KAPITAYAN JATI
DHANDHANGGULA
Amiwiti
sekar dhandhang endhisa, angleluri ciptaning Jeng Sunan, kalijaga kang asmane,
amurwa kani iku, piwulang kapitayan jati, tedhakan pangriptanya, Bisri Musthofa
gung, nama Rowihatul Aqwam, anggennya paring gampil amangertosi, mring Aqidatul
Awam.
Slawat
salam kunjuk Kangjeng Nabi, janma linuwihing sasama, anggenna nyawijekake,
Gusti Allah puniku, raharja katetepna mugi, sakehing pra krabatnya, myang
pndherek tuhu, margining agami nyata, sanes margining kang nalisir sami, kanthi
pitaya bid’ad.
Sun
wiwiti nyebut asma Gusti, kang paring welas asih kawula, kang langgeng
kebagusane, mangka memuji ingsun, maring Allah kang sipat Qadim, nora purwa
wusana, ingkang langgeng iku, datan gingsir nora owah, mula sira padha
mangerteni kaki ing kapitayanira.
KINANTHI
Sigeging
pambuka niku, ginantos sekar kinanthi, anggitaning Wali Sunan, Giri ing dhusun
Geresik, Jaka Samudra alitnya, Raden Paku sami ugi.
Temen
sira padha weruh, sipating Allah kang wajib, cacahing ana dwi dasa, kang wajib
den mangertosi, sipat ingkang wus tetepa, datan kena den selaki.
Allah
ingkang dzatNya Wujud, tegese “Ana” kang sayekti, datan wonten amuraka, inggih
nama sipat Qodim, sipat Baqok salajengnya, tan wonten kanfg angakhiri.
Lan
sipat Mukhlafatu, Lil hawaditsi kang werdi, datan sami maklukNya, Qiyamuhu
binafsihi, dzat kang jumeneng diriNya, adeg mring dhiri pribadi.
Myang
sipat Wahdaniyatu, sawiji saha ngijeni, salajengnya sipat Qodrat, makna ingkang
nguwasani, Irodat werdinya kersa, sipat ilmu angawruhi.
MEGATRUH
Agantos
salajengnya pupuhe megatruh, inggih kang karya puniki, Sunan Mas Pratikal Ratu,
ugi nama Prapen Giri, nglajengaken caos ngertos.
Mutakaliman
dzat ingkang paring dhawuh, inggih ingkang amungkasi, sipat dwidasa rumuhun,
wajib kita angawruhi, supadya teguh ing batos.
Kawruhana
ugi sipat jaizu, Allah wenang ing sayekti, kalamun paring bebendu, iku krana
sipat adil, paring ganjar iku fadhol.
Hayat
gesang Samak tegesnya angrungu, Bashor liripun miarsi, Kalam maknanya adhawuh,
Qodiran dzat nguwasani, Muridan puniko artos.
Dzat
ingkang ngersakaken Aliman niku, dzat ingkang amirsani, Hayyan dzat kang
midhangeti, dzat kang miarsi Basiron.
ASMARADANA
Kasmaran
mring para nabi, sinartanana nyekara, asmaradana pupuhe, Jeng Sunan Giri kang
karya, ing samangke punika, amicara sipat Rasul, wajib dalah mustahilnya.
Catur
sipat ingkang wajib, Fathonah werdinya limpat, Sidiq punika temene, Tabligh
paring pawarta, inggih wahyuning Allah, sipat amanah puniku, temen-temen
pinercaya.
Dene
sipat mustahili, werdinya asipat datan, Baladatun iku purwane, cubluk puniku
tegesnya, Kidzbun puniku dora, Kitman nyingitaken iku, khiyanat alampah cidra.
Pra
muslim kang sejati, den wajib kalamun pirsa, pacadasa wilangane, dwidasa
wajibing allah, dwidasa mustahilnya, sifat wajib nabi catur, catur ugi
mustahilnya.
Dene
cacahe sipat jaiz, tumrapipun Gusti Allah, satunggal kang wilangane, sipat jaiz
Roasulullah, inggih naming satunggal, kados dhahar ugi ngunjuk, nggih sipat
janma sawantah.
SINOM
Den
eling heh pra kanoman, maring kidung sinom iki, Sunan Giri ingkang karya,
minangkanya anyarengi, Nabi Rosul kang name, lawan den wilis selangkung, kang
wajib kinawruhan, tumrap para muslim sami, Nabi Rosul pradaning sagung janma.
Baopa
Adam ingkang purwa, salajengnya Nabi idris, Nuh Hud Sholih salajengnya, Ibrohim
Lud lan Ismail, Ishaq lan Y’kub nuli, Yusup Ayub Syueb Harun, Musa Dzulkipli
Yasa’, Dawud Sulaiman nuli, Ilyas, Yunus, Zakariya Yahya Isa.
Sae
ugi kawruhana, kang sinebut ulul azmi, gesnya ageng ing rubeda, nggennya sami
anemahi, Muhammad kang sawiji, Ibrahim Musa Isa Nuh, Rosul Nabi lelima, tansah
rineksa mring Gusti, pantes tinuladha tumraping umatnya.
Nabi
kita Muhammad, pungkasaninfg Rosul Nabi, data nana nabi liya, kalamun sira
miyarsi, kang ngaken-aken nabi, yekti iku nabi palsu, mula den singkirana,
satemah anyilakani, mring ngagesang kita akherat lan donya.
DURMA
Sekar
durma kang badhe prapta punika, yasa Makdum Ibrahim, nggih Jeng Sunan Bonang,
ingkang sampun kaloka, anggenipun olah ringgit, kinarya dakwah, Islam ingkang
agami.
Wilangan
malaikat iku sadasa, kapisan nama Jibril, Mikail kapindhonya, Isrofil
salajengnya, Izzroil Munkar lan Nakir, Roqib atid lan, Ridwan kalawan Malik.
Sekar
durma kinarya ambabar nama, pra malaikat suci, samya makarya datan, kasinungan
ing pakarti, dhahar lan nendra, tan bapa biyung ugi.
PANGKUR
Sekar
pangkur kang winarna, Kanjeng Sunan Muria kang yasani, Raden Prawata satuhu,
minangka ingkang asma, anyartani nama-nama kitab Rosul, ingkang captur
wilangannya, minangka pandaming janmi.
Poma-poma
tan sawala, kang jinejer ing kitab para nabi, tansah sami setya tuhu,
anindakaken printahnya, murih tebih saking lampah kang binendu, ing pangajab
gesang mulya, lahir dumugining batin.
Sapisan
kitab Taurat, pinaringna Musa ingkang nabi, Kapindhonya kitab Zabur, Nabi Dawud
kang nampa, kitab Injil maring Isa kang katelu, caturnya kirab Al-Qur’an,
Muhammad ingkang terami.
MASKUMAMBANG
Sinareng
sekar mas kumambang niki, Maja Agung Sunan, pangriptaning sekar niki, arsa asung
pariwara.
Kalamun
sintena ingkang amakarti, ing lelampahira, dating kadurjanan yekti pinaringan
siksa nraka.
Mila
dumateng pra umat muslim sami, ambudi daya, ing lampah ingkang utami, tebih
king lampah culika.
Wontenipun
dinten qiyamat ing benjing, tan bisa sawala, dateng sedaya pakarti, yekti den
katiti pirsa.
Allah
ingkang sampun aparing cecawis, sinten kang makarya, ing kesaenan sayekti,
pinaringan swarga loka.
M I J I L
Kekidungan
sekar mijil niki, Kanjeng Syekh Nurullah, mila minangka kang pangriptane, nggih
sinebut Sunan Gunung Jati, kinarya ngertosi, Muhammad kang Rosul.
Eyang
asma Abdul mutholib, bapanya Abdulloh, Aminah Zahroh ingkang ibune, Halimah
Sa’adiyah kang nyesepi, kutha Mekah lahir, Madinah alayu.
Nabi
Muhammad den utus yekti, aparing pangertos, mring umat manungsa sedayane, samya
nuju ing lampah utami, gegulang ing budi, pakerti kang luhung.
P U C U N G
Sekar
pucung ingkang ngripta Sunan Gunung, Jati ingkang asma, lahir wonten nagri
Pasai, wafat dateng Cirebon dusun Astana.
Mango
wangsul carios Muhammad Rosul, yuswa swidak tiga, warsa anggennya palastri,
tampi wahyu ing yuswa sekawan dasa.
Putranipun
pitu cacahipun, kakungnya tiga, ingkang sekawannya putrid, dene kita kedah
pirsa ingkang asma.
Qosin
iku ingkang asma bajengipun, myang Sayid Abdullah, putra kakung kaping kalih,
Ibrahim putra ingkang kaping tiga.
Putrid
nipun sekawan sedayanipun, Zaenab kang asma, bajengipun ingkang putrid, kang
kalihnya asma Sayidah Ruqoyah.
Ummu
Kaltum putrid kang katiganipun, jangkepnya sekawan, Siti Fatimah kang name,
mugia Gusti Allah paring nugraha.
Garwanipun
wonten sanga cacahipun,kang katilar seda, ibunipum pra mukmin, mugi tansah
pinaringan beja mulya.
Aisyatun
ingkang sapisanan, kang kapindo Khofsah, salajeng Saudah nuli, Shofiyah
Maimunah Zainab Romlah.
Nama
Hindun kaping wolu jangkepipun, Juwariyah sanga, sadaya dipun ridhoi, dening
Allah Gusti ingkang Maha Kwasa.
Khadijatun
garwa kang paling rumuhun, nalikane seda, taksih sugeng Kanjeng Nabi,
panyengkuyung dakwah Nabi kanti dana.
G A M B U H
Mungkasi
sekar gambuh, nggennya caos pangertosan iku, kapitayan tumrapiun para muslim,
ing pamrih sami atuhu, anuladha Rosululloh.
Ing
riwayat rmuhun, nalikaninfg sungkawa ing kalbu, kang kasandhang ing
oanggalihnya jeng Nabi, paman lan garwa alayu, Allah paring isrok Mi’roj.
Isrok
lampah ing dalu, Mekah dugi Baitul Maqdisu, wondene kang ingaran Mi;’roj
puniki, minggah langit lapis pitu, sareng Jibril nitih Buroq.
Nabi
atampi dhawuh, sholat wajib gangsal siang dalu, Subuh Dhuhur Asar Isak niki,
den estokna kang satuhu, minangkanya unjuk bektos.
Sinten
kang sami tuhu, lampah sholat genep gangsal wektu, pesthi pinaringan nugrahaning
Gusti, tinebihna ing bebendu, ayem tentrem lahir batos.
Kanthi
muji Alhamdu, Lillah Robbil Alamin tumuju, amungkasi kidung piwucal puniki,
sinarengan anyenyuwun, dados muslim kang sayektos.
Karipta dening :
Drs. Chunaidi Soleh Masrum