KITAB PRIMBON SUNAN BONANG
Bismi’llahi’rrah’mani’rrahimi,
wa bihi nasta’in
alhamdu
lillahi rabbil alamin,
wa
shalatu ‘ala rasulihi Muhammadin wa washabihi ajma’in.
Nyan
punika caritanira Shaich al Bari : tatkalanira apitutur dateng mitranira kabeh
; kang pinituturaken wirasaning Usul Suluk wedaling carita saking Kitab Ihya
‘ulum aldin lan saking Tamhid antukira Shaich al Bari ametet i(ng) ti(ng)kahing
sisimpenaning nabi wali mukmin kabeh.
PUPUH I
Mangka
akecap Shaich al Bari kang sinalametaken
dening pangeran : e-Mitraningsun! sira kabeh den sami angimanaken wirasaning
Usul Suluk i(ng)kang kapetet ti(ng)kahing anakseni ing pangeran ; miwah
kawruhana yan sira pangeran tunggal, tan kakalih; saksenana yan sira pangeran
asifat saja suksma mahasuci tunggalira, tan ana papadanira, kang mahaluhur. e
Mitraningsun ! den sami amiarsaha, sampun sira sak malih ; den sami aneguhaken, sampun gingsir
idepira.
Iki
si lapale tingkahing anakseni ing pangeran : “Wa ash’hadu an la ilaha illa
llahu wah’dahu, la sharika lahu wa ash;hadu anna Muhammadan rasulu llahi”.
Tegese
iku: ingsun anakseni | kahananing pangeran kang anama Allah, kang asifat saja
suksma, langgeng kekel wibuh sampurna
purba qadim sifatira mahasuci, orana pangeran sabenere anging Allah uga,
pangeran kang sinembah sabenere kang agung.
e-Mitraningsun
! sang siptaning lapal “ora” iku: dening sampun awit itbat karihin, nora malih anaksenana
i(ng)kang nora yakti ; tanpa wiyos idepe
wong iku mene.
Kalawan
ingsun anakseni yan baginda Muhammad kawulaning Allah kang sinihan, ingutus
agama islam iya iku i(ng)kang tinut dening nabi wali mukmin kabeh.
e-Mitraningsun
! karana satuhune lapal “nora” iku: nora malih angorakena satuhuning Allah
pangeran, nora malih angorakena pange(ra)n siya siya tegesing siya siya iku
kadi ta ana | peken barang kakasihe: nora malih. Yan mo(ng)konoa salah tunggal
den orakena kupur uga wong iku mene.
Kewala si lapal “nora” iku: sikeping wong kang
sinung wasil paningale kang antuk pastining iman sakadare ika. Kewala lapal
„nora” iku: i(ng)kangandelingaken mahasucining pangeran jan tunggal tanpa kufu’ iku siptane kang anduweni sabda iku.
Lan
norana papadaning Allah pangeran. E-Mitraningsun Sang siptane lapal kang
ingorakaken iku iya i(ng)kang orana pisan papadaning Allah pangeran. Tegesing
sang sipta iku : dening mantep ananira uga kang andelingaken ing mahasucinira
ing piambekira, mapan orana kang Iyan
saking Allah pangeran. Kaya apa ta idepe wong iku mene yan anaha
papadaning pangeran, duk sadurunge angucap “orana pangeran” iku, | wus pasti
ing idepe yan anging Allah pangeran kang sabenere, kang sinembah kang pinuji
kang tunggal andadeken satuhune kang agung.
Mangka
a(na)bda Shaich al Bari: e-Mitraningsun! karana i(ng)kang napi iku sawusing
itbat, karana, duk angucap: “orana pangeran” iku, wus awit itbat: “anging Allah
uga pangeran kang sabenere”. Iku salamete ujar iku.
Anapon
kaping kalih, kang ingitbataken i(ng)kang
anama Allah kang asifat saja purba langge(ng) kekel agung mahasuci : iku wiyos
ing napi-itbat. Utawi pastining napi-itbat iku lungguhe ing kawula uga. Kang
ingitbataken ta kahananing Allah uga kang asifat saja, mapan saos kang
inganakaken lan kang ingorakaken iku sang sipta tan Iyan ananira uga, kang
andelingaken maha | sucining piambekira, kewa(la) si pangestuning kawula iku
anut umiring saking pangakening wah’dahu la sharika lahira anakseni ing tunggal
ing katunggalaning mahasucini(ng) piambekira.
Mangka
anabda Shaich al Bari: e-Mitraningsun ! karana satuhune ingsun anakseni: anging
Allah pangeran kang sabenere kang anitah angreh ing sembah puji kabeh dadi syuh
sirna paningalingsun ing jiwaraga iki ; tuwi si
ing sembah puji ika, anging kang saja mahasuci kewala langgeng amuji
pinuji ing pamujinira, tan owah tan gingsir, tan asifat waliwali saja purba tanpa wiwitan tanpa wekasan.
PUPUH II
Mitraningsun!
aja sira kadi ujaring wong sasar : iki si ujaring wong sasar iku, AbduI Wahid
arane : mangka angucap AbduI Wahid ibnu Makkiyyah anak pandita Mekah ika,
atunggul sastra tan | apatut kalawan tegese : iki si lapale :
“Al’atlu
qadimun wa huwva nafsul mutlaqi wa huwa dhatu’llahi ta’ala”.
Tegese:
kang liwung saja iku, iya iku dhatu’llah, sabener-benere pangeran kang
sinembah.
walakin
laisa lidhatihi waqifun,
tatapi
ta napining Allah liwunging Allah iku nora (wikan) yan suwunga.
Walakin(na)
qabla chalqi(l) rasuli Muhammad(in),
tatapi
ta sadurunging andadeken nabi Muhammad
anging sira pangeran kang ana dewek tanpa rowang, norana kawula sawijia, kadi
ta angganing sungging sadu runging andadeken, panuli(s) sadurunging anulis :
ija iku tegesing liwung napi dhatu’llah
nora ing devveke, norana i(ng)kang angawikanana
ing dewekira, norana (ingkang) amujia ing anane anging sifate amuji ing
date iku sadurung(ing) andadeken | rasulullah norana sakutunira nora kaya apa :
kaya iku liwung napi dhatu’llah. Anapon sawusing andadeken rasulullah iku
mina(ng)ka kanyatahan ing dhatu’llah, ija rasulullah iku saosik lawan
dhatu’llah iya, iku i(ng)kang awertaha pardana kabeh iya i(ng)kang pardana iku
saosik lawan sih nugrahaning Allah iya sakatahing dumadi iki mina(ngka)
tuduhing Allah”.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e-Mitraningsun ! pamanggihingsun ta nora mongkono kaya
Abdul Wahid iku. Karana satuhune pangucape Abdul Wahid iku kupur ing patang
madh’hab. Dhatu’llah denarani napi nora
ing deweke, kalawan sira pangeran den arani durung andadeken ing rasulullah, durung
andadeken ing sawiji-wiji : iku kupure. Karana satuhune kahananing pangeran
saja purba | karihin sadurung ana(ning) rasulullah kalawan sadurung ananing
sawiji-wiji kahananing Allah mahasuci lan sasifatira chaliq, ananira saja
langgeng amuji pinuji ing piambekira purba tan asipat waliwa(li), mapan
langgeng kekel ananira mahasuci, tan bastu-jisim tanpa timbangan, tanpa lalawanan rehing langgeng ananira
mahasuci.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e – mitraningsun! Abdul Wahid angucap: kang liwung den
tegesaken maring ora : ikupon kupur, karana tegesing liwung iku suksmaning
pangeran mahasuci saja ananira, tan ana wikana ing suksmanira tan Iyan
piambekira uga punika reke
tegesi(ng)kang liwung saja wruh ing suksmanira piambek.
Kadi
ta kecping Abdul Wahid sakatahing dumadi denarani tuduhing Allah : ikupon
kupur. Satuhune tegesing tuduh iku | sifatullah, utawi anuduhaken iku sifat
nugrahaning Allah : iku ana korup ing paekan tuduh lan anuduhaken iku dadi
ingaran salwiring dumadi iki tilas kanyatahaning tuduh sipat nugrahaning Allah
ika tan ana i(ng)kang akarya;
PUPUH III
Mitraningsun
! ana si kecaping wong sasar satengah; „i(ng)kang ana iku Allah; i(ng)kang ora
iku Allah” , den tegesaken oraning Allah
iku nora andadeken. I(ng)kang angucap iku kapir. Kang nora denarani ana gawene,
den tegesaken: kang ora iku andelingaken mahasucining pangeran, nora dumeling
mahasucining pangeran iku. Yan tan anaha, nora karane dumeling mahasucining
pangeran iku dening ora, kadi ta angganing wong alinggih dewek ing asepi
kederan dening ora. Iku njata(ne) Yen (11) sasar. | Mahasuci sira pangeran
saki(ng) kadia kecap iku! Karana
satuhune sira pangeran kang mahatinggi kang mahaluhur suksma mahasuci tan
kadihinan dening ora, tan sarta kalawan ora, tan kederan dening ora rehing
langgeng ananira mahasuci pastine tanpa tuduhan.
e-Mitraningsun
! mboya kang ora iku – kaia wirasaning sastra
kadia sipating pangeran sifatulsalbi, tegese : sifating pangeran
mahasuci lan kadi sawiji-wiji.
Anapon
lam(pahing) salab iku : dudu malih sifating pangeran dudu malih sifating machluq,
kewala si salab iku tantan andelingaken padudoning kawula gusti, tegese :
sifating pangeran tan kadi sifating machluq sifating machluq tan kadi sifating
pangeran, tatapi ta salab iku nora jan angemaha dat, dat sipating pangeran sami
angema salab, | beda salab iku lan kang ora iku kang tan kinarsaken dening
Pangeran dadi nora andelingaken mahasucining pangeran : iku pamanggihingsun ing
sastra. Utawi i(ng)kang andelingaken mahasucining pangeran iku sarira kanugrahan saking sih nugrahaning pangeran
uga : iku kang angestoken anut umiring saking (sih) pangakenira andelingaken
mahasucinira yan tunggal tan kakalih. Iku wiyosing anakseni ika, mapan
sabdaning wong ‘arif ika nora anguninga napi itbat malih anging wiyose kewala
kang ingitbataken : iya kadi iku wiyose
sampurnaning napi itbat iku dening sampun anunggal paningale.
Mangka
anabda Shaich al Bari kang sinung rahmat dening pangeran; singgih puniku kang
atuduh marga agung abener : e-Mitrani(ng)sun ! kalawan ingsun anakseni
satuhune anging | Allah kang asifat saja asih anjateni tan antara
sapolahi(ng)kang sinihan, amenuhi sih nugrahanira dadi nir anani(ng)kang
sinihan tan sah anut i(ng)gek ing sihing dhatu’llah Iku wiyosing panarimani-
(ng)kang lewih lewih ika, karana reke yan tan mangkanaha, wiyose idepe wong iku
nispra tur ajnyana, tan wruh ing wadine.
Mangka
matur Rijal ing Shaich al Bari : Sarwia
subakti, ya guru amba ! anenggeh ta reke
osiking jiwaraga puniki sarta lan sih nugrahaning pangeran ?.
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Iya ujarira iku anging maksih amilang paekan,
ingsun ta, Rijal, ora mongkono. Osiking jiwaraga iku enir, anging dhatu’llah
kewala kang angandeh anirnaken anam(ng)kang sinihan ika, mapan ta reke
panarimani(ng)kang lewih lewih iku saos(s)aosing martabating pamanggih : kang
pinanggih | ananira kang tunggal tanpa kufu’ kang asifat saja (mahasuci)
sasifatira apaekan kadi asma’nira, sangangpuluh (sa)sanga(ng) jangkep dateng
nama Allah. Tegese (sangangpuluh) (sa)sanganing tunggal tegese paekaning
sasifatira tan Iyaning ananira uga.
Mangka
matur Rijal : sarwia subakti, anuhun i(ng) jeng, ya guru amba, Shaich al Bari !
Kadi punendi ing tampa tegesing dalil :
“tekane saking Allah ulihe maring Allah”?
Ma(ng)ka
anabda Shaich al Bari : e Rijal! Tegese : puji saking Allah (kang) pinujeken
anging Allah, tegese : paningal saking Allah kang tiningalan anging Allah. Iku
salamete. e Rijal! ujaringsun ta : tekane saking tan Iyan, ulihe maring tan
Iyan.
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! kadi punendi siptane andika tuwan puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari) : e Rijal! Tegese : ujaringsun iku sang sipta kadi ta
upamaning angilo anane osike tingale | wawayangan ika kang angilo uga iku
tegesing “saking” ika. Anapon tegesi(ng) “tan Iyan” kang angilo andulu dinulu
tan Iyan pandulunira uga. Iku wiyose ujaringsun iku.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! Kadi ta ujaring Shaich Abdul Wahid :
“sira pangeran denarani dereng andadeken ing sawiji-wiji lan durung anjateni
ing rasulullah”, pangucape Shaich Abdul Wahid iku kupur. Kadi apa ta sira
pangeran andadeken iku awiwitana awekasana? Karana satuhune kahananing pangeran
kang mahaluhur asifat saja agung mahasuci langgeng kekel andadeken anjateni
purba qadim tan asifat waliwali tan owah tan gingsir tanpa wiwitan tanpa wekasan
rehing langgeng ananira mahasuci.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! | Lan ingsun anakseni kahananing
Allahu ta’ala asifat saja asih anjateni anir(n)aken a(ng)ganteni ing sasolahing
sarira kanugrahan dadi enir ananing sarira kanugrahan kaganten kalingan anane
dening wibuhing sih, kahanani(ng)kang anjateni kewala kang angalingi anging
ananira uga kang asifat saja urip wruh kawasa aningali amiarsa akarsa anabda
purba mahasuci langgeng kekel ame(ng)ka tan owah tan gingsir amuji-pinuji asih
sinihan ing piambekira.
e
Mitrani(ng)sun ! Iki si lapale :shahidtu nafsi,tegese : sira pangeran anakseni
ing mahasucining piambekira agungaken i(ng) sifat kahananira purba ing dewekira
tunggal ing katunggalanira agung ing kagunganira ratu. ing karatonira langgeng
amuji-pinuji i(ng) piambekira.
Mangka
anabda Shaich al Bari : | e Mitraningsun !
Iku sampurnaning anakseni i(ng)kang kapeta ing shahadat ika, iku
wiyosi(ng)kang winuwus akeh-akeh ika.
PUPUH IV
Mangka
matur Rijal : sarwia subakti, ya guru amba!
Kadi
punendi wirasaning sastra punika : mas’alah ‘ishq ‘ashiq ma’shuq?.
Mangka
anabda Shaich alBari: e Rijal ! Tegesing ‘ishiq iku sifatira, tegesing ‘ashiq
iku ananira, tegesing ma’shuq iku af’al ira, mapan paekaning sasifatira tan
Iyaning ananira, mapan sasifatira sarta andadeken tan anantaranira
anani(ng)kang agawe lan kang ginawe, tan ana kari karuhun, tegese : tansah ing karsa parekipun kadi sartanira andadeken
chaliqu’Imachluq kun fa yakun, iku tegesing sarta kang agawe kalawan kang
ginawe, mapan sadurung inganaken ananingkang jinaten lan anani(ng) kabeh iki,
uwus pasti ing kawruhira tekani(ng) waktune dadi ing | mangko, iki tan siwah
ing karsanira.
e
Rijal! ingsun ta mengkene : kang ‘ishq-dhatu lah, kang ‘ashiq-dhatullah, (kang)
ma’shuq-dhatullah.
Mangka
matur Rijal: ja guru amba! Kadi punapa sang sipta andika tuwan puniku?
Ma(ng)ka
akecap Shaich alBari : e Rijal ! tegese ujaringsun iku ‘ishq-dhatullah : birahi
ing ananira, tegesing ‘ashiq-dhatullah : kang biniraheken ananira, tegesing
ma’shuq-dhatullah : kang birahi tan Iyaning ananira uga. Ika ta ingidep dening
tan amarna paekan malih. Iku salamete, nora kaja ujaring wong sasar mangkana
kecape : tegesing ‘ishq‘ashiq iku duk durung birahi, tegesing duk lagi birahi,
tegesing ma’shuq ambiraheken iku ija ruh idafi iku ma’shuq ing af’alullah. Kang
angucap iku kupur!
PUPUH V
Ana
wong sasar malih angucap : iya namane iya karsane, iya namane iya date, iya
dat(e) iya | karsane. Iku amor ing
paekan, tan wruh ing panunggale : iku karane (yen) sasar.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! Ana kecaping wong sasar malih, K a w i
b a t a n i y a arane, atu(ng)gul
sastra, anging tan apatut lan tegese, tan apatut lawan budi, miwah ing Usul
Suluk, kadi ta ing Tamhid, ing Ihya ‘ulum aldin norana kapanggih dening-sun –
iku nyatane yen sasar! kadi angrupakaken
sifating pangeran, kadi angapesaken sifating pangeran, kadi akecap : sakatahing
dumadi iki sifating Allah, kadi anganakaken ingkang nota, kadi ama’dumaken ing
Allah iku kupur ! ; akecap : endi sifating Allah? kang angucap
iku dadi kapir.
Tegese
angapesaken i(rig) sifating pangeran : sifating pangeran ora mateni ora
andadeken ora anjateni ora weh rijeki pasti kang | angucap iku dadi kapir dening
anganakaken ingkang ora. Tegese (iku) ama’dumaken ing pangeran angucap : Allahu
ta’ala ora ing deweke, ma’du(m) binafsihi – kang angucap iku dadi kapir.
Ma(ng)ka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi puniku, dadia kapira pun temen puniku
i(ng)kang akecap mangkaten punika?
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Kang angucap iku kapir tenien – Allahu ta’ala
denarani ora andadeken lan angapesaken sifating pangeran, lan amurbaken ingkang
ora, lan amor paekaning sifating pangeran : mapan narakane kang angucap iku
awet kapetekaneng dasaring narakani(ng) wong kapir.
Tuwin
antepe kawruhe wong mongkono iku : paningal(e) iki paningaling Allah, sifate
iki sifating Allah, pakarjane iki pakaryaning Allah, pangucape iki pangucaping
| Allah, mapan tegesing Allah iku dat, mangkana malih : osiking jiwaraga iki
osiking Allah ija iku traping Allah asung eling asung awas kadi ta
u(pa)mani(ng) gelepung wos (s)atu(ng)gal ketan satu(ng)gal, mangka winor : esak
punapa ta yan aranana ewos. e Rijal! ika nyatane yen sasar, mapan beda iku
lawan andikaning pangeran ing dalem Qur’an:
“maraja
bah’raini yaltakiyan(i) bainahuma barzachim la yabghiyani”.
Tegese
: kadi patemoning sagar,a kalih asin lawan tawa, anta arane iku, aworeneng
rana. Nyatane tegese; ora kena aranana sagara, tan kena aranana toya tawa,
utawi ta i(ng) jenenge iku anta, tegese iku dening linewih saking toya kabeh
dadi anarima namaning sigihing sagara. Anapon ing sampurnane iku ta tan ana |
panarimane, anging sagara kewala kang angandeh anar(n)aken ing toyane tawa,
mapan i(ng) karone iku langgeng apadudon tanpanisih kang anjateni lan kang
jinaten. Nora kaja patemoning wong sasar mangkana, kang pasti kekel .sasoring
narakani(ng) wong kapir ndening kataksisaning tampane. Karana satuhune
sasmitane iku sampun kataksisani(ng) tampane andeandene kaJawan kang
ingandekandekaken den kagrahita dene kang sinung awas, katampanana ing ati,
sampun ing Iesan kewala. Kewala si ande-ande iku ingambil raket ing
paningali(ng) kang sinihan. Mahasuci
sasipating Allah saking atiti(m)ban, gana lan kawoworana, kadi lapal :
kama’lnasu
ghara fi’lbahri, tegese : kadi ta wong asilem i(ng) sagara tegese : kaliputan
dening | sagara, tegese : tan lumiring i(ng-) ikalihe malih, la yaltafit,tegese
: tan emut ; utawi sasmitane lapal malih idha ja’a ‘lmataru fi ‘lbah’ri, tegese : tatkala teka udan iku
ing sagara, (wa) yusamma ‘lbah’ra, tegese : ingaranan sagara.
Utawi
sasmitane lapal malih, kadi ta kecaping pandita satengah :
fa
waqtan yakunu (‘l)abdu rabban, (tegese tatkalaning fana kawula iku awiyos sira
pangeran, bila shakkin,tegese : sampun sak malili, (la ‘abda), tegese : norana kawula sawiji-wijia
illa
‘lrabbu, tegese : anging sira pangeran kang saja angandeh anir(n)aken
anani(ng)kang sinihan. Iku salamete ujar iku kabeh.
PUPUH VI
Mangka
akecap Shaich al Bari: e Ridjal ! Anaudjaring wong sasar malih, Karramiyyah
arane : kang iman tawh’id ma’rifat iku den arani tetep ing pangeran, den
karepaken dene wong | sasar iku : sira pangeran aneguhaken ing piambekira yen
purba tanpa kufu’ iku tegesing iman, sira pangeran anu(ng)gal paningaling
piambekira iku tegesing tohid, sira pangeran awas andulu-dinulu ing ananing
piambekira iku tegesing ma’rifat.
e
Rijal! Kupure iku ; iman tohid ma’rifat iku den tegesaken maring paekaning wujud tunggal : iku karane (yen) sasar. Karana
satuhune iman tohid ma’rifat (iku) titiga iku martabat lungguhe ing kawula,
tetep i(ng) kang sinihan, dede iman tohid ma’rifat ing Allahu ta’ala. Dudu
i(ng)kang angucap iku iman tohid ma’rifat tetep ing pangeran, kang angucap iku
dadi kapir! e Mitraningsun ! Kalawan sira aja angucap kadi pangucaping wong
sasar ika, manawa sira dadi kapir, mapan akatah. angucap kadi anutur ujaring
wong sasar iku, sami atunggul sastra. Aja sira gumawok, | sampun gingsir idepira; balikan sira den awas
angawikani ing awakira lan aja pegat mushahadahira ing pangeran.
Tegesing
awakira iku sarira kancegrahan : singgih puniku mina(ng)ka paesanira enggenira
awas ing sih nugra(ha)ning pangeran. Ye(n) tansah anugrahani asung wruh, anjateni
ing sarira kanugrahan, mapan solahing sarira kanugrahan iku tan antara lan sih
nugrahaningkang anjateni ; dadi sira aja tumingal ing Iyan, tumingala sira ing
sih nugrahaning Allahu ta’ala uga, dadi sira antuk madyaning tingal salamet
sira ing dunya dateng ing aherat, antuk sira jenenging manusya. Lamon ugi sira
nora mongkonoa ing tingkahira iki, yakti kapaung tingalira iku mene. Satuhune
ananing pangeran kang asifat saja langgeng mahasuci tan Iyan ananira uga, kang
tan bastujisim ananira kang purba andadeken kang asifat suksma jati | tan
anuksma tan sinuksma tan awor lan salwiring (du)madi kabeh, rehing langge(ng)
anani(ng)kang purba, mapan ananira
mahasuci suksmanira wibuh sampurna elok mahamulya mahatinggi mahaluhur, utawi
ananira tan ana wikana ing suksmanira tan Iyan(ing) piambekira kang wikan ing
suksmanira pribadi.
PUPUH VII
e
Mitraningsun! Lamon ana wong angucapa mengkene, kapir : sifat iku ana ing dat,
asma’ iku ana ing deweke iku pon kupur!
Mengkene salamete : asma’ ning dat tan Iyaning ananira (ananira) kang asifat
saja langgeng mahasuci, kang purba andulu dinulu ing ananira, kang mahasuci
amuji-pinuji ing piambekira.
e
Mitraningsun! Lamun ana wong angucapa mengkene “sipat sipat, edat edat” ikupon
kapir, apa ta kahanan roro iku yan mongkonoa. Satuhune mengkene salamete
paekani(ng) sasifatira tan Iyaning ananira. |
e
Rijal, mitraningsun ! Ana ujaring wong sasar *Mutangiyah arane akecap : Apa
tegese idepe iku denarani ora kapurba : Allahu ta’ala nora amurba, mapan
jenenging kawula iki ora, apa ta purbane, mapan mantep pandelenge : Allahu
ta’ala nora amurba, mantep amuji pinuji ing deweke, apa ta karane yen amurbaha?
Kang angucap iku dadi kapir.
e
Mitraningsun ! Kalawan ta kang orana araharahe, kang orana kajatine kang tan
awarna kang tan kaya apa nden arani mahasuci purba andadeken iya kang sinembah
tunggal. Iku panga(ng)geping wong sasar, Muntanengiyah arane.
Utawi
ana wong sasar sawiji, ‘Arabiyah arane, akecap : sadurunging ana jagat iki
kabeh nama Allah pon dereng nyata lan dereng ana iku dat ; mangkana malih dat |
iku anyatakaken ing asma’nira, sarta lan dadine jagat iki kabeh, ingupamakaken
dat iku kadiangganing wiji-sawiji awit agodong akembang awoh iku sami amuji ing
wit, lintang nikmate rasane manise godong sekar woh iku. Singgih puniku rahasya
kabeh rahasyaning wit, norana rahasya wawaneh ; kabeh iku rahasyaning wit :
(i)ya iku tegesing dat samata ika tanpa
sifat tanpa af’al. Tegese iku : date qadim, sifate af’ale muh’dath anging dat
kewala kang ana dewek tanpa rowang. Mangkana malih kahanane jagat iki kabeh
rahasyaning dhatu’llah, mapan pujining kabeh iki iya amuji ing dewekira iku.
Tegesi(ng)kang amuji ing date kang pinuji ing date kang aningali Allah. Tegese
jagat iki kabeh gelaring wiji sawiji, maksih sawiji, tan ana wawaneh, kadi ta
anggani(ng) wesi | bariyuh sawiji, wonten dadi tumbak, dadi duhung tatah wadurig panyukur, dadi usu cacatut
edom
kadut, linebur pinalu dadi tosan malih : dene si asale saking wesi sawiji mulih
kadjatine sawiji. Mangkana rnalih osiking jiwaraga iki osiking dhatu’llah
paningaling kawula iki rahasyaning dhatu’llah. Kang angucap iku pasti
kinekelaken sasoring narakaning (wong) kapir kang anembah ing brahala ika.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! Ana si sabda kang kocap ing sastra ika
kadi ta andikaning dalil dateng ing h’adith :
alinsanu
sirri wa ana sirruhu,
tegese
andika iku : rahasyaning manusya iku rahasyani(ng)-sun, ingsun pon rahasyane.
Tegese iku : dening rahasyaning manusya iku tansah dinaten i(ng) sih saking
pa(nga)kening sihing dhatu’llah dadi rahasyaning manusya iki tansah anarima
angestoken umiring | pangakening sih rahasyaning dhatu’llah. Iku wiyosing
panarimaning manusya kang linewih sinelir ika, mapan sira pangeran kang saja
asih angasihi ing piambekira iku minargaken panarimaning lisaning manusya,
kewala si sihi(ng) kawula iku minangka walesaning angasihi edat ing sifat
af’alira, dadi darma malesi kewala lisaning kawula iki.
e
Mitraningsun ! sira pangeran agelar ing kawidagdanira anyata(ka)ken ing
saniskara kabeh kasaktenira dat-sifat-af’alira. Kalawan kawruhana salwiring
pakaryanira norana apakarana saking kawula utawi anaha sakedep netra ing
angenangene, anaha uga apakarana saking kawula kupur.
PUPUH VIII
Kalawan
ta sira sami aulaha saca, nden akehakeh wedinira lan awiranga sihing pangeran,
aja sumambarana kalawan sira angrasanana;
1.
mamanising asepi
2.
mamanising | aluwe
3.
mamanising urip
4.
mamanising rame
5.
mamanising lara
6.
mamanising pati.
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi mamanising asepi puniku kalawan
mamanising aluwe? Mangka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Tegesing mamanising
asepi iku tan keneng apasah tansah akarwan lulut lan pangeran Iku wiyosing
asepi ika (i).
Anapon
mamanising lapa iku kawruhana jeroning lapa iku tansah angrasani ni’mat saking
sih nugrahaning Allah. Iku wijosing lapa ika.
Anapon
mamanising agesang iku : kawruhana jeroning uripira iku tansah lumampah ing
pakening sabda purba wisesaning pangeran. Iku wijosing aurip ika.
Anapon
mamanising arame (iku) : kawruhana jero(ning) rame iku yan sati(ng)kah-polah
iku minangka pangi(n) tipanira dadi katingalan sih nugrahaning pangeran |
kewala. Iku wijosing arame ika.
Anapon
mamanising alara (iku): kawruhana jeroning alara iku angrasani pakenake iku, ing enenge ing osike ing
pangaduhe ing pangesahe, iku mina(ng)ka pamudjine. e Ridjal ! Yen sira wruha
ing awakira iku, yen tansah angrasani ni’mat saking sih nugrahanira sadum parentahira, mapan tan antara kang
amolah lawan kang pinolah! Iku wijosing lara ika.
Anapon
mamanising pati iku : kawruhana jeroning pati iku ye(n) tansah jinaten ing sih
tan sinung mulat i(ng)kang Iyan malih, dadi nir patine kandeh kaganten kalingan
anane dening wibuhing sih, (ing) anani(ng)kang saja asih anjateni kewala tan
Iyan anani(ng)kang sajaagesang langgeng amuji-pinuji andulu dinulu ing
pandulunira. Iku wiyosing pati ika.
Lamon
ugi nora mo(ng)konoa, i(ng)kang atapa iku | tingale saparti h’aywan tingale
z’ahir batine wong iku sato uga!
e
Mitraningsun! Mapan kang sinung wikan iku wasil paningale ing pangeran, tan ana
patine, salamet ing dunya, urip ing aherat. Kang nem parkara iku ta poma den
sami kalampahan denira den sami kacep kabeh.
PUPUH IX
Ma(ng)ka
matur Rijal : ya guru amba! Punapa ta puniku lampahing wong lewih?
Mangkaanabda
Shaich al Bari : e Rijal! (Lam)pahing wong lewih iku kabeh yen ta sira wikana,
mangkana luputa ing paningalira iku kabeh, mapan sakatahi(ng)kang karasa
i(ng)kang tiningalan miwah ing osike jiwaraganira iku kabeh, ing enenge, ing
duka-cipta nastapane kabeh iku dudu lan deweke saparti batang lumampah ; anging
lumampah lan idining sih kaharsaning pangeran ugi. Ika mina(ng)ka sapatemonira
lan | pangeran, mapan reke osiking jiwaraganira iku sarta lan sih nugrahaning
Allah, tatapi osiking jiwaraga iki sarta lan dhatu’llah, tegese : tan aganti lan pangawasaning Allah. Anapon
kawula kang sinung sampurna tingale maring anane jaga(t i)ki kabeh i(ng) rupane
ing solahe dadi kedape tingale anging wiyosing tingal iku : sira pangeran
kewala.
e
Rijal! De(n) wruh sira ing anane awakira iki, karane ing anane ing patine duk
sira durung dadi, aduwe paran sira samana, utawi si ing tembe dening maksih ina
ing jenengira iki, tegese dening kalintang tanpa derbe. Utawi aderbe paran sira
samana, mapan ananira iki ingupamakaken kadiangganing wawajangan, kewala
sidening kinarsaken enggening anunggal (pa)ningalira i(ng)kang angilo pribadi,
kang aningali tiningalan kang asih sinihan tan Iyan(ing) | piambekira. Kewala
si panduluning kawula iki pina(ng)ka cihna panduluni(ng)-kang asih (asih)
sinihan ing dewekira dadi nir panduluni(ng)kang si(ni)han kawibuhan dening
sihira kang saja aningali, kewala si panduluning kawula iki darma amalesi.
Ma(ng)ka
jan ana akecapa mengkene : kang angilo iku nora aningali wawayangan, kang angucap iku dadi kapir. Kalawan ta sira
adja gingsir lamun dinedeken ing wong,
den apageh idepira. Yen malih sira gingsira, tan antuk pastining kawruh kalawan
iman, karana wong kang angluputaken iku ana kang olih marga abener iku, ana
kang olih marga sasar. Anapon kang olih marga abener iku : tingkahe wong iku
arep pada pada nora malih amelag rarasan sajane amamarahi winarahwarahan, tan ajun
dadosa patakenan angilapaken agelisa mengeti ing salamete, tan ayun agungena
ing awake, | tan ajeng angakena ing kabisane, tan ayun akarya-karya, tegese :
dening asanget awedi lan awimng ing pangeran :
iku reke cihnaning wong sinalametaken, sinung marga abener dening
pangeran, iya iku kang sinung wasil paningale antuk idep tan pegat
sinalametaken ing dunya dateng ing aherat.
Anapon
kang a(ng)luputaken a(n)tuk marga sasar iku, angilapaken tan asadya amamarahi
amalaku ing idep(e), agungaken ing kabisane ayun ing hormataning wong kalingan
dene awake dening agungaken ing kabisane. Utawi tingkahe wong kang mongkono iku
pancanetra sawadiane oliha ing karsane
dene si i(ng) sad-yane arep dadia pangulu
utawi lampahe kabisane arep kapiarsaha ndening wong akeh aduwe ‘ilmu
sakecap agepeh den wejangaken abungah aburu alemaleman. Iku reke | cihnaning
wong sinungan jaza’ dening pangeran tan pegat susahe arubiru, tan eca atine
dening awet amet gingsiraning wong dene si arep kasihana ndene samasane machluq. Ikpe lah kang kinaumaken lan Iblis
la’natu’llah.
e
Mitraningsun! Sira kabeli adoha sira saking wong sasar lampahe kang mo(ng)kono
iku, manawa sira katularan sasar; balikan sira anedaha sakauraa kalawan kang
sinihan ika, i(ng)kang tansah ing sihing pangeran, anedaha sira sing
patulunging pangeran.
e
Mitraningsun! Kalawan ta sira aja nga(m)bil dedening wong, utawi aja sira
murtadd ing samitranira kang asih ing sira. Kupur hukume ! Tegese asih iku
amamarahi kawruh kang sabenere. Wenang mitra iku yan ti(ng)galena, yen wus
nyata pangucape iku yen sasar, selang
iku
si aja sira mu(ng)kir pisan tedakena ing pangeran, sangka(na)ne abalika ®|
agelisa atobata ni(ng)kaha malih kalawan
rabine.
Iku salamete. Kalawan ta sira aja anyipta dunya, kalawan aja sira murtadd
sami-saminira islam!
e
Mitraningsun! iya kang keneng sakawan parkara iku, kalintang kinagedegan dening
pangeran. Wong kang mo(ng)kono iku mesum
ing dunya dateng ing aherat. e Mitraningsun ! Karana sira iki
apapasihana sami saminira islam lan mitranira kang asih ing sira lan anyegaha
sira ing dalalah lan bid’ah.
PUPUH X
Mangka
anabda Shaich al Bari : (Ru’yatu’llahi) arus tan arus.
Mangka
matu(r) Rijal : ya guru amba! Kadi
punendi tegese andika tuwan puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari : e Ridjal! tegesing ru’yat iku : aningali ing pangeran,
ing aherat lan mata kapala, ing dunya lan mata ati. Nora arus ing dunya
aningali ing pangeran iku lan mata kapala, kalawan arus ing tembe | aningali
ing pangeran iku lan mata kapala. Tegesing mata kapala iku, paku(m)pulaning
sakatahing paningal kalintang dening sira pangeran asung ni’matanampurnaken ing
paningali(ng)kang sinihan. Ingucapaken kang paningal iku kadiangganing pati ing
undake ta lisah, kadi ta pisang mentah nyadam mateng ing undake dalu, kadi ta
angganing sasi tanggal sapisan, ana kang kadi tanggal pi(ng) kalih, ana kang
kadi tanggal pi(ng) tiga- ing undake ta kadi purnamasada.
Tegese
iku ta kabeh dening saja mundak martabate sinampurnaken tingale dening pangeran
dadi tan sak tingale ing dat-sifat-af’alira ; mapan kang tiningalan bila tashbih,
kang aningali pon bila tashbih.
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi sa(ng) sipta andika tuwan puniku?
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Rijal! Siptane iku ta | dening jinaten sinampurnaken
tingale dadining tingale mantep kadi duk dereng ana mangkana ma(ng)kana siptane
iku anging anane kang sadja anampurnaken kewala, kang langgeng amuji-pinuji ing
piambekira.
Nora
arus ing aherat aningalana ing Allah lan mata ati : iya iku salamete ujaringsun
: “tan arus” ika. e Mitraningsun ! Beda kadi ingishtarataken wulan ika kadi
kang kocap ing sastra : andikaning h’adith dateng wali mu’min kabeh :
innakuni
satarawna rabbakum yawma ‘lqiyamati
kamatarawna ‘lqamara fi lailati ‘lbadri,
(tegese:)
karana satuhune sira kabeh aningali ing dina kiyamat ika kadi ta sira aningali
wulan ing wengining tanggal pi(ng) padbelas,
amma
damiru ‘lqamari ‘llahu munazzahun bila kaifiyyatin,
Anapon
kang linamiraken dateng ing sasi
iku pangeran uga mahasuci kang
tiningalan tan kadia ande-ande tan kataksisana. |
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi
sasmitane linamiraken dateng ing sasi puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! . Siptane iku dene tan nyatanira aningali ing
pangeran dadi inga(m)bil sa(ng) siptaning sasi ika raket i(ng)kang tiningalan
ing(kang) aningali ing pangeran mapan bila tashbih sasifatira, ing mangkin pon
boya esak denira angawikani ing ananira tan bastu djisim rehing langgeng
ananira mahasuci.
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Rijal! Nora kaja ujaring wong sasar mangkana ora
kecape : satuhune kang tiningalan ing tembe kadi wulan iku nora maring kang
tiningalan nora maring kang aningali ma(ng)ka kang angucap iku dadi kapir.
(a’udhu bi’llahi) minha!
PUPUH XI
Mang(ka)
akecap Shaich al Bari kan g
sinampurnakaken iman(e) tohide ma’rifate dening Allahu ta’ala e Mitraningsun!
Den sami awa(s) sira ing pangeranira, den sami angestokena, | kalawan sira
anglaranana sarira tegesing anglarani sarira iku : aja sira sukasuka awakira
kalawan ta aja mamaesi pangan(ira) panga(ng)genira turunira ing dunya. Atinira
aja madep ing Iyan balikan sira asukansukanana akalangena lan pangeran.
Mangka
matur Rijal : Sarwia subakti, anuhun ing jeng, ya guru amba! Kadi punendi kang
iman singgih dede puniku, i(ng)kang
tohid singgih kabeh, kang ma’rifat dede kabeh?
Mangka
anabda Shaich al Bari : e Rijal! Kang iman singgih dede puniku dening
paningaling iman ambedakaken ingkang ala kalawan kang abecik. Utawi panggawe
ala nden kawruhi yan tan kinatujon dening pangeran. Iku karaning siptaning iman singgih dede.
Anapon
kang tohid singgih kabeh : dene si paningaling tohid iku, tan lumiring ing
singgih dede malih, kang den. tingali tan Iyan pinangkane kewala dadi | ing
tohid singgih kabeh.
Anapon
kang ma’rifat dede kabeh ndene si awase paningale iku kang tunggal maring
pangeran iku, dede sajatine tingale dadi syuh sirna tingale dening kandeh,
kaganten kalingan tingale dening tingali(ng)kang sadja aningali tiningalan tan
Iyan paningalira uga, tunggal kang aningali kabeh. Iku wiyosing “pamuji kang
amuji kabeh.
PUPUH XII
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi ma’rifat (t)igang prakara punika, kadi
kang kocap ing sastra : ma’rifatu dhati ‘llah, ma’rifatu sifati ‘llah,
ma’rifatu af’ali ‘llah), kadi punendi sang siptane katiga punika?
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Tegesing ma’rifatu dhati ‘llah : kawruhana
ananing pangeran kang mahaluhur yan tunggal tan kakalih sasifatira sadja
langgeng kekel mahasuci tan bastu-djisim tanpa arah tan
misra | tan awor tan anuksma tan sinuksma, rehing langge(ng)
ananira mahasuci wonten ing iskinira ing piambekira langgeng ing karatonira tan
owah tan gingsir ing pa(ng)lilanira.
Anapon
ma’rifatu sifati ‘llah : kawruhana kahananing pangeran asifat h’ayyun : urip
langgeng tan kalawan nyawa, angawikani tan kalawan budi, kawasa tan kalawan
anggauta, aningali tan kalawan aksi, amiarsa tan kalawan karna, akarep tan
kalawan angenangen, angandika tan kalawan lati swara, langgeng kekel mahasuci
tan kadi ing dumadi kabeh.
Anapon ma’rifatu ‘laf’al : kawruhana
sifat-pakaryaning pangeran : akarya tan kalawan parbot, asung tan kalawan asta,
amejahi tan kalawan karga. Iku tegesing
ma’rifat tigang warna ika.
Anapon
cihnanira yan asifat urip sadja ana wruh
kawasa iya anguripi angawasakaken Iwiring | kawasa kabeh, yan anguripi Iwiring
urip kabeh : iku enggene nyata. Lan ta sira den sami bakti nastiti paken, lan
den aseruh wedinira ing pangeran. Lan raksanen pangucapira saking kadi
pangucaping wong sasar punika : demi akecap, dadi kapir, mapan kecap iku medal
saking wicarane atine, medal i(ng) lisane, kadi ta wong aguguyon : “ingsun ing
tembe sapuluh taun iki arep milu dadi kapir”, demi angucap kadi iku dadi kapir.
Mitraningsun!
Pira wangene idepira! Sakecap sakedap nora yan sira mongkonoa, tan kapira. Kadi
ta ujaring wong sasar, manjing kataksisan ing atine, KabatanIyah arane, kecape ta : sira pangeran ma’dum
binafsihi sira pangeran napi. Demi akecap dadi kapir.
PUPUH XIII
Mitraningsun
! Aja awasta sira aja wong kang
mo(ng)kono iku, karana mesum i(ng) dunya (a)herat amitraha sira sampun, tatapi
| ta akatah ujaring wong sasar kang Iyan saking puniku, kadi ta ing kina S h a i c h Supi, Shaich Nuri,
Shaich al Djaddi, sami akecap, kagepok ing ujar sasar, mangka kinupuraken
denira Imam Ghazali kang awasta ‘Abdu ‘larifin. Tuwi sakatahing sisyane masaek
titiga ika sami kinen atobata lan kinen ani(ng)kaha malih kalawan rabine. Mangka
akecap masaek titiga ika sami atu(ng)gul sastra, yan sira pangeran ora
andadeken. Akecap Shaich al Djaddi :
“alawwahi
‘llahu ta’ala qabla (kulli) shai’in tegese iku : dihin sira pangeran ora
andadeken, sadereng ana sawiji-widji iki“.
Ingsun
malih ama(ng)geri : sira pangeran dihin sadja andadeken langgeng tan ama(ng)sa,
tan asifat wali-wali tanpa wiwitan tanpa wekasan.
Jata
sun aturaken dateng padjenganira Imam Ghazali – rah’matu ‘llahi ‘alaihi.
Ma(ng)ka
matur Rijal: ja guru amba ! Kadi punendi masaek | titiga punika sami tumut
amarek ing Imam Ghazali?
(Mangka
akecap Shaich al Bari): e Rijal! Sami tumut masaek titiga ika amarek ing Imam
Ghazali : demi katingalan mangka tiningalan masaek titiga ika. Winanpaosaken :
a’udhu bi’llahi minha : anglindung amba ing Allah, dohena amba saking marga
sasar.
……man
ittaba’a ‘lhuda moga lah sira anuta ing margaabener, mapan kinawikanan Shaich
Supi, Shaich Nuri, Shaich al Djaddi sami kagepok ing ujar sasar.
Yata
ingsun ingulukan salam denira imam Ghazali : Alsalamu ‘alaikum, ya Shaich al
Bari, kang sinalametaken dening pangeran kang rinaksa dening Allah saking
kagepoka ing marga sasar : punapa karsa tuwan ?
Mangka
ingsun atur jawab anapani i(ng)kang (ng)andika imam Ghazali rahmatu ‘llahi
‘alaihi : ya imam Ghazali kang jinungjung darajate ndening pangeran i(ng)kang
amadangi ing wong akatah : amba matur
ing tuwan jen Shaich Supi, Shaich Nperi, |
Shaich al Djaddi sami akecap: “Allahu ta’ala nora andadeken”.
Mangka
angandika imam Ghazali amaca : a’udhu bi’llahi minha, ya Shaich Supi! (Ap)a
siptane ujar tuwan puniku ?
Jata
matur Shaich Supi : ya imamGhazali! Nora idep amba yan pastia kadi punika :
Sira pangeran tan andadeken iku, kewala si sang siptane kecap amba puniku kadi
sabdaning wong ‘arif kang karem kahanane paningale ing pangucape ing kahananing
Allah dadi amba angucap : Allahu ta’ala ora andadeken.
Mangka
angandika imam Ghazali : ya Shaich Supi!
kupur tuwan ing patang madh’hab dening tuwan akecap anakisaken sifating
pangeran karana ujar tuwan puniku awit angorakaken angapesaken sifating
pangeran iku karan tuwan kupur. Tuwan tegesaken kadi kecapi(ng) wong ‘arifika :
nora mongkono sabdaning wong ‘arif
ika,
kewala si | semune wong ‘arif iku kadi lapal iki sang siptane :
la
ya’rifu …….. la yanz’uruha la yunkiruha, tegese : wong ‘arif iku nora kabar ing
anane, nora enget ing paningale ing pangeran, nora weruh : tegese iku ta sang
siptaning jinaten kandeh kaganten kalingan anane pangucape paningale dening
ananing sih nugrahaning pangeran kewala, i(ng)kang asung fana’. Mangkana sang
siptaning wong ‘arif ika ora kaja tuwan mo(ng)kono, anakisaken sifating
pangeran : iku karan tuwan kagepoking ujar sasar, kagepok ing wong Mu’tazilah.
Mangka
angandika imam Ghazali : ya Shaich al Djaddi! Apa siptane ujar tuwan puniku?
Ma(ng)ka
matur Shaich al Djaddi : ya tuwanku imam Ghazali! kecap amba kadia puniku
Allahu ta’ala
nora
andadeken puniku saderenging | ana rasulu ‘llah sawiji-wiji dereng ana lawh’
qalam ‘arsh kursi swarga naraka, awang-awang uwung-uwung, ikupon norana; sawuse
sirna kabeh, ikipon maksih mangkana uga, anging sira pangeran uga dewek tanpa
rowang nora andadeken dewekira : iku mah’alling dhat mulaq jatining ma’dum
binafsihi, nora ing deweke : iku tegesing tunggal ing katu(ng)galanira, ratu
ing karatonira, agung ing kagunganira, mangka nyata ing kahananing Muhammad,
angarsaken ing panggawenira, nyata ing saniskara kabeh.
Mangka
imam Ghazali akecap kang linewihaken
kapanditanira, kang tiningalaken ing lawh’ almah’fuz i(ng) jerone wetenge
ibunira, i(ng)kang winenangaken angiket Usul Suluk ing jerone wetenge ibunira : ya
Shaich al Djaddi! Kupur lah tuwan ing patang madh’hab, mapan kahananing Allahu
ta’ala dihin sadja purba akarsa teka | ta sira arani bodo, sira arani mukup
dereng akarsa, dereng andadeken, sifating pangeran dera arani
ama(ng)sa-ma(ng)sa. Iku kupurira. Yen ta baya
i(ng)sun wenanga amejahana ing sira, supaya sira sun gantung sungsang tur sarwi sun pedang kalintang-linta(ng)
denira cala-culu ing pangucapira. Karana satuhune mahasuci sifating pangeran
saki(ng) kadia ujarira iku!
Anapon
kahananing Allahu ta’ala qadim sasifatira miwah saderenging ‘alam iki kabeh
anging kahananing Allah kang asifat sadja langgeng mahasuci sasifatira dewekira
tanpa kufu’ sadja suksma asih langge(ng) andadeken tanpa wiwitan tanpa wekasan
tan asifat wali-wali. Karana satuhune sifating pangeran suksma langgeng
mahaluhur ananira kang asifat sadja tan kena ucapakena : “dereng andadeken,
sampun andadeken ‘alam iki kabeh”, angi(ng) | kahanan ika suksma akaharsa
langgeng andadeken, mapan sifatira ‘alimu ‘Ima’lum, chaliqu ‘Imachluq, qahiru
Imaqhur, qadiru ‘lmaqdur kun fajakun : endi ta uwus-durungira andadeken?
Mapan
ananira kang asifat sadja agung ing kagunganira, ratu ing karatonira, tunggal
ing katunggalanira, amuji ing piambeki(ra), miwah sasampune djaga(t iki) kabeh
inganaken, langgeng ananira tan owah tan
gingsir ing piambekira dawak : tan beda ananira lan sahananing ‘alam lan
saderenging ‘alam, ananira uga kang sadja langgeng kekel mahasuci maksih ing
karatonira tan owah tan gingsir.
Mangka
ingandikan Shaich Nuri : ya Shaich Nuri!
Sira pangeran tuwan kecapaken – nora andadeken iku apa sang siptane ?
Mangka
matur Shaich Nuri : ya imam Gha(za)li!
Kadi punika kaharsa amba : djagat puniki kabeh nora dadi de(ning) nama, dadi |
dening panggawe?
Ma(ng)ka
imam Ghazali angandika : ya Shaich Nuri! Kupur idep tuwan puniku ! Apa ta
kahanan roro iku asma’ sifat iku : satuhune kahananing pangeran asifat sadja
andadeken sasifatira chaliq, mapan sifatira tan Iyaning ananira.
Hai’atu
‘lwujud hai’atu ‘lmafhum : mangkana ing balike hai’atu ‘lmafhum hai’atu ‘lwujud
: endi ta wawahe iku, mapan paekaning wujud tunggal tan kakalih, mapan sifatira
sifating dat, (af’alira) af’aling dat, utawi ja(ti)ning asma’ iku kakalih
paekane asma’u (‘l)sifat asma’u ‘ldhat iku paekaning sasifatira tan Iyaning
ananira. Anapon chaliq machluq iku pasti kahanan kalih, tan apisah.
Ma(ng)ka
imam Ghazali angandika: ya Shaich Supi, Shaich al Djaddi, Shaich Nuri! chilaf
idep tuwan puniku, kupur tuwan ing patang madh’hab.
Ma(ng)ka
masaek titiga punika sami aneda | tinobataken (den)ing imam Ghazali.
Mangka
angandika imam Ghazali kang sinung
rah’mat dening pangeran : ya Shaich
Supi, Shaich al Djaddi, Shaich Nuri, nora kawasa amba anobatakena walining
Allah, Abecik yan tuwan atobata piambek ing pangeran wong sowa(ng) sami
amarenana idep tuwan kang kupur puniku. Yen ta baja tuwan tan amarenana ing
idep tuwan kupur puniku, supaya tuwan linungsur jenengira wali dening pangeran
miwah sakatahing wong sanak tuwan sami anganyarana iman kalawan (n)i(ng)kah lan
tuwan tobatena.
Amba
amiarsa kang ngandika nabiyyu’llah, salla’llahu ‘alaihi wasallama tur amba
ingandikan piambek – e imam Ghazali! Lamun ana manusya akecap me(ng)kene
“kahananing Allah nora asih, nora ‘ngasihi, nora andadeken, asma’ nira nora
andadeken”, anirnaken (n)ugrahaning pangeran
lan
amor paekaning sifating pangeran, | lan kang aliyanaken sifating pangeran,
angapesaken sifating pangeran, e imam
Ghazali! aja esak lah kapirena wong kang mongkono iku, dudu umatingsun, kalawan
ta Allahu ta’ala aken angulatana pangeran wawaneh lan kinen angulatana panutan
Iyan saking nabi Muhammad. Yan tan amarenana atobata pakecapi(ng) kang kupur
iku supaya sira salameta!
PUPUH XIV
e
Mitraningsun! Singgih puniku kang pawetra imam Ghazali ing i(ng)sun kalawan
masaek titiga ika.
e
Mitraningsun! Atutur malih imam Ghazali : i(ng)kang ngandika nabiyyu’llah,
‘alaihi ‘lsalam, tinutur ing i(ng)sun
lan masaek titiga ika : ya Shaich al Bari, Shaich Supi, Shaich al Djaddi,
Shaich Nurir miwah samongko kang (ng)andika nabiyyu’llah salla’llahu ‘alaihi
wasallama, kalawan malih pamanggihingsun ing sastra : Poma sira | aja anakisaken sifating pangeran saderahing
angenangenira anakis(ak)ena sifating pangeran. Anapon kang (tan) kinarsaken
dening pangeran tan ana
kajatine,
telase iku ta dening tan kinarsaken dening pangeran tan ana pisan iwa mangkana
nora luput ing kawruhing pangeran kinawruhan sami pisan tan asifat waliwali,
tegese dening lewih mahasucinira langgeng kekel ing karatonira beda lan
awangawang ingkang ana kadjatine ika, mapan
kang ingaran awangawang iku : netra kalih, sawidji awang-awang kang ana
kajatine, kang sawiji kang orana kajatine. Muwah ulatana selaning pitung bumi
(selan)ing pitung langit, lan selaning lintang selaning wedini(ng) sagara, lan
sajabaning bumi langit, selaning ciptariptaning ati : ikupon ora kapanggih.
Tegese iku dening tan kitiarsaken karaning | tan ana pisan.
e
Mitraningsun! Jen ana angucapa mengkene : kupur! : “Awangawang iku nora
dinadeken” …. kupur ! tegese :
angapesaken sifating pangeran. Mengkene salamete : kang tan kinarsaken awangawang
kang tan ana kadjatine; kang kinarsaken awangawang kang ana kajatine, mapan
sira pangeran andadeken saniskaraning dumadi kabeh saki(ng) nora dadi ana kadi
ta reke sira pangeran tan pegat tan asifat wali-wali, utawi andadeken kang
alembut lewih le(m)bute saking banyu, (ana) lembute malih geni lewih le(m)bute,
ana lewih lembut malih kukus lewih le(m)bute, ana lembut malih angina lewih
lembute, ana le(m)but malih antara lewih le(m)bute, ana le(m)but malih dharrah
lewih le(m)bute ana ing jeroning awangawang ana kang lewih le(m)bute malih
sini(m)pen dening pangeran saking purba kaharsaning | pangeran andadeken tan
kena dinugeng budi anging kaharsanira dawak kadi ta kang dinadeken sajagat
salaksa patang ewu, iwa mangkana iku anereh
saking kang (ng)andika nabiyyu’llah (Muhammad al)Mustafa : …… tegese iku
ta dening witing dumadi iku witing kanugrahan. Tan ana nabi lewih utama Iyana
Nabi Muhammad (al)mustafa kang pina(ng)ka panutup nabi. Iwa mangkana kahananing
pangeran kang lewih mahasuci anjateni ing kakasihira, malah inga(na)ken kadi
tunggal dening saking seruning sihira jinaten ing sifat-dat-af’alira dadi nir
ananira kang jinaten anging kari anane kang anjateni kewala. Mangkana malih
anani(ng) wali mu’min kabeh i(ng)kang ananggung titipan kadi ta iman tohid
ma’rifat kabeh iku saking kang sih barkat nabiyyu’llah (Muhammad) (al)mustafa
dening awiyos kapit ing sihing pangeran
lan kang (ng)andika nabi ‘alaihi ‘lsalam, i(ng)kang | atuduh marga abener witing
kanugrahan iku lewih demite.
e
Rijal! Mapan ta reke saderenging ana iku sampun angema ana ingaran ‘adam
mumkin.
e
Mitraningsun! Mangkana malih sira aningali salwiring dumadi kabeh iki den
tunggal ing paningalira tan Iyana kang kadulu kang andsideken kewala.
e
Rijal! ikupon maksih serik : tingale ing sampurnane iku ta lamon uwus (s)ima
tingale, kantun kang asung awas kewala aningali tiningalan asih sinihan ing
piambekira.
e
Rijal, mitraningsun! Beda kadi ma’dum sirf ika dene tan kinarsaken, karaning
tan ana pisan. e Rijal, mitraningsun! Ana pandita iku kang apaesan ma’dum.
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punapa sang siptane puniku?
Mangka
anabda Shaich al Bari kang sinukan
dening Allah : e Rijal ! Sang siptane udjar iku sambi liwat | sampun kataksisan
ing tampa, kewala si iku dening djinaten ing dat-sifat-af’alira dadi
kahananingkang sinihan ika kadi nora kadi duk durung ana mangka(na), babatange
labete gandane sadidik pon norana kari dening kalindih kaganten kalingan anane
deri(ng) kang sadja asih anjateni i(ng)kang amibuhi langgeng kekel asih sinihan
ing piambekira. Iku kang papanggeran imam Ghazali saking kang barkat andika
rasulu’llah, ‘alaihi (‘lsalat) wa ‘lsalam.
e
Mitraningsun! Yata atutur malih imam Ghazali ing i(ng)sun.
Mangka
matu(r) Rijal : ya guru amba! Punapa kang pinituturaken ing tuwan ?
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Singsapa wruh ing sisimpenan limang parkara
iku, ma(ng)ka antuk sisimpenaning nabi wali mu’min kabeh. Muwah singsapa
anyecep sisimpenan limang parkara, ma(ng)ka wruh ing jiwaragane yen kandeh
kaganten anane dening | wibuhing sih, anani(ng)kang anjateni, dadi syuh sirna
jiwaragane tan Iyan anani(ng)kang sadja purba akaharsa langgeng kekel mahasuci,
tan owah tan gingsir, tan a(sifat) wali-wali, anging ananira uga kang asih
asifat sadja urip wibuh kawasa aningali amiarsa anabda purba langgeng kekel ing
karatonira. Miwah singsapa angawikani ananing pangeran, duk sira durung
ana sawiji-wiji iki kabeh lawh’ qalam
‘arsh kursi dereng ana awangawang uwunguwung.
Ma(ng)ka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi siptane puniku?
Ma(ng)ka
anabda Shaich al Bari : e Rijal! Tegese iku sang siptaning sampurnaning
ma’rifat kadi ta sira tan wikan ing pangeranira utawi ing ananira mangko iki
mantep ka’lma’dum, tegese : kadi duk durung ana mangkana tan beda lan saderenge
ana lan sawuse ana waluja | mulih maring jatine kadi duk dereng ana, anging
kang asifat sadja langgeng kekel mahasuci ratu amengka tan owah tan gingsir,
tuwi nora beda ananira saderenging ‘alam lan sawusing ‘alam lan sahananing
‘alam, anging ananira uga kang langgeng kekel maksih ing karatonira tan owah
tan gingsir pasti ananira kang asifat suksma wibuh, langgeng mahasuci tanpa
tuduhan.
PUPUH XV
Ma(ng)ka
anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun Ana kecaping wong sasar satengah: “Lam
yalid walam Yulad” iku den arani sifating pangeran : ikupon kupur. Apa ta sira pangeran asifata
oraora anakanak kalawan kang inganakanakaken puniku kang tan inganakanakaken
lungguhe sifating pangeran “Lam yalid walam yulad” iku tegese sifatira mahasuci
ora anak-anak, tan inganakanakaken | ora malih awit ora.
Utawi
si singsapa angraosi sifating pangeran awiyos ta awit salab, iku kupur, e
Rijal, mapan ing(kang) aran salab iku den(ing) awiyos awit sifating pangeran
mahasuci : iku salamete.
Mangka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi kang ingucapaken kadi wirasani(ng)
sastra : siptaning Usul punika dhatu‘llah kewala?
Ma(ng)ka
anabda Shaich al Bari : e Rijal! Ijaiku sikepi(ng) wong ‘arif : tingale iku dening awiyos karihin aningali
kahananing Allah asifat suksma langgeng mahasuci dihin purba akaharsa
andadeken, tan awiwitan tan awekasan, tan a(sifat) wali-wali kadi ta sang
siptaning wong ‘arif ika Awangawang-uwunguwung mumtani’u ‘lwujud iku kang den
karya paesan kadi talapal : (ja’isu) ‘lwujud af’alu ‘llah. Jenenging qadim 🙂 wadjibu ‘lwujud sifatu ‘llah, | ja’isu
‘lwujud af’alu ‘llah, mumtani’u ‘lwujud dhatu ‘llah.
Anapon
jenengi(ng) qadim : wajibu ‘lwujud, tegese sifating pangeran pasti sadja ana
ing piambekira, mapan ananira nora beda lan saderenging ‘alam lan sawusing
‘alam, langgeng panglilanira tan ovvah tan gingsir ananira (tan owah tan
gingsir ananira) kang agesang asifat sadja wibuh sampurna langgeng kekel
mahasuci.
Utawi
lamun ana akecapa mengkene : kupur! tegesing wajib sadja iku kupure mapan jenenging
wadjib iku lungguhe ing kawula kang sinihan, mapan sadurunging anani(ng)kang
sinihan, kewala si ika pasti ing kawruhing pangeran sira pangeran kang asifat
sadja aken teka ing waqtune dadi anani(ng)kang sinihan teka angestoken yan
jenenging qadim wadjibu ‘lwujud sifatu ‘llah sifatira pasti sadja | ana
dadining sifate pangestuning sinihan ika kaganten dening sifatu ‘llah.
Mangka
matur Rijal : Sarwia subakti, anuhun i(ng) jeng, ya guru amba ! Tegesing ja’isu
‘lwujud af’alu ‘llah kadi punendi?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal! Tegesing
ja’isu ‘lwujud afalu ‘llah pakaryaning wali mu’min kabeh iku pracihnaning sifat
pakaryaning pangeran. Anapon jenenging ja’isu ‘lwujud iku jenenging kawula uga,
wenang ana wenang ora.
(Mangka)
matur Rijal : Kadi punendi wenange ana wenange ora puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal! Wenange
ana iku dene si anane iku mina(ng)ka lantaran (eng)gening mulat ing wujudu
‘llah ing sifatu ‘llah af’alu ‘llah ya’ni yen ana kang andadeken.
Ma(ng)ka
matu(r) Rijal : ya guru amba! Tan
wenange ta kadi punendi?
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Tan wenange iku sawusing awasi(ng) | ‘wujudu
‘llah sifatu ‘llah af’alu ‘llah utawi katiga iku kinarja pangilon
pangi(n)tipaning nabi wali mu’min kang utama.
(Mangka)
matu(r) Rijal : ya guru amba! Tegesing
mumtani’u ‘lwudjud dhatu’lHlah kadia punendi?
(Mangka
akecap Shaich al Bari) : e Rijal! Tegese iku sang sipta sambi liwat tan dadi
wiyosing tingal kang mumtani’ iku, uta(wi) wiyosing tingal puniku dateng
kahananing suksma kewala.
e
Rijal! Lamun ana manusya akecapa mengkene : “mumtani’ iku den senggeh edat,
atawa si edat den aranana mumtani’” wong iku lah kupur kapir.
Utawi
mengkene salamete : Anani(ng)kang sinihan iku jinaten ing dat-sifat-af’alira
dadi nir anani(ng)kang jinaten, malah kadi nora dening kandeh kaganten kalingan
anane dening wibuhi(ng) sih, ing kahananingkang sadja andjateni kewala |
i(ng)kang anampurnaken.
e
Rijal! Ija iku kang papa(ng)geran imam Ghazali kang tinutur maring i(ng)sun,
mapan norana wong saruparu(pa)ne kang ader(be)ni sikep sisimpenan kadia sipta
iku, wong kang pinilih sinelir dening pangeran, wong kang sinung wasil
paningale kang kadi kilatlaksanane : iku kang anduweni sipta iku.
e
Mitraningsun ! Den sami sira angimanaken ing tuturingsun iki, lan ani(ng)gahana
sira kadi sikeping wong sasar ika, mapan angandika imam Ghazali : kawruhana wong sasar iku
tekaning akir jaman maksih ana dene si sisyarie masaek titiga ika nora enti
dene anobataken dening kalingan sagara gunung iku kang tan wruh gurune yen
tinobataken iku kang maksih angaruaru calaculu pangucape iku i(ng)kang amuruk
kababaraken ujar sasar tekaning mangke maksih sasar dene si maksih | wite
masaek titiga ika sakatahe malih kang anut maksih mangkana uga dadi kapir dene
si iku maksih angimanaken ujare gurune. Bahagya temen ingkang abalik, kang anut
i(ng)kang (ng)andika imam Ghazali, i(ng)kang katutur ing sastra iki kabeh!
PUPUH XVI
Mangka
akecap Shaich al Bari maring mitranira kabeh :
e -Mitrani(ng)sun! Den sami tetep sira kabeh ing salat limang waqtu.
Kalawan sira asidekaha saleh, asidekaha sirr, asidekaha rahasya.
Ma(ng)ka
matu(r) Rijal : ya guru amba ! Kadi
punendi ing jero(ning) salat puniku anarika iman atawa nora ?
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! yen si anaha : serik salate, yen si norana :
kapir.
Ma(ng)ka
matur Rijal : sarwia subakti, anuhun ing jeng, ya guru amba! Kadi punendi
salamete ing tampa sabda tuwan puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari) e Rijal! | Karaning salating wali mu’min tan serik tan
kapir dening kendit anut kang sebut nabiyyu ‘llah, ‘alaihi (‘lsalat) wa
‘lsalam, iku karaning tan serik tan kapir, mapan reke kang sinebut andika
nabiyyu ‘llah : bila tashbih dadi enir anane, kabeh pon norana kari dening
jinaten ing dat-sifat-af’alira dadi kandeh kaganten anane dening wibuhing sih,
(ing) ananingkang anjateni. Mangkana ta jeroning salati(ng) wali mu’min iki
wiyose pon mangkana uga kadi lapal iki sang siptane :
wa
‘li’tiqadi wa ‘limani wa ‘Itauh’idi wa ‘lma’rifati.
e
Rijal! Karane lewih sembah-pujine wali mu’min iku den kawruhi sembah-pujine iku
yen tansah jinaten ing sih pinurba rineh dadi ulate maring kang amurba angreh
ing enggene sirna | dening kandeh kaganten kalingan dening wibuhing sih, ing
ananingkang anjateni : mantep sira pangeran langgeng aurip amuji ing
piambekira, mapan Allahu ta’ala amuji ing piambekira iku minargaken ing
ra(ha)sya, panarimaning manusya njinataken ing kakasihira. Kewala si lisanmg
manusya iki darma amalesi, mapan sembah-pujine nora tingale kang maring
pangeran iku pasti dudu sajatine wijose kewala si
iku
Iwir pawana marg(an)e tulupane : iku salamete kabeh.
Ma(ng)ka
matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi tegesing asidekah saleh?
Ma(ng)ka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Tegesing asidekah saleh iku asung(sung) tan
ana ‘ngawruhi, angabakti tan ana wikan, mushahadah tan ana pegate.
(Mangka
matur Rijal Tegesing asidekah sirr kadi punendi ?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal! Tegesing
asidekah esir iya kang tan pegat asrah | jiwaragane ing pangeran lan kang tan
pegat angecani atining wong. Tegesing asidekah rahasya iku iya kang andjateni
ing kawruh i(ng)kang sabenere lan asung ngelmi ing wong kang tan ana upayane.
Mangka
matu(r) Rijal : sarwia subakti, anuhun i(ng) jeng, ya guru amba ! amba amanggih
lapal kadi punika qablakum * dhatu ‘llah ma’akum dhatu ‘llah ba’dakum dhatu
‘llah, kadi punendi ja tuwanku ! sang siptaning lapal puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal! Siptane iku dening tan amilang paekaning sifat
malih, mapan saderenging ana i(ng)kang ingandikan iku, anging kahananing Allah
kang langge(ng) asifat mahasuci sadja angandika : mo(ng)kono siptane kabeh iku.
e
Rijalu‘llah! Sira mitraningsun kang lewih saking mitraningsun kabeh sangkane
sira sunwastani Rijalu’llah, wong lanang ing Allah, dening asanget lampahira
lan dening alungid siptanira : iku | tegesing lanang iku.
PUPUH XVII
Ma(ng)ka
matur Rijal : ya guru amba, Shaich al Bari! – kang sinalametaken iman(e)
tawh’ide ma’rifate deni(ng) Hyang
mahaluhur : Kadi punendi kecapira Shaich Nuriman dateng ing Shaich Atim :
“Tuwan
aningali ing Allah” ? ; kecapira Shaich Atim :
“Aningali amba ing Allah” ; ma(ng)ka akecap Shaich Nuriman: “Yen tuwan
aningali ing Allah, supaya tuwan nora kawasa aningalana wawaneh !”…. kadi
punendi sang siptane Shaich Atim punika?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal! Siptane
Shaich Atim iku dene si sakatahe kang den piarsa kang den ucap iku awiyos
maring pangeran kewala tingale siptane Atim iku, e Rijal, karana wong aningali
ing pangeran iku sarta lan pangeran dadi ora aningali ing wawaneh.
Matur
malih Rijal : ya guru amba! Kadi punendi siptanipun Shaich Nuriman akecap
dateng ing Atim: “Tuwan tiningalan
dening pangeran?”; | kecaping Shaich Atim: “Tiningalan ingsun dening pangeran”
kecaping Shaich Nuriman: “ya Atim ! lamun tuwan tiningalan dening pangeran,
supaya kang wawaneh nora aningali ing tuwan”; akecap Shaich Atim : “Iya kang wawaneh nora aningali ing amba”
ma(ng)ka matur Ri jal : kadia punendi
sang siptane puniku ?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal! Siptane Atim iku dene si sakatahe kang tumingal
iku tan ana waneh ingkang aningalaken
tan Ijan sira pangeran kang aningalaken dadi siptane Atim iku maring kang asung
tingal kewala sadja langgeng aningali tiningalan anakseni sinaksen angawikani
kinawikanan asih sinihan tan Iyan piambekira.
e
Rijal !. Siptanira imam Ghazali : tunggal wiyose i(ng)kang aningali pangeran
i(ng)kang tiningalan pangeran.
Mangka
| matu(r) Rijal : ya guru amba! Kadi punendi siptane puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Ridjal! tegese sipta iku dene syuh sirna paningale ing
djagat kabeh dadi siptane iku tan Ijan sira pangeran kewala kang sadja
andulu dinulu ing piambekira.
e
Rijal, mitraningsun kabeh! Den sami amiarsaha ing tuturingsun iki! Kalawan
sapisan ingsun lumampah ing ara-ara iman, suntingali tindakingsun ika sarta lan
idining sih nugrahaning pangeran. Sasampun ingsu(n) lumampah ing ara-ara iman,
tumindak ingsun ing ara-ara tawh’id ; yata
suntingali tindakingsun ika tan katon : kang katingalan deningsun ika
kahananing Allah kewala. Sasampun ingsun lumampah ing ara-ara tawh’id, lumampah
ingsun ing ara-ara ma’rifat: norana kahananingsun : tingalingsun kang maring pangeran pon nora ana.
| Tegese iku dening sampun anunggal tingal dadi nir tingalingsun ika ing tingal
tunggal kang tiningal kang sadja andulu dinulu ing pandulunira.
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal! Kadi ta palajaraning wong ‘arif (al’arifu) : “gharaqtu fi bah’ri ‘l’adami”
wong ‘arif iku karem ing sagara ora.
Ma(ng)ka
matu(r) Rijal : ya guru amba ! Kadi punendi sang siptaning “sagara ora” puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Rijal ! Sang siptane iku patemoning wong ‘arif kang ora
iku dening djinaten dadi nir anane, malah kadi duk durung ana mangkana.
e
Mitraningsun ! Ora sun kalewihaken i(ng) wong atapa kang kaliwat sangete
kasuta(pa)ne, dereng ta ichlas atine.
Sapisan
ingsun lumampah kalintang sangete lampahingsun ika ; ing kerejete atiningsun
ika mengkene : mangko baya | ingsun teka ing lampah kang lewih.
Mangka
ana swara kapiarsa deningsun : “e Shaich al Bari! Lampahira baya kang dinadeken
api naraka ika tinampikaken maring anggautanira kabeh”. Singgih ta saking sih
patulunging pangeran tan koninga lampahingsun punika.
Yata
wonten swara malih maring i(ng)sun : “Ya Shaich al Bari! Mangko baja sira teka
ing lampah kang aluhur anglungguhi sira, yan tan lumampah mulih tanpanembah
tanpamuji.” Mandaha ta ingsun lumampaha
karana (bi)rahi lan ayun kapiarsa apened supaya ingsun tinulan dening pangeran kinen
angulatana pangeran wawaneh lan kinen angulatana panutan Ijan saking
rasulu’llah, ‘alaihi ‘Isalam.
e
Mitraningsun, (ora sun) kalewihaken wong kang aderbeni | kapanditan lan kawruh kang abener, dereng
ta ichlas atine. Sapisan ingsun
ginaduhan ngelmu kapanditan lan kawruhing masaek, ing kerejete atiningsun ika :
mangko baya ingsun ideping hukum kang ewuh ingkang asamar-samar ika.
Yata
ana swara kapiarsa deni(ng)sun : “e Shaich alBari! . sira baya kawulaning Allah
kang wuta tuli bisu ika.” Saking sih patulunging pangeran tan koninga kawruh
lan (ng)elmu kapanditan ika.
Wonten
swara malih kapiarsa deningsun : mangko sira linewih dening pangeran alungguh
ing kapanditanira malih yan tanpanembah tanpamudji tanpa tingal. Mandaha ta
banggi ingsun aderbeni kawruh lan (ng)elmi kapanditan ika, miringa baya ingsun
ing dunya lan kalulutana deni(ng) wong, supaya | ingsun ingaranan acacayad
dening pangeran dening kalintanglintang sangete bendunira.
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Rijal, mitraningsun ! ora sun kalewihaken wong kang
aderbeni bangsa ka(ng) kaliwat luhure, i(ng)kang aderbeni kagungan kang kaliwat
gunge, dereng ta ichlas atine.
Sapisan
ingsun sinungan bangsa aluhur dening pangeran, kalawan kagungan kalintang
gungingsun lan deningsu(n) amertani ing wong kasihan: ing kerejete atiningsun
ika : Mangko baya ingsun sinung bangsa aluhur kalawan kagungan kang agung iki.
Yata
wonten swara kapiarsa deni(ng)sun : “e Shaich al Bari! Sira baya kawulaning
Allah kang *ema bahagyaika.” Saki(ng) sihing pangeran tan koninga bangsa
kaluhuran ika kalawan (ka)gungan kang agung ika, kang katingalan deningsun ika
sih | wilasaning pangeran.
Yata
ana swara malih kapiarsa deningsun : e Shaich al Bari! Sira baya kawulaning
Allah kang serik ika.
Yata
ilang panguningani(ng)sun kang maring pangeran.
Won(ten)
swara malih maring ingsun : “ya Shaich al Bari! Mangko (baya) sira alungguh ing
bangsanira kang aluhur mulih maring kagunganira malih.”
Yan
ta banggi ingsun agungena ing bangsaningsun kalawan kagungan ika supaja ingsun ingaranan
munafiq.
Mangka
akecap Shaich al Bari : e Mitraningsun! Den abecik-becik lampahira, den ichlas, sampun kaprikaken
sarira, kalawan ing kawruh sampun kadi wong sasar kang pinasti sinasaraken.
Ma(ng)ka
matur Rijal : ya guru amba! Kadia punendi kang pinasti sinasaraken puniku?
Kang
saur Shaich al Bari : e Rijal! kang pinasti sinasaraken iku iya kang akecap:
osiki(ng) jiwaraga iki osiking dhatu’llah, kang | akecap : napi Allah itbat iku
Allah ; kang akecap : kawula nora pinurba, sira pangeran nora andadeken, nora
amurba : iya iku kang* pinasti (sinasaraken) dening Allah, kang kinekelaken ing
soring narakaning wong kapir.
e
Mitraningsun sadaja! Iki si mitraningsun
Rijalu‘llah sundjudjuluki : den tiruha dening mitraningsun kabeh : kang kadi
macan tanagane, kang kadi kilat laksanane, kang sunjujuluki urip tan kalawan
nyawa, kawasa tan kalawan anggauta, aningali tan kalawan aksi, amiarsa tan
kalawan karna.
Mangka
matur mitranira kabeh : ya guru amba, Shaich al Bari! Punapa tegese sabda tuwan
puniku?
(Mangka
akecap Shaich al Bari e Mitraningsun sadaya! Tegesing Rijalu’llah iku : urip
sarta lan pangeran, pangawasane Rijalu’llah iku sarta lan pangawasaning Allah,
pamiarsane Rijalu’llah iku sarta lan | pamiarsaning Allah, kadi ta kang sabda
baginda Abu Bakr, radiya ‘llahu ‘anhu : ra’aitu rabbi birabbi.
Tegese
: wong kang aningali ing pangeran iku sarta lan pangerane : iku salamete ;
tegese : telas-telase ta iku kabeh dudu lan deweke. Tegese wirasaningsun iku :
lamun ugi lampahe tingale wong iku ora mongkonoa, pasti wong iku salah, kekel
soring narakaning wong kapir.
e
Mitraningsun! Mangkana malih tingalira iku kabeh sarta kalawan ing sih purba
kaharsaning pangeran ugi i(ng)kang anugrahani asung awas ing kawula kang
sinihan lan ta sira den alus (ing) tampanira, inglampahira den aturut-turut
kalawan ta sira aja aliliwatan aja alilinyokan, aja pranesa karana wong
aliliwatan iku mambet ajnjana tur kasariran, wong kang | mongkono iku ora
karana Allah karana shaitan : satuhune wong kang mongkono iku angrurusak
anggingsir lampahing wong karan(a) Allah. Wong mongkono iku tan kena dera
cekela ujare rehing ara-uru tan pegat sinusahaken atine dening pangeran
sakatahe malih i(ng)kang anut mangkana uga susahe atine.
Mitraningsun!
Den sami sira akecapa becik-becik kalawan lampahira z’akir batin anuta kang
sarengat, andika rasulu’llah salla ‘llahu ‘alaihi wa sallama asih pramuleha
sira ing rasulu’llah, ‘alaihi ‘lsalam marganira anampani sih nugrahaning
pangeran. Deni(ng) kang sih andika rasulu’llah, ‘alaihi ‘lsalam, sira iki
awiyos kapit ing sih, karihin sihing pangeran kalawan | kang sih rasulu’llah
salla ‘llahu ‘alaihi wa sallama.
Mitraningsun!
Iku titinggalingsun ing sira kang awet poma anak -putunira sami wekasen, sami
anuta wirasaning tuturingsun iku kabeh, karana manawa anut ing wuwusi(ng) wong
sasar.
e
Mitraning(sun) sadaja ! Baula si akeh yen ingsun, tutura sawirasaning sastra
iku anging sira den sami awedi ing pangeran. Aja sira salah simpang, sami sira
amriha kasidan.
Tammat
carita cinitra kang pakerti Pangeraning Benang.