawijaya saka lumahing bumi. Prabu Dasamuka ijen tanpo rowang, sedaya prajurit resik gusis datan ana kang kasisa. Kukusing dupa kang kumendheng ing ngatariksa, angin mobyat-mabyit sak kiwa tengening sanggar pamujan, horeg bumine, gonjing papane, dumadakan jumedhul sirahe banaspati kang nggegilani nggereng mencereng netrane, abang mbranang mripate, ngeses siyung magalak, daleweran getih-getih kang dumadi saka para korbaning paprangan, siyunge mencorong kadya arep nguntal-untalo Prabu Dasamuka.

Seri 6

Anggereng swaraning Banaspati, sarta ngeses kaya naga kang bakal mangsa marang pangane.

"Rrrrrrrrrr.......Rahawanaaaa......aja dadi wong kang jirih getih wedi mati, kadikdayanmu pilih tandhing ora ana kang bisa ngasorake kalebu dewa, mula enggal sirnakno Prabu Ramawijaya saka tanganmu dewe. Hora-horane yen kowe bakal asor juritmu, rusaken sisan jagad iki, orak-ariken ndoya iki, ora ana kang kudu di sembah kajaba amung kowe Dasamuka. Kabeh kudu sujud marang Dasamuka, kabeh kudu takluk karo Rahwanaraja. Aja maneh para manungsa lan kewan, senadjan suket godong kudu manut karo kowe Dasamuka,"pambisikane Banaspati marang Prabu Dasanuka kang lagya semedi.

"Heeeee.....Dasamuka, aja mangrwo tingal paningalmu, aja noleh lelakon kang kapungkur, aja nggagas marang para senopati Ngalengka kabeh, aja mikir para prajurit kang wis gugur ana madyaning palagan. Kang luwih wigati apa kang katon iki enggal tindhakno, nguntapne nyawane Ramawijaya kanggo tomboking nafsumu, mendhah suraking jagad yen kowe nganti oncat saka paprangan, leganana atimu kanthi nyangking sirahe Ramawijaya, supaya kowe bisa lego, kowe bisa bungah, kowe bisa ndepani jagad tanpa ana aling-aling Ramawijaya,"pambisikane Banaspati kang sangsaya santer ana ing talingane Prabu Dasamuka.

"Rahwana, kowe ratu kang sekti, kowe ratu kang dikdaya, kowe ratu kang ora bisa sirna saka lumahing bumi, eling sumpahmu nalika jaman semana nalika ana ing kahyangan,"pambisikane Banaspati.

Kemendheng kukusing dupa sansaya peteng sansaya njenggureng wujude Banaspati, matane abang, kukune dowo, rambute ngrembyak kadya njoget-njogeta obah ngalor ngidul ngetan ngulon, sedela-sedela njegrak lan njenthar munggah kaya tambute jaran.

Taksih mantheng semedine Prabu Dasamuka datan mobah datan mosik. Wauta, nalika samana ambyar wujude Banaspati dados para senopati-senopati Ngalengkadiraja kang gugur ana madyaning palagan, sedaya sami nguman-uman Prabu Dasamuka, nganti kebrebegen talingane Prabu Dasamuka. Sigra Prabu Dasamuka ngobong menyan kang gandane kaya gaharu rasamala, ambyar wujude kabeh para senopati dumadakan ana raseksa kang agelung keling ngadek jejek ana sak nduwure sanggar pamujan.

Seri 7

"Putuke ngger Dasamuka, wis wancine kowe nyaur apa kang dadi dosa-dosane bapakmu Resi Wisrawa, kanikmatane Wisrawa tak tomboki getihku kang wutah ana bumi Ngalengka, saiki titiwancine sapa utang kudu nyaur, wong nyilih kudu mbalekake, utang nyawa di saur pati, mula yen kowe durung bisa nglunasi apa kang di tindhakne bapakmu, ateges uripku durung bisa sampurna. Iki titiwancine bumi Ngalengka kudu rusak, bumi Ngalengka kudu lebur dening tumindhake Wisrawa, dene kowe amung dadi sarana kamurkane bapakmu,"pangucape suksma kang dumadi saka sukmane Raden Jambumangli kang duking nguni di perjaya dening Resi Wisrawa.

Ilang wujude raseksa kang agelung keling ambyar dadi sawiji klawan kukusing dupa kang makantar-kantar wonten ing sanggar pamujan.

Wauta, saya mantheng semedine Prabu Dasamuka dumadakan jlek ing pangaperane Prabu Dasamuka ana gandarwo kang matane sak rembulan gedhene, ndase gandarwo gedak-gedek gebes kadya anguntalo Prabu Dasamuka, saya panas hawane ing sanggar pamujan, awit kasinungan gandarwo kang arsa nyengkerem bumi Ngalengka.

"Heeh, Dasamuka, ungalno dadamu, angkaramu aja tok penggak, suntaken kamurkanmu, jagad iki bakal manut marang apa sing tok karepne, jagad iki dimen rusak, jagad iki dimen bubruk, ora ana paedahe kowe ngurip-urip marang bumi Ngalengka, leburen para-para kang ngidak bumi Ngalengka, kuburen urip-uripan ana bumi Ngalengka, aja tok wenehi pangapura, jagad iki ana regemanmu, heeh Dasamuka,"pangucape Gandarwo kang gedhene sak setengahing bumi.

Anyarengi bledek sesautan, bumi gonjing gumaluduk, ical wujude gandarwo musna klawan kukusing dupa kang kumelun, sigra jumedul widodari kang anyaketi ing sanggar pamujan kraton Ngalengka, katon ing ngawang-awang pating galebyar lintange, padhang njingglang ing ngantariksa katon biru maya-maya warnane awit kena soroting rembulan kang ndadari.

Seri 8

Jenjem, tajem, anteng polatane Prabu Dasamuka dupi nyumurupi kang mapan wonten sak duwuring pamujan katon ana widodari ngejawantah, tan ana liya amung ingkeng ibu kang nglairake jiwa ragane Prabu Dasamuka, nenggih Dewi Sukesi kang rikmane ngalembreh ngantos dumugi ing ndengkul, mesem jroning wardaya nenggih Dewi Sukesi dupi nyumurupi Prabu Dasamuka anggone semedi maladi wonten ngarsane kang Maha Agung, mangkana pangandikane ingkeng ibu.

"Putraku ngger, Rahwanaraja kang banget tak tresnani, peperen hawa lan nafsumu, weningna rasamu, sejatine atimu kang kebak rasa lan rumangsa iku wis bisa manunggal jer kang nyatane sliramu bisa nyawang urup sajroning urip, lan urip sakjroning urup. Ngger reksanen bumi kelairanmu kanthi ati kang suci, kanthi ati kang wening, supaya bisa mangguh ing kayuwanan ya ngger Rahwanaraja,"pangandikane Dewi Sukesi.

Swara lamat-lamat kang dumadi saka kukusing dupa kang kumendheng ing wanci tengah ndalu, dasare ing wanci dalu amung ana swara jangrik kang ngerik saha sawer kang ngeses. Tratap-tratap Prabu Dasamuka anggennya bakal badar saking semedine, dumadakan ical wujude widodari kang memba ingkeng ibu nenggih Dewi Sukesi, jumedhul sirahe Prabu Ramawijaya kang mapan ana sak nduwure dupa kumelun, kagyat Prabu Dasamuka sigra nyampluk ponang dupa, ambyar mbalabar pletikane dahana sigra mobal murup makantar-kantar kadya ngebaki jagad, dadya padhang njinglang ing bumi Ngalengka

"Heeh, Dasamuka kang ora wruh ing tata, Negaramu wis kari suwe mijet wohing ranti, kowe enggal nungkula marang aku Prabu Ramawijaya, lan pasrahna garwamu Rekyan Sinta, yen nganti kowe ora ngulungne Rekyan Sinta, umurmu mung kari sak kedeping netra,"pangucape Prabu Ramawijaya.

Sigra myat saking palenggahanira nenggih Prabu Dasamuka, jumangkah saking sanggar pamujan ndepani lawanging kraton Ngalengkadiraja.

Seri 9

Mbranang wadananira Prabu Dasamuka, mencereng netrane, siyunge modot sak gading gajah dawane, mingis-mingis menawa ana kang kesenggol siyunge Dasamuka sigra kena upasing pati. Swarane Prabu Ramawijaya agawe bromantyane Prabu Dasamuka nganti tekan pucuking mbun-mbunan. Kang prayata amung swara kang tanpo rupa kang nyumbari Prabu Dasamuka.

Kocap nalika samana, Prabu Dasamuka nyampar Prabu Ramawijaya kang prayanta amung bokor kang mapan ana ing palenggahanira.

"Iblis laknat dudu karepe dewe, sumbare Ramawijaya gawe horeking jagad, aja sesumbar kowe heeh Rama, senadyan prajuritku entek, para senopati wis ludes, nanging Prabu Dasamuka hora bakal mundur, Dasamuka ra bakal nglilakne bumi Ngalengka, Dasamuka ora bakal nglilakne Rekyan Wara Sinta, hayoo yen prayata kowe lanang tenan adepana Dasamuka, jangkahen Dasamuka, Dasamuka hora bakal mundur sak pecak yen durung nyangking NDASMU lan tak tandur ana bumi Ngalengka, keparat,"pasumbare Prabu Dasamuka anyarengi jumalegere gunung jebluk ing sisih wetan, mratandani wis titi wancine Prabu Dasamuka magut ing palagan.

Sigra njangkah Prabu Dasamuka kang manggul Pedang Mentawa, dumadakan pisowanipun atmajane Raden Gunawan Wibisana nenggih Dewi Trijatha kang mrepeki Prabu Dasamuka.

"Wo Prabu Dasamuka, kula ingkang sowan wo Prabu,"pangucape Dewi Trijatha.

Kagyat Prabu Dasamuka dupi ningali pisowanipun Dewi Trijatha.

"Heeh, Jatha, ana wigati apa kowe heeh, aja ngganggu marang aku kang bakal nugel ndase Ramawijaya, bakal tak aturne marang Rekyan Sinta, ben marem rasaku yen wis isa nyangking ndase Rama,"pangucape Prabu Dasamuka.

Seri 10

"Nuwun sewu Wo Prabu, kula ingkang sowan dhumateng paduka Wo Prabu,"pangucape Dewi Trijatha.

"Mara gage matura kang trawaca,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Ngaturi wuninga Wo, gusti putri Rekyan Sinta,..."pangucape Dewi Trijatha.

"Yogene Sinta, ana apa Sinta, wee lha dalah,"pangucape Prabu Dasamuka kang datan saranta sigra jumangkah mring Taman Argasoka.

"Duh, Wo Prabu, kula dereng rampung anggen kula matur,"pangucape Dewi Trijatha kang kagyat di tinggal Prabu Dasamuka, nganti keconthalan Dewi Trijatha anggone nyincingne jarit nututi Prabu Dasamuka anggone budal mring Taman Argasoka.

"Bat, tobat, tobat, wong ki nek ra sabaran, durung rampung anggonku matur marang Wo Prabu Dasamuka, malah semperat mlayu nganti mancal  bokor kaya mangkene, heem, Wooooo....Woooo Prabu dipun tengga kula Woo,"pambengoke Dewi Trijatha sarta nututi Prabu Dasamuka anggone jumangkah mring Taman Argasoka.

"Sintaa, Rekyan Sinta, ana apa heeh Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka kang jumangkah sipat kuping enggal tumuju mring papan dununge Rekyan Wara Sinta wonten ing Taman Argasoka.

Nalika samana ing wanci tengah dalu kang sepi nyenyet, nora ana sapa-sapa namung wonten konang pating karelap pating karelip kang miber wonten sak kiwa tengene Taman Argasoka. Cahyane konang agawe sengseming ati, ati kang nyawiji marang sejatining gesang, lan nyawiji marang alam sak kiwa tengening Taman.

Ing kono ta ana widodari kang cacah pitu  anyiram sekar wonten sak nduwure Taman Argasoka, awit sangking genturing tapa Rekyan Wara Sinta kang meminta sih nugrahaning jawata. Sekar pudhak kang angganda arum ngebaki gandane sak indeninging Taman Argasoka. Dupa kang kumendheng agawe weninge cipta, rasa lan karsane Rekyan Wara Sinta.

Seri 11

Mataun-taun Rekyan Wara Sinta mapan ana ing Taman Argasoka, parandene senadjan awake ceking awit datan mboga datan guling, ananging kasulistyane Rekyan Sinta tambah sumunar cahyane. Kurang mboga lan kurang ngguling dadi tapane Rekyan Wara Sinta, kasetyane Sinta marang kakungnge nenggih Prabu Ramawijaya jagad ana kang timbang, jiwa lan ragane amung kanggo Prabu Ramawijaya kang banget den tresnani dening Rekyan Wara Sinta.

Saben detik, saben jam, saben ndina, saben wulan, saben taun amung angantu-antu rawuhnya Prabu Ramawijaya garwane, mbesuk kapan bisa amboyong Rekyan Sinta saking regemaning Prabu Dasamuka ya Prabu Rahwanaraja. Anut kabaring para emban, bilih Praja Ngalengkadiraja sampun kinupeng dening para wanannara prajurite Prabu Ramawijaya, mila amung ngenteni sak thukuling kembang nggennya Prabu Ramawijaya bisa tumeka ing Taman Argasoka, menika kang dadya penggalihe Rekyan Wara Sinta.

Mila rasa bombong lan bungah Rekyan Sinta nggennya ngantu-antu ingkeng garwa. Saya mantheng semedine, saya banter panyuwune Rekyan Sinta enggal uwal Negara Ngalengkadiraja.

Tan pantara dangu nalika Rekyan Sinta wis ngancik kasampurnaning manembah mring Kang Maha Nasa, dumadakan galeyah-galeyah Prabu Dasamuka nggennya anyaketi ing Taman Argasoka, kagyat para emban sak kiwa tengene taman, sigra taha-taha nyamektaaken rawuhnya sang Prabu Dasamuka. Ana kang njereng babut permadani kanggo lampahe Prabu Dasamuka, ana kang ngipit-ipit ngagem kipas kang ambane rong meter, ana kang mayungi, ana kang nyepakne unjukan kagem Prabu Dasamuka. Sedaya sami giduh awit ana sidak ing Taman Argasoka, supaya kabeh ora di salahne dening Prabu Dasamuka. Sedaya emban sampun sami apal, menawi wonten klenta-klentune tumindak, gulu ingkang dados ijolipun.

Seri 12

"Sinta.....,"pandangune Prabu Dasamuka.

"Sinta....,"pangucape Prabu Dasamuka kang kaping pindo.

"Sinta, Sinta....,"pangucape Prabu Dasamuka kang makaping-kaping.

"Heeem, Sinta, aku sabar.....sabar menawa ngadepi kowe Sinta. Nanging aku ora sabar yen ngadep sapa wae, umpomo dudu kowe Sinta, tak dangu punjul nganti ping telu ora sumaur, mesti ilang nyawane. Nanging sabab apa aku tetep sabar klawan sira Sinta. Sumurupa.....,"pangucape Prabu Dasamuka kanthi lenggah ana sisih kiwane Rekyan Wara Sinta senadjan jarake rong jangkah.

"Wiwit kowe tak papanke ana Taman Argasoka kene, panjalukmu apa mesthi katurutan ora bakal kuciwa, nanging kabeh mau ora mbok tampa kanthi bungah, malah apa kang tak ladekne kowe kaya-kaya kowe emoh nyenggol, heeeem.....Sintaaa ..Sinta.,"pangucape Prabu Dasamuka kang nyingkur marang Rekyan Sinta.

"Abot rasaku Sinta, abot, abot tenan. Abot rasaku yen aku bakal bloko marang sira Sinta, akeh-akehe saben Dasamuka ketemu Sinta mesthi ngungrum, bangsat Dasamuka padhakne wong jirih keparat. Dasamuka aja mbok padakne drohon Ramawijaya sing ora ngerti unggah-ungguh. Apa rumangsane Dasamuka saben ketemu bocah ayu trus kedanan ngono, drohon. Dasamuka iki netepi jejering ratu, ratu kang ngayomi para kawula, nanging ana dom sumusuping banyu bangsat sedulurku dewe Gunawan kang saiki manunggal karo Rama lan sak munyuk-munyuke. Heh Sinta, kebak widodari ing kaswargan kang kasulistyane ngungkuli kowe Sinta. Akeh sing ndakwo menawa Dasamuka kedanan Sinta, horaaa-hora kuwi sing tak karepne Sinta. Aku ngerti yen kowe ora bakal nampa apa kang dadi ucapku, aku ngerti yen kowe sirik nyawang aku, aku ngerti yen kowe tresna marang Ramawijaya. Nanging, apa kowe ngerti yen Ramawijaya kuwi tresna tenan karo kowe tenan apa ora. Katitik Ramawijaya bekasaan terut ngalas, kowe urip karo Ramawijaya amung payon langit lan turu ana godong jati aking. Aku sing ora nrimakne, Dasamuka sing ora trima, Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka, parandene Rekyan Wara Sinta datan menggalih apa kang di ucapne dening Prabu Dasamuka.

Seri 13

"Sinta. Ana tetembungan banyu ora bakal bisa nyawiji klawan lengo, yen lengo kecipratan geni bakal kobar murup makantar-kantar ngobong apa wae kang ana sak kiwa tengene, nanging yen geni kang murup mau kasiram banyu, geni mau bakal mati ora ana dayane. Nanging kena apa banyu ora bisa nyawiji marang lengo, kuwi padha karo rasaku lan rasamu, yen rasamu ora bakal bisa nyawiji marang atiku, awit apa? Amarga rasamu maksih katutupan topenge Ramawijaya, rasamu isih katutupan kabagusane Ramawijaya. Nanging beda klawan atiku, atimu wis nyawiji dumunung ana rasaku, aja nyawang karana lair, senadjan wujudku setengah manungsa setengah raseksa, nanging batinku ya rasaku ora bisa uwal saka getih kang dumunung ana jiwa lan ragamu Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka anyarengi bledek nyamber gunung himalaya, nganti njugrukne segara es kang dadya ombak ngrusak apa wae lan ngelem gunung swelagiri.

Geger jagade, lindhu sedina kaping pitu hawit kaprabawan sabdane Sang Prabu Dasamuka, jele-jele Dewi Trijatha sumusul mring Taman Argasoka.

"Wooo Prabu, wo Prabu Dasamuka,"pambengoke Dewi Trijatha saking katebihan, sinartan nyincing jarite lumajar nututi Prabu Dasamuka kang mapan ana ing Taman Argasoka.

"Wooo,"krenggosan pangucape Dewi Trijatha.

"Wooo Prabu, lepat diagung pangaksami Wo,"pangucape Trijatha.

"Ana apa heeh Trijata, pagene kowe mlayu-mlayu krenggosan napasmu? Aja gawe bingunge atike heeh Trijatha, mara gage ngomonga kang cetha, susurmu kuwi guwaken disik ben gamblang anggonmu matur,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Inggih Wo Prabu Dasamuka, kalawau kula sowan wonten ing sitinggil kraton Ngalengka, kula dereng buntas anggen kula matur, lajeng paduka sampun gage-gage tumuju mring Taman Argasoka mriki,"pangucape Dewi Trijatha.

"Enggal matura, ana apa sejatine?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Wo Prabu, sejatosipun gusti putri Rakyan Sinta menika.....,"pangucape Dewi Trijatha.

"Sinta yogene, Sinta yogene.,!!!!!"pambengoke Prabu Dasamuka.

"Gusti putri Rekyan Sinta menika....."pangucape Dewi Trijatha.

Seri 14

"Gusti putri Rekyan Sinta menika sampun pinten-pinten taun mboten kersa dhahar, mboten kersa ngunjuk Wo Prabuuuuu, mbok kula aturi welas dhumateng gusti Putri lan kula, kula ingkang ngreksa gusti putri Rekyan Sinta saben ndintene. Dosa menapa menawi ngantos gusti putri alitipun nandhang gerah, agengipun kapundhut dening Kang Maha Agung. Woooo, kula aturi menggalih lelampahan menika Wo Prabuuuuu, Wo Prabuuuu Dasamuka,"pangucape Dewi Trijatha kanthi tawang-tawang tangis.

"Thooooooooooo, Jatha. Apa kurang anggonku ngopeni kowe, apa kurang anggonku nggulowenthah kowe, kowe tak wenei tanggungjawab ngreksa katentremaning Sinta, nganti kukuting jagadku aku ora bakal nglilakne Sinta bali marang regemaning Ramawijaya, aku ngerti lehmu ndakik-ndakik ngronce rembug, entek-entekane Sinta kon mbalekne kaya cangkeme bapakmu Gunawan, hiyoo. Keparat. Taunana windanana Dasamuka hora bakal nampa marang lekasmu, Dasamuka tetep nggondeli Sinta kudu mapan ana bumi Ngalengka kene nganti dewaning penjabut nyawa Bathara Yama nguntapne nyawaku lan nyawane Sinta,"pambengoke Prabu Dasamuka mencereng netrane marang Dewi Trijatha. Gandheng Dewi Trijatha iku wus ndawek marang Prabu Dasamuka, mila wis ora kaget marang watak lan lageyane Prabu Dasamuka.

"Bat tobat tobat, seprana seprene kok padha wae ora malih-malih Wo Prabu Dasamuka, ana tembung apik ya ora di paelu, wis ngerti Negara Ngalengka wis ludes tanpa sisa kaya ngene ya ijik mbeguguk angutha waton, bat tobat tobat,"pangudarasane Dewi Trijatha.

"Piyeee, piye. Kowe mbatin apa karo aku, Tha, Jatha?"pitakone Prabu Dasamuka.

"Mboten Wo, menika kula lengser mawon badhe damel unjukan mbok menawi gusti putri enggal kersa ngunjuk utawi dahar,"pangucape Dewi Trijatha.

"Cukup, ora susah sambung obor nekuk ilat,"pangucape Prabu Dasamuka sinartan nyedhaki Rekyan Woro Sinta.

"Sinta, senadjan sliramu ora mengo marang aku, senadjan sliramu ora gelem nyawang Dasamuka, nanging rungokna ucapku kang pungkasan iki Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka tumuju marang Rekyan Woro Sinta.

Seri 15

"Sinta, rungokna tembungku kang pungkasan wengi iki. Awit apa, ndak kira iki sing pungkasan jenengsira bisa sabejagong marang aku Dasamuka, mula tak jaluk senadjan sliramu ora gelem nyawang marang Rahwana, nanging rungokne kanthi permati lan saka weninge atimu. Sinta. Jagad iki wis kebrebegen karo kondange Dasamuka, jagad iki wis kebak karo rupane Dasamuka, jagad iki wis akeh baliho dapurane Dasamuka, nganti dewa-dewa wae wegah nyawang Dasamuka senadyan amung potone. Sabab apa? Dasamuka kondang ratu bengis, Dasamuka kondang ratu angkara, Dasamuka kondang ratu galak, Dasamuka kondang merga nyolong bojone liyan. Kabeh tumplek blek kaya kaya Dasamuka kuwi ratu sak elek-eleking jagad. Nanging, nanging Sinta, rungokna. Sing ngondangne Dasamuka ratu angkara, sing ngondangke Dasamuka ratu bengis, sing ngondangne Dasamuka ratu sing gaweane tukang nyolong bojone liyan, kuwi bangsat kabeh, drohon kabeh, munyuk kabeh. Amarga ora ngerti sapa sejatine Dasamuka, amarga ora sumurup sapa sejatine Rahwanaraja. Kena kabeh manungsa ngarani Dasamuka ratu bajingan, mergo sing ngarani balane Ramawijaya kang arane munyuk utawa kethek, munyuk kuwi kewan kang ora nduwe utek, kethek kuwi kewan kang isane amung ngrayah marang pangane liyan. Bedo karo sing jenenge SONA utawa ASU, Sona kae isih bisa nurut marang bendarane, sona kae cerdas bisa kanggo sarana nggoleki wong sing jahat, sona kae pinter bisa mangerteni wong kang dadi bandar narkoba. Umpomo konangan Dasamuka bandar narkoba mesthi pothol ndase. Sinta, mula Sinta, iki tembungku kang pungkasan bengi iki, sesuk esuk yen wis ngancik pletheking Sang Hyang Surya saka sisih wetan, aja nganti sliramu nggoleki aku, amarga jenengsira bakal getun keduwung sak lawase uripmu, kowe ora bakal tentrem nganti kukuting nyawamu Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka paribasan ana bledek nyamber gelap sayuta, jumaleger gawe gonjinge jagad sak isine.

Seri 16

Nratap Dewi Trijatha dupi midanget pangandikane Prabu Dasamuka ya Prabu Rahwanaraja, kadi dene para dewa bakal minangkani apa kang dadi sabdane sang Prabu Dasamuka, katitik ana swara kang jumaleger ing ngantariksa, dudu swaraning gluduk ananging swarane Garuda Wilmuna kang mapan ana kawah candradimuka kang ambaureksa sak jroning kawah, kang wis titi wancine mandap dhateng marcapada, mangkana pangucape Dewi Trijatha.

"Bat tobat tobat Woo Prabuuu, ampun nibakne sabdha ingkang kados mekaten ta Wooo Wo, napa taksih kirang paduka nyematani dhumateng kula duk rikala semanten, jarene Dewi Trijatha bakal nduweni pacangan kang wujude wanara, kula nggeh sampun trimah, sak yektosipun pancen kula gadah sir siran wanara putih wernane. Sampun ta sampun ta Wo Prabu Dasamuka. Napa malih ingkang gusti putri Rekyan Wara Sinta menika kawit jaman semanten sampun nandhang prihatin, lha kok paduka malah nibakne sot kang kados mekaten, mugi paduka njabel pangandika paduka Wo Prabu,"pangucape Dewi Trijatha.

"Heeh, Trijatha. Rasakno tembungku, rasakno. Aku ora bakal jlomprongne Rekyan Sinta kuwi ora. Nanging aku mung titip weling, sak jroning paprangan sesuk aja nganti sumusul marang aku ana ing palagan, kuwi kanggo kabecikane Sinta dewe, yen nganti krungu gedhe gedhene tumeka ing paprangan, lola laline jagad bakal kewirangan, lan Sinta kang bakal nanggung perkarane sak lawase urip,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Wo Prabu,"pangucape Dewi Trijatha.

"Piye?"pangucape Prabu Dasamuka.

"Siji pesthi, loro jo.......,"pangucape Dewi Trijatha dereng kelajengaken ananging wis di getak kalawan Prabu Dasamuka.

"Rasah mulang, Dasamuka wis jeleh tok wulang, Dasamuka wes kebak kawruh nganti turah-turah tur mbludak, keparat, Dasamuka manungsa setengah dewa, aja tok padhakne Rama, keparat,"pangucape Prabu Dasamuka.

Seri 17

"Jatha, rungokna. Senadyan Sinta ora nyawang klawan aku Dasamuka, ora nyambung gunem marang aku,  nanging paling ora swaraku iki mesthi di rungokne,"pangucape Prabu Dasamuka kanthi tandhes ing atine Prabu Dasamuka.

"Jatha, aku titip Sinta, gulawenthaen kanthi becik, aja nganti lirwa ing kwajiban, apa kang dadi panjaluke Sinta kudu tok pinangkani, aja nganti susah aja nganti gering aja nganti kegelan, kang bakune Sinta tetep mapan ana ing Taman Argasoka kene tlatah Negara Ngalengkadiraja, lan sepisan maneh aja tok entukne sumusul ana ing paprangan gedhe iki,  wis kuwi welingku Jatha, yen nganti tok langgar salah sijine wae, uripe Sinta bakal kewirangan lan bakal sengsara sak lawase urip nganti kukuting jagade Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka marang Dewi Trijatha.

"Wis, gandheng iki wis titi wancine Bathara Surya jumedhul ana ing sisih wetan, wis dadi sumpahe Dasamuka ora bakal sulap nyawang mungsuh kang nyecamah bumi Ngalengka, aku pamit Jatha, aku pamit Sinta,"pangucape Prabu Dasamuka sigra nggeblas ninggalne Taman Argasoka tumuju ing alun-alun Negara Ngalengkadiraja.

"Adhiku dhi Trijathaaa,"nratap Rekyan Wara Sinta dupi midanget pangandikane Prabu Dasamuka.

Wauta, kocap kacarita nalika samana, ketingal saking ndirgantara kekablak wujude Garuda Wilmuna kang katemben jumedhul saking neraka jahanam, sukune nyengkerem gunung sak anakan gedhene, suwiwine kekablak pating karelap pating karelip pletikane geni seka neraka, matane Garuda Wilmuna mencerang abang mbranang mawa sorot nyulapi kabeh wong kang ningali, rambute Garuda Wilmuna ngrembyak kebak dahana kang murup makantar-kantar ngobong apa wae kang ana sak kiwa tengene. Mangka pangucape Prabu Dasamuka.

"Heeeeh, Wilmuna. Enggal samaptakna mapan ana alun-alun Ngalengka, iki pungkasaning bektimu marang aku lan bumi Ngalengkadiraja, suntaken kasektenmu, tumpleken kadikdayanmu numpes Ramawijaya sak munyuk-munyuke heeh Wilmuna,"pangucape Prabu Dasamuka sinambi ngawe Garuda Wilmuna kang kekablak ing ngantariksa.

Seri 18

Ngablak Garuda Wilmuna, njenthar suwiwine ngebaki alun-alun Negara Ngalengkadiraja, dadya peteng ndhedhet wonten sak ngandape Garuda Wilmuna. Sang Prabu Dasamuka sigra angawe sangya para wadyabala bajobarat, jim, setan, banaspati, engklek-engklek balung atandak, wewebang, wewe putih, wewe biru, wewe ijo, wewe gombel, pocong, peri prahyangan, genduwo, glundhung pringis, lan sak panunggalane. Wadya balane Prabu Rahwanaraja kang datan kasat ing netra, sedaya dados kasektene Prabu Dasamuka duk rikala keng ramane Prabu Dasamuka nenggih Begawan Wisrawa lan kanjeng ibu Dewi Sukesi sami gegulang ngelmu sastra jendra hayuningrat pangruwating dyu, kang di badharne dening para jim setan lan sak panunggalane satemah Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi gagal wigar tanpa karya nggenya ngolah udineng ngelmu sastra jendra, temahan lali purwa duksina ngantos nglairaken kang wujude Prabu Dasamuka ya Prabu Rahwanaraja, saengga para jim setan lan sak panunggalane nyawiji wonten hanggane Prabu Dasamuka lan dadya kekuatane Prabu Dasamuka.

"Ha ha ha ha, heeeh, Wilmuna lan kabeh wadyabalaku kang dudu manungsa, iki wancine kowe kabeh dadi srayanku, tumpesen Ramawijaya sak munyuk-munyuke kabeh, lan dadi panganmu, aja tok wenehi urip, aja tok wenei panguripan, untalen lan dadi panganmu kabeh, hora orane Rama lan munyuke bakal sumurup marang kahananmu, amung manungsa kang awas sing bisa nyumurupi kowe kabeh, lan saiki aja padha kuwatir, Ramawijaya wis koncatan Wisnune, mula suwe mijet wohing ranti Ramawijaya lan sak andhahane, lan kowe Wilmuna, ayo ngawat-awati saka kadohan, yen nganti kedrawasan, semburen dimen mlonyoh kabeh Rama lan balane, wis aja kesuwen, iki wancine Dasamuka ngetok karosan kanggo ngrungkepi bumi Ngalengka lan ibu bumi pertiwi Bathari Sri kang dumunung ana ing bumi Ngalengka kene,"pangucape Prabu Dasamuka sarta angawe Garuda Wilmuna.

Sigra Prabu Dasamuka numpak Garuda Wilmuna, dasare gedhene Wilmuna sak gunung mahameru, mila katon cilik Prabu Dasamuka numpak ana pundhake Wilmuna.

"Heeh, Wilmuna dimen jim setan bisa enggal mateni Rama, tak jak munggah ing ngatariksa, Bathara Surya tutupen nganggo suwiwimu, heh Wilmuna," pangucape  Dasamuka

Seri 19

Lumumpat sang Prabu Dasamuka mapan ana pundhake Garuda Wilmuna, garuda kang apaes wanodya kang rambute ngrembyak krembyah-krembyah katon murup dahanane kang dumadi saka panasing geni kawah candradimuka, suwiwine njlenthar njepapang kekablak sak kiwa tengene kesaputing suwiwi bubar mawut ambyar kadya helikopter kang cacah sewu kang arsa munggah nggayuh ing ngawiyat.

Sukune nyengkerem bumi, kupinge njepiping, cucuke mangap swarane jumaleger mbrebegi talingan kang bisa ngrusak kendange, ngebut Garuda Wilmuna cumlorot kadya lintang bima sakti, ndedel minggah agawe horeking bumi Ngalengka.

Ing wanci esuk kang padhang njinglang awit kesorot Sang Hyang Surya madangi jagad, parandene bisa peteng ndhedhet sak nalika, saya munggah Garuda Wilmuna, tambah gedhe dayane, tambah mumbul tambah peteng jagadte, di kira yen ana grahana srengenge, ana kang angira menawa bali dadi bengi maneh, ana kang ngira aneh nanging kasunyatan, ana kang ngira menawa wis bakal titi wancine kiamat, lan maneka warna kang angira-ira.

Wauta, kocap nalika samana kang mapan ana ing Gunung Swelagiri papane para wanannara kang siyaga mapak senopati kang pungkasan, parangdene datan bisa nyawang apa-apa, anane amung peteng ndhedhet lelimengan, malah ana kang paten pinaten marang kanca rowange dewe, kinira yen iku mungsuh, geger para wanannara ora bisa mbedakne endi kanca lan endi mungsuh.

Dumadakan ana swara jumaleger ngguyu lakak-lakak, yaiku swarane para gandarwo, para setan jim priprayangan, gendruwo lan sak panunggalane, sami lakak lakak ngguyu awit nyumurupi polahe para wananara kang sami paten pinaten marang kanca kancane dewe.

Adat sabene mangkono, ketoke kanca kenthel ananging malah paten pinaten, bisa kanggo patuladhan, milih kanca rowang kudu kanthi weninge cipta, weninge rasa lan weninge karsa, dimen nora luput ing tembe mburine.

Seri 20

"Hahahahahahahah.........heeh para manungsa lan para munyuk kang mapan ana ing alam kasunyatan, jebul gampang suwe mijet wohing ranti. Gampang kowe kabeh tak du kumba, gampang kepilut, gampang kapilayu, yen wis tak tutup mata batinmu gampang anggonku numpes manungsa Rama lan sak munyuk-munyuke. Jebul kabeh isih kadunungan angkara, kadunungan kanepson sahingga ora nyumurupi endi mungsung endi rowang. Hayoooo tak tonton saka kadohan nganti entek prajuritmu amarga padha paten pinaten, ha ha ha ha....,"pangucape Banaspati salah sawijine wadyabalane Prabu Dasamuka.

"Pancen bener ucapmu heeh, Banaspati. Ora susah awake dewe ngetokne kringet, ora susah tumandhang gawe, cukup para manungsa lan para munyuk di walik matane, supaya ora nymurupi iki mungsuh apa iki kanca,"pangucape Glundung Pringis.

"Hihihihiiiiiii.......heeeh Ramawijayaaa, lan kabeh para munyukee, sedela maneh kowe kabeh bakal dadi kancaku mapan ana ing wit-witan gedhe kene manggon ing Gunung Swelagiri, hihihihi,"cekikikan pangucape Kuntilanak.

"Eeeeeessss.....Ramaaaa lan munyuk kabeeeh...ayooooo tak jak mapan ana papan kang kepenak, manggon ana ing kawah candradimuka, hawane anget ora bakal kademeen.....sssssss...,"bisikane rajaning bangsa alus.

Kocap nalika samana, peteng ndhedhet lelimengan datan wruh cahyaning jagad, sedaya wanannara sami kesurupan kelebonan iblis sak randuning badan, apa kang ana ngarepe cinokot lan dadi tekan patine, pating blasah kwandane para wanannara, pating glethak wujuding wanannara, nora ana kang bisa nylametake. Kabeh kelangan arah, kabeh sami keblinger, awit kasinungan dayane para jim, gandarwo, engklek-englek lan sak panunggalane. Bingung bilulungan para wanannara, ana kang ngalor, ana kang ngidul, ana kang tubrukan dadi lan patine, ana kang kecempung kedung dadi lan patine, ana kang anjlok saka jurang kang duwur banget dadi lan patine.

Mulat Sri Ramawijaya dene ngawuningani kahanae para wanannara, sigra semedi sedakep manjing ing alam aluyut, kang kaesthi amung purbaning Kang Maha Nasa.

Seri 21

Mantheng semedine nenggih Prabu Ramawijaya, ananging amung ginuyu dening Prabu Dasamuka kang hanumpak Garuda Wilmuna kekablak ana ing ngatariksa angadang Sang Hyang Surya nganti peteng ndhedhet lelimengan.

"Ha ha ha ....heeh Ramawijaya, andekpuna amung semono kadikdayanmu, aku durung maju ing palagan prang tandhing karo dhapurmu, ewadene kowe wis klabakan bingung bilulungan, wayang wewuyungan, paten pinaten karo konco rowangmu dewe, ha ha ha. Lagi para jim bajubarat, para banaspati, englek-engklek balung atandak, glundung pringis sing tak prentah gawe gegering paprangan wis ora kwagang nggonmu ngadepi, wis geger prajuritmu, ha ha ha, Ramaaa...Ramawijaya. Aja ngaku kowe katitisan Bathara Wisnu kang nyatane wis uwal saka ragamu, kowe paribasan amung ngenteni mingkuping payung, ora jumbuh karo kondhangmu, ora jumbuh karo sumpahmu, ora jumbuh karo jiwa kasatriyanmu, Rama,"pangucape Prabu Dasamuka kang aneng ngantariksa.

Wauta, sigra lena Prabu Ramawijaya kalawan para wanannara, Prabu Dasamuka angunus jemparing, pucuking  dumadi saka siyunge iblis saking kawah candradimuka, gendewa kapenthang langkape kang kaesti amung jejantunge Prabu Ramawijaya, Prabu Dasamuka anyawang ing palagan katon cetho wela-wela padhang jinglang, ewadewe suwalike Prabu Ramawijaya lan para wanannara anyawang kiwa tengene katon peteng ndhedhet datan wruh apa-apa.

Mencereng Prabu Dasamuka, sigra nglepasaken jemparing, cumrorot tumuju jantunge Prabu Ramawijaya.

"Modyaaaar kowe Ramawijaya, ha ha ha,"nguyu lakak-lakak Prabu Dasamuka sak bibare nglepasne jemparing.

Wauta, nalika samana Raden Laksmana Widagdo nyumurupi cahyo kang cumlorot saka ing ngantariksa, cukat trengginas Raden Laksama Widagdo sigra nampani cahyo kang cumlorot tumuju mring Prabu Ramawijaya. Tan wruh sangakaning bilahi prayata cahyo kang cumlorot sayektine jemparing kang linepasaken dening Prabu Dasamuka, cumlorot ponang jemparing tumancep wonten jajane Raden Laksama Widagdo, plak kapidara pejah saknalika nenggih Raden laksmana.

Seri 22

Raden Laksmana Widagdo ambruk ing bantala datan ana kang ngawuningani, awit sedaya para wanannara datan wruh ing kahanan.

Kocap nalika samana, Prabu Ramawijaya anggenya semedi maladi mring Kang Maha Kawasa dumadakan agawe geger ing kadewatan, sigra mandap saking kahyangan nenggih Bathara Indra saking Kaendran sumiyut mrepegi papan dununge Prabu Ramawijaya.

"Hong wilaheng awigenam darmaning darmastuti, ngger Ramawijaya, ulun Bathara Indra kang teka, jenengkita jugaro anggonira semedi Ramawijaya,"pangucape Bathara Indra.

Lon-lonan Prabu Ramawijaya anggenya jugar saking tapane, sigra sembah sujud mring padane Bathara Indra.

"Duh pukulun, sembah sujud kula mugi konjuk dhumateng paduka Hyang pukulun Bathara Indra,"pangucape Prabu Ramawijaya.

"Iya iya ngger Ramawijaya, tak tampa sembah sungkem jenengkita, ora liwat pangestu ulun tumrap jenengkita,"pangucape Bathara Indra.

"Kula pundi pangestu paduka pukulun Bathara Indra mugi paring keslametan dhumateng kula,"pangucape Prabu Rama.

"Ngger Rama, ulun wis mangerti apa darunane dene jenengkita nggayuh apa kang jenengkita gayuh. Rama, coba jenjemna atimu, tentremna atimu, jenengkita lumrah ora bisa ngasorake Dasamuka, awit jenengkita maksih tida tida marang apa kang mbok tindhakne. Kawruhanana, angkaramurka kang dumunung ana ing jiwane Dasamuka iku minangka pralambang Wisrawa lan Sukesi anggone gegulang Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Dyu duk nalika samana, Wisrawa lan Sukesi wis rumangsa dadi wong suci, nanging ora ngrumangsani wong loro mau amung titah sak wantah sing kepengen ngembari para dewa, mula kena walating dewa lan tuwuh marang jiwa ragane Dasamuka. Sumurupa Rama, angkaramurka pancen abot di kalahne apa maneh manungsa lumrah. Coba tontonen para prajuritmu kang wujude wanannara, sak temene para manungsa kudune isin, ing atase wujude kewan wae bisa mbudidaya numpes angkara murka, nanging kena ngapa para manungsa nora bisa, malah ongkang-ongkang ndombani wong kang asipat angkara mau, ngger Ramawijaya,"pangucape Bathara Indra

Seri 23

"Ramawijaya, coba tontonen nganggo mata batinmu, mahewu-hewu wanannara kae ambudidaya bakal ngasorake sifat angakaramurka kang dumunung ana jiwane Dasamuka. Para kewan-kewan kae minangka wakile jagad utawa alam sak isine, bakal mbrastho manungsa kang asipat angkara, menawa manungsa kang angkara mau dadi ratuning jagad bakal dadi manungsa kang awujud raseksa kaya dene Dasamuka kae. Nanging kosok baline, jagad utawa alam iki kadunungan sipat hening, wening, resik, lan suci awit saka kersaning Kang Maha Suci lan nyawiji marang para manungsa, manungsa mau bakal bisa mbrastho marang angkaramurka. Para wanannara kae minangka pralambang alam utawa jagad, mula jenengkita kudu bisa nyawiji klawan para wanannara, rengkuhen ngluwihi jenengkita ngrengkuh marang diri pribadimu dewe. Aja ndeweni rasa wigih ringa-ringa, aja nduweni rasa drajate jenengkita luwih saka para kewan-kewan, jer nyatane kabeh mau kasihe Kang Maha Agung, aja gendak sikara marang titahe Kang Maha Kawasa senadjan amung tok pidak kuwi aja nganti, apa maneh mateni, kajaba antuk palilahe Kang Maha Kawasa,"sabdane Bathara Indra.

"Lajeng kula kedah kadosa pundi pukulun?,"pitakone Prabu Ramawijaya.

"Ngger, sing awujud manungsa amung telu cacahe, yaiku siji adhine Dasamuka Raden Gunawan Wibisana, kang kaping pindho yaiku adhimu dewe Raden Laksmana Widagdo, kang kaping telu jenengkita dewe Ramawijaya. Telu-telune atunggal kudu nyawiji kanggo mbrastho sipat angkara kang mapan ana ing jiwane Dasamuka. Jenengkita kudu eling piwelinge Garuda Jatayu kang mbela klawan garwamu Rekyan Wara Sinta duk nalika Sinta kadhustha dening Dasamuka. Pangucape Garuda Jatayu wis dadi kasunyatan, pusaka kang sekti saka Bathara Wisnu kang wujude pusaka Tripurantaka, ana telung wujud maunggal dadi siji, kang sepisan wujud lengkungan emas iku cahyaning Raden Laksama Widagdo kang anduweni ati kang suci lan manembah marang Kang Maha Kawasa. Dene kang kaping pindho wujud lengkungan awarno perak yaiku wujude Raden Gunawan Wibisana kang anduweni ati kang wicaksana, sabiyantu kang tanpa anduweni pamrih apa-apa, lan kang pungkasan lengkungan kang awujud waja......,"sabdane Bathara Indra.

Seri 24

"......kang awujud waja iku tan ana liya amung diri pribadi jenengkita dewe Ramawijaya, kang kudune njejekne adil lan bebener ana ing jagad kang gumelar iki, yen ketelune wis nyawiji ing antarane Gunawan Wibisana, Laksmana Widagdo lan Ramawijaya iku kang sinebut pusaka Tripurantaka kang bisa nyawijekne ing antarane alam lan panguwasa, apa ta sejatine panguwasa utawa apa ta sejatine jenengkita dadi ratu, ratu iku uga salah sawijine kawula kang kudu suci atine, kasucen iku kang bisa mitulungi sepadaning titah, aja dupeh dadi panguwasa, aja dupeh dadi ratu sesembahane wong sak negara, mbanjur karo para kawula jenengkita lali purwa duksina, lali marang sakdurunge jenengkita dadi ratu lan anduweni panguwasa, lali marang mula mulanira. Jagad iki nangis ngger Ramawijaya, jagad iki gonjing awit akeh akehe para manungsa lali lan nglirwakne alam jagad sak isine, ndonya iki kepengin mesem, alam iki kepengen tentrem, nanging manungsa dewe kang anduweni rasa ora bisa nentremne jagad sak isine. Mula tak jaluk jenengkita ketelune minangka wakile jagad, angkarmurka bakal sirna saka lumahing bumi awit saka budi kang suci kaya dene para wanannara kang mbudidaya nyawijekne manungsa klawan alam. Mula nyawijio klawan para wanannara kanthi tandhes lair nganti batin jenengkita,"sabdane Bathara Indra.

"Kasinggihan pukulun, kathah kalepatan kula dhumateng jagad sak isinipun, ing semangke lair batos kula badhe ngrengkuh para wanannara menika tan prabeda kados ati kula piyambak,"pangucape Prabu Ramawijaya.

"Iya-iya ngger Ramawijaya, ora tega rasaku yen lelakon iki kedlarung-dlarung, enggal singkirna sipat angkara kang dumunung ana  jiwane Dasamuka, nanging tatanen ati jenengkita kang suci, aja nganti ana rasa wigih, aja nganti ana rasa cubria marang sapa wae, apa maneh marang garwamu dewe, yen nganti isih ana rasa sangga runggi, bakal ana walating Kang Maha Agung, wis ngger enggal lakonana tak paringi kreta Jatisura kang kinusiran dening Sang Matali, lan aja nganti pisah klawan telu-teluning atunggal, Gunawan, Laksmana lan Rama iki minangka pusaka Tripurantaka,"pangucape Bathara Indra sinartan masrahaken Kreta Jatisura dhumateng Prabu Ramawijaya.



Seri 25

Kereta Jatisura dari Kaendran cumlorot untuk ngecek, dikendarai Sang Matali, ditarik delapan turangga warna putih semua dan bersayap berbeda dengan Garuda Wilmuna menaiki Prabu Dasamuka. Berpisah tetangga itu menyakitkan bagi dunia jika melihat roket yang diluncurkan dari atap bumi. Tukang ojeknya kencang main kereta Jatisura.

"Sudah mendidih nama kami Ramawijaya, silakan kembali ke apa yang Anda inginkan, rekan Kyai Jatisura ini. Sekali waktunya tiba, Chariot Jatisura akan bergulung kembali dengan jiwa dan raga nama kita,” kata Bathara Indra, sementara peserta pelatihan Bathara Indra menghilang dari masa lalu.

Dunia ini gelap, dunia ini dibutakan oleh kebutaan Garudha Wilmuna dan Prabu Dasamuka sejak Matahari ditutupi oleh sayap Garudha wilmuna. Di sana Prabu Ramawijaya heran bahwa Raden Laksmana Widagdo jatuh di tengah palagan.

“Kakakku dhi Widagdo, mau kemana nhi, dan yi Gunawan Wibisana, jangan jauh-jauh dengan lekasingsun, ayo cepat bersatulah kami bertiga untuk menyempurnakan Dasamuka ratu Ngalengka yi,” ucap Prabu Ramawijaya dalam dunia gelap.

Wauta, karena terletak di Gunung Swelagiri tempat penguasa pertempuran besar Ngalengkadiraja, ada tempat dimana gandarwa dapat dikendalikan oleh tubuh wanannara, hingga mereka dapat membedakan teman dan roh mereka. Karena Raden Anoman adalah satu-satunya wanita yang bisa dimasukkan oleh penceramah, Raden Anoman akan menjadi bos Prabu Ramawijaya.

“Terima kasih Bapak atas ibadah saya, saya yang ikut campur tangan dalam kehadiran Bapak yang mengucapkan terima kasih kepada Prabu Ramawijaya, atas doa-doanya, terima kasih, untuk saudara Raden Laksamana Widagdo yang telah terjatuh di ruangannya, terima kasih,” ujar Raden Anoman.

Seri 26

"Hahahaha......kageta Ma Rama..hahahaha....jebul amung semono kawaskithanmu hahahaha....ora bakal kowe bisa mbedah Negara Ngalengka sak durunge bisa ngilani dhadhane Dasamuka. Heeeh !!!!!...para gandarwo, banaspati, jrangkong, pocong, warudoyong, wewebang, wewe putih, engklek-engklek, balung atandhak, bajobarat, lan sak panunggalane, aja kesuwen enggal tingkesen kabeh para munyuk-munyuke Ramawijaya, aja nganti ana kang kasisa, kabeh dadi panganmu heeh wadyabalaku kabeh,"prentahe Prabu Dasamuka marang para jim prajineman.

Sigra para setan setan priprayangan nguntapke karosane nigas para wanannara lan kabadhok dening wadyabala Ngalengka kang awujud badan alus.

Wauta, mulat Raden Gunawan Wibisana ngawuningani keng raka nenggih Prabu Dasamuka kang paring prentah marang para badan alus, sigra paring pitedah dhumateng Prabu Ramawijaya, taha-taha sowan ngarsane Prabu Rama.

"Nuwun sewu sinuwun Ramawijaya,"pangucape Raden Gunawan.

"Kepiye yayi Gunawan, iki adhiku Lesmana enggal supaya pinaringan usada murih bisa waluya jati,"pangucape Prabu Rama.

"Kasinggihan kula mangertos sinuwun, jer Raden Laksmana menika dereng titiwancinipun pejah, mila taksih kinayoman dening Kang Maha Kawasa, mugi keparenga paduka sinuwun paring setetes sari-sarineng sekar wijayakusuma utawi sekar wijayandanu peparingipun para jawata, mugi enggal waluya jati temah nirmala sinuwun,"pangucape Raden Gunawan.

"Mangkono yayi Gunawan,"pangucape Prabu Rama.

"Kasinggihan sinuwun, sak lajengipun para wanannara tangeh lamun saged ngasoraken para prajuritipun kakang Prabu Dasamuka ingkang sampun badan alus menika, menawi kakang Prabu Dasamuka taksih ngaling-alingi Sang Hyang Surya kanthi anumpak Garuda Wilmuna, mila saking panyuwun kula, kados pundi caranipun supados kakang Prabu Dasamuka saged linggar saking sak ngandapipun Sang Hyang Surya, supados para gandarwo enggal sirna awit keprabawan hawa panasing srengenge sinuwun,"pangucape Raden Gunawan.

Byar padhang tetrawangan nenggih Prabu Ramawijaya, enggal siaga menapa ingkang badhe kantindhakaken.

Seri 27

Gunung Swelagiri kang dadi kaseksen perang gedhe kang dumadi ana ing Negara Ngalengkadiraja, peteng ndhedhet lelimengan kahanane, amung wong kang waskitho kang bisa nyawang kanthi kekuatane batin. Sang Hyang Surya kang katutupan dening Garudha Wilmuna katumpakan dening Prabu Dasamuka kang amenthang langkap jemparinge tumancep ing jajane Raden Laksmana Widagdo.

Saking katebihan sirahe Garudha Wilmuna anyembur dahana agawe gegering para wanannara lan gawe girising kang sami ngawuningani. Swarane Garudha Wilmuna cemengkling bisa mbudekne talingan. Swiwine kekablak kinupengan dahana saka kawah candradimuka, tangane nyengkerem apa wae kang katerak dadi ambyar lebur mumur dadi awu. Mangkana pasumbare Prabu Dasamuka.

"Hahahaha,.....Ramawijaya endi dapuranmu, aja kaya bocah cilik wanimu amung saka kadohan, kaya kowe merjaya kakangku ya guruku kakang Subali, aku kang hora narikmakne aku bakal males patine kakang Subali, kowe manungsa kang julik, kowe manungsa kang licik, kowe manungsa kang ora nduweni jiwa kasatriyan, hayo aja tinggal glanggan colong playu endi dhadhamu ungalno kasektenmu, heeh Ramawijaya, Dasamuka ora bakal lincat saka sumpahku, bumi Ngalengka bakal tak rungkepi apa maneh Rekyan Woro Sinta, bisa mboyong Rekyan Sinta yen kowe bisa misahne raga lan nyawaku, yen isih raga lan nyawaku dadi siji, aja ngimpi kowe bisa mboyong Rekyan Sinta lan mbedah Negara Ngalengka, tontonen wadyabalamu kang wujude munyuk ora bisa ngalahne para gandarwo Ngalengka, apa meneh mateni nyekel wau padha ora bisa, hahahaha, adhimu wis mati kuwi kanggo nomboki patine adhiku Sarpokenaka kang di pateni dening adhimu Laksmana, hahaha...kuwi patine adhimu kang kanggo mbayar nyawane Sarpokenaka. Heeh Ramawijaya!!!!!!!.... Ayo cekelen aku yen bisa, aja kowe njaluk kawelasan saka dewa, aja sambat karo dewa, sambato marang awakmu dewe hahahaha, endi Wisnumu, endi dewamu..hahahhaa...Ramaaa!!!!! Tak enteni sirahmu kene hahaha,"pasumbare Prabu Dasamuka.

Jumaleger swarane gluduk kang dumadi saka pangucape Prabu Dasamuka kang ana ndirgantara. Pating karelap pating karelip katingal saking ngandap kaya ana lintang-lintang kang ambyar sinamber swiwine Garuda Wilmuna.

Seri 28

Jumangkah sang Sri Ramawijaya,  turangga saking kadewatan Kaendran peparingipun Bathara Indra kang kinusiran dening sang Matali sigra sineblakne ponang cemeti, mengkirik rikmane turangga, njepiping kupinge kuda, kekablak njepapang swiwine kuda, ngerik swarane kuda, sigra mesat ing ndirgantara cumlorot ngembari Prabu Dasamuka kang hanumpak Garuda Wilmuna.

"Heeeh, Dasamuka ratu kang angkara, aja sesumbar kaya kaya kowe wis bisa ngregem jagad, jenengingsun dewe kang madek dadi senopati, sumbarmu tak kembari kanthi gumlundhunge mustakamu, heeh Dasamuka,"pangucape Prabu Ramawijaya kang wis mapak Prabu Dasamuka ngambah ndirgantara.

"Hahahahahah.....baguuuuus heeh Ramawijaya, lanang tenan, ketokna Wisnumu, ketokna budine, suntaken kasektenmu, tumpleken kadikdayanmu, hahahaha, Ramaaa, iki marganing patimu bisa nyangking NDASMU tak tandur ana bumi Ngalengka,"pasumbare Prabu Dasamuka.

Senopatine kekalih wis adhep-adhepan cingak kang sami amulat, kang di tunggu-tunggu iki wahyaning mangsakala Prabu Dasamuka adu arep klawan Prabu Ramawijaya, sapa kang bakal asor jurite, sapa kang bakal unggul kasektene wis di tunggu jagad sak isine.

Sumiyut saking kangyangan nenggih Bathara Narada kang njampangi ratu kekalih nenggih Prabu Dasamuka klawan Prabu Ramawijaya.

"Oooo lhadalah jagad dewa bathara jagad, prekencong-prekencong buk bolong kalijode sapa sing gawe, hahahahaha, iki sing di tunggu wis ameh kasembadan, ana sak nduwure Gunung Swelagiri kang dadi seksine ratu sak kloron pada rebutan sekti lan rebutan bener, hahaha, wis kono ulun bakal dadi paseksen. Sapa nandhur bakal ngunduh, sapa utang kudu nyaur, sapa nyileh kudu mbalekake, ing antarane Dasamuka lan Ramawijaya endi sing bener lan endi sing luput, anut laku jantraning crita, hahaha, tak tonton saka kadohan senopati sak kloron,"pangucape Bathara Narada.

Seri 29

Prabu Dasamuka wus adhep-adhepan klawan Prabu Ramawijaya, Prabu Dasamuka hanumpak Garuda Wilmuna, lan Prabu Ramawijaya hanumpak Kreta Jatisura kang kinusiran dening Sang Matali. Nalendra kekalih katon sumorot cahyanyo, padha gagahe, padha wibawane, padha kasektene.

Prabu Dasamuka kang numpak Garuda Wilmuna kekablak ing ngantariksa nganti nutupi Sang Hyang Surya, dene Prabu Ramawijaya kang numpak Kreta Jatisura amung angubengi papane Garuda Wilmuna, ing pangajap bisa oncat saka sak ngandape Sang Hyang Surya. Nanging parandene Garuda Wilmuna datan purun linggar saka papan dununge, sigra anyembur saka tutuking Garuda Wilmuna tuwuh dahana kang mangalat-alat nyembur kreta Jatisura, nanging Sang Matali nggenya ngasto kendali bisa cukat trengginas mumbul duwur ngocati semburane Garuda Wilmuna.

Turangga seta kang sineblak cemeti dening Sang Matali, pating clorot sigra angajap ngidak sirahe Garuda Wilmuna, ananging Garuda Wilmuna mbegarne suwiwine nyampluk roda Kreta Jatisura satemah uwal saka kendhenge. Sigra cinengkerem dening Garuda Wilmuna nengging turangga seta kang mapan ana sisih kiwane roda, kauncalne nganti nggeret turangga kang cacah sanga.

Ambruk para turangga awit kanuncale dening Garuda Wilmuna, sak derenge tumiba ing bantala, Sang Matali mancat bumi nggeret talineng roda sigra pulih dadi lan kekuatane Kreta Jatisura. Dene Prabu Ramawijaya kang hanumpak sigra ngadek jejek sumusul ana ing palenggahane Kreta Jatisura. Prabu Ramawijaya amrentah dhumateng Sang Matali kinen nungsung kekuatan ndhedhel minggah ana langit sap pitu, cumlorot kaya lintang alihan.

Ing kono Prabu Ramawijaya dipun prepeki dening para widodari kang dumadi saka Dewi Sarpokenan, Dewi Anjani, lan Dewi Windradi kang wis mapan ana ing kaswargan langgeng, para widodari sigra paring dawuh bakal paring pitulungan dhumateng para wannannara ngadepi para gandarwa, kanthi cahya kang sumunar dumadi saka cahyane payudarane para widodari.

Seri 30

Lamat-lamat cat katon cat ilang nenggih para widodari saking kaswargan kang arso tumurun mring marcapada, sigra paring pepadhang mring para wanannara kang sami ngadepi para gandarwa wadyabalane Prabu Ramawijaya.

"Prabu Ramawijaya, aja wigih lan reringa ngadepi Prabu Dasamuka,  awit saka manteping rasa,  cipta lan karsa iku kang dadi kekuatanmu Prabu Ramawijaya, dene aku lan para widodari bakal paring pitulungan marang para wanannara sing ora nyumurupi para gandarwo, kanthi soroting payudarane para widodari iku dadi sarana kekuatane para putra-putraku wanannara, lan kanthi cahyane payudarane para widodari samengko para wanannara bisa nyawang para gandarwo,  ing kono para prajurit wanannara bisa merjaya para gandarwo. Nanging ana syarat saronone, sak jroning aku mlorotne kemben aja nganti pisan-pisan nyawang para widodari, yen nganti nyawang cilik-cilike nglirik utawa gedhe-gedhene nyawang nganti mlolo, ing kono bakal dadi cilakane para wanannara utawa kang anyawang lan nora bakal bisa ngasorne wadyabalane Prabu Dasamuka kang awujud gandarwo, wis Prabu Ramawijaya enggal samaptakno anggonmu ngrampungi perkara ing jagad raya iki,"pangucape para widodari.

Sigra Prabu Ramawijaya paring sasmita marang para wanannara supaya enggal samapto nyirnakne para gandarwo, tanggap sasmita Sang Matali enggal narik kendhenge kreta cumlorot mring papan dununge para wanannara lan ing sak nduwure Gunung Swelagiri.

Ing kono Prabu Dasamuka kang maksih wonten sak ngandape Sang Hyang Surya kanthi hanumpak Garudha Wilmuna ngguyu lakak-lakak nyumurupi Prabu Ramawijaya kang ninggalne pabaratan.

"Hahahaha.... Heeh Ramawijaya,  aja tinggal glanggang colong playu, iki Dasamuka adepana,  lagi ngadepi tumpakaku wae kowe wis ora kuwawa malah oncat saka palagan, heeh Ramawijaya aja sambat karo para dewa,  ora bakal para dewa mitulungi karo kowe, aja kaya bocah cilik katokna karosanmu kanggo nglangkahi ragaku,"pangucape Prabu Dasamuka.

Seri 31

Ing ngantariksa senopati kang pungkasan nenggih prang tandhing ing antarane Prabu Dasamuka klawan Prabu Ramawijaya pating kemerlap kaya lintang-lintang padha alihan, pating gemebyar tan nggraita yen ing kono ana prang tandhing, kang samyo ningali malah kasengsem marang kaendahane ing ngantariksa.

Nanging prabeda kang mapan ana ing padaratan ing ereng-erenging Gunung Swelogiri, ing kono pating gedebuk swarane para gandarwo wadyabalane Prabu Dasamuka kang tan kasat ing netra, bleduk mangampak-ampak nanging amung awujud bleduk kemebul peteng ndhedhet lelimengan, nanging para gandarwa datan ana kang katingal, kang wujude medeni nenggih banaspati kang melet ilate nganti klengsreh lemah, getihe daleweran kaya dene bubar mangan manungsa, kang wujude jrangkong manungsa kang amung balung thok kang bisa lumaku repepeh-repepeh bakal mangsa marang para wanannara, glundhung pringis pating glundhung ngidak-idak para wanannara nganti sami sirna rata ing bumi Ngalengka, wewe abang lan wewe biru kang megal-megol wetenge pratanda wis warek mangan para wanannara nganti njembling wetenge, kumlebat wujude pocong kang ngguyu cekikian gawe girising kang midangetne ana swara kang tanpo rupa.

Katon bedug kang tinabuh dening para gandarwo mratandani kawiwitan nggenya nguntapne wadyabala gandarwa kang kudu ngrampunge paprangan kanthi mbesmi para wanannara, swarane nganti kaya swarane gludhuk utawa gunung njebluk agawe pecahing kendhange talingan. Horek bumi prakempo, gonjing gumaluduk bumi gempah awit kebak para gandarwo kang bakal mangsa marang mungsuhe.

Dene para wanannara datan bisa mobah datan bisa mosik awit datan bisa nyumurupi wujude para gandarwo.

Wauta, nalika samana para widodari kang wis samapto nggenya bakal paring pitulungan kanthi anglepasne kemben kang tumemplek ing dhadhane para widodari, sumorot kadya dene soroting Sang Hyang Surya amadhangi jagad.

Seri 32

Sang Hyang Surya kang katutupan dening Garudha Wilmuna klawan Prabu Dasamuka, kahanane peteng ndhedhet lelimengan kadi dene tengah ndalu kang datan sinorot dening rembulan lan kartika. Mila datan mokal para gandarwa wadya balane Prabu Dasamuka bisa ambyor ngebyuki para wanannara suwe mijet wohing ranti para gandarwo nguntal marang prajurite Prabu Ramawijaya. Paribasan para wanannara datan bisa ameruhi wujude para gandarwo anane amung peteng ndhedhet datan ana kang kawistara.

Parandene Prabu Ramawijaya datan kawawa ngayomi lan ngayemi para wanannara, mila para widodari bakal paring pitulungan mring para wananara, awit para wanannara tan prabeda para putro putranira kang kawijil saka ing kaedran.

Wauta, nalika samana wis tekan titiwancine para widodari ambikak cengkir gading kang angranum kadi dene dereng cinangkerem dening para dewaning asmara, kawistingal maksih singset kahanane. Lon-lonan linorot ponang kemben, sigra cingak para gandarwo nyumurupi soroting payudara kang medal saking para dhadhane widodari, kobar kobong para gandarwo kena cahyo mencorong kang gumelar saka cengkir gading kang ngedalne tirta mbanjiri para gandarwo, sak nalika dadyo lebur dadi awu para gandarwa.

Para wanannara kang wis bisa menep lan teguh atine datan kena hawa panas kang dumadi saka soroting cengkir gadinge para widodari, mila datan mokal lan datan tumomo mring jiwa ragane para wanannara. Awit dayane cengkir gading saka hanggane para widodari bisa agawe cilakane kabeh kang samyo ningali, ing kono para gabdarwo kang ningali mila kena walating para jawata, lebur tumpur dadi ajur mumur kaya siwur kang remuk dening pupur.

Kagyat Prabu Dasamuka kang mapan ana ing ngantariksa, nyumurupi para gandarwo ical musna awit saka pakartine para widodari sala sawijine ingkang rayi nenggih Dewi Sarpokenaka kang wis manjing ing kaswargan.

Seri 33

Para wanannara kang nyumurupi kabeh gandarwo kanthi cetho wela-wela ngeglo katon mata, awit saka dayane cengkir gading saking para widodari. Cukat trengginas para wanannara sigra anigas janggane para gandarwo, Kapi Anila angasto pedang kiwa lan tengen, pras pres nugel gulune para gandarwo satemah lebur ical dadi awu. Raden Anggodo nyengkiwing gulune para jrangkong pothol sirahe jrangkong pating glundhung pating blasah lebur ical dadi awu. Kapi Liman sigra ndawakne tlalene mobyat-mabyit nggasaki para gandarwo satemah para glundung pringis lebur dadi awu, Kapi Kingkin mencolot anendhang wewe abang satemah gumlundhung ambyar dadi awu, Kapi Mendha nggemblingi wewe putih satemah ndusur aneng bantala lebur dadi awu, Kapi Sardula siyunge mingis-mingis anyokot para engklek-englek balung atandak kauncalake mangiwa lan manengen satemah lebur dadi awu, Kapi Briswowo ambanting Banaspati ambyar sak rambut-rambute lebur dadi awu. Kapi Cocakrawun miber nyamberi para pocong kagondol minggah ing nggegono lan anyucuk mbun-mbunane para pocong ambyar lebur dadi awu, lan sak panunggale kaya mangkono.

"Dus gela-gelaning jajalanat, heeh aja seneng atimu heeh kabeh para munyuk, kowe lagi isa nglebur para gandarwo, awit kabeh para gandarwo iku wewejudane manungsa kang kebak dosa sing ora katrima uripe mapan ana kelanggengan, kanthi kowe kabeh bisa merjaya para gandarwo, ateges para gandarwa iku dadi sampurna uripe, hahahaha, aku ora susah golek sraya nyampurnakne uripe para gandarwa, kabeh wis rinuwat saka tangan-tangane para munyuk, hahaha. Ketoke pinter kowe kabeh, nanging pekok utekmu, dasare ya amung munyuk, lutung, hahaha. Lan landhep dengkul kae Ramawijaya yen ora bisa nyumurupi sejatine para gandarwa, aja ngaku kowe titisane Sang Hyang Bathara Wisnu, kang nyatane ora sumurup yen kowe kabeh tak jebak, hahaha,"pangucape Prabu Dasamuka.

Mulat Prabu Dasamuka sigra oncat saking sak ngandape Sang Hyang Surya sumiyut tumuju ing bantala, sigra amenthang langkap tumuju mring para wanannara, kendhenge langkap kapenthang, pucuking jemparing medalne mawa cahyo sumorot, ical wujuding jemparing badar dadya sardula mahewu-hewu cacahe.

Seri 34

Jemparing kang sepisan linepasake dening Prabu Dasamuka ical wujude jemparing badar dados sardula mahewu-hewu cacahe, ngisis siyunge, ngeses ilate, mencereng netrane, nyengkerem cakare sardula, sigra lumumpat mbrakot, nyokot, nyakar marang para wanannara, nggenya mbrakot nganti kaseret saka pandengan adohe, kacokot kauncalne ana kang tumiba ing jurang, ana kang temangsang ana wit mandera, ana kang nganti tumiba ing samodra, satemah sami gumlundung para prajurit Prabu Ramawijaya.

Jemparing kang kapindho den linepasaken dening Prabu Dasamuka, ical wujude jemparing badar dados singobarong mayuta-yuta cacahe, cukat trengginas wujude singobarong ambaung kadyo golek mangsan, pating jalenthar buntute singobarong nyampluk para wanannara mencelat nganti pitung nggunung adohe.

Jemparing kang katelu, linepasake dening Prabu Dasamuka, ical wujude jemparing memba dados badal kang gedhene ngungkulo gajah, andhusur wujude badak nganti kaya wong mluku bumi, bumi satemah gempah pitung ndepo ambane, sigra para wanannara kacemplung ing bumi kapendhem urip-uripan dening wujude badak, sungute badak arso anunjang apa wae kang mapan ana ing ngarepe, satemah bubar mawut para wanannara.

Jemparing kang kaping papat linepasaken dening Prabu Dasamuka, ical wujude jemparing badar dados asu ajak, asu ajak kang wujude ireng njanges kang ilate melet-melet kebak upasing asu, siyunge daleweran getih awit saking anggondol para wanannara dadi mangsane. Ambaung asuajak agawe tintriming kang sami midangetne, mencolot mangiwa lan manengen nyathek para wanannara, temahan sami geger wewuyungan.

Jemparing kang kaping lima linepasaken dening Prabu Dasamuka, ical wujude jemparing badar dados wujude sawer kang mayuta-yuta cacahe, sapa kang ngawuningani kamigilan mengertosi wujude ula. Ana ula weling kang mawa wisa, ula welang kang nggegirisi, ula kobra kang siyunge katon mingis-mingis kaya dom kang anumbles balon. Ana ula piton, ula dumung, ula lareangon, ula ireng lan sak panunggalane, sigra anyembur mawa wisa sapa kang kasembur upasing sawer sigra pejah tanpa pitulungan.

Seri 35

Mangkana Prabu Dasamuka kang nglepasne jemparing tumuju mring para wanannara, mahewu-hewu jemparing kang linepasaken dadi mayuta-yuta wujude sardulo, sawer, singo barong, badak lan asu ajak. Saben wanannara siji kabadok dening sardula satus cacahe, saben wanannara siji kagubel dening sawer kang cacah satus, saben wannanara siji kagiles dening badak satus, saben wanannara siji kacakot dening asu ajak satus, mangkono lan sak piturute. Bisa di bayange sepira ta ombaking para kewan kang dumadi saka jemparinge Prabu Dasamuka.

Wauta, nalika samana Prabu Ramawijaya kang haniyup saking ndirgantara hanumpak kreta Jatisura peparinge Bathara Indra saka kahyangan kaendran, sineblak ponang jaran kang kinusiran dening Sang Matali anyaketi papan dununge Prabu Dasamuka lan Garudha Wilmuna.

Prabu Ramawijaya sigra amenthang langkap kang kaesthi amung janggane Prabu Dasamuka, pinandheng pucuking jemparing, amenthang kendhenge langkap, jemepret cumlorot ponang jemparing, cukat trengginas Garudha Wilmuna sigra haniyup ngoncati ponang jemparing, niyuping Garudha Wilmuna anyarengi byar padhang jingglang Sang Hyang Surya sumorot kencar-kencar amadangi jagad sak isine.

Soroting Sang Hyang Surya ical wujuding para kewan kang hamangsa para wanannara lebur dadi awu, kagyat Prabu Dasamuka.

"Bangsat, jajalanat. Heeh Wilmujo, eh Wilmuna, pagene kowe oncat saka sak ngisore Sang Hyang Surya, dadi ilang kekuatanku, dadi musna pusakaku, para kewan kang dumadi saka pikiranku kabeh murca saka kepanasen dening Sang Hyang Surya,"pangucape Prabu Dasamuka.

"Nuwun sewu sinuwun, lepat diagung pangaksami, menawi kula mboten ngocati Sang Hyang Surya, jemparing kang linepasaken dening Prabu Ramawijaya mesthinipun mboten bakal mleset pundi ingkang katuju, awit kang katuju namung jangga paduka ingkang sinuwun Prabu Dasamuka,"pangucape Garudha Wilmuna.

"Hahahaha...apa kowe ora ngerti kondhange Dasamuka, apa kowe ora sumurup kondhange Rahwana, aja meneh guluku sing tugel, paribasane Dasamuka lebur saka gegaman apa wae, hora horane Dasamuka mati,"pangucape Dasamuka.

Seri 36

"Heeh Wilmuna, kau titihaningsun, jangan bertumpah darah takut mati, kau sudah menjadi anteping Dasamuka, apapun yang terjadi, aku akan menutupi bumi Ngalengka, khususnya Rekyan Sinta. Ayo, jangan seperti burung kecil, tunjukan kemampuanmu, musuh kuda-kuda yang ditunggangi Rama Bedhes, menghilang dari bumi Ngalengka,” perintah Prabu Dasamuka kepada Garudha Wilmuna.

“Kalau kalian mengucapkan terima kasih, kata kalian berarti perintah kalian terima kasih, saya akan menyebrangi kereta Jatisura,” ujar Garudha Wilmuna.

Wauta, saat Garudha Wilmuna sigra menyambar bumi, melirik ke kejauhan, terbang di langit ketujuh, sigra haniyup dari udara menuju barisan tetangga kereta Jatisura. Namun kekuatan kereta Jatisura ditarik oleh kereta sembilan angka keliling kiri dan kanan Garudha Wilmuna. Garudha Wilmuna yg tertangkap tetangga Kreta Jatisura hati2 ya Semenjak tetangga mencari-cari kehancuran Garudha Wilmuna.

Sekeliling Turangga, tetangga yang berada di depan kecelakaan mobil, tetangga yang terjun ke Garudha Wilmuna, sepotong kayu patah dan sayap Garudha Willuna berada di sebelah kanan, ambruk di bantal melihat Wilmuna.

Pembongkaran Garudha Wilmuna diikuti Kreta Jatisura, tetangga sembilan malaikat menginjak-injak Garudha Willmuna peja saat jatuh ada ditengah-tengah gunung.

Upacara Garudha Wilmuna kehilangan bentuk Garuda sebelum menjadi warna asing, terbang Amerika wangi. Sehingga suara tak berupa terdengar oleh Prabu Ramawijaya.

"Heeh, terima kasih Ramawijaya, suatu saat nanti kalau sampai akhirnya saya akan kembali ke marcapada di sini, jadi titipan Atmajanira itu sendiri, dan saya akan malas mati demi kamu heeh, Ramawijaya," kata tubuh lembut Garudha Wilmuna.

SANDITAMA SININGIT

seri 37

Kendhang kapracondhang nenggih Prabu Dasamuka, kapental hawit saka dayane Kreta Jatisura, kagyat sang prabu ngawuningani titihanira nenggih Garudha Wilmuna gugur ana madyaning palagan.

"Jajalanat dudu karepe dewe, keparat jaran-jaran bisa ngasorake titihaningsun Garudha Wilmuna, heeh Ramawijaya buwangsat, aja mungsuh kewan, iki Rahwanaraja adepana, tamakna gegamanmu, tak tampani nganggo jajake keparat,"pasumbare Prabu Dasamuka.

Wauta, nalika samana Prabu Dasamuka ngeningke ciptane, mangar-mangar praupane kadya arso nguntal-untalo Prabu Ramawijaya. Sigra anyidhikara mantheng nggenya angesthi batine, ical wujude Dasamuka JLEK dadya raseksa separo jagad gedhene. 

"Hahahahahaha, hayoooooo....Ramawijaya ikiiih wujudku kang asli, ahahaha....aja maneh amung dapurmu, senadjan jagad iki tak untal bakal dadi endog pengamun-amun. Ramawijaya aja mindher kowe hahahaha, tak cithes kaya dene nyithes tumo ana rambutku, hahahaha....,"kadadak Prabu Dasamuka dadyo raseksa kang gedhene ora ukuran, dadya sirah sedaya, netra rongpuluh, tangan rongpuluh, kuping rongpuluh, driji genep satus, nanging sikil taksih loro cacahe.

Ngeses sang Dasamuka, ababe agawe gegering jagad, sinebul dadyo gunung akemul aseping lahar. Gunung-gunung kabedhol kauncalne marang para wanannara ambyar dadi sewalang-walang, kacaruk banyune segara dadyo tsunami kang duwure satus jangkah, kaobrak-abrik laladan gunung Swelagiri dadi mawut, dadya jemblong kebak lahar kang muntah aneng pabaratan.

Seri 38

"Hahahhaha......hayoooo Ramawijaya, aja tok sengguh aku jirih karo kowe, yen pancen kowe titisane Bathara Wisnu adepana iki Dasamuka, hahaha....,"pasumbare Dasamuka agawe horeking jagad, mendung angendanu tumiyung anglimputi sak kiwa tengene Gunung Swelagiri.

Wauta, nalika samana gya mantheng kendhenging langkap nenggih Prabu Ramawijaya, kang kaesthi amung janggane Prabu Dasamuka.

Kocap kacarita, ponang jemparing kang pinenthang dening Prabu Ramawijaya gya mesat kaya bantering thathit tumancep mring janggane Prabu Dasamuka tugel thel pisah sirah lan gembunge.

Sirah gumlundung ing bantala, ananging ana kaelokaning jagad, sirah kang tugel ngglundung ing bantala malah ngguyu lakak lakak kadya ngece mring Prabu Ramawijaya.

"Hahahaha, hayooooo suntaken gegamanku heeh, Ramawijaya, tumpleken kasektenmu, hahaha,"pasumbare Prabu Dasamuka.

Sirah kang cacah sedasa tugel siji, maksih ana sanga cacahe, ananging sirah kang genep sepuluh kapundhut dening astane sang Dasamuka kapapakne marang janggane pulih kadya sekawit, sami nggumun kang sami mulat. 

"Hahahah, Ramawijaya, iki tontonen aku, paribasang guluku tok tugel kabeh, hora bakal Dasamuka modyar, hahaha, hayooo aja mlayu kowe heeh Ramawijaya,"pasumbare Prabu Dasamuka.

Seri 39

"Hahahahaha.......Ramawijayaaaaaa.....kowe sulap nyawang aku, kowe jirih nyawang Dasamuka, kowe gigrik adu arep karo Rahwanaraja, hahahaha.....Ramaaaaa......gedhe amung sak kliliping mataku, gedhemu amung sak awu, tak caruk bisa dadi lebur kowe Ramawijaya,"pasumbare Prabu Dasamuka.

Sak jangkah Prabu Dasamuka wis bisa nglangkahi Gunung Swelagiri, sukune kang kiwa mancik Gunung Merbabu, sukune tengan mancik ing Gunung Brama. Tangane nyawut ngorak arik Gunung Swelagiri, satemah growong dadyo waduk Gajah Mungkur.

Wauta. Nalika samana wis datan ana kang bisa menggak kamurkane Prabu Dasamuka, datan bisa ana kang ngelingne, datan ana kang bisa ngendhek kasektene Prabu Dasamuka.

Mulat ana ing ngawang awang kumitir, katon ana cahyo kang sumorot dudu cahyaning Sang Hyang Surya, ananging cahyaning Bathara Wisnu kang wis ninggalne jiwa ragane Prabu Ramawijaya, satemah nyumurupi kahanan ing jagad raya marang lekase Prabu Dasamuka.

Sigra cumlorot marang jiwa ragane Prabu Ramawijaya nenggih Bathara Wisnu, satemah JLEG dadi buta sak gunung anakan gedhene.

Kagyat kang sami mulat ana kahanan yang nggegirisi, ana raseksa loro cacahe ngadek jejeg ana ing bumi, satemah bumine horek merga kabotab buta loro, kabotan perkara, kabotan nyangga dosane para manungsa, kaya-kaya bumi wis ora kuwat nahan marang pepetenging jagad awit saka polah lan pokale para manungsa ing jagad raya, bumine sambat ananging para manungsa datan anggrahita marang sambate bumi pertiwi.

Seri 40

Bumi Ngalengka di kebaki raseksa loro cacahe, Prabu Dasamuka kamurkane hanggegirisi satemah tiwikrama dadi sak gunung anakan gedhene, dene Bathara Wisnu manjing mring jiwane Prabu Ramawijaya uga tiwikrama gedhene tan prabeda klawan Prabu Dasamuka.

Raseksa kekalih sami adu karosan, morak marik kahanane Gunung Swelagiri, awit saka polahe raseksa kekalih, sami jotos jinotos, sami jambak jinambak, sami nyakot anyokot, sami mbrakot ambrakot. Nanging datan ana kang menang lan datan ana kang asor jurite, sami sektine, sami gejake, sami karosane, 

Prabu Dasamuka sigra jumangkah manjing ana ing puncaking Gunung Swelagiri saka nduwur sigra anjlok ngenjloki Prabu Ramawijaya, kalenggak Prabu Ramawijaya awit sukune Prabu Dasamuka ngidak cengele Prabu Ramawijaya kang amalih buta.

Sigra Prabu Ramawijaya nyandak sikile Prabu Dasamuka kaunter kesabetne ing gunung, sigra gunung pecah sak nalika, ananging Prabu Dasamuka datan ngraosaken sakit. Tibane Prabu Dasamuka kasusul dening Prabu Ramawijaya, gya kaseret minggah malih ing pucuking Gunung Swelagiri, saka pucuking Swelagiri Prabu Dasamuka kauncalake mencelat ambruk nggebyur nganti tumeka ing samodra.

Ambyuking Prabu Dasamuka agawe banyune segara mobal mumbul satus meter duwure, jumangkah sang Prabu Ramawijaya sigra anggebyur ing samodra nututi Prabu Dasamuka.

Raseksa kekalih sami bandayuda mapan ana ing samodra, ombaking segara muncrat muncrat ing pabaratan agawe gegering para wanannara, lan dadi banjir bandang kang datan katulungan.

Mulat Sang Hyang Nerada sumiyut saking ndirgantara.

"Woooo lhadalah. Dasamuka lan Ramawijaya, dadi buta. Weee lhah. Wis ora kena di eman tenan iki, heeh Ramawijaya, anggonmu bandayuda ora bakal gawe tentring jagad, nanging malah nambahi rusaking jagad. Aja ngono ngger jenengkita iku di tugasi gawe tentreming jagad sak isine, ora kudu ngembari wong kang asipat angkara kaya Dasamuka. Yen mangkono jenengkita tan prabeda padha wae karo Dasamuka ngger Ramawijaya,"pangucape Bathara Narada kaprungu dening Prabu Ramawijaya.


SANDITAMA SININGIT

seri 41

Kocap nalika sakmangke Prabu Dasamuka dalah Prabu Ramawijaya kang sami triwikrama, dadyo buta sami agenge, sami dikdayane, sami kabranang tyasira, satemah gawe gograking jagad ana buta loro sami bandayuda. Anggenya sami gelut kaya wong kang nora nduwe tatanan, satemah Bathara Narada tumurun mring marcapada ngemutaken kang sami bandayuda, ananging buta kekalih datan maelu lekasipun Bathara Narada, dewaning para manungsa wae datan kagubris, mila Bathara Narada amung cekap mendel kawon, amung paring sabdha, sapa nandur bakal nguduh lan sak panunggalane.

Wauta, kang mapan aneng pasanggrahan Gunung Swelagiri. Nenggih menika ta warnane Raden Laksmana Widagdo ingkang ketaman jemparing saking Prabu Dasamuka satemah pejah saknalika. Mboten kirang-kirang anggone para wanannara sami paring usada marang Raden Laksamana Widagdo, nanging dereng wonten ingkang kinabul, dereng wonten pratanda Raden Laskmana Widagdo waluya jati temahan mulya.

Jroning alam aluyut sukmane Raden Laksama Widagdo kadi dene kemutan nalika taksih mapan wonten ing Wana Dandaka, papanipun nalika nderekne kangmase kalian ingkeng garwo nenggih Rekyan Wara Sinta. Nalika samana Rekyan Wara Sinta katilar dening Prabu Ramawijaya dalah Raden Laksmana Widagdo anggenya mbujung kidang kencana.

Jroning alam pangimpen apadene ing alam pangrantunan, kaya-kaya Raden Laksamana kaprungu swara kang tanpo rupa nenggih swantene Bathari Sri Widowati kang manitis wonten ing ragane Rekyan Wara Sinta, kaya mangkana pangandikane Bathari Sri Widowati,"Duh Yayi adhiku Laksmana Widagdo, kaya mangkono prasetyamu marang kakangmu Prabu Ramawijaya, nganti tok rewangi pecating nyawa saka ragamu. Yayi suk yen ana lelakon kang bakal dumadi utawa yen ana panguripan maneh, utawa mati sak jroning urip, utawa mapan ana ing jaman kang bakal teka. Aku prasetya ora bakal leladi marang gurulaki  liyane kajaba amung sira yayi Laksmana Widagdo,".

Tratap penggalihe Raden Laksmana Widagdo dupi midanget sumpahe Rekyan Wara Sinta kang tan asanes mbakyune dewe awit kagarwo dening Prabu Ramawijaya minangka kangmase Raden Laksmana Widagdo piyambak.



BERSAMBUNG …….

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)